Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 26, Rê Wa, 28 Sura Jimawal 1869, 30 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

Babad Giyanti

Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

Sarisakipun karaton Kartasura ingkang jumênêng nata Sinuhun Pakubuwana II lajêng yasa karaton enggal ing dhusun Sala, nagari kasantunan nama Surakarta Adiningrat. Sang nata dèrèng dangu anggènipun ngadhaton ing Surakarta lajêng pasulayan kalihan ingkang rayi Pangeran Mangkubumi. Wusana anjalari pêrang ngantos pintên-pintên taun, inggih punika pêrangipun wadyabala Surakarta kabiyantu prajurit Kumpêni mêngsah kalihan para prajurit ingkang sami ngrencangi Pangeran Mangkubumi. Pêrangipun gêntos unggul lan gêntos kalindhih, sarta kanthi ngolah-ngalih panggenan. Dangu botên wontên ingkang mênang tuwin ngawon, pungkasanipun ingkang sami mêmêngsahan lajêng bêdhamèn. Miturut bêdhamèn wau nagari kapalih dados kalih bagean. Ingkang sabagean inggih punika nagari Surakarta dados kagunganipun nata ing Surakarta Sinuhun Pakubuwana III, ingkang anggêntosi ingkang rama nalika taksih wontên pêrang, amargi ingkang rama Sinuhun Pakubuwana II seda nalika taksih wontên pêrang wau. Dene ingkang sabagean malih inggih punika nagari Ngayogyakarta dados kagunganipun Pangeran Mangkubumi ingkang lajêng madêg nata jêjuluk Sultan Amêngkubuwana.

Sanajan botên kapratelakakên, para maos têmtunipun sampun sami priksa, bilih babad Surakarta ingkang katêlah dipun wastani Babad Giyanti punika pantês sarta inggih sampun samêsthinipun dados waosanipun tiyang Jawi. Botên namung tiyang Jawi ing nagari Surakarta lan ing Ngayogyakarta kemawon, nanging para tiyang Jawi ing laladan sanès-sanèsipun inggih prêlu maos babad wau. Awit punika atêgês nyumêrêpi lan ngèngêt-èngêt babading tanahipun piyambak lan atêgês kangge nyumêrêpi lêlampahanipun para lêluhur Jawi ingkang sami tumut andon yuda nglabêting Sinuhun ing Surakarta utawi Pangeran Mangkubumi kasêbut ing nginggil wau. Amargi pêpêrangan ingkang kacariyosakên ing Babad Giyanti punika jêmbar têbanipun, botên namung ing salêbêtipun laladan nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon, nanging ngloncok dumugi laladan sakiwatêngênipun nagari kalih wau, sarta ingkang sami tumut andon jurit ugi botên ngêmungakên tiyang ing nagari Surakarta lan Ngayogyakarta kemawon.

Kajawi punika, Babad Giyanti ugi andongèngi, liripun nyariyosakên pêpêrangan, lêlampahan, lan kawontênan warni-warni, ingkang pantês dipun waos kangge nyênêngakên manah. Jalaran ingkang andhapuk pujôngga agêng ingkang sampun misuwur, inggih punika suwargi Tumênggung Yasadipura, ing Surakarta. Basa tuwin othak-athiking cariyos runtut lan sarwa nêngsêmakên.

Babad Giyanti ingkang kawêdalakên dhatêng Bale Pustaka punika ngantos satamatipun, sarta murih ènthèngipun ingkang sami mundhut, kawêdalakên dados pintên-pintên jilid. Samangke sampun kenging wêling ingkang jilid: 1-11, á f 0.50.

--- [389] ---

Ôngka 26, Rê Wa, 28 Sura Jimawal 1869, 30 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak dhatêng kadhaton ing Dhèli

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju mêdhar sabda wontên ing kadhatonipun Sri Sultan ing Dhèli, malêsi mêdhar sabdanipun Sri Sultan.

--- 390 ---

[Grafik]

Upacara têdhak dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika têdhak dhatêng karaton Kasultanan Sêrdhang ing Pêrbaungan.

[Grafik]

Minôngka pakurmatan rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, wontên ing plataraning Batak, - Museum, kapitongtonakên jogèd Batak mangangge cara ing ngriku.

--- 391 ---

Kawruh Sawatawis

Pètêr Martin Lampêl (Peter Martin Lampel).

Sampun sawatawis dintên, ing Hotèl Slier, Surakarta, wontên satunggaling tukang gambar (schilder) bôngsa Jêrman nama Tuwan Peter Martin Lampel, mitongtonakên gambaranipun tumrap umum. Sadèrèngipun dhatêng ing Surakarta Tuwan Lampêl wau sampun ngawontênakên tèntunsêtèling wontên ing sanès-sanès panggenan, kados ta: Bêtawi, Sêmarang, Surabaya tuwin sanès-sanèsipun. Piyambakipun ugi mêntas saking Bali punapa, awit nagari Bali punika tumrapipun para ahli kagunan, dipun anggêp sagêd nênangi gagasan.

[Iklan]

Tèntunsêtèlingipun Tuwan Lampel wontên ing Surakarta wau dipun gatosakên sangêt dening umum, tuwin ugi dipun rawuhi para luhur Jawi punapa, awit gambaranipun tuwan wau pancèn sae sayêktos. Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, kumêndhaning wadyabala Indhiya Nèdêrlan tuwin prayagung Walandi sanès-sanèsipun ugi sampun nate andhawuhi Tuwan Lampêl damêl gambaripun mawi cèt olieverf. Ingkang dipun êmatakên Tuwan Lampêl punika gambar portrèt, inggih punika gambaran ingkang namung nyêthakakên sirah watês jaja utawi sabangkekan.

Tuwan Pètêr Martin Lampêl punika lairan ing

--- 392 ---

Schönborn, Silezië (Jêrman), anakipun satunggaling pandhita (predikant) ing kitha wau ingkang taksih kalêbêt golongan kina. Lairipun kala taun 1894, dados sapunika sampun umur 44 taun. Babadipun Tuwan Lampêl ingkang kenging kacathêt ing ngriki kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

[Grafik]

Tuwan Pètêr Martin Lampêl pinuju anggambar putra dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Bandara Radèn Mas Santosa Natasuparta, ing Balekambang, Surakarta.

Nalika pêrang agêng (donya) ing taun 1914-1918, wiwit dintên pêrangan ingkang kawitan, dados nalika samantên Tuwan Lampêl sawêg umur 20 taun, sawêg gagah-gagahipun sarta kêbak gagasan, piyambakipun ugi tumut ambelani prajanipun dados prajurit, ingkang kala samantên wiwit mêmêngsahan kalihan nagari Ruslan. Sawatawis taun malih Tuwan Lampêl dipun pindhah tumut wadyabala ingkang nêmpuh nagari Prancis.

Tuwan Lampêl ingkang tansah minggah-minggah pangkatipun ngantos dumugi pangkat litnan, rumiyinipun nyambut damêl ing bagean artilêri, inggih punika babagan mriyêm saha sanjata sanès-sanèsipun ingkang migunakakên mimis, lajêng pindhah dhatêng babagan motor mabur (luchtmacht). Kados para maos taksih èngêt, nalika pêrang agêng punika nagari Jêrman sagêdipun damêl mirising mêngsah sarana migunakanmigunakakên. motor mabur ingkang wangunipun kados srutu atêng, dipun wastani modhèl cèpêlin (Zeppelin).

Nalika pêrangan Tuwan Lampêl damêlipun anglampahakên cèpêlin, piyambakipun ugi sampun nate numpak cèpêlin, nglangkungi sacêlaking tapêthaltapêl. watês nagari Walandi, prêlu badhe angêbomi kitha Londhên, kitha karajan Inggris, sêsarêngan kalihan cèpêlin sanès-sanèsipun, ingkang wontên ing buku babad dipun wastani "air-raid of London".

Rahayuning Pangeran, dene sadangunipun pêrangan wau sanadyan Tuwan Lampêl asring kêtaton kenging mimis utawi dêdamêl sanès, botên andadosakên tiwasipun. Tuwan Lampêl ugi sampun nate pêcah sirahipun ngantos sangêt, amargi piyambakipun dhawah saking gêgana, awit motor mabur ingkang dipun lampahakên nalika samantên bôngga.

Sarêng kawontênanipun nagari Jêrman sampun têntrêm, Tuwan Pètêr Martin Lampêl lajêng sagêd sinau malih. Wontên ing kitha Bèrlin piyambakipun sakolah nyinau bab ukum tuwin ekonomi, lajêng wontên ing Munchen sinau wontên ing pamulangan gambar luhur, prêlu nyampurnakakên kasagêdanipun anggambar. Anggambar punika tumraping piyambakipun wiwit alit mila sampun dados karêmênanipun, lan sapunika sarêng piyambakipun wangsul gêsang ing bêbrayan malih, dados cagak gêsangipun ingkang baku.

--- 393 ---

Kajawi anggambar Tuwan Lampêl punika ugi pintêr ngarang sêrat (buku-buku) kajawi cariyos-cariyos mirit saking babad lan kawontênan ing paprangan ugi sandiwara punapa. Ingkang misuwur inggih punika karanganipun sandiwara "Revolte im Erziehungs-haus" (gegeran ing griya panggulawênthah), "Vaterland" (siti wutah rah) tuwin "Giftgas über Berlin" (gas racun angêmuli kitha Bèrlin). Sandiwara kalih ingkang kasêbut ngajêng punika ngantos dipun pitongtonakên wontên ing Londhên punapa, dipun santuni basa Inggris. Manawi nitik kala pêrang agêng Inggris punika mêngsahipun Jêrman, para maos sagêd mangrêtos piyambak mênggahing bab saening karangan wau. Badhe kasambêtan.

Dno. S.H.

Wara-wara.

Ngaturi uninga, ing sarèhning ing sapunika kawontênaning karawitan Jawi katingal majêng, wiwit wulan April punika, sabên wêdaling Kajawèn ngêwrat kawruh babagan gêndhing pêpathokan saking Surakarta tuwin Ngayogyakarta.

Ingkang saking Surakarta karanganipun Radèn Mas Kodrat, ingkang saking Ngayogyakarta karanganipun Radèn Ngabèi Pringgaardana.

Mugi wêdaling Kajawèn wau adamêla karênaning para maos.

Pawartos saking Redhaksi.

K. 5378 ing Godhean. Karangan panjênêngan punika sampun umum sangêt.

Tuwan T. ing Surinamê. Panjurung panjênêngan badhe katampèn kanthi bingahing manah.

[Iklan]

--- 394 ---

Kawontênanipun Jêrman kalihan Ostênrik

Tumrap kawontênanipun nagari kêkalih, Jêrman tuwin Ostênrik, nama sampun nunggil dados satunggal, sadaya tatanan praja sampun botên wontên bedanipun, nanging wantunipun tumrap Ostênrik nama katêmbèn kataman tatanan enggal, tumindakipun inggih taksih anggronjal, nanging inggih lajêng kêpêksa tumindak. Namung tumrap para ingkang botên cocog, lajêng oncat saking nagari ngriku. Saya malih tumrap para darah nata ingkang ing ngajêng gadhah pangajêng-ajêng badhe wangsul anglênggahi dhampar karajan, kêpêksa sumingkir saking ngriku. Dene rêrigêning parentah pancèn nyingkirakên sawarnining bôngsa ingkang kamanah makèwêdi, tuwin kalampahan pundi golongan ingkang rumaos dados satru, lajêng sumingkir piyambak.

[Grafik]

Dr. Seyss - Inquart wontên ing sêtatsiun ing Linz dipun urmati ing golongan Nasis.

Nanging ugi botên anèh bilih tindakipun Jêrman wau adamêl kasamaranipun nagari-nagari alit kanan keringipun ngriku, saya tumrap nagari Tsjecho Slovakije, awit nagari wau ugi kathah têtiyangipun bôngsa Jêrman, mênggah nalaripun, botên anèh saupami lajêng wontên tindakipun Jêrman kados ingkang dhumawah ing Ostênrik. Tumusing kasamaranipun na-Dilanjutkan pada hlm. 396.

--- [395] ---

[Grafik]

Kala tanggal 14 Marêt, sasampunipun Jêrman, Ostênrik dados satunggal, Sang Hitler malêbêt dhatêng kitha karajan ing nagari wutah rahipun, inggih punika ing Ostênrik. Ing ngriku dipun tampi dening rakyat, kanthi gambiraning manah.

[Grafik]

Gambar kiwa: Sang Hitler numpak oto lapis waja militèr.

Ngandhap: Sang Hitler dumugi kitha Weenen, Sang Hitler wontên ing oto ingkang ngajêng piyambak, dipun tampi surak ing rakyat ngantos angorêgakên siti.

Kiwa: Sang Hitler tuwin Seyss-Inquart.

--- [396] ---

[Lanjutan dari hlm. 394 : Kawontênanipun Jêrman kalihan Ostênrik]

gari-nagari wau lajêng nuwuhakên dados rêmbaging nagari sanès-sanèsipun, awit mênggahing kasamaran, ugi pinanggih ing pundi-pundi.

Kados ta Inggris, punika pancèn inggih sawêg manah kawigatosan gêgayutanipun kalihan Jêrman, inggih punika ing bab anggèning Jêrman ngudi wangsuling jajahanipun ing ngajêng, nanging bab punika Inggris tansah nyanggi rêmbag murih sakecanipun ing wingking. Namung ing sêmu, Jêrman katingal adrêng, wusana lajêng wontên lêlampahan, Jêrman ngêlar praja sagêd nunggilakên Ostênrik. Mirid tindakipun Jêrman ingkang kados makatên wau, lajêng katingal bilih Jêrman punika pangawak santosa yêktos. Môngka tumrapipun Inggris, pinanggihipun ing sapunika sawêg manah kawigatosan gêgayutanipun kalihan Itali. Nanging sarêng wontên lêlampahan kados makatên punika, kêpêksa lajêng amungggêl rêmbag rumiyin.

Manawi miturut sêsulaking pulitik praja, Inggris sajak botên migatosakên dhatêng kasamaraning nagari sanès-sanèsipun. Nanging mênggah sajatosipun sêsulakipun Inggris damêl tatanan ingkang sairib kados nalika badhe paprangan donya.

Mênggahing Inggris anggèning gadhah tindak ayêm wau inggih mèmpêr, amargi dunungipun ragi têbih saking papaning bêbaya ingkang dipun samarakên. Balik Prancis cakêt, upami caraning griya kêbêsmèn, ragi samar manawi kêsalat, siyaganipun katingal anggèning yêktosan.

Manawi mirid wartos, anggèning Jêrman gadhah tindak nyatunggalakên, Ostênrik punika botên niyat badhe damêl gêndraning jagad, namung lugu badhe ngluhurakên dhatêng kabangsan. Nanging tumrap pamawasipun sanès praja botên purun lajêng ngawontênakên panganggêp kados makatên.

Dene mênggah kajêngipun Jêrman, sampun ngantos nagari sanès ngawontênakên sônggarunggi dhatêng tindak punika, dados tumrap praja ingkang nampi lêbêt tuwin ngagêngakên kasamaran, punika nama lêpatipun piyambak, Jêrman botên niyat damêl wêwinih punapa-punapa, kados upaminipun Inggris, anggèning nyaruwe dhatêng tindakipun Jêrman, punipunika. pêpindhanipun tiyang nyaruwe dhatêng kabêtahaning sanès ingkang pancèn botên wajib dipun saruwe. Malah Jêrman ing sakawit botên gadhah niyat ngudi murih Ostênrik malêbêt dados jajahan Jêrman, kalampahanipun punika kenging dipun wastani dadakan. Dene sababipun ingkang wos, ingkang mêdal saking pangandikanipun Sang Hitler, jalaran Sang Hitler rumaos dipun cidrani dening Schuschnigg, inggih tindakipun ingkang kados makatên punika ingkang botên kenging dipun ngapuntên.

Ing sakawit Schuschnigg sampun aprajanji botên niat badhe damêl punapa-punapa dhatêng rakyat Ostênrik, wontênipun namung badhe mituhu dhatêng punapa sangrèhipunsapangrèhipun. Jêrman. Nanging pinanggihipun malah nyulayani, dadak mawi ngawontênakên pamilih mupakat tuwin botênipun rakyat, Ostênrik dipun dadosakên satunggal kalihan Jêrman. Mila murih botên kêpanjangên lampah, Jêrman lajêng tumindak sanalika andadosakên satunggal Jêrman kalihan Ostênrik, sampun ngantos karumiyin tindakipun Schuschnigg. Môngka mênggah sajatosipun, tindakipun Jêrman namung badhe nyakecakakên bôngsa.

Mênggah nyata tuwin botênipun kados pangrancangipun Jêrman punika, namung wallahu alam.

--- [397] ---

Ngemba Rekadayanipun Dr. L. Pasteur

Nitik lampah-lampah lan anggèning manggihakên jampi pananggulanging wisanipun sêsakit pintên-pintên ingkang dados sabab thukuling sêsakit nular warni-warni, punika sajatosipun Dr. Pasteur botên niyat, namung ngudi badhe mriksa wisa utawi sababipun thukuling sêsakit-sêsakit wau. Sanajan Dr. Pasteur anggènipun manggihakên jampi suntikan kangge nanggulangi sêsakit edaning sêgawon, ingkang dados misuwuring asmanipun ing donya, inggih saking anggènipun ngudi badhe mirsa sababipun wontêning sêsakit wau.

Dene sabên-sabên Dr. Pasteur manggihakên wisanipun sêsakit lajêng sagêd damêl jampi lan pratikêl pananggulanging sêsakit punika, saking kêpêksa dêrêng lan sêrêngipun dhasar pancèn pintêr, sarêng anggènipun ngudi nitipriksa sêsakit-sêsakit wau pinanggih sabab utawi wisanipun, inggih lajêng katarik dening panggalih kadêrêng badhe nanggulangi wisanipun sêsakit-sêsakit wau.

Mênggah ingkang makatên punika kados botên kenging dipun paibên. Upaminipun tiyang gadhah sabin tanêman pantunipun sampun kêmêmping, sabên enjing dipun tingali pantunipun tansah kathah ingkang rêbah lan kados dipun punggêli, sarêng dipun padosi sababipun, pinanggih tikus ingkang sami nusuh ing galênganipun, dados tikus ingkang ngrisak pantun wau. Têmtunipun tiyang ingkang gadhah pantun dipun risak dening tikus wau inggih grêgêtên, tikusipun dipun padosi, yèn pinanggih lajêng dipun pêjahi sadaya.

[Iklan]

Sasampunipun Dr. Pasteur manggihakên wisa utawi baksilipun sêsakit-sêsakit wau, tiyang utawi dhoktêr-dhoktêr lajêng sagêd nyêgah utawi nulak ngrêbdanipun sêsakit punika. Makatên ugi nagari utawi kitha ingkang kirang utawi botên sae hawanipun, ingkang tiyang Jawi mastani angkêr, awit têtiyang ingkang manggèn ing ngriku kathah ingkang sakit, ingkang samangke dados panggenan ingkang sae utawi asri, dening tiyang ingkang sami manggèn ing kampung ingkang sampun dipun tata punika langkung sakeca utawi badanipun sami langkung kasarasan, tinimbang ing kraton kina ingkang pancèn dèrèng dipun ewahi utawi dipun dandosi. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts. Sêmarang.

Bab Buku.

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku Poespita Mantja Negara saking Poestaka Nasional ing Surabaya.

Buku wau nyariyosakên nalika Dr. Sutama anjajah môncanagari kanthi ngandharakên wawasanipun. Aksara Latin, isi 110 kaca, rinêngga ing gambar 51 iji. Rêgi f 0.75. Pamundhutipun dhatêng Poestaka Nasional ing Surabaya.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

--- 398 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Praja Pakualaman 125 taun.

III.

Petruk : Rungokna, Kang Garèng, saiki tak gambarake mungguh kaanane ing pasamuwan in Pakualaman. Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, para tamune pêpak bangêt. Para pangeran saka Kasunanan ing Surakarta, para pangeran Kasultanan ing Ngayogyakarta, para pangeran Mangkunagaran, apadene pangeran Pakualaman, kêna diunèkake kumplit kabèh. Kathik sing akèh padha sakalihan.

Garèng : Lan kaya kandhamu ing ngarêp, para pangeran mau sing akèh padha ngagêm cara militèr. Nanging sanadyana cara militèr, rak iya ora cara militèr bangsane, sêpandri utawa kopral, ta, têmtune rak iya cara ospir-opsir.

Petruk : Iya wis mêsthi, Kang Garèng, tur cilik-cilike apangkat kaptin, malah sing akèh-akèh ngagêm cara pangkat up opsir, kaya ta: grut mayor, ubrus, lan sêpadhane. Mulane ana ing kono aku rada dêrês pêlompong-pêlompongku. Awit ana ing Batawi kene aku kulina wêruh up opsir- up opsir kuwi mau, nanging sing akèh wis padha ngarêpake pènsiyun sakabèhane, iya arêp pènsiyun pangkate, iya arêp pènsiyun yuswane, mulane up opsir-up opsir ing Batawi kuwi sing akèh gagah lan brêgase iya wis akèh sing dibêsinêh, aliyas wis padha sêpuh-sêpuh. Seje karo para up opsir bangsaku sing dadi tamu ing pasamuwan Pakualaman, wah, sing akèh iya isih bagus-bagus, isih brêgas-brêgas, isih cakrak-cakrak, malah ngungkuli... aku, Kang Garèng.

Garèng : Wayah, rumasamu kuwi apa bagus, brêgas, utawa cakrak, kathik kumawani ngarani para up opsir, kangjêng pangeran-kangjêng pangeran, ngluwihi bagus, brêgas, cakrak katimbang kowe, ambok abdine tukang kêbon bae manawa luwih bagus lan luwih brêgas katimbang kowe.

Petruk : Aja kaliru tômpa, Kang Garèng, karêpku mangkene: wis jamak lumrah mungguhe manusa, yèn isih mudha kuwi umume sok duwe gagasan: luwih bagus, luwih brêgas, lan luwih cakrak. Wêruh wong sing apangkat tur blanjane sathekruk, gagasane: pangkata dhuwur lan balanjane sagrobag kae, wong wis kêmpong perot, jam papat... jlang-jlangan, barêng aku isih kêmêncur, dadi aku iya luwih bagus lan luwih brêgas. Seje karo nalikane aku ana ing pasamuwan Pakualaman mau, aku rumasa nglokro babarpisan, sabab kabèh kabèh têka diborong dening kangjêng pangeran up opsir mau, iya baguse, iya brêgase, iya cakrake, iya... sugih dhuwite.

Garèng : Cêkak aos, kowe arêp nêrangake, yèn para up opsir mau, sing akèh isih mudha, malah luwih ênom katimbang dhapurmu.

--- 399 ---

Mulane bagus, brêgas, lan gagahe isih ajêg, malah akèh bae sing saya promosi, dadi beda karo para up opsir ing Batawi, kang umume bagus lan brêgase wis padha dibêsinêh, rak iya wis mêsthi bae, ta Truk, para up opsir ing Batawi kuwi rak militèr lair batin, balik para kangjêng pangeran mau, rak militèr sampiran, têgêse: anggone kagungan pangkat militèr, sing akèh-akèh rak jalaran saka darah nata. Mulane, ngapuntên dalêm sèwu, akèh bae sing isih... kuncung wis kagungan pangkat, litnan sitok, ora, Truk, miturut kandhamu: para pangeran kumplit, para luhur bôngsa Walônda pêpak, lan para prayagung Jawa sasayahiranèki, wah, hla kiyi lênggahe mêsthine iya nganggo pangaturan, kaya ta upamane: kajaba para nata, sing diangkruk-angkrukake ana ing dhuwur dhewe, para Walônda, banjur para pangeran, para bupati, mêngkono sapiturute lan tibane kowe, bôngsa andhapan lungguhmu mêsthine ana ing... ngisor sawo.

Petruk : Gagasanamu kliru bingkanane, Kang Garèng, pranatane ing kono wis cara modhèrên têmênan, kajaba para nata lan wêwakile parentah Indhiya Bêlôndha, ana ing pasamuwan kono dianggêp tamu kabèh. Kangjêng pangeran arya anu dianggêp tamu, tuwan Lônda utawa tuwan Tionghwa, dalasan tuwan aku pisan, iya dianggêp tamu, anggone nômpa padha bae. Mulane lênggahe iya campur adhuk ora karuwan, awit para tamu kaparêng milih papan lênggah sasênênge, mulane ana bangsane inyong sing ibarate lênggah ana ing ngisor talang, nanging kosokbaline ana kangjêng pangeran arya sing pinarak ana ing ngèmpèr, malah ana bangsane Walônda pangkat sing lênggah cêdhak gamêlan. Cêkake para tamu dianggêp padha kabèh, mêngkono uga sugatane, ora kok bôngsa luhur utawa bôngsa Walônda disugata krokot lan bulyon upamane, banjur bôngsa inyong disuguh lêmpêr lan jangan bêning, ora babarpisan, Kang Garèng, nanging kabèh dipadha bae.

Garèng : Wèh, lagi krungu bae kok wis mantêp rasane atiku. Iki sing jênêngane pasamuwan cara modhèrên têmênan, dadi iya nyêbal karo pasamuwan lumrahe. Sabab ing pasamuwan liya-liyane kuwi padatane, êmbuh apa sabab sing kagungan dalêm kêpengin bèn saya katon asmane, êmbuh apa sabab kêpengin bèn saya mundhak darajate, sing diumpuk-umpuk, sing diehak-èhèki, aliyas sing dikurmati sasayahe kae, mung... bôngsa Walônda.

Petruk : Wiyah, wiyah, ambok aja ngomong sing ora-ora mêngkono. Kaya sing wis tak kandhakake ing ngarêp, mung papan palênggahan sarta panampane para nata lan wêwakile pamarentah, sing dibeda sawatara. Iki wis mêsthine Kang Garèng, ewasamono sugatane iya padha bae karo nyang bangsane aku barang kuwi. Lênggahe para nata utawa wêwakile pamarentah kuwi ana ing paringgitan, dadi nunggal karo sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga. Dene panampane mangkene, Kang Garèng. Nalika sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati [Adi...]

--- 400 ---

[...pati] Arya Mangkunagara rawuh, luwih dhisik ana suwaraning sêlomprèt, trèt titèt, trèt titèt, plêkèthèt, plêkèthèt, banjur suwara monggang, pungkasane musik diunèkake wilhèlmês. Para tamu jumênêng kurmat kabèh, mêngkono uga sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, ora mung ngêntosi ana ing paringgitan bae, nanging banjur mêthukake tamu kang lagi rawuh mau ana ing undhak-undhakan pandhapa. Wah, cara Banyumase sêmangêr têmênan, Kang Garèng. Rawuh dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, sarta paduka tuwan gupêrnur ing Ngayogyakarta, iya kinurmatan kaya rawuh dalêm sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagaran, hla, sauwise paduka tuwan gupêrnur rawuh mau, sajake tamune wis dianggêp: kumplit, mulane banjur diwiwiti lèngsêng-lèngsêngan. Luwih dhisik paduka tuwan gupêrnur atas namaning pamarentah paring sugêng, dene praja Pakualaman wis ganêp 125 taun umure. Kang banjur diwangsuli dening Sampeyan Dalêm KGPAA Prabu Suryadilaga piyambak. Wah, nang ati rasane anglês, Kang Garèng, sauwise iki banjur dianakake bêksan bêdhayan. Cêkak aos jêmpol Kang Garèng.

[Grafik]

Kaya-kaya wis cukup anggonku gawe andharan kaanane pasamuwan ing Pakualaman. Murih cêthane ing kene tak wènèhi gambar sawatara, Kang Garèng. Kang kiwa: gambar dalêm Sampeyan Dalêm KGPAA Prabu Suryadilaga, mangagêm cara litnan kolonèl karo paduka tuwan gupêrnur sakalihan nyonyah. Ing têngên, paduka tuwan gupêrnur lèngsèng, ing kono uga katon Sampeyan Dalêm KGPAA Mangkunagara, tuwan gupêrnur ing Surakarta sakalihan nyonyah, sarta sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Ngayogya. Dene gambar ing ngisor bêksan bêdhayan.

--- 401 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pangadilan kraton manggèn ing gêdhong enggal. Pangadilan kraton ing Ngayogyakarta sampun ambabar gêdhong enggal. Nalika pambikakipun dipun jênêngi ing para agêng tuwin pangarsaning pangadilan kraton darah dalêm. Pambikakipun dipun pangandikakakên dening Hoofddjaksa K.R.T. Nitiprojo kanthi sêsorah sawatawis, lajêng dipun sambêt ing donganipun abdi dalêm pangulu, wasana pambikak ingkang mawi upacara dipun pangandikakakên ing G.K.P.A. Mangkukusumo.

Pikantuking papriksan ing pulo Sêribu. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ingkang bupati ing Bêtawi tuwin Asistèn Residhèn Van Haeften punapadene dhoktêr gupêrmèn papriksa ing pulo Sêribu. Mênggah pikantuking papriksan, têtiyang ingriku lajêng sami dipun sukani jampi minangka panulaking sêsakit, lajêng ngrêmbag ing bab lampahing padagangan ingriku. Mênggah panggaotan ingriku punika klapa tuwin ulam. Ing salêbêtipun taun punika pangupajiwanipun têtiyang ingriku pinanggih sae.

Pindhahan guru. Tuwan Kusên, kêpala guru ingkang kabantokakên wontên Kabupatèn Banyumas, dados kêpala guru vervolgschool ing Karangsari.

Pajagèn tumrap kapal ngamanca. Kapal Anna sampun bidhal saking Tanjungpriok dhatêng Makasar, pêrlu ngawontênakên pajagèn wontên sakiwatêngênipun Selebes, mriksa pas-pasipun kapal ngamanca. Kintên-kintên ing salêbêtipun wulan Mèi sampun wangsul dhatêng Tanjungpriok.

Opleiding Douane. Ing wêkdal punika Departement babagan Arta Praja badhe ngawontênakên punggawa Douane, kangge ambtenaar 22, kangge commies 25. Wusana pinanggihipun ingkang gadhah panyuwun wontên 1000. Tumrap ingkang katampèn, wiwit ing wêkasaning wulan April kawiwitan sinau dhatêng babagan ambtenaar pasinaonipun 2 taun, wontên ing Bêtawi, tumrap commies 1 1/2 taun wontên Surabaya.

Jamur mawa racun. Ing Kêbayoran, mêntas wontên tiyang 4 sami nandhang sakit jalaran mêntas nêdha jamur. Tiyang 4 pisan lajêng sami kabêkta dhatêng C.B.Z. kanthi sisaning têtêdhan.

Kapal kaji Alcinous. Kapal kaji Alcinous sampun dumugi ing Tanjungpriok ambêkta kaji 1400.

Panitipriksa rajakaya ing kapuloan Sunda Alit. Dr. C. Kunst Hoofd ing Bulgerlijke Veeartsenijkundige Dienst, sampun wangsul saking anggènipun nitipriksa kawontênaning rajakaya ing kapuloan Sunda Alit. Mênggah pikantukipun, rajakaya ing kapuloan ngriku punika gêsangipun sagêd walagang, wontên pangajêng-ajêng badhe sagêd majêng ing têmbe. Wêdalipun rajakaya saking ngriku dhatêng panggenan sanès namung sakêdhik, nanging kawontênanipun rajakaya botên kêkirangan.

Têtingalan kangge darma Tiongkok. Benjing dintên Sabtu tanggal 7 Mèi ngajêng punika kêmpalaning para stundet, inggih punika Tao Hsioh Sing Hui, Unitas Studiosorum Indonesiensis, St. Bellarminus, Christelijke Studentenvereeniging tuwin Indonesiansche Vrouwelijke Studentenvereeniging ing Bêtawi, sami badhe ngawontênakên têtingalan kangge amal, ingkang angsal-angsalanipun kangge darma kasangsaranipun para student ing Tiongkok. Ingkang badhe kapitongtonakên têtingalan warni-warni ingkang adamêl sêngsêm.

[Iklan]

Dr. Tumbelaka pènsiun. Dr. Tumbelaka, inspecteur griya-griya sakit ewah pakaryan kasarasan, wiwit benjing tanggal 30 April ngajêng punika badhe pènsiun, kanthi angsal pangalêmbana saking ingkang wajib.

Prangko kangge pèngêtan jumênêng nata. Hoofdbestuur pakaryan post ing Bandung martosakên bilih gadhah sêdya badhe ngêdalakên prangko minangka pèngêtan jumênêngan dalêm nata Sri Bagenda Maharaja Putri Wilhelmina mawi gambar dalêm sri bagendha. Prangko wau tumrap wontên tanah ngriki badhe kawêdalakên ingkang rêgi 2 sèn, 10 sèn, 15 sèn tuwin 20 sèn. Gambaripun dipun damêl wontên nagari Walandi.

Lisah pèt ingkang dipun angge satanah ngriki. Miturut cathêtan, wontênipun lisah pèt ingkang dipun angge wontên ing tanah ngriki ing taun 1937 wontên 7.263.000 ton. Kala ing taun 1936 wontên 6.386.926 ton.

Kuburan J.P. Coen. Ing wêkdal andhudhuk siti ing gudhang papan kuburanipun J.P. Coen ingkang katindakakên dening pakaryan babagan barang kina, pinanggih wontên barang-barang ingkang wigatos, awarni tugêlan-tugêlan sela kanthi sêsêratan, ing salajêngipun dados papriksan saha kakintên kenging kangge ancêr-ancêr kuburan ingkang dipun padosi.

Mêwahi punggawa pakaryan kasarasan. Ingajêng wontên wartos bilih pakaryan kasarasan badhe mêwahi punggawa. Nanging wêwahan wau gêgayutan kalihan kawontênan, namung badhe mêndhêt artsen tuwin juru ngupakara tiyang sakit bangsa Eropa kemawon.

Congres B.O.B. Wontên wartos pakêmpalan Bond van Ongegradueerd Boschpersoneel, inggih punika pakêmpalaning para Boscharchitect tuwin para Boschopzichter, badhe ngawontênakên congres manggèn wontên ing Ngayogya, dhawah wontên tanggal 15 dumugi 17 April ngajêng punika. Kajawi punika ugi badhe mèngêti adêgipun sampun 5 taun.

--- 402 ---

Saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki namung 48 jam. Miturut katrangan, ing salêbêtipun taun 1937 ing bab tumindaking lampah anggêgana saking nagari Walandi dhatêng tanah ngriki pinanggih sae. Nanging ing salêbêtipun taun punika katingal kirang sae. Kala ing taun 1937 angsal-angsalaning waragad saking tiyang ingkang sami numpak wontên f 1.800.000,-. Nanging manawi miturut saking rikating lampah ing dalêm kalih dintên kalih dalu sagêd dumugi, kintên-kintên badhe saya kathah ingkang numpak, saya tumrap ingkang sami perlop, tamtu rêmên migunakakên punika.

Nanggulangi babagan gugon-tuhon. Ing Cirêbon wontên pakêmpalan ingkang gadhah sêdya nanggulangi supados tiyang sampun kataman daya gugon-tuhon. Nanging sarêng sampun tumindak sawatawis dangunipun, lajêng botên dipun wigatosakên ing tiyang. Ewadene tumrap ingkang gadhah ada-ada wau taksih ngudi lajênging tindakipun kanthi dipun saranani ngawontênakên pitutur tuwin sanès-sanèsipun, malah wontên ingkang mawi ngêdalakên buku punapa.

Ama andhapan. Ing wêkdal punika têtiyang tani ing bawah Subang tuwin Kuningan sami susah jalaran tanêmanipun sami dipun têmpuh ing andhapan. Panêmpuhing andhapan wau mawi sarana ngrêrisak, botên ngêmungakên nêdha woh tuwin bonggolipun kemawon, dalah wit tuwin godhongipun inggih dipun mamah ngantos andadosakên pêjahipun. Ingriku wontên tiyang nama Muksim, saking gêmpunging manahipun lajêng ngawontênakên pajagèn wontên ing sabin. Muksim sarêng sumêrêp wontên andhapan dhatêng lajêng dipun êlokakên, nanging andhapan botên ajrih malah nêmpuh nujah saha lajêng ambrakot Muksim ngantos nandhang tatu rêkaos. Andhapan wau manawi dhatêng ngantos 20 botên ajrih dhatêng tiyang. Sarêng wontên lêlampahan makatên wau lajêng wontên tindak nyantosani, dipun pangagêngi dening asistèn wêdana ambêbêdhag andhapan, kêlampahan wontên andhapan 15 ingkang kenging dipun pêjahi.

Kapal pamisayan bangsa Jêpan kacêpêng malih. Sampun sawatawis dintên wontên kapal pamisayan ulam gadhahanipun bangsa Jêpan nuju mancing ulam wontên sacêlakipun pulo Sabtu, sacêlakipun pulo Sêribu, ingkang ing papan ngriku punika dados awisan, lajêng dipun cêpêng.

Assaineering ing Têgal. Gupêrnur Jawi Têngah mêntas rawuh papriksa dhatêng Têgal kanthi ingkang bupati tuwin asistèn residhèn ing Têgal, pêrlu nitipriksa ing bab tumindaking damêl assaineering.

Griya pangupakara tiyang sakit ewah ing Magêlang sampun kêbak. Griya pangupakara tiyang sakit ewah ing Magêlang, ing sapunika sampun kêbak isi tiyang 1400, punika kapetang sampun langkung 60. Mila ing sapunika wontên rancangan badhe ngêlar damêl gêdhong satunggal malih ingkang cêkap dipun ênggèni ing tiyang 100.

Badhe rawuhipun tamu agung ing Surakarta. Benjing tanggal 4 wulan April ngajêng punika Gupêrnur Jendral ing Australie, paduka Lord Gowrie badhe rawuh ing Surakarta. Miturut rancangan, ingkang mêthuk dhatêng station tuwan gupêrnur sakalihan nyonyah, B.K.P. Angabèi, pêpatih dalêm, B.K.P.H. Kusumayuda, tuwan-tuwan B.B. kitha sanyonyahipun, pangagêng militèr tuwin sanès-sanèsipun. Rawuhipun ing Balapan jam 9.36. dipun hurmati musik saking kraton, sarawuhipun ing station lajêng nitih pêthukan motor kagungan dalêm, dumugi kraton jam 9.45 dipun papag sampeyan dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana sakalihan Gusti Kangjêng Ratu Hemas. Sasampunipun lênggah satata lajêng dipun sugata bêksan badhaya srimpi. Jam 10.45 bidhal dhatêng Ngayogya nitih motor kagungan dalêm. Ingkang andhèrèk asistèn residhèn ing Surakarta.

[Iklan]

NAGARI WALANDI.

Santun ing ngupakara. Zuster Boonstra, ingkang anjagi saha ngupakara Putri Beatrix, ing sapunika sampun masrahakên dhatêng Jonkvrow S.C. Feith, minangka gêgêntosipun.

EROPA.

Pogokan ing Prancis. Ing pabrik citrun ing Prancis wontên punggawa ingkang mogok ngantos 18.000. Pogokan punika kakintên badhe tumular dhatêng sanès panggenan. Malah ugi kêlampahan sampun tumular dhatêng sanès panggenan. Wigatosing kajêngipun ingkang sami mogok, ing bab ngudi indhaking balanja. Ing salajêngipun badhe dipun dhatêngi ing pangagêng, nyêgah tindak ingkang kados makatên punika, saha pinanggihipun sagêd têntrêm botên nuwuhakên punapa-punapa.

Kasangsaran motor mabur. Motor mabur post ingkang anggêgana saking Casablanca dhatêng Toulouse, Prancis, jalaran saking kandêling pêdhut, lampahipun numbuk pucak rêdi ing sacêlakipun Canigou. Motor mabur wau risak saha lajêng kêbêsmi. Punggawanipun motor mabur wau 3, tiyang numpak 5 sami tiwas sadaya.

AMERIKA.

Nglintoni kapitunan. Pangagênging praja Mexico nêtêpakên mêndhêt gangsal prêsèning pamêdal tuwin pajêgipun lisah pèt, badhe kangge nglintoni kapitunanipun kongsi-kongsi ingkang papanipun dipun pêndhêt kangge pados lisah pèt.

ASIA.

Sambutanipun Jêpan. Jalaran saking indhaking rantaman militèr ing taun 1938-1939, Jêpan pêrlu ngindhaki rantaman waragad praja 6.628.052.000 yen. Dumuginipun sapunika sambutanipun Jêpan sampun wontên 11.892.498.000 yen. Dumugining taun 1939 sambutanipun Jêpan sagêd ugi ngantos dumugi 17.521.000.000 yen. Rekadayanipun para wajib badhe ngawontênakên sambêtan praja dhatêng para kabudidayan tuwin para dagang.

--- 403 ---

Wêwaosan

I Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah.

62

Ing alun-alun sangajênging kadhatonipun Prabu Wladhimir ing satunggiling dintên kêbak kapal tumpakan, ingkang kathah sami kapal Arab ingkang sampun kasuwur ing saindênging bawana mênggahing saenipun. Kajawi punika ing alun-alun wau cacahing kareta ugi tanpa wicalan, ewasamantên tamu enggal ingkang dhatêng dèrèng wontên kèndêlipun. Awit ing kala punika ing kadhaton dipun wontênakên pahargyan agêng-agêngan sayêktos, cacahing tamu ingkang tinimbalan ing kadhaton langkung kathah katimbang ing pahargyan ingkang sampun-sampun. Botên ngêmungakên para pangeran, mantri bupati, para têtungguling prajurit tuwin para satriya kemawon, dalasan para artawan tuwin para sudagar mônca ugi kathah ingkang sami kasêdhahan. Sarêng para tamu sampun pêpak, sarta salajêngipun sampun kathah anggènipun sami ngombe inuman kêras, ingkang kathah lajêng sami ical ajrih tuwin rikuhipun, ing wusana satunggal-satunggalipun sami ngumukakên ing bab kalangkunganipun. Para prajurit sami nyariyosakên anggènipun anglurug pêrang dhatêng môncanagari, sarta kathahing mêngsah ingkang sampun dipun kawonakên. Para pangeran tuwin para bupati sami ngumukakên gêdhong-gêdhongipun ingkang sakalangkung èdi, tuwin sitinipun gadhuhan ingkang wiyar-wiyar. Para sudagar sami ngandharakên anggènipun sami anjajah ing môncanagari, nyumêrêpi kawontênan ingkang anèh-anèh sarta anggumunakên, punapadene nyariyosakên anggènipun anglêmpakakên rajakaya, ngantos dadosipun abôndha-bandhu kados ing samangke punika. Cêkakipun sadaya sami ngumukakên mênggahing kalangkunganipun piyambak-piyambak, ingkang adamêl saya ramening pasamuwan ngriku. Ngêmungakên tiyang satunggal nama Sêtayor, ingkang sadangunipun tansah kèndêl, botên purun ngombe utawi nêdha, kajawi namung thêngêr-thêngêr kemawon. Prabu Wladhimir nguningani tindaking tamunipun ingkang nganèh-anèhi punika, lajêng andangu makatên:

Sêtayor, geneya sira ora mangan lan ora ngombe. Luwih saya andadèkake gumun ingsun, dene sira ora milu-milu nyaritakake kaanane ing nagara mônca kang wus sira ambah, utawa sira ora nyaritakake mungguhing kasugihanira. Apa sira pancèn ora duwe dêdongengan apa-apa, kang pantês kanggo pangeram-eram ana ing kene.

Nampi dhawuh pangandikanipun sang prabu ingkang makatên wau, Sêtayor lajêng matur:

Dhuh gusti pêpundhèn kawula, punapa ingkang pantês kawula aturakên wontên ing ngarsa nata tuwin para tamu sadaya. Kawula botên sagêd ngaturakên kawontênanipun tiyang sêpuh kawula, awit pun bapa tuwin pun biyung sampun sami ngajal. Dene mênggahing kasugihan kawula, mila lêrês, sarana kasugihan kawula punika, kawula sagêd numbas kitha Kiyèph saisinipun pisan, nanging kados botên wontên gunanipun kawula ngaturakên ing bab punika wontên ing ngriki. Pancènipun makatên kawula inggih sagêd mamèrakên èdipènining pangangge kawula, ingkang saindênging praja Ruslan têmtu botên wontên ingkang ngungkuli, ewasamantên limrahipun namung kawula angge sapisan utawi kaping kalih, lajêng kawula pasrahakên dhatêng para sudagar, ingkang nyade lorodan pangangge kawula wau dhatêng para pangeran, mantri bupati ing Kiyèph ngriki. Nanging prêlunipun kemawon punapa kawula ngrêmbag ing bab punika. Dhuh, sang prabu, paduka sagêd nguningani piyambak wontênipun sêpatu ingkang kawula angge punika, awit saha saening sêpatu kados botên prêlu kawula aturakên, ewasamantên namung kawula angge sadintên utawi kalih dintên. Salajêngipun lajêng kawula lorodakên rencang kawula, sêpatu kawula punika limrahipun lajêng kasade dhatêng para pangeran tuwin para bupati ing ngriki. Kawontênan ingkang makatên punika, mênggahing pamanggih kawula, kados inggih botên wontên prêlunipun saupami kawula aturakên wontên ing pasamuwan punika. Kawula punika gadhah kapal kathah sangêt, lan mênggahing saenipun saindênging praja Ruslan botên wontên ingkang nyamèni. Dene kapal-kapal ingkang sampun botên kawula angge malih, limrahipun dening rencang kawula lajêng kasade dhatêng para pangeran tuwin para mantri bupati, malah ing gêdhogan kagungan nata piyambak, ugi kathah kapal-kapal tilas gadhahan kawula, ingkang sampun botên kawula kanggèkakên malih wau. Nanging ing ngriki kados inggih kirang utami nyariyosakên ing bab punika wau. Dene ingkang pantês kawula pamèrakên wontên ing pasamuwan ngriki, mêmungakênngêmungakên. satunggal, inggih punika semah kawula pun Wasilisah. Awit mênggahing semah kawula punika botên ngêmungakên ayu-ayuning wanita ing: Cèrnigop, inggih punika kitha padunungan kawula, nanging ing saindênging praja Ruslan ngriki botên wontên wanita ingkang ngungkuli mênggah endahing warninipun. Kajawi punika semah kawula wau pintêr lan waskitha, ingkang sagêd adamêl pangerang-erang dhatêng para pangeran tuwin para mantri bupati ngriki sadaya, malah sanadyan sang prabu piyambak, manawi sagêd abên ajêng kalihan semah kawula, tamtu sagêd kalampahan, namung manut miturut punapa pikajênganipun.

--- 404 ---

Aturipun Sêtayor ingkang makatên punika nuwuhakên nêpsunipun para tamu sadaya. Makatên ugi Prabu Wladhimir dukanipun tanpa upami, dene kaaturakên bilih têmtu namung badhe manut miturut kalihan pikajêngipun Wasilisah, semahipun Sêtayor wau. Amila sanalika punika sang prabu lajêng dhawuh sêrêng makatên:

He, prajurit ingsun, cêkêlên Sêtayor iki, lan tumuli lêbokna ing gêdhong pêtêng. Tutupên ana ing kono lawase nêm taun, awit ature bangêt anggone dêksura. Lan saiki ingsun kêpengin anêksèni kapriye anggone bojone Sêtayor agawe pangerang-erang marang para pangeran lan para mantri bupati kabèh, lan apa iya nyata yèn ingsun mung arêp manut miturut apa karêpe.

Prajurit sawatawis lajêng nyandhak Sêtayor, ingkang kasèrèt kalêbêtakên ing gêdhong pêtêng. Lan miturut dhawuhipun sang nata, wontên ing ngriku Sêtayor kêdah namung kaparingan nêdha roti garing tuwin ombèn-ombèn toya limrah.

Salêbêtipun punika Prabu Wladhimir angutus salah satunggiling têtunggul prajurit, kanthi ambêkta prajurit sawatawis, kadhawuhan tumuntên bidhal dhatêng ing kitha Cèrnigol, supados ambêskup sadaya barang darbèkipun Sêtayor, tuwin kadhawuhan angladosakên semahipun ing ngarsanipun sang prabu.

Ing wêkdal punika wara Wasilisah linggih wontên ing patamanan ingkang angubêngi griyanipun ingkang sakalangkung agêng tuwin sae wujudipun. Sang wanita tansah ngemut-emut dhatêng semahipun ingkang prajangji tumuntên badhe mantuk, nanging dumuginipun ing kala punika dèrèng katingal dhatêng. Dumadakan ing kala punika salah satunggal pangiringipun ingkang jalêr numpak kapal ujug-ujug lumêbêt ing patamanan ngriku, sarta lajêng nyariyosakên dhatêng bêndaranipun, bilih Sang Sêtayor saking dhawuhipun Prabu Wladhimir sampun kalêbêtakên ing gêdhong pêtêng minôngka paukumanipun anggèning sampun ngunjukakên atur ingkang kagalih sakalangkung dêksura tumrapipun sang nata. Mirêng wadulipun rencang ingkang makatên punika wau, wara Wasilisah enggal-enggal lumêbêt ing griyanipun, sarta lajêng amarentahi dhatêng rencangipun makatên:

He, batur-baturku kabèh, padha migatèkna parentahku iki kabèh. Kang kapisan, enggal-enggal saiki aku gundhulana, kang kapindho, agêm-agêmane bêndaramu kakung kang èdi dhewe gawanên mrene, lan kaping têlune, gamêlku enggal parentahên anglapaki jaranku sing bêcik lan sing bantêr dhewe.

Para rencangipun ingih lajêng enggal-enggal mituruti punapa pakèning bêndaranipun. Wontên ingkang anggundhuli bêndaranipun, wontên ingkang mêndhêtakên panganggenipun bêndara jalêr, wontên ingkang lajêng ngrencangi andadosiandandosi. bêndaranipun anggèning mangangge cara priya, dene rencang sanèsipun malih, wontên ingkang lumajêng nuju dhatêng gêdhogan, ngambali parentahing bêndaranipun dhatêng para pagundhal, supados enggala nglapaki kapal ingkang sae sarta bantêr piyambak wau. Ing papan ingkang suwaunipun sêpên nyênyêt sanalika lajêng rame daning têtiyang ingkang sami nindakakên parentahing bêndaranipun wau. Gamêl sawatawis nuntun kapaling bêndaranipun, ingkang agêng sarta sae, ingkang dipun pakèhi sarwi èdi tuwin pèni. Rencang sanès-sanèsipun malih, sami nglapaki kapalipun piyambak-piyambak prêlu badhe nguntabakên bêndaranipun. Sadaya wau lajêng sami ngêntosi wontên ing pakawisan ngajêng angêntosi bêndaranipun. Botên watawis dangu wara Wasilisah mêdal ing jawi mangangge cara jalêr. Sasampunipun milih ingkang dados pangiringipun kirang langkung tiyang kawan dasa, wara Wasilisah lajêng nyengklak kapalipun. Kanthi kairing ing tiyang kawan dasa wara Wasilisah, ingkang ing kala punika ngemba utusanipun Prabu Kaliyên, lajêng bidhal nuju dhatêng Kiyèph. Wontên satêngahing margi, dumadakan lajêng pinanggih kalihan prajurit utusanipun Prabu Wladhimir, ingkang kautus dhatêng ing Cèrnigop. Ing ngriku wara Wasilisah wicantên dhatêng têtungguling para prajurit saking praja Ruslan makatên: Kula punika utusanipun Sang Prabu Kaliyên, kadhawuhan sowan ing ngarsanipun Prabu Wladimir prêlu mundhut bulubêkti. Dene panjênêngan punika sintên, têka ambêkta prajurit samantên kathahipun.

Ingkang tinakenan amangsuli: Kula punika têtungguling prajurit utusanipun Prabu Wladhimir, kadhawuhan dhatêng ing Cèrnigop prêlu ambêskup barang darbèkipun Sêtayor, tuwin kadhawuhan nyêpêng semahipun.

Salah satunggal pangiringipun wara Wasilisah ing kala punika lajêng wicantên makatên:

Kula sadaya punika ugi kampir ing Cèrnigop. Lan wontên ing ngriku mirêng pawartos, bilih wara Wasilisah sarencangipun sadaya, sampun miruda dhatêng ing nagari Litowên.

Mirêng pawartos ingkang makatên punika, têtungguling prajurit sapangiringipun lajêng enggal-enggal wangsul dhatêng Kiyèp. Sarêng dumugi ing ngarsanipun Prabu Wladhimir, têtungguling prajurit wau botên namung ngaturakên ing bab mirudanipun wara Wasilisah, nanging ingkang prêlu ngaturakên badhe sowaning utusanipun Prabu Kaliyên ingkang botên watawis dangu malih têmtu dumugi ing kitha karajan wau. Badhe kasambêtan.

__________

Isinipun: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak dhatêng kadhaton ing Dhèli, - Pètêr Martin Lampêl (Peter Martin Lampel), - Ngemba rekadayanipun Dr. L. Pasteur, - Kawontênan ing nJêrmanJêrman. kalihan Ostênrik, - Praja Pakualaman 125 taun, - Kabar warni-warni, - Wêwaosan, - Jagading wanita.

--- 53 ---

Nomêr 13, 30 Marêt 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Hakipun Wanita Winêngku Priya, Mamrih Rahayuning Jêjodhoan

Botên rumiyin botên sapunika, tiyang sêpuh badhe anjodhokakên anak punika, ingkang kaèsthi namung rahayunipun ing têmbe. Pintên-pintên ihtiyar lan sarat rukun ingkang sami katindakakên para sêpuh, inggih punika: aksara namaning lare jalêr èstri, wulan dintêning wêdalan sami dipun petangi ngantos anjalimêt, nalika pamacangipun (nakèkakên) mawi sanggan gêdhang ayu suruh ayu tindhih arta suwang saprapat. Sasampunipun dados pacangan, mawi paningsêt warni: sêsupe sêsêr, talèn jêne, sinjang truntum kêmbên sêmèn, trêkadhang mawi pêsingan sinjang lurik kangge êmbahipun lare. Anggènipun madosi dintêning paningkah, milih dintên sarta wulan ingkang sae, trêkadhang narèthèk takèn-takèn dhatêng para ahli petang bab punika. Yèn pamêthèkipun satunggal-tunggaling juru petang beda-beda, malah lajêng bingung.

[Grafik]

Biyang Marta Sleman

Dumugining tapuk damêl, pintên-pintên srana ingkang mamrih wilujênging pangantèn sabên dêlanggung prapatan, lêmah sangar kayu angkêr dipun sajèni, wilujêngan pating klênik mawarni-warni, sadaya wau namung mamrih rahayu. Kangge para sêpuh jaman samangke, anggènipun badhe anjodhokakên anak, sarana ngemba cara tanah kilenan, anak kapurih pados piyambak utawi tari-tinari piyambak, yèn sampun pacangan, tukar cincin kakengingakên têtêpangan rumiyin, trêkadhang sok kêlajêngên kakengingakên plêsir sakalihan wontên ing pasar malêm ing sapiturutipun. Badhe kasambêtan.

Biyang Marta Sleman.

--- 54 ---

Konggrès Pakêmpalan Sancayarini.

Pinanggihipun wontên ing jaman sapunika, kamajênganipun para wanita katingal saya ngangsêg, botên kantun kalihan kamajêngan sanèsipun.

[Grafik]

Parêpatan umum, pangrèh agêng Sancayarini ing gêdhong Sanaarsana.

Ing kitha Surakarta wontên pakêmpalananing wanita nèm sêpuh, ingkang kanamakakên: Sancayarini. Dumadosing pakêmpalan Sancayarini wau sakawit saking ajak-ajakanipun R.A. Sukirsa, guru kagungan dalêm pamulangan èstri Pamardiputri, ing kraton Surakarta. Kanthi rêkaos, wiwitanipun namung wontên warga 2 lajêng 5 dangu-dangu wontên warga 21, lajêng katata kados sacaraning pakêmpalan, kanamakakên: Dhamêskring. Awit saking kaprigêlanipun ingkang ajak-ajak wau adhêdhasar kasabaran tuwin sinaranan katlatosan, dumuginipun wulan Januari 1928 warganipun saya mindhak kathah, lajêng kasantunan nama Sancayarini wau, dumuginipun samangke, wilujêng botên kirang satunggal punapa. Mênggah ancasing pakêmpalan wau, anyupêkêtakên anggènipun pasadherekan, saha angudi kamajênganipun para putri, ngawontênakên pasinaon padamêlan tangan, olah-olah, sapanunggilanipun.

Dados dumuginipun sapunika, adêgipun pakêmpalan: Sancayarini sampun 10 taun. Awit saking punika pakêmpalan wau nalika kaping 11 dumugi 13 Marêt 1938 andamêl konggrès saha mèngêti Sancayarini umur 10 taun, mawi tèntunsêtèlêng astagina saha pahargyan sawatawis.

[Grafik]

Parêpatanipun para pangrèh agêng dalah pang-pangipun.

Kala 11 Marêt 1938 jam 4 sontên, ambikak [ambi...]

--- 55 ---

[...kak] tèntunsêtèlêng wontên ing Huiskoudschool Mardiwisma, dumugi tanggal 13 Marêt 1938.

Tanggal 12 Marêt 1938 damêl parêpatan pangrèh agêng dalah pang-pangipun manggèn ing sêkolahan H.I.S. Arjuna, kados kacêtha ing gambar punika. Sontênipun rêsèpsi manggèn ing Schouwburg Sanaarsana, mawi têtingalan sawatawis, sanajan jawah, ewadene ingkang angrawuhi kakung putri sakalangkung kathah, ingkang kathah para putri. Pasamuwan wau kabikak dening pangarsa enggal, Mevr. Sutadi, sasampunipun pangarsa mêdhar sabda gêgayutanipun kalihan wontênipun pahargyan, têtingalan tonil sêtêk saha têtingalan warni-warni kawiwitan, sadaya wau katindakakên dening lare-lare putranipun para warga. Dene sandiwaranipun mêndhêt lampahan, lairipun Dèwi Sawitri, isi pangajaran warni-warni tumrap para ibu. Sadaya têtingalan wau botên anguciwani, langkung-langkung golèkipun, ingkang katindakakên ing lare èstri umur ± 6 taun, adamêl gawoking ingkang sami amirsani. Enjingipun andamêl parêpatan umum, dumugi jam 1 sawêg bibaran. Minôngka panutuping konggrès dening Mevr. Sutadi. Wilujêng.

Pamuji kula mugi-mugi pakêmpalan wau adêgipun saya angrêmbaka, wilujêng, sampun kirang satunggal punapa. Amin.

Bok R. Atmasuharta.

Bab Olah-olah

Wedang Pokak

Jae gêbingan 1 wijikan, sêre 10 wit karajang sagodhongipun, kulit jêram pulut 1 ingkang alit, punika sadaya kaêpe ngantos garing. Kêmukus 1/2 cangkir cubung, cêngkèh 20 iji mêsoyi 2 nyari, jintên cêmêng 1/2 cangkir cubung, kapulaga 1 cangkir cubung, mrica 1 cangkir cubung, mungsi 1/2 cangkir cubung, adas 1/4 katos, ganthi 1/2 cangkir cubung, cabe 7 iji, manis jangan 2 jênthik, kayu lêgi 2 kilan, klêmbak 1 jêmpol,. pala 1 iji, pulasari 1/2 cangkir cubung, punika sadaya dipun pususi, lajêng dipumdipun. pepe ngantos garing, dipun campur sadaya kalihan jaenipun, lajêng kagorèng sangan. Ingkang atos dipun rumiyinakên, manawi sampun asrêp kabêbêg alus, nuntên dipun gorèng malih. Amrih kenging kasimpên dangu, lajêng dipun wadhahi ing lodhong katutup rapêt.

Manawi badhe ngadoni kadosdene andamêl wedang bubuk. Takêranipun sabên 1 sendhok tèh kagêm gangsal cangkir, dene gêndhis salêginipun.

Wedang punika kagêm angêt-angêt, punapa malih manawi môngsa rêndhêng ing tanah parêdèn. Manawi manut katêrangan ing nginggil namung cêkap wragad 23 sèn sampun kenging kagêm gangsal wulan.

Wedang Cêmowe

Mundhuta klapa ingkang cêkapan dipun oncèki lajêng kagêbing alit-alit, toya kagodhog lan gêndhis jawi samurwatipun kaparingan bonggol sêre sakêdhik. Manawi sampun umob gêbingan kalapa [ka...]

--- 56 ---

[...lapa] dipun cêmplungakên, kagodhog saumoban lajêng kaêntas.

Pangunjukipun mawi roti manis kairis alit-alit, utawi kêtan kawadhahan ing mangkok kaêsokan ing wedang wau.

Cucur (Kucur)

Glêpung uwos ingkang alus dipun ulèni mawi santên ingkang sampun kagodhog, lan gêndhis mangêt-mangêt ngantos 1/4 jam dangunipun (1/2 matêng), manawi sampun mulur, lajêng kaparingan santênipun wau malih, kakêbluk kados apêm, kaparingan santên malih ngantos kados jaladrèn srabi, lajêng kagorèng panggorèngipun ing wajan kuwung, lisahipun kapara kathah lan dipun bêntèri rumiyin. Anggènipun ngêntas mawi sujèn.

Apêm Cina (apêm cangkir)

Glêpung uwos kaulenan mawi tape tela utawi tape sêkul, utawi babon roti, lan gêndhis. Anggènipun ngulèni ngantos angêt (lumêr) utawi kacêprot ing lumpang. Manawi sampun kaparingan santên godhok sakêdhik, kakêbluk ingkang sangêt, lajêng kaparingan santên malih lan lôndha kulit durèn, kasaring kapêndhêt bêningipun, kakèndêlakên watawis 1/2 dintên, nuntên kawadhahan ing cithakan ingkang sampun dipun usar-usari lisah lajêng kalangsêng. Cithakanipun cangkir cubung utawi cangkir. Anggènipun anjaladrèni kados jaladrèn apêm. Badhe kasambêtan.

Suntariyati.

Sinjang Amerikan.

[Grafik]

Tamtunipun para maos sampun sagêd ngintên piyambak bilih namaning sinjang punika nama enggal. Punika pancèn nyata.

Dene nyatanipun, sinjang amerikan punika pêndhêtan jaman nalika enggal-enggalanipun ing ngriki wontên obin tègêl saking Eropah. Ing ngriku kathah sangêt wanguning (sêsêkaran) tègêl ingkang pèni-pèni, ing ngriku lajêng wontên ingkang katelad kadamêl sêratan, saha lajêng dipun namakakên amerikan.

Sinjang amerikan punika sadhasar latar cêmêng, kalêbêt bangsaning cêplok, kêgolong sinjang kêlêm, namung dipun rêmêni ing para sêpuh, anggènipun wantèg.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]