Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 81, Stu Lê, 13 Ruwah Jimawal 1869, 8 Oktobêr 1938 Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [2029] ---

Ăngka 81, Stu Lê, 13 Ruwah Jimawal 1869, 8 Oktobêr 1938 Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsèt - Lêlampahanipun Radèn Wăngsadinama - Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl (dysentrie) - Marsudi Gêndhing Jawi - Arak-arakan Panyêgah Madat ing Bêtawi - Adat Tatacara ing Dhusun - Nagari Walandi - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Supênan.

Miturut kapitadosan, supênan punika mêngku kajêng ingkang sakalangkung lêbêt, malah lajêng wontên ingkang narbuka, ingkang sagêd damêl marêming manah.

Jalaran saking wontêning kapitadosan ingkang kados makatên wau, lajêng nuwuhakên panganggêp bilih supênan punika satunggiling sasmita, saha sabên supêna lajêng dipun gagas badhe punapa wahananipun, wusana saking kulinanipun wau, badanipun lajêng pangawak tiyang supêna.

Sampun dados wiraosan umum, manawi supêna băngsa mayit-mayitan, badhe manggih kabêgjan, manawi sumêrêp bangsa sing jijik-jijik, alitipun anggêpok, kêpêcak, badhe manggih rijêki, saha manawi dipun têdha, wah, punika saksatipun bayar kropyok. Supêna manggih arta, badhe gudhigên. Supêna dados pangantèn, ngatos-atos, punika badhe cêlak umuripun. Nanging manawi supêna mancal donya, malah badhe panjang umuripun. Manawi dipun andharna, ing bab supênan wau badhe kathah sangêt katranganipun.

Bab supênan wau manawi miturut wêwarahipun sêrat-sêrat Jawi, katêrangakên warni-warni, wontên ingkang jalaran saking kèpi, upaminipun mêntas sumêrêp wêwarnèn punapa kemawon, sarêng tilêm sumêrêp ingkang sairib kados lêlampahan ing nalika mêlèkipun. Wontên ingkang duradasih, dalu supêna manggih arta, sarêng tangi manggih arta yêktos. Wontên malih supêna ingkang dipun anggêp sasmita, punika lajêng sagêd ngulurakên gagasan: Iki sasmita apa ya. Tuwin sanès-sanèsipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, kenging lajêng dipun anggêp bilih supênan punika dados prabot pangothak-athik dhatêng gêsanging ngakal budi ingkang lèrèg dhatêng kabatosan.

Wontên malih sawênèhing gotèk, tiyang ingkang sampun botên nate supêna, punika sampun cêpak dhatêng pêjahipun. Lajêng wontên ingkang cariyos malih, tiyang supêna punika botên namung pinuju tilêm kemawon, malah sanadyan mêlèk pisan, inggih tansah ênggêng-ênggêngan supêna.

Warni-warnining andharan wau, pinanggihipun wontên ing pamawas tumrap ingkang lèrèg dhatêng kabatosan, lajêng katingal bilih dados praboting pangudi.

Cêkruktruna.

--- 2030 ---

Antêp ingkang Andumugèkakên Sêdya

Lêlampahanipun Radèn Wăngsadinama.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Miturug[1] aluraning darah, Wăngsadinama angsal sêsêbutan: radèn, mila ing sapunika dipun sêbut Radèn Wăngsadinama.

[Grafik]

Para wanita nalika mahargya Radèn Wăngsadinama tampi bintang.

Kacariyos Radèn Wăngsadinama sarêng sampun rabi lajêng tumut marasêpuhipun wontên ing Kauman, satunggiling sudagar bathik ingkang sampun agêng tumindaking padaganganipun. Wontênipun ing ngriku Radèn Wăngsadinama rumaos kidhung sangêt awit nyumêrêpi ombyaking têtiyang nyambut damêl ing pasudagaran agêng, sawarnining tindak katingal cag-cêg, cakipun katingal sami pintêr-pintêr. Tindak ingkang makatên wau Radèn Wăngsadinama rumaos dèrèng sagêt angêmori damêl. Saya manawi nyumêrêpi tataning gêsangipun marasêpuh sakukubanipun sadaya, Radèn Wăngsadinama namung rumaos rikuh. Măngka saupami wangsul mantuk dhatêng griyaning tiyang sêpuhipun piyambak, ugi dèrèng raos srêg, awit inggih nama dèrèng baku gêgriya piyambak, sami taksih wontên pangengeran. Sayêktosipun raos ingkang kados makatên wau malah andadosakên panggugahing manahipun Radèn Wăngsadinama. Wiwit kala punika lajêng gadhah sêdya badhe nyambut damêl piyambak.

Ing sakawit manahipun Radèn Wăngsadinama taksih mongga-manggu, wusana inggih lajêng dipun tekadakên cariyos dhatêng marasêpuhipun ing bab sêdyanipun wau. Ing ngriku marasêpuhipun jalêr botên anocogi, namung marasêpuhipun èstri ingkang nayogyani sangêt, dene tiyang sêpuhipun piyambak jalêr èstri ugi sami anyondhongi. Cêkakipun kalampahan, Radèn Wăngsadinama wiwit nyambut damêl.

Sandhunganipun tiyang ingkang nêdya majêng, punika wontên-wontên kemawon. Sarêng anggènipun nyambut damêl Radèn Wăngsadinama sawêg tumindak kalih wulan, marasêpuhipun èstri sakit, ngantos botên sagêd nindakakên padamêlan, dene padamêlanipun wau kapurih ngrangkêp Radèn Wăngsadinama. Sarêng tumindaking damêl angsal kalih taunan marasêpuhipun èstri ngajal, sangajaling marasêpuh wau, panggaotanipun Mas Kaji Bakri dipun suda,

--- 2031 ---

dangu-dangu ngantos kèndêl babar pisan. Ing ngriku Radèn Wăngsadinama lêstantun anglajêngakên padamêlanipun piyambak. Kados dèrèng dumugi, sêsandhunganing lêlampahanipun Radèn Wăngsadinama, lêt sataun malih, tiyang sêpuhipun piyambak ( Mas Ngabèi Priya Margasa ), tilar donya.

Manahipun Radèn Wăngsadinama ing kala punika karaos pêtêng, rumaos badhe ngancik dhatêng jaman dados tiyang sêpuh yêktos, tiyang sêpuhipun èstri tuwin marasêpuhipun tansah mituturi, ingkang adamêl têtangining manah. Dene kêkêncênganing manah namung maligi nêdya nglajêngakên panggaotanipun.

Tumindaking damêl Radèn Wăngsadinama tumêmên, kados botên tilar dhatêng wulang piwêlingipun tiyang sêpuh. Lêlampahan panggaotanipun Radèn Wăngsadinama sagêd majêng yêktos, ing ngriku tinampi bilih dhawahing kabagyan wau ingkang dados wohing rêkaosing badan tuwin batosipun.

Tumrap panyawanging liyan, amastani bilih among dagang punika sakeca, awit ingkang dipun waca namung indhaking agêngipun, botên ngrêtos bilih, wontênipun namung sarwa ngrêkaos, lampahipun minggah mandhap tanpa wontên kèndêlipun. Mila bêgjanipun tiyang among dagang ingkang sagêd mawas yêktos dhatêng obah osiking jagad among dagang. Ing bab punika tumrapipun Radèn Wăngsadinama tansah dipun awaki.

Dumugining taun 1920 panyambutdamêlipun Radèn Wăngsadinama andêdêl, lajêng sagêd numbas pemahaning marasêpuhipun ing Singasarèn rêgi f. 30.000,- lajêng dipun yasani griya kanthi waragad f. 40.000,- saha lajêng dipun ênggèni. Salajêngipun ngêlar papan ing sawingkingipun kangge papan padamêlan, saha papanipun nyambut damêl dipun pindhah wontên ing ngriku sadaya.

[Iklan]

Kala ing taun 1922, dumadakan rêrêgèning barang-barang dagangan mandhap sangêt, rêrêgènipun namung kantun dhawah palih. Salêbêtipun măngsa malorod wau, Radèn Wăngsadinama kapitunan f. 70.000,-. Lampahing tiyang nyambut damêl sami ngrêkaos, saha panggaotanipun Radèn Wăngsadinama tumuntên kandhêg ngantos sawatawis taun.

Ing ngriku katingal bilih lampahing panggaotan punika botên namung sakeca kemawon, kados ta nalika sawêg andêdêlipun. Kados Radèn Wăngsadinama punika, tumbas pemahan tuwin damêl griya kemawon ngantos têlas f. 70.000,-. Nanging sarêng kapitunan, sagrêdêgan kemawon ingkang katingal sampun f. 70.000,-. Badhe Kasambêtan.

--- 2032 ---

Bab Kasarasan

Bab Sêsakit Ambêbucal Rah Umbêl (dysenterie).

Sêsakit dysenterie punika ing tanah Jawi ngriki sampun waradin ing pundi-pundi wontên, langkung-langkung ing panggenan ingkang dèrèng wontên waterleiding ingkang têtiyangipun angsalipun toya ombèn sami kapêksa saking sumur, saking lèpèn utawi sanèsipun ingkang sami kirang rêsik, awit toya sumur punika gampil sangêt katularan wisa sêsakit, kados ta: dysenterie, typhus utawi sanèsipun.

Mênggah sababipun toya sumur sagêd katularan wisa sêsakit.

Sapisan, ing nalika tiyang umbah-umbah utawi asah-asah pamêndhêtipun toya utawi nimba ing sumur, tanganipun sampun gêpokan kalihan barang sandhangan, sinjang utawi sanèsipun ingkang sampun rêgêd ingkang tilas dipun angge dening tiyang ingkang sakit dysenterie, typhus utawi sanèsipun. Tangan utawi driji ingkang sampun gupak rêrêgêd wau kangge nyêpêng timba, timbanipun têmtu inggih katutan rêrêgêd saha lajêng mlêbêt ing sumur gêpokan toya, toya sumur wau têmtu lajêng katularan rêrêgêd punika.

Kaping kalih, sumur ingkang botên ngangge srumbung tembok sêmèn, blau, ingkang botên ngantos dumugi ngandhap pisan, ing panggenan wêdaling toya tukipun, samăngsa wontên tiyang wisuh suku, tuwin umbah-umbah barang rêgêd, toya ingkang rêgêd punika sagêd rumêsêp ing siti saubêngipun sumur saha lajêng lumêbêt ing sumur, dados toya sumur sagêd katularan rêrêgêd wau ugi.

Kaping tiga, yèn sumur cêlak jumblêng inggih gampil sangêt rêrêgêd utawi wisa sêsakit saking jumblêng mili dhatêng sumur ngriku, dados toya sumur inggih lajêng sagêd rêgêd.

Kula sampun nate anjampèni bayi putranipun priyantun luhur Walandi umur 2 1/2 wulan, ingkang sadèrèngipun kula garap bayi wau nalika sawêg umur 1 1/2 wulan sampun sakit lan dipun garap dening dhoktêr sanès, malah sampun kalêbêtakên lan dipun pulasara ing griya sakit agêng ing Sg., nanging botên sagêd pinanggih sêsakitipun, sarêng bayi umur 2 1/2 wulan, dados bayi sampun sawulan wontên ing griya sakit, sakitipun bêntèr botên wontên sudanipun, bayi wau lajêng kaboyong dhatêng dalêm gupêrnuran, ing ngriku taksih kagarap dening dhoktêr wau kalih dintên mêksa dèrèng sagêd mêndha bêntèripun, lajêng kaboyong wangsul dhatêng dalêmipun piyambak sarta ramanipun masrahakên putranipun dhatêng kula.

Bokmanawi sawêg kalêrêsan manut ungêl-ungêlanipun băngsa Jawi: jodho, têmbungipun: tămba têka, lara lunga. Bayi sanalika sêsukêripun kula priksa mawi microscoop botên pinanggih punapa-punapa, sarêng enjingipun sêsukêripun kula

--- 2033 ---

priksa malih pinanggih wontên wisanipun dysenterie (amoeben), pamanggih kula bayi wau têtêp sakit dysenterie.

Sarêng kula matur dhatêng rama ibunipun yèn ingkang putra kataman sêsakit dysenterie, sami kagèt lan gumun dene bayi umur 1 1/2 wulan têka sagêd kataman sêsakit makatên, măngka anggènipun anjagi putranipun ing bab rêsikan nyêkapi saèstu. Kula matur yèn kula dipun galih tiyang, sagêd goroh, nanging microscoop botên sagêd goroh. Cêkakipun bayi kula jampèni salêbêtipun saminggu sampun saras. Ing ngriku rama ibunipun saking bingahipun, ngaturi uninga dhatêng tuwan gupêrnur ingkang têpangipun sampun kados sadhèrèk piyambak, bilih ingkang putra punika sakitipun dysenterie, kula ingkang anjampèni sampun saras blas. Tuwan gupêrnur sakalihan ugi sami gumun kadospundi dene bayi umur 1 1/2 wulan têka sagêd kataman sêsakit makatên punika, lajêng dhawuh dhatêng ramanipun bayi ingkang sampun saras wau kêdah nuntên lapur dhatêng Inspecteur dhoktêr. Priyantun wau pancèn kêpala nagari, inggih lajêng lapur dhatêng Inspecteur dhoktêr.

[Iklan]

Inspecteur sêsarêngan kalihan Chef dhoktêr saking Pl: Gez. Dienst sami rawuh ing dalêmipun priyantun wau amriksa kawontênanipun ing dalêm ngriku. Badhe kasambêtan.

R. Sumadirja, Ind. Arts- Sêmarang.

--- 2034 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 76.

Gêndhing Asmaradana, laras salendro pathêt manyura irama sêsêg, katêlah nama: Asmaradana Lămba.

Pola ăngka 1.

[Notasi]

Dipun ungêlakên sakêdhikipun 3 gongan, lajêng kaêndhêgakên kalayan ngêgèt, mriksanana ciri (X) nginggil, ăngka 1 larikan Bw. swaranipun găngsa kèndêl sadaya, botên antawis dangu wontên swara ingkang nyêla, inggih punika swaranipun kênong laras dhadha: nut ăngka III.

Panabuhipun kênong ngêntosi têlasing ngêngipun swara găngsa, sawêg katabuh.

Sasampunipun kênong laras dhadha katabuh wiwit dipun sênggaki kados ing ngandhap punika:

Pola ăngka: 2

[Notasi]

Dhawah êgong, wiwit nabuh sêsarêngan, irama sêsêg namung 6 wilah, inggih punika:

[Notasi]

Lajêng dipun sênggaki sakarsanipun, punapa sêkar-sêkaran utawi purwakanthi, ingkang isinipun namung 12 wanda.

Manawi sampun jangkêp 3 utawi 4 gongan, irama kasarèhakên, dipun gerongi salisir, kados ing ngandhap punika:

Pola ăngka: 3

[Notasi]

Jangkêp kaping 3 utawi 4 êgongan, dumugi kênong N III lajêng dipun inggahakên (andhawah) lajêng nuthuk wilahan, kados ing ngandap punika:

Pola ăngka: 4

[Notasi]

--- 2035 ---

[Notasi]

[Iklan]

Pola ăngka: 5

Gd. Asmaradana dipun gerongi.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

--- 2036 ---

Arak-arakan Panyêgah Madat ing Bêtawi

Kala ing dintên Sabtu tanggal sapisan, Oktobêr 1938 bab tindak nanggulangi madat ing tanah ngriki, dados satunggaling dintên pangèngêt-èngêt. Ing dintên wau pinanggih dados pasaksèn, bilih tumindaking propagandhah pananggulang madat dipun wigatosakên ing ngakathah. Ebah-ebahaning para neneman, para pandhu tuwin lare-lare sêkolah ing golongan warni-warni sami mangrêtos, bilih madat punika kêdah dipun gêthingi, kêdah dipun sirnakakên tuwin kêdah dipun têbihakên saking golongan umum.

[Grafik]

Pambêsminipun bêdudan.

Wiwit jam 3 siyang ing Rawabangke, kaprênah sawingking sêtatsiun Mistêr Kornèlês, sampun kathah golongan murid sêkolah, golongan pandhu tuwin golonga ulah raga, sami dhatêng ing ngriku, wontên ingkang numpak tram, wontên ingkang numpak sêpur, wontên malih ingkang numpak opêlèt.

Golongan Suryawirawan ibut anggèning nata dhatêng satunggal-satunggaling golongan, ingkang sampun sami katêtêpakên panggenanipun piyambak-piyambak. Bandera-bandera tuwin sêsêratanisêsêratan ingkang suraosipun panyêgah madat sami dipun êdum dhatêng para murid sêkolah.

Jam 4 thèng, arak-arakan wiwit bidhal, sadaya sami gambira ing manah, ngantos supe dhatêng têbihing lampahipun ingkang ngantos 6 1/2 km, ngênêr dhatêng Waterlooplein.

Ingkang dados pangajênging lampah, Suryawirawan satunggal, dipun sambêt musik pakêmpalan Sint Vincentius ingkang mungêl samargi-margi, ngantos adamêl supe dhatêng kêsêling lampah tuwin ngorong, lampahipun jèjèr nyakawan. Lajênging urut-urutanipun, ing sawingking musik, murid, H.I.S. Pêtojo 100, dipun tindhihi para gurunipun, ing sisihipun, Suryawirawan ambêkta têtêngêr No. 1, atêgês bilih punika golongan satunggal, sangajênging golongan wau wontên ingkang mandhi bandera tri warna, minăngka tăndha pambikak margi. Kasambêt golongan 2 Gouv. H.C.S. Willemslaan, cacah 40, ing sisihipun ugi wontên Suryawirawan ambêkta tăndha, ciri No. 2. Lajêng golongan 3 Gouv. H.I.S. gang cendhol, cacah 120. 4 H.C.S. Mistêr Kornèlês, cacah 40. 5 Gouv. H.I.S. Mèstêr Kornèlês [Kornè...]

--- 2037 ---

[...lês] 100. 6 Kasatrianscholen 130. Sandangschool 80. 8 H.I.S. Pasundhan 110. 9 Tamansiswa Kêmayoran 85. 10 Tamansiswa Mistêr Kornèlês 50. 11 H.I.S. Muhkhammadiyah Kêmayoran 40. 12 Muhkhammadiyah Kramat 50. 13 Mulo Muhkhammadiyah Kramat 50. 14 H.I.S. Muhkhammadiyah Mistêr Kornèlês 60. 15, 16, tuwin 17 Unischolen 165. 18 Neutrale Scholen Mistêr Kornèlês 70. 19 O.K.S. instituut 50. 20 Tjokronegaranschool 40. 21 Ichtiar Kemadjoeanschool 30. 22 Moestika Indonesia 25. 23 Clubhuis Kêbonsirih 110, lare-lare Walandi Tionghwa jalêr èstri. 24, 25 tuwin 26 pakêmpalan Korfbal Mos, Groen Wit tuwin satriya 80 jalêr èstri. 27 Pandoe Indonesia 60. 28 J.O.P. tuwin P.O.P. 100. 29 K.B.I. 100. 30 Hisboel Wathon 50, tuwin 31 Suryawirawan 250. Kajawi punika taksih wontên sanès-sanèsipun, sadaya kirang langkung gunggung 2200. Sadaya wau panganggenipun angrêsêpakên ing pandulu.

Saking Bêtawi ugi wontên arak-arakan, cacahipun kirang langkung 1400 ugi ngênêr dhatêng Waterlooplein.

Lampahing arak-arakan wau kajagi ing pulisi, papan panggènaning main tonil dipun pisah kalihan panggènanipun tiyang ningali. Panggènaning tonil wontên ing papan inggil bêlak-bêlakan. Ingkang mêdhar sabda nyonyah Wiriyaatmaja, Tuwan Suryadiputra, Tuwan Kokiyamkit, tuwin Tuwan Wijnhamer alias Pak Wăngsa.

[Iklan]

Ingkang sami arak-arakan dipun sêgah wedang tèh mawi ès, saking thee propaganda Geo Wehry tuwin roti kismis.

Sasampuning rampung mainakên tonil, lajêng ambêsmi bêdudan 1000 iji.

Kirang langkung jam 7.30 wontên tram pintên-pintên dasa grêbong kangge ngantukakên lare-lare dhatêng Mistêr Kornèlês tuwin Batawi kitha.

Tindak wau nama kasêmbadan. Langkung prayogi saupami ing sanès panggenan ugi ngawontênakên makatên.

Ing pangajêng-ajêng mugi tindak wau tumrap ing taun ngajêng sagêda saya majêng tinimbang taun punika.

--- 2038 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Adat Tatacara Dhusun, ing Padhusunan Sakiwatêngênipun Gondhang Bawah Dhistrik Gondhang (Sragèn).

Sampun dados kalimrahanipun, ing satunggil-satunggiling dhusun sami anggadhahi tatacara piyambak-piyambak.

Pramila ing ngandhap punika, kula badhe ngandharakên ngadat tatacara dhusun kasêbut nginggil. Ing bab punika kenging kula perang dados tigang perangan. Inggih punika: 1. Tumindaking acak nyambut damêl anggarap sabin. 2. Ngênèni lan lêbar panèn. 3. Tumindaking sabên dintênipun.

1. Tumindaking acak nyambut damêl anggarap sabin.

Mênggahing para golongan tani ing padhusunan punika taksih nglêluri sangêt dhatêng tatacara ngadat kina. Pramila ngantos dumugi jaman sapunika, inggih dèrèng wontên ewahipun. Caranipun makatên: Para tiyang ingkang sami badhe acak anggarap sabinipun, mêsthi têtiyang ing ngriku sami gupyuk andandosi pirantosipun. Ing sakawit mêsthinipun sami badhe damêl pawinihan rumiyin. Mênggah têtiyang ingkang sabinipun tadhahan (têgêsipun: sagêdipun anggarap namung yèn pinuju măngsa rêndhêng, dados namung mligi angsal toya jawah), punika pandamêlipun pawinihan garingan kemawon. Dados anggènipun nyêbar, yèn pinuju măngsa labuh, kaangkah ngancik rêndhêng, toya kathah, wiji sampun kenging katanêm.

Sadèrèngipun para tani acak anggarap sabinipun, sami ambêkta upêt mêrang rumiyin dhatêng sabin, prêlu kangge dêdupa (ambêsmi dupa) kanthi sêsaji. Sajènipun gêcok mêntah dipun isèni sêkar, jênang bloca, klapa cikalan mawi gêndhis abrit, tuwin lintingan sêdhah (gantal). Dipun sèlèh ing pojokaning sabin ingkang badhe kagarap, kaêmor kalihan dupa. Mênggah kajêngipun, nyênyuwun dhatêng ingkang Maha Kuwaos supados kaparingana wilujêng anggèning anggarap sabinipun. Tuwin malih kanthi anjawab dhatêng kiyai dhanyang nyai dhanyang yèn papan ngriku badhe kagarap, sampun ngantos kagèt lan angganggu damêl. Yèn sampun makatên, têtiyang wau sawêg purun wiwit nindakakên padamêlanipun.

Yèn para tiyang tani wau badhe anjêbol wijinipun (andhaut) badhe katanêm wontên ing têba, ing sadèrèngipun kadhaut, inggih mawi sêsaji kados ingkang sampun kasêbut ngajêng.

Mênggah racak-racakipun, tiyang ingkang anggadhahi sabin wiyar, punika andhautipun dipun sambatakên, utawi dipun têbasakên. Caranipun nyambat andhaut, punika mangkat jam 6.30 wangsul jam 11. Namung [Na...]

--- 2039 ---

[...mung] kanthi dipun ingoni sapisan lan dipun sukani brêkatan nyabuntêl. Yèn sadintên muput, dipun ingoni kaping tiga, inggih punika: enjing, siyang lan sontên, kanthi nyukani sês, gantèn punapadene wedang sacêkapipun. Yèn tiyang wau badhe agêng-agêngan, ropyan-ropyan, ing dalunipun malêm badhe tanêm, tiyang-tiyang ingkang kasambat kala wau, punapadene tăngga têpalihipun, sami kapurih wangsul mriku, prêlu lèk-lèkan, jagongan, kanthi dipun ingoni, ropyan-ropyan wilujêngan sêkul gurih lêmbaran, jadah, jênang, sês punapadene wedang lan sanès-sanèsipun.

Enjingipun, sabin wiwit dipun tanêmi, ingkang tanêm para tiyang èstri ing dhusun mriku,[2] kanthi angsal epah kalih gobang mêntas jam 11., tur angsal ingon lan brêkatan, sadèrèngipun wiwit tanêm, inggih mawi sêsaji punapa, tuwin dêdupa. Mênggah ubarampenipun sajèn kala wau: jadah saglindhing, jênang saglindhing, pisang satangkêp, sêkar sataman, slendhang ingkang rêsik kalêmpit, dhuwung tuwin ingkung ayam (lêmbaran). Sadaya sajèn punika, yèn sampun rampung, ingkang awujud têtêdhan, punika dados gadhahanipun ingkang sami tanêm, lajêng kaêdum wradin.

Mêsthinipun sadaya punika wau, panggarapipun inggih kanthi rajakaya, maesa lêmbu, pramila ing ngriki kula prêlu ngaturakên tatacaranipun anggèning milujêngi rajakayanipun.

Yèn milujêngi rajakayanipun, sataun kaping kalih. Inggih punika bibar labuh, utawi bibar anggarap sabin, kalihan bibar panèn. Dene wilujênganipun (ubarampenipun) inggih punika: kupat, lêpêt, uwi, gêmbili, jênang, jadah, waluh, jajan pasar, jênang lêmu, jênang sungsum, tuwin sêkul golong. Dene ingkang ngêpang mligi lare angèn lan modinipun, sasampuning ambêngan kakêpang, yèn sampun bibaran, lare-lare wau sami surak kanthi sêsêkaran, punapadene lunjak-lunjak rambah-rambah.

[Iklan]

Sapunika kula wangsuli malih bab tanêm punika wau. Yèn tanêm sampun umur salapan dintên, inggih punika pêndhak dintên (35 dintên) punika inggih mawi dipun sarati, namanipun maguti. Mênggah maguti punika, ing pojoking sabin majupat dipun tancêbi utawi dipun tanêmi: bung utawi pucukan dêling, godhong katela rambat (jlegor), godhong waru utawi godhong kêsambi. Badhe kasambêtan.

B. Mok. Suhari. L.B.S. Têgalgănda.

--- [2040] ---

Nagari Walandi

Ing ngriki ngêwrat malih wontênipun para raja tuwin utusan saking tanah ngriki ingkang sami anjênêngi pahargyan jumênêngan nata 40 taun. Saha kawontênan ing nagari Walandi.

[Grafik]

Gambar ing nginggil punika: sêtatsiyun gêgana ingkang agêng piyambak ing nagari Walandi, ing alun-alun Schiphol, ingkang kagarap dening gêmintê Amsêtêrdham, wragadipun f 2.000.000.-

[Grafik]

Nanging taksih wontên saperangan malih ingkang taksih kagarap dèrèng rampung. Sisih punika: Kapal kêruk Karimata, kados ingkang sampun nate kawartosakên ing Kajawèn ngriki, kapal wau badhe kabêkta dhatêng tanah ngriki. Ngandhapipun: Para raja tuwin utusan kasêbut nginggil nalika kêmbul bujana kalihan para golongan kabudidayan tanah ngriki (Indische Ondernemersbond) ingkang maligi kawontênakên pasugatan minăngka ngurmati wangsulipun para tamu wau. Nginggil sisih têngên: Sri Sultan Dhèli nalika nitih sêpur wontên ing sêtatsiun ing Amsêtêrdham badhe dhatêng Hoek van Holland. Saha badhe mampir dhatêng London mriksani tandhingan bal-balan punapadene balapan kapal. Gambar bundêr: Sri Sultan Langkat têtabikan kalihan Kaptin Romswinckel wêwakil dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, nalika bidhal saking nagari Walandi badhe dhatêng Paris.

--- 2041 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Sêsakit pathèk ing Kupang. Ingkang pinanggih ing Kupang, sêsakit pathèk punika kêlimrah sangêt. Patraping suntikan, sabên tiyang kapurih ambayar 25, 10 tuwin 5 sèn, ugi kathah ingkang lêlahanan. Awit saking kadarmanipun raja ngriku, ing taun 1937 sagêd nyuntik tiyang 10.052. Angsal-angsalaning arta f 641.53, rêgining jampi f 1136.96, dados arta ingkang kawêdalakên wontên f 495.43.

Sêsakit mripat ing Sumatra Kidul. Miturut palapuran saking Pakaryan Kasarasan ing Sekayu, Sumatra Kidul, kathah lare-lare sami sakit mripat. Wiwitipun jalaran saking sakit wêtêng, lajêng dados lamur. Miturut papriksan dhoktêr jalaran lare-lare wau saking kêkirangan vitamine A. Ingkang punika dipun prayogèkakên supados lare-lare ingriku sami nêdha daging ingkang kathah gajihipun, janganan tuwin wowohan. Kajawi punika ugi kêdah dipun ombèni levertraan.

Pabrik karèt. Wontên wartos, Yatjiyo Shokai badhe ngêdêgakên pabrik karèt agêng wontên ing Surabaya. Ingkang dipun damêl sêpatu karèt tuwin barang-barang karèt, dene ingkang langkung dipun wigatosakên ing bab bangsaning kangge ambêbuntêl.

Sinau ing Bestuursacademie. Tumrap Jawi Wetan, ingkang dipun piji sinau dhatêng Bestuursacademie Tuwan Subakti, jaksa Pasuruan, Tuwan Kadarman, asistèn wêdana Dringgu, Tuwan Sumarsono asistèn wêdana Prambon, Tuwan Suryowadawa, asistèn wêdana Berbek tuwin Tuwan Suwondo, asistèn wêdana Jêmbêr.

Angsal-angsalanipun Jaarmarkt kapisanan. Nalika Jaarmarkt ing Surabaya kabikak kapisanan, tiyang ingkang malêbêt wontên 5645, pêpetanganipun, tiyang siti 3071, lare 710, bangsa Eropa 1523 tuwin bangsa ngamanca 341. Ingkang dhatêng ningali papan patukangan 1332, kapetang tiyang siti 751, bangsa Eropa 551. Angsal-angsalaning arta f 1724.20.

Kintunan kina dhatêng Tiongkok. Comite babagan amal Tiongkok ing Bêtawi, anindakakên rêrigên pitulungan jampi, kala tanggal 24 Sèptèmbêr 1938 sampun sagêd ngintunakên kina dhatêng Roode Kruis Tiongkok kathahipun 1.000.000 iji kina agêng, tuwin 200.000 kina limrah, kabêkta ing kapal Cibadak. Ing tanggal 30 Sèptèmbêr 1938 ngintunakên malih 3.433.000 iji, kabêkta ing kapal Cisadane. Sadaya wau kangge mitulungi têtiyang ingkang sami sakit malaria.

Tilas warga Raad Kawula wafat. Miturut wartos saking Banjarmasin, Pangeran Moh. Ali, tilas warga Raad Kawula wafat. Ing kala punika gêdhong Raad Kawula ing Pejambon manjêr bandera kakèrèk namung satêngahing cagak.

Durjana ingkang sakalangkung kêndêl. Ing Gang Trate, Bêtawi, mêntas wontên tiyang ingkang kakintên bangsa Turki malêbêt ing satunggiling toko mas, cariyos pados arta mas. Sarêng dipun têdahi arta rupiyah êmas, lajêng dipun rêbat, têrus bablas numpak auto ingkang pancèn dipun tumpaki. Durjana wau lajêng dados bêbujênganing pulisi, wusana kêcêpêng wontên ing Mr. Cornelis nuju wedangan wontên ing wande. Sarêng dipun titi, tiyang wau asli saking Surabaya. Malah pulisi ing Surabaya tampi palapuran, wontên tiyang nyewa auto ingkang lajêng dipun bêkta kesah, sawêg dados padosan. Inggih auto ingkang dipun tumpaki tiyang wau ingkang dados padosan.

Sawung-sawung calon Bupati Kêndal. Ing salowongipun Bupati Kêndal, ingkang kakintên dados sawung, R.M. Joyodigdo, patih Purwodadi, R. Notomudigdo, Patih Kêndal, R.M. Sutiono Sosrobusono, Wêdana Purwokêrto, putranipun Bupati Ngawi, R.M. Czarwitz, Wêdana Jatilawang, putranipun Bupati Kutoarjo, pancènipun ingkang wajib sumilih kalênggahaning rama, nanging kabupatènipun lajêng kasuwak.

Expeditie Wisselneer. Miturut wartos, golonganing expeditie Wisselneer, Nieuw Guinea, sampun manggihakên rakyat ingriku cacah 9500. Têtiyang samantên punika ingkang 9200 golongan bangsa Kapaubus, ingkang 300 bangsa Zanggunus. Ingriku dangu-dangu kêtitik saening pasrawunganipun. Punggawaning expeditie wilujêng, sami sêgêr kasarasan.

[Iklan]

Mulihakên tanêman kajêng cêndhana. Jalaran saking pajênging kajêng cêndhana, têtiyang ing Timur kathah sangêt ingkang nyadèni kajêng wau, kenging dipun wastani mèh nêlasakên kajêng cêndhana ingriku. Ing bab punika lajêng dados panggalihanipun ingkang wajib, saha lajêng nyêgah, tiyang botên kenging mêndhêt kajêng cêndhana sakajêng-kajêngipun, kajawi punika lajêng amardi nanêm kajêng cêndhana malih.

Inggah-inggahan tuwin ingsêr-ingsêran. Tuwan Kusmanhadi Prawiro, tijd. wd. Aib, nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Stadspolitie Malang, kapindhah dhatêng Turen (Malang). Tuwan Mohamad Sidik, mantri pulisi klas 1 Ngadipuro (Malang), dados mantri stadspolitie ing Malang. Ngabèi Gondowijoyo, mantri pulisi ing Maron (Probolinggo), dados mantri veldpolitie Lawang. M. Margono, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi, dados tijd. wd. asistèn wêdana Sukowono (Jêmbêr). Tuwan Ngasimun alias Arjowijoyo, asistèn wêdana paresidhenan Malang, kapindhah dhatêng Sumbêrjambe (Jêmbêr). R. Nitisudirjo, asistèn wêdana paresidhenan Kêdiri, kapindhah dhatêng Magêtan. R. Mustajab, Aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi ing Kadêmangan (Blitar), dados tijd. wd. asistèn wêdana ing Pogalan (Tulungagung). R. Rustajami juru sêrat klas 1 jaksa Landraad Kraksaan, dados tijd. wd. motor mabur Kadêmangan (Blitar). M.Ng. Wiryoatmojo, juru tulis klas 1 jaksa Landraad Kraksaan, dados tijd. wd. motor mabur Maron (Probolinggo). Tuwan Brahim alias Atmodiwiryo, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Dringu (Probolinggo), dados tijd. wd. motor mabur ing Sumbêragung (Malang). Tuwan Dulbari, juru sêrat klas 1 asistèn wêdana Pakis (Malang), dados tijd. wd. mantri pulisi Ngadipura (Malang).

Ganjaran bintang. Kaptin-kaptin infanterie F.N. Wensel tuwin J.E. Dieudonne, sami kaangkat dados Ridder ing de Orde van Oranje Nassau kanthi pêdhang. Onderluitenant infanterie M.J. Kuen, tampi eere medaille Oranje Nassau êmas, kanthi pêdhang. Sergeant infanterie M.B. Hauslussy tuwin sergeant infanterie klas 2 L.L. de Costa, Maela, Joyosuparto tuwin J. Pattinema, tampi eere medaille Oranje Nassau salaka kanthi pêdhang. Ganjaran-ganjaran wau saking katrimah anggèning sami sagêd nyirêp rêrêsah koyok sapanunggilanipun ing paresidhenan Bêtawi tuwin Bogor.

--- 2042 ---

[Iklan]

Expeditie Archbold. Punggawaning expeditie Archbold bangsa Eropa ingkang bidhal saking têlaga Habbema kala wiwitaning wulan Sèptèmbêr kêpêngkêr, anginggahi pucak Wilhelmina, lajêng pasang palêrêban wontên ing papan ingkang inggilipun 4250 m. Ing tanggal 13 Sèptèmbêr, awit saking panêdhaning pangajêngipun expeditie gezaghebber ing Hollandia tuwin nyonyah Hoogland numpak motor mabur dhatêng pucak Wilhelmina. Motor mabur wau kêkalangan wontên sanginggiling palêrêban, ing èrèng-èrènging rêdi katingal wontên saljunipun. Motor mabur lajêng mandhap wontên têlaga Habbema. Para kuli bangsa Dayak botên kuwawi dhatêng hawa asrêp tuwin tipis. Makatên malih sarèhning hawanipun awon tuwin tansah jawah ès, badhe minggahipun dhatêng pucak Wilhelmina kasandèkakên. Expeditie wangsul dhatêng têlaga Habbema.

Barang tênunan gagrag enggal. Ing Bandung badhe wontên pabrik tênun enggal, ingkang badhe ngêdalakên barang-barang ingkang ing tanah ngriki dèrèng wontên.

Lesus ing Malang. Ing Malang mêntas wontên lesus, kathah griya ingkang sami karisakan, wit-witan rêbah, kawat-kawat tilpun tuwin lestrik sami pêdhot.

Pakêmpalan kagunan Bali. Ing wêkdal punika wontên golongan bangsa Bali darmawisata dhatêng tanah Jawi, pêrlu badhe angadani pêpanggihan sarana sêsorah utawi mitongtonakên kagunan Bali tuwin kagunan Jawi. Kajawi punika pakêmpalan kagunan Bali wau inggih badhe mitongtonakên jogèd. Wontên pakêmpalan-pakêmpalan ingkang ambiyantu.

Tiongkok tumbas arêng sela mriki. Jalaran saking laladan Tiongkok sisih lèr sampun karêgêm Jêpan, tumrap Hongkong tuwin Canton sami tumbas arêng sela dhatêng Samarinda, Borneo.

Nyèlèhakên paboyongan ing Nieuw Guinea. Dèrèng dangu nate wontên rêmbag bilih Kolonisatieraad nêtêpakên rêmbag, botên badhe mitulungi malih dhatêng Kolonisatie ing Nieuw Guinea, adhêdhasar palapuranipun Van Griesfeld tuwin Peereboom Voller. Karampungan punika lajêng kawaradinakên dhatêng babadan-babadan ingkang gêgayutan. Ing salajêngipun Kolonosatieraad gadhah atur dhatêng parentah, supados parentah botên amaringi pitulungan malih dhatêng têtiyang paboyongan ing Nieuw Guinea. Dados bab punika atêgês paboyongan wau botên kêdadosan.

NAGARI WALANDI.

Dhawuh dalêm tarima kasih. Panjênêngan nata Sri Bagendha Maharaja Putri, adhawuh paring tarima kasih dhatêng sadaya pakêmpalan, têtiyang partikêlir ing nagari Walandi, tanah Indiya, Suriname tuwin Curacao, ingkang sami tumut suka-suka ing nalika dhawahing dintên paargyan jumênêng nata 40 taun.

Angin agêng. Kala tanggal 5 wulan punika, ing wanci dalu, ing nagari Walandi wontên angin agêng. Ing Brasemermeer wontên baita motor kasangsaran, adamêl tiwasing tiyang numpak 2. Kajawi punika kathah baita-baita ingkang karisakan.

Ganjaran. Tuwan Van Manen, directeur sepur ing nagari Walandi kaangkat dados Grootofficier in de Orde van Oranje Nassau.

Roode Kruis ngaturakên kasugêngan. Roode Kruis nagari Walandi ngaturi telegram dhatêng Chamberlain, ingkang suraosipun ngaturakên kasugêngan, gêgayutan kalihan karampunganing rêmbag ingkang adamêl wilujêng tuwin anggèning tanpa ngèngêti rêkaos.

TIONGKOK.

Campuhan ing Munshikang. Miturut wartos saking Hankow, wontên golongan wadya Tionghwa sagêd angêbroki Munshikang, salajêngipun ngangsêg mangilèn, badhe nêmpuh mêngsah saking wingking, ingkang sapunika wontên ing Paischicheng. Sarêng wartos unggulipun wadya Tionghwa wau kêmirêngan ing golongan Tionghwa ingkang wontên sakilèn Paishichen lajêng nêmpuh mêngsah kanthi sêrêng sangêt, panêmpuhipun saking wetan tuwin saking kilèn.

EROPA.

Ibu sori Inggris gêrah. Kawartosakên, ibu sori Mary gêrah. Dumugining tanggal 1 gêrahipun têtêp. Botên miyos saking kamar, pêrlu kangge anjagi kasarasan.

Wadya lautan Rus pêrang-pêrangan. Miturut wartos, wadya lautan Sovyet Ruslan ngawontênakên pêrang-pêrangan wontên ing Oostzee. Pêrang-pêrangan sapisan punika botên mawi dipun watêsi namung dumugi Golf Finland. Ajar-ajaran wau kangge anggambarakên tandangipun wadya lautan Ruslan manawi tinêmpuh ing mêngsah.

[Grafik]

Pêpanggihanipun para ministêr. Inginggil punika (sisih kiwa) gambaripun ministêr sajawining praja Prancis, Tuwan Bonnet, nuju pêpanggihan kalihan Litvinoff, ministêr sajawining praja Ruslan, wontên ing Geneve.

--- 2043 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

20

Amila Akut lajêng ngemutakên Jak sampun daya-daya badhe ngêmpali manungsa, langkung prayogi manawi kasabarna sawatawis ngantos sagêd pinanggih kalihan golonganipun kêthèk bangkokan, inggih bangsanipun Akut. Ing ngriku ing têmbe Jak têmtu badhe sagêd manggih sênêng, sarta sadumugining diwasa, bokmanawi lajêng sagêd dados ratuning sadaya kêthèk bangkokan, botên beda kados Tarsan ing kala rumiyin. Nanging Jak botên purun mirêngakên dhatêng rêmbagipun Akut. Piyambakipun adrêng kapengin pinanggih kalihan tiyang băngsa kulit pêthak. Awit ing batos piyambakipun gadhah sêdya badhe cariyos dhatêng tiyang băngsa kulit pêthak wau, supados suka pawartos mênggahing kawilujênganipun dhatêng tiyang sêpuhipun ing Inggris. Akut mirêngakên kanthi prêmati, ing ngriku, sanadyan Jak botên purun nyariyosakên punapa salêrêsipun, Akut inggih lajêng mangrêtos, bilih Jak punika sayêktosipun kapengin wangsul dhatêng panggènaning tiyang sêpuhipun.

Jalaran anggagas ingkang makatên punika, Akut lajêng rumaos karănta-rănta manahipun. Awit piyambakipun punika sampun rumaos trêsna sangêt dhatêng Jak, botên beda kadosdene kalihan bapakipun, inggih punika Tarsan. Mênggah trêsnanipun Akut dhatêng Jak utawi Tarsan punika, kadosdene trêsnanipun sagawon dhatêng bêndaranipun, tansah kêkinthil. Ingkang dados pangajêng-ajêngipun Akut, salami-laminipun sampun ngantos pisah kalihan Jak. Ing samangke têtela bilih pangajêng-ajêngipun wau botên badhe sagêd kasêmbadan. Ewasamantên piyambakipun mêksa badhe mituruti punapa ingkang dados sêdyanipun Jak wau. Sanadyan kalangkung-langkung susahipun, Akut mêksa badhe tansah tut wingking lampahipun Jak anggènipun badhe nurut tapakipun tiyang băngsa kulit pêthak ngantos sadumuginipun.

Kala Jak amanggih tapak wau, kintên-kintên danguning tapak punika sawêg wontên kalih dintênan. Miturut pamanggihipun Jak: Ing sarèhning lampahipun tiyang băngsa kulit pêthak sapangiringipun ingkang limrah botên rikat, dados têbihipun saking ngriku kados inggih namung lampahan jam-jaman kemawon. Dene ingkang dipun wastani lampahan namung jam-jaman wau, miturut lampahipun Jak tuwin Akut, ingkang limrahipun tansah pêncolotan tuwin lembar-lembaran turut wit-witan, ingkang rikat sangêt.

Saking daya-dayanipun Jak sagêda tumuntên nusul tiyang bangsanipun wau, ing kala punika lampahipun turut wit-witan, langkung rikat tinimbang ingkang sampun, dene Akut ingkang purunipun tut wingking Jak wau, salêrêsipun prasaksat dipun pêksa, lampahipun inggih kados padatanipun kemawon. Ingkang punika saya dangu lampahipun, Akut inggih lajêng saya kantun. Amila inggih botên kenging dipun paibên, bilih anggèning Jak sagêd nututi tiyang ingka[3] dipun bujêng wau langkung rumiyin.

Dene wontênipun garombolaning tiyang ingkang dipun susul dening Jak wau, ingkang wontên ing wingking piyambak tiyang kalih wêlas cacahipun, ingkang sami pêntheyetan anggêgotong. Tiyang wau dipun kêpalani dening para prajurit têtiyang cêmêng, ingkang sakalangkung siya pambêkanipun. Manawi wontên tiyang ingkang dhawah jalaran awrating gotonganipun, lajêng dipun jêjak lan dipun dhupaki. Ingkang kirang rikat lampahipun, lajêng dipun jêjak lan dipun dhupaki. Ingkang kirang rikat lampahipun, dipun gêbag utawi dipun jorog-jorogakên. Dene ingkang lumampah wontên ing ngajêng tiyang băngsa kulit pêthak kalih cacahipun. Kalih-kalihipun sami ngingah brêngos lan godhèg ingkang mèh nutupi rainipun. Saking bingahipun nyumêrêpi tiyang kalih ingkang dipun anggêp bangsanipun wau, sanalika Jak lajêng anjêlih undang-undang. Nanging wêdaling panjêlihipun wau, bokmanawi jalaran saing[4] dangunipun anggèning botên sêsrawungan kalihan samining manungsa, kadosdene panggêronipun sato galak. Jalaran saking punika, malah lajêng nuwuhakên nêpsunipun têtiyang kalih băngsa kulit pêthak ingkang dados pangajêng-ajêngipun Jak wau. Awit sanalika punika têtiyang kalih băngsa kulit pêthak ujug-ujug lajêng nyambuki dhatêng rencang-rencangipun têtiyang cêmêng ingkang sami anggendhong gotongan ingkang awrat sangêt wau, murih lampahipun sagêda langkung rikat.

--- 2044 ---

Sakêdhap-sakêdhap têtiyang ingkang sami lumampah wontên wingking, makatên ugi têtiyang băngsa kulit pêthak wau, nolèh dhatêng wingking, kadosdene wontên bêbaya saking wingking. Nyumêrêpi kawontên ingkang kados makatên punika, Jak lajêng kèndêl sakêdhap, lan ing wusana ngêtutakên lampahipun garombolaning têtiyang wau alon-alon. Salajêngipun, Akut nuntên sagêd ngêmpali Jak malih. Tumrap kêthèk bangkokan, nyumêrêpi kawontênan ingkang makatên wau, botên giris kadosdene Jak, ewasamantên piyambakipun mêksa anggêrêng nalika ningali caranipun tiyang băngsa kulit pêthak misakiti tiyangipun ingkang botên wontên gunanipun wau. Kêthèk bangkokan lajêng nyawang dhatêng Jak, saha nuntên apitakèn, punapaa, sarêng ing sapunika sampun cêlak kalihan tiyang bangsanipun piyambak wau, Jak têka botên enggal-enggal murugi suka wilujêng.

Jak amangsuli kalayan garundêlan: Iki dudu manusa, kiraku bangsaning dhêmit. Aku ora bisa barêngan lêlungan karo wong-wong sing kaya mangkono. Sabab saupama aku nganti mêruhi anggone milara marang batur-bature kaya saiki kiyi, kiraku aku ora bisa ngampêt nêpsuku. Lan wong băngsa kulit putih iki mêsthi banjur tak patèni. Sasampunipun cariyos makatên, Jak kèndêl sakêdhap saha lajêng wicantên malih makatên: Ewadene aku arêp takon nyang wong kae, ing ngêndi prênahe palabuhan kang cêdhak dhewe. Sauwise aku banjur arêp pêpisahan manèh, Akut.

Kêthèk bangkokan botên amangsuli. Dene Jak lajêng mandhap saking wit-witan saha lajêng enggal-enggal badhe murugi dhatêng garombolaning têtiyang wau. Sarêng sampun watawis cêlak, inggih punika watawis kalih atus mètêr, dumadakan salah satunggalipun tiyang băngsa kulit pêthak wau nolèh dhatêng wingking sarta sumêrêp dhatêng Jak. Saking kagètipun tiyang wau anjêlih, nyandhak sanjatanipun, kaincêngakên saha lajêng anglêpasakên mimis. Rahayunipun, dene saking ajrihipun, tanganipun tiyang băngsa kulit pêthak wau ngèwèl, kawêwahan anggèning ngincêngakên sanjatanipun kasêsa, ingkang punika dhawahing mimis lajêng mlèsèt, botên ngèngingi Jak, dhawah ing siti sangajêngipun. Lêt sasêkon malih tiyang băngsa kulit pêthak sanèsipun, makatên ugi para prajuritipun tiyang cêmêng, sami nglêpasakên mimising sanjatanipun, kanthi ajrih lan trataban, dhatêng Jak wau.

Jak lajêng enggal-enggal mêncolot dhatêng sawingkingipun wit-witan, wilujêng botên kataman punapa-punapa. Mênggah sajatosipun tiyang băngsa kulit pêthak kalih wau, botên sanès kajawi: Jènsèn tuwin Malbin, sapangiringipun, sampun pintên-pintên dintên tansah kabujêng ing mêngsah. Amila manawi mirêng suwara punapa kemawon, rumaosipun inggih suwaranipun mêngsah ingkang tansah ambujêng-bujêng kemawon wau. Cekakipun têtiyang sadaya wau sabên dintên namung tansah sami anggadhahi ajrih lan kuwatos manawi ujug-ujug katêmpuh ing mêngsah. Amila inggih botên anèh, bilih sarêng sumêrêp wontên tiyang neneman mèh wuda blêjêt kanthi adêdamêl towok, amurugi tiyang băngsa kulit pêthak wau lajêng enggal-enggal nyandhak sanjatanipun sarta nglêpasakên mimis, ingkang sanalika punika lajêng dipun tiru kemawon kalihan kănca-kancanipun.

Sarêng têtiyang wau sampun sami ical anggènipun kagèt sarta sami ngawasakên dhatêng prênahipun ingkang sami dipun sanjatani, ing ngriku têtela bilih namung Malbin piyambak ingkang sumêrêp satunggiling wêwarnèn, sanadyan botên cêtha. Sawênèhipun tiyang cêmêng, nyariyosakên bilih nyumêrêpi yêktos dhatêng wêwarnèn ingkang sami dipun lêpasi ing mimis wau. Nanging katêranganipun satunggal-satunggalipun sakalangkung beda-beda, ngantos Jènsèn ingkang sajatosipun botên sumêrêp punapa-punapa, lajêng anggadhahi pamanggih, bilih sajatosipun pancèn botên wontên punapa-punapa. Salah satunggilipun tiyang cêmêng nyariyosakên, bilih wujudipun ingkang dipun sanjatani wau, nganèh-anèhi sangêt, inggih punika: abadan manusa, nanging asirah gajah, tur agêngipun kagila-gila. Sanèsipun malih wontên ingkang nêrangakên, bilih ingkang dipun sanjatani wau sayêktosipun tiyang băngsa Arab tiga cacahipun, ingkang sami anggadhahi badan agêng kalangkung-langkung, malah miturut cariyosipun, tiyang Arab tiga pisan sami agodhèg simbar dhadha ngajrih-ajrihi sangêt. Sarêng têtiyang ingkang lumampah wontên ing wingking mantun anggènipun sami kamigilan, lajêng sami nuwèni dhatêng papanipun wêwarnèn ingkang dipun sanjatani wau, nanging ing ngriku sampun tamtu sampun botên wontên punapa-punapanipun malih. Awit Jak tuwin Akut ing kala punika sampun oncat saking ngriku ngupados papan pandhêlikan ingkang botên kenging dipun sanjata wau. Badhe kasambêtan.

--- 157 ---

No. 40, 8 October, Taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI : BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

JAKSA KANG PINTÊR.

Ing sawijining desa ana wong aran Parta; wong mau wis lawas bangêt manggon ing desa kono. Anuju sawijining dina kêmalingan, dene sing digawa maling, yaiku: pêndhok êmas sarta sêlute mata intên. Kêris mau kêris warisan, tinggalane wong tuwane. Pak Parta enggal-enggal sowan mênyang pangadilan, matur marang ndara jaksa, mangkene: "Ndara, kintên-kintên kalih wulan kapêngkêr, kawula tampi warisan dhuwung pêndhok jêne tuwin sêlut dipun trètès intên, saking tiyang sêpuh kawula, nanging kala wau enjing kêpêndhakan, dhuwung wau ical dipun bêkta ing pandung."

Jaksa ndangu: "Saka pangiramu sapa sing nyolong kêrismu kuwi, apa kowe wêruh?"

Wangsulane Pak Parta: "Inggih sumêrêp, ndara, ing dhusun kawula namung wontên tiyang satunggal ingkang kula criyosi panggenan ingkang kula angge nyimpên dhuwung wau. Dados ingkang mêndhêt têmtu inggih namung piyambakipun.

Jaksa ngandika manèh: "Apa kowe wani mêsthèkake, yèn ora ana wong liyane kang wêruh panggonan olèhmu nyimpên kêris iku?"

Parta mangsuli: "Purun, ndara."

Jaksa nuli dhawuh marang Parta: "Saiki wong kang kodakwa nyolong kêrismu, jakên mrene."

Parta lunga, ora antara suwe têka manèh karo wong aran Jaya. Nuli matur marang jaksa mangkene: "Ndara, punika tiyangipun, ingkang kamipurun mêndhêt dhuwung kawula, sanèsipun punika têmtu botên wontên ingkang purun."

Jaya banjur matur mangkene: "Ndara jaksa, kawula kadakwa nyolong barang darbèkipun pun Parta, anamung sayêktosipun kawula piyambak babarpisan botên rumaos. Wondene buktinipun manawi kawula botên punapa-punapa, nalika kawula dipun ajak sowan ing ngarsa panjênêngan, kawula inggih tumut kemawon kanthi sênêng, inggih amargi saking botên rumaos lêpat."

Jaksa andangu akèh-akèh, nanging Si Jaya têtêp mukir, ature: "Ndara, upami dhuwung punika kawula pêndhêt, gèk lajêng kawula angge punapa? Manawi kawula sade, têmtunipun tiyang-tiyang inggih lajêng sami sumêrêp, bilih punika gadhahanipun Parta. Manawi kawula simpên, wah, rak namung lajêng dados pikiran."

Jaksa banjur mênêng sawatara mênit, nuli ngandika marang Parta: "Parta, dakkandhani ya, wiwit dina iki sing ngati-ati, aja sok kêsusu ndakwa ala marang wong liya, yèn ora ana tandhane. Saiki kowe padha kêna mulih."

Si Jaya atine sênêng bangêt, banjur mênyat arêp milu mulih, nanging banjur diêndhêg jaksa, pangandikane: "E, mêngko dhisik. Jaya, aku ngandêl lan pracaya, manawa kowe ora nglakoni kaya pandakwane Parta. Ananging wong akèh mêsthine mêksa ngira, iya kowe sing nyolong. Lah saiki aku niyat nuduhake marang wong-wong akèh mau, manawa aku pracaya marang kowe sarta kowe pancèn bênêr ora duwe kaluputan! Ayo padha bêbarêngan mlaku-mlaku ing desamu. Aku tuduhna dalan-dalan ing desamu, kabèh bae, poma aja ana sing kliwatan, cikbèn wong-wong padha wêruh, gêdhening pracayaku marang kowe."

Wong loro mau, yaiku jaksa karo Jaya

--- 158 ---

nuli budhal. Sakèhe dalan, gêdhe cilik diliwati. Dene jênênge dalan utawa kampung kabèh padha dicathêti karo jaksa mau. Wêkasane lakune têkan ing pasar. Satêkane ing kono, Jaya matur: "Ndara, sapunika sampun wradin, margi utawi kampung-kampung sadaya sampun panjênêngan langkungi."

O, dadi wis kabèh? Yèn mangkono saiki kowe kêna mulih.

Saungkure Jaya, jaksa banjur nimbali wong loro, tuwa-tuwane ing desa kono, kang wis wêruh kaananing dalan-dalan kabèh. Jaksa dhawuh: "Iki, cathêtan dalan-dalan kang wis dakambah. Apa ora ana sing kliwatan? Coba saiki kowe ngaranana dalan-dalan lan kampung ing kene kabèh."

Wong loro mau nuli ngandhakake jênênging dalan-dalan lan kampung. Wusana jaksa krungu ana kampung kang durung ditêkani. Banjur ndangu: "Sapa sing manggon ing kono. Apa ana sadulure Jaya kang omah-omah ing kono?"

Wong loro mau sawise ngeling-eling sawatara suwe, banjur mangsuli: "O, inggih, ndara, wontên prênah bibèkipun pun Jaya."

Jaksa dhawuh kanthi bungah: "Bêcik saiki aku jujugna mênyang omahe bibèkne Si Jaya."

Têmênan, barêng omahe wong wadon mau digledhah, kêrise Parta kêtêmu ana ing dhuwure lêmari dibuntêl krêtas koran. Kêris nuli dibalèkake marang kang duwe. Dene Jaya banjur dipatrapi paukuman samêsthine.

Bu Mar.

MRIPATMU MUNG LORO.

Bocah-bocah lan sêdulur-sêdulur kabèh, kiraku kowe kabèh mung duwe mripat loro, bokmanawa ana uga sing mung siji thil, mulane eman-emanên ngluwihi rajabrana, sabab wong kuwi yèn wis lamur, gêdhene manèh picak, rumasa cotho banêt. Iya bênêr jaman saiki akèh pabrik têsmak, nanging rak luwih prayoga ta mlaku tanpa têkên tinimbang kêcincugan nganggo têkên? Mripatku dhewe wis burêk, mulane sadurunge kêbacut, kowe dakeman.

Mripat kuwi kaya perangan awak liyane, iya ngêrti kêsêl lan iya kudu ngaso barang. Kêsêle saka nyambutgawe alus, kaya ta: maca, ndondomi, mbathik. Nèk wis kêsêl kokpêksa mêndêlik têrus, ya gêlêm, nanging sarana sambat, malah ngêtokake luh barang. La ya patrap mangkono iki sing ngajak ngrusak mripat. Nyambutgawe ing panggonan kang kurang padhang utawa kêpadhangên uga ora bêcik tumrap mrpiat.[5] Liya-liyane ora susah dakpratelakake ing kene, sabab mripatmu wis pintêr dhewe, têgêse yèn wis wayah ngaso, matur: "Ndara, mbok êmpun yak, kula êmpun pêdhês (pêgêl) kok". Nèk kowe wêlas, mêsthi gêlêm nyèlèhake pagaweanmu lan ngaso sadhela (± 5 mênit), luwih prayoga manèh yèn kowe sajrone ngaso iku gêlêm nglirik ngiwa nêngên, mêndhuwur mêngisor, saka pojok kiwa ndhuwur mênyang pojok têngên ngisor, lan saka pojok têngên ndhuwur mênyang pojok kiwa, têrus mripatmu ubêngna wiwite saka kiwa manêngên kaya pandom jam, banjur balik saka têngên mangiwa kabèh dibolan-balèni kaping 10 utawa 20, iku kanggo nglêmêsake ototmu mripat, supaya ora kaku lan ilang elestriciteite. Nèk wis mripatmu ucêk-ucêkên nganggo èpèk-èpèk, mêngko rasane pêdhês rak enggal ilang.

Kiraku kowe iku sabên dina ajêg adus ping pindho (kêjaba yèn nuju aras-arasên!), lan rumasa wis cukup lan rêsik.

Prayogane mripatmu kadhangkala ya dusana nganggo boorwarter, yèn ora ana ya banyu rêsik didokoki uyah sêthithik. Nèk ora ana pirantine gêlas (oogglas) nganggoa cawan bae iya apik.

Unchle, Sum.

WITING KLAPA.

I. Witing klapa saluguning para kanca, | Kudu angudi utama, dhasar nyata, | Kanggo sangune yèn tuwa, | gêgamaning golèk têdha. ||

II. Mula kowe nggugua pitutur guru, | Mantêpa nggonmu sinau, ayo maju, | Yèn kowe kabèh satuhu, | Gawe sênêng rama ibu. ||

III. Yèn sinau kowe kudu ngati-ati, | Samubarang kudu tliti, sing nastiti, | Piwulangan kang wigati, | Kudu mrasuk jroning ati. ||

IV. Kowe kabèh padha nyinaua nggambar, | Waton kowe padha sabar, aja samar, | Têtêpungan karo Bu Mar, | Manawa dadi tekênaar. ||

W. Wiyana, Kêbonsirih, Bêtawi.

--- 159 ---

NYRITAKAKE LÊLAKONE DHEWE UTAWA LÊLAKONE KANCANE.

Bocah-bocah!

Taman Bocah bakal diwènèhi ênggon kanggo macak karangan-karangan anggitane bocah-bocah dhewe, yaiku karangan kang isi dêdongengan, upamane: nalika milu jagong bapakne utawa ibune -nalika lara- nalika nênonton - nalika lêlungan lan liya-liyane, cêkake lêlakon kang dialami bocah-bocah dhewe. Wus mêsthi bae sing dipacak iya mung sing bêcik, tur sing nyata gaweane dhewe. Dadi bêcika kae yèn olèhe nggawèkake wong liya, iya ora kanggo. Bocah kang karangane kapacak, nganti kaping pindho, -bakal olèh ganjaran buku utawa piranti nulis, nggambar lan liya-liyane, pangaji f 1.-. Kêna ngarani sakarêpe.

Wis padha gawea karangan, kono, yèn wis dadi banjur kirimna mênyang

Bu Mar.

Kinanthi.

Bu Mar.

Bêtawi ingkang winuwus, | Ontên kêmpalan winarni, | Enjang sontên datan kêndhat, | Marsudi kêmpaling siwi, | Amrih sukaning pra mitra, | Rukuna sadaya sami. ||

Bu Mar ingkang nêdya nuntun, | Obahing pra mitra sami, | Esuk sore dalu rina, | Mung pados pintêring siwi, | Anglantarkên "Taman Bocah", | Rina Sabtu tamtu prapti. ||

Bêbasan kêlêtan gunung, | Ugi ing sanès nêgari, | Ewadene bisa têpang, | Marga "Taman Bocah" iki, | Ayo pra kanca mêmuja, | Raarja Bu Mar sêmangkin. ||

S. Siti Sutarti, Muda-Utama.

KÊMBAR TÊLU.

[Grafik]

Mara bocah-bocah dêlêngên gambar ing dhuwur iki, iku gambare bocah kêmbar têlu lanang loro wedok siji; anake wong ing Cibiru (Bandung).

Bocah-bocah mau wis padha disêkolahake nunggal sasêkolahan, lan sabên taun iya padha bisa munggah. Urut-urutane gambar, saka kiwa: iku sing dilairake dhisik, nuli têngah, banjur wedoke sing kèri dhewe.

LÊLUCON.

Kêsupèn.

Ndara mantri guru sawêg gêrah, sampun utusan abdinipun ngundang dhoktêr.

Abdi : "Ndara, punika ndara dhoktêr sampun rawuh."

Mantri Guru : "Kandhaa ora bisa tampa, aku lagi lara!"

Purun (wani).

Guru : "Geneya padha wêdi karo macan? Apane sing diwêdèni?"

Murid A : "Cangkêmipun, sabab untunipun landhêp-landhêp."

Murid B : "Kula kukunipun, sêbab yèn ngruwêk ndrawasi."

Murid C : "Botên, yèn kula cangkêm kaliya[6] kuku botên ajrih, ingkang kula ajrihi nyawanipun, janji botên wontên nyawanipun kula inggih purun."

S. Siti Sutarti, Muda-Utama.

Morrod : "Êndhas apa sing gêdhene ngungkuli êndhas gajah?"

Moddod : "Êndhas sêpur."

Morrod Moddod.

--- 160 ---

TÊTUKU.

Wong têtuku iku arang kang anggawa dhuwit trêp, sing kêrêp mêsthi nganggo jujul. Yèn tampa balèn dhuwit saka bakul iku, sawise dietung ganêpe ajine, banjur ditliti apik orane dhuwit-dhuwit mau. Sing gampang dhewe, nêngêri ala bêcike dhuwit salaka, iku sarana dibanting (dithinthing). Satêmêne ninthing dhuwit iku apik ana ing kayu, yèn anaa mono ing karèt sing wangune pasagi dawa (kaya kothak srutu upamane), dadi ora ngrusakake dhuwit. Dhuwit yèn dibanting mlumah ing kayu, unine mêsthi prak, yaiku nalika têmpuke dhuwit lan kayu mau.

Sawise têmpuk karo kayu, dhuwite rak mêndal manèh mêndhuwur. La nuju mêndale iki dhuwite muni "nging". Iku mau yèn dhuwite apik, dhuwit nagara. Yèn pambantinge ana ing pasagèn karèt, têmpuke karèt lan dhuwit prasasat ora nyuwara, mung yèn dhuwite wus mêndal lagi muni "nging".

Dhuwit ringgit (f 2,50) ora susah dibanting, sawise ditliti ana cacade apa ora, tulis-tulisane apa ora pating pletar apa nggêdêbul, japitên têngahe, nganggo pucuk jêmpol lan panuduh, (aja nggêpok kuku, lan uga aja rapêt-rapêt panjapitmu, anggang-anggang bae), banjur sêbulên ing pinggire (sing ana tulisane "God zij met ons"). Panyêbule sing rosa, banjur cêdhakna kuping, mêngko yèn dhuwite apik rak krungu "nging" ngono. Yèn dhuwit sing pinggire mawa kikiran, kêthip (10 cent), talèn (25 cent), têngahan (50 cent), mangka kikirane ora padha jêrone, utawa pating pletar, kêna kapastèkake alane.

Dhuwit ala iku, ana kênthinge sing bêning, nanging rupane blawus, tulisane kandêl-kandêl, ora bundêr, ana sing rada cilik, ana manèh sing wujude plêk karo dhuwit sing lumrah, thinthinge ora muni. Mula ya sing ngati-ati.

Manawa têtuku, dhuwitmu aja kotibakake dhisik, mêngko yèn wis arêp dijujuli bae lagi ulungna, karo munia, pira dhuwitmu sing kok ulungake, upama "sarupiah"' "saringgit" utawa munia susuke, luwih bêcik, dadi "susuk..."

Pêrlune, upama dhuwitmu ringgit, tukonmu sêtêngah rupiyah, mangka wis kok tibakake dhisik, kowe dijujuli "sêtêngah rupiyah" kandhane bakule dhuwitmu rupiyah, mêngko sida dadi udrêk. Apa manèh yèn lête anggonmu nibakake dhuwit mau karo olèhe njujuli suwe, mêsthi ora bêcik dadine.

G. Gambini.

MANGSULI LAYANG.

Sukardi p/a Rêsosêntono, Kertekveg, Wonosobo. Upama samangsa ana bocah ngirimi karangan, Bu Mar ngirimi postblad utawa briefkaart, minangka lirune, 1a pirang atus postblad bae cukupe. Prakara kowe padha ngirimi karangan, iku Bu Mar rak ora mêksa, lan manèh pamacake ing Taman Bocah, iya kudu kanthi palilahe rama Hoofdredacteur utawa Bu Mar dhewe. Aja kokira, yèn karangan-karanganmu kabèh mêsthi kapacake. Dene bab srêgêp lan orane olèhmu ngarang, iku iya mung manut sakarêpmu.

S. Siti Sutarti, Banyumas. Kirimanmu karangan lêlucon wis daktampa kanthi sênêng.

Surtiyah lan Sundari, Sêmarang. Bab sênêngmu ana ing internaat, aku iya bisa ngira-ira dhewe lan aku bungah, dene kowe mrêlokake ngirimi layang nyang Bu Mar. Kêponakane Bu Mar saya suwe saya mundhak akèh.

S. Narni Darmosaroyo, Kauman, Solo. Kirimanmu postblad lan briefkaart sing kari dhewe wis daktampa kabèh. Aja dadi atimu, rada kasèp anggonku mangsuli, marga saka durung kobêr, akèh pagawean.

Siti Fatimah, Jokya. Karanganmu recept-recept dhaharan wis daktampa, nanging dadia kawruhanamu, Taman Bocah ora macak recept-recept, kajaba yèn ana pitakon saka kêponakan salah siji, tur pitakon mau mung sathithik.

Timan, Surabaya. Prakara anggone ngirimake Kajawèn mênyang para langganan, sabênêre Bu Mar ora ngrêti apa-apa, wis ana kang kapasrahan dhewe. Mangkono uga bab postwissel. Mula bêcike murih cêthane, kowe kirima layang bae mênyang administratie.

Subiyati, Cêpakaputih - Tanahtinggi, Bêtawi C. Kapriye saiki kabare, apa tampamu Kajawèn wis ajêg, apa isih di "stop" ana ing dalan? Pancèn kêras bangêt, ora nganggo mawang wonge, sing sapa ora enggal bayar kaya mêsthine, iya banjur distop. Anggonku nampani layangmu, sawise administratie maos, dadi administratie iya wis ngrêti kapriye mungguh surasaning layangmu.

Arminah, Lawiyan, Solo. Aku wis tampa layangmu lan kirimanmu karangan, lagi dakpikir-pikir dhisik, kapacak utawa orane.

Katiyah, Surakarta. Kirimanmu prentbriefkaart wis daktampa kanthi sênênging ati.

S. Sunjaya, Banyubiruweg 6, Salatiga. Cuwa atiku, dene anggonmu ngirimake batangan cangkriman wis kasèp, batangane wis kapacak wingi-wingi. Pancène iya apik bangêt, sarta cocog karo têmbange.

Sutarsih, 1.1. Rêtnomurti, Rêmbang. Yèn kowe arêp kirim bêbasan, kanthi katêrangan cêtha mungguh têgêse, iya bêcik. Dene karanganmu sing dhisik ora kapacak marga wis kêrêp kawruhan ing wong akèh, kaya ta "Sontên-sontên", kae rak wis ana ing reclame Maizena Duryea, ta? Mung kari niru bae. Mangkono uga liyane.

Tasirih, Rêmbang. Aja pisan dadi atimu, karanganmu lêlucon ora kapacak, marga kurang apik. Prakara pitakonmu Dukasri iku lanang utawa wedok, iku aku iya ora bisa mangsuli, jalaran yèn kirim layang nyang Bu Mar, ora tau nyritakake awake dhewe, lan manèh Bu Mar uga ora tau nakokake lanang wedoke.

Srihayu, Rêmbang. Mula yèn ngirimake karangan, iku kudu sabar, ora bisa enggal-enggal kapacak, kudu gêntenan papan karo liyane. Karanganmu bab "Wong dadi macan" pancèn ya apik. Kapan kowe ngirimi karangan sing lucu manèh?

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


Miturut. (kembali)
ngriku. (kembali)
ingkang. (kembali)
saking. (kembali)
mripat. (kembali)
kalihan. (kembali)