Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 42, Rê Kli, 25 Mulud, Jimawal 1869, 25 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: - Pasisir Sagantên - Konggrès B.B. Băngsa Eropah - Paboyongan ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul ingkang Wiwitan - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Kawontênan Sajawining Praja - Cangkriman Volksalmanak - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Pasisir Sagantên

[Grafik]

Ngêwrat malih gambar sêsawangan pasisir sagantên ing laladan Bantên.

--- 638 ---

Konggrès B.B. Băngsa Eropah

Konggrès B.B. ingkang kawontênakên ing taun punika sampun kabikak. Kala malêm Rêbo tanggal 18 Mèi punika para ingkang anjênêngi konggrès sami pêpanggihan wontên ing Concordia Bêtawi. Pursitêr Mr.H. Fievez de Malines van Ginkel, residhèn Batawi, sèkrêtaris tuwan R.A.H. Baisel von Ginnich, komisaris tumrap tanah Jawi Tuwan-tuwan H.A. Lochem, residhèn t/b, E. Tacoma, Asistèn Residhèn Sukabumi, T. van Mourik, Asistèn Residhèn Blitar tuwin Dr. D.J. van Beusekom, kontrolir dhepartêmèn B.B. Komisaris tumrap Tanah Sabrang Tuwan-tuwan S.L. Waardenberg, Asistèn residhèn dhepartêmèn B.B. apdhèling Tanah Sabrang, Dr. D.J.P. Oranje, Asistèn Residhèn Pandhegêlang. K.H. de Boer, kontrolir dhepartêmèn B.B. apdhèling Tanah Sabrang. Dr. J.J.v.d. Velde, amtênar algêmènê sèkrêtari. Ing pêpanggihan punika kathah wêdhar sabda pambagya wilujêng, kados ta saking pisê presidhèn rad Indhiya, warganing rad Indhiya, para dhirèktur dhepartêmèn, tuwin sanès-sanèsipun. Pêpanggihan wau ngantos têngah dalu.

Ing dintênipun Rêbo kawiwitan konggrès, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan anjumênêngi. Pursitêr sasampuning ngaturakên pambagyar[1] dhumatêng Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan tuwin sanès-sanèsipun, lajêng nyorahakên ing bab adêging konggrès kapisan, ing wulan Pèbruari 1922, dipun pangarsani Tuwan Meyer Ranneft, amigatosakên rêmbag ing bab babagan padamêlan pangrèh praja gêgayutanipun kalihan kawontênan ing kala punika. Konggrès ingkang kaping kalih wontên ing taun 1929 manggèn ing Ngayogya, ngrêmbag ing bab pangrèh praja. Ing wusana lajêng konggrès ing taun punika, kawigatosaning rêmbag ing bab ruwêt-rêntêng ing kalangan pangrèh praja, ingkang araos andandosi.

Ing salajêngipun sambêt wêdhar sabdanipun gupêrnur Jawi Têngah Tuwan Bertsch ing bab pathining kuwajibanipun pangrèh praja. Mênggah cêkakaning wêdhar sabda, mêdharakên ing bab ewah-ewahaning tatanan tuwin tumindaking damêl pangrèh praja ingkang gêgayutan kalihan kawontênan, wusana lajêng nuwuhakên pêpisahaning paprentahan tumrap golongan Walandi piyambak, golongan tiyang siti piyambak, saha kawontênakên tatanan ingkang mathis tumrap satunggil-satunggiling kuwajiban. Kajêmbaraning tindak wau sêsarêngan kalihan tumindaking damêl rad kawula, propènsi tuwin rêgènsêkap. Dene pinanggihing tumindaking sadaya wau sami sumêrêp-sinumêrêpan, ingkang salugunipun araos tumindak ing damêl sêsarêngan.

Rêmbag-rêmbag ingkang wigatos sanès-sanèsipun:

Tumraping babagan paboyongan ing Lampung miturut katrangan saking rêgèrêng komisaris ing Sumatra Tuwan A. Spits, mratelakakên, bilih pinanggihipun sakalangkung marêmakên, ing pangajêng-ajêng tumraping papan paboyongan sanès-sanèsipun ugi sagêda makatên. Nanging ing sapunikanipun sanadyan ing sajawinipun tanah Jawi

--- [639] ---

Konggrès B.B. Băngsa Eropah ing Batawi

[Grafik]

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana sakalihan tuwin para agêng golongan warni-warni ingkang anjênêngi nalika pambikaking konggrès. Ingkang mêdhar sabda Mr.H. Fievez de Malines van Ginkel. Ing bundêran gupêrnur Bertsch.

--- 640 ---

ugi katingal titikipun kêkathahên jiwa, manawi nyata kêlampahan makatên, punapa botên dados panggalihan.

Gupêrnur Jawi Wetan, Tuwan Van der Plas, mêdhar sabda supados para tiyang boyongan sami dipun paringi pasitèn ingkang nyêkapi, awit ing ngriku lajêng badhe nuwuhakên dêrêng dagang. Tumrap ilèn-ilèn sampun namung ngêmungakên kangge ngoncori pasabinan, uhi[2] angoncorana tanêman-tanêman ingkang dipun dagang.

Tuwan Hooikaas mratelakakên bilih paboyongan ing Bêngkulên wontên èwêd-pakèwêdipun sawatawis. Inggih punika tumrap ingkang alit, botên sapintêna pangajêng-ajêngipun. Beda kalihan ingkang agêng, pinanggih saya langkung prayogi, malah sagêd angêbèri dhatêng têtiyang ingkang sanès golongan tani.

Tuwan De Stoppelaar mitakèkakên ing bab kawontênanipun papan paboyongan dhatêng babagan wêdaling wulu pamêdal dhatêng sanès panggenan, pulitik tuwin babagan pangadilan.

Bab babagan paboyongan wau dipun sukani katrangan, bilih paboyongan ingkang agêng pancèn langkung mikantuki, tinimbang ingkang alit. Bab pamêdal badhe pinanggih sae lampahipun. Dene bab tataning pangadilan, sapriki dèrèng wontên èwêd-pakèwêdipun.

Ing salajêngipun kawontênakên pêpanggihan tutupan, kangge ngawontênakên panimbang.

Ing dintên Kêmis sontên kawontênakên pêpanggihan ing gupêrnuran.

[Iklan]

--- 641 ---

Paboyongan Ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul Ingkang Wiwitan

Sambêtipun Kajawèn nojêr[3] 41

Jam 2 kula bidhal numpak oto kalihan panjênênganipun asistèn kyai dhatêng panggenen siti paboyongan, têbihipun saking dhusun Mêngkauk watawis 3½ km, marginipun enggal malah dèrèng rampung, nanging sampun sagêd kaambah ing oto. Sêsawangan kanan-keringipun margi enggal katingal asri, awit sitinipun parêdèn alit-alit, ing èrèng-èrèngipun rêdi sampun kathah pakêbonan lan pantun gaga. Saking pangandikanipun asistèn kyai, ingkang damêl pakêbonan lan nanêm pantun gaga wau sadaya tiyang Jawi, malah wontên ingkang sampun 20 taunan manggèn ing ngriku, ing sawaunipun tiyang-tiyang punika kontrak ing kabudidayan karèt Dhano Salak. Sarêng sampun têlas kontrakipun, lajêng sami nyuwun siti dhatêng nagari badhe katanêman. Ing wusana sarêng sampun pikantuk lajêng sami manggèn ing ngriku, katingalipun tiyang-tiyang wau sampun kraos manggèn ing ngriku wau. Kirang langkung 1½ km marginipun wiwit minggah, oto botên sagêd têrus awit marginipun lunyu, jalaran wêdal samantên jawah. Kula lan panjênênganipun asistèn kyai lajêng lumampah dharat.

[Iklan]

Wiwit saking ing ngriku marginipun menggak-menggok, sarêng dumugi parêdèn ingkang inggil piyambak lajêng kèndêl awit kalêrês jawah dêrês. Sarêng sampun têrang, kula sami nglajêngakên lampah, marginipun wiwit mandhap, nalika wontên pucaking rêdi sêsawanganipun langkung asri sangêt, dhusun Mêngkauk sarta lèpènipun sagêd katingal saking ngriku. Pasitèn ing ngriku punika awis sangêt têtuwuhanipun kajêng. Mèh sadaya kambêngan, dados hawanipun bêntèr, têbih dhatêng sêsakit malariah. Manawi enjing hawanipun asrêp, jam 3 kula sami dumugi ing panggenan siti paboyongan. Ing ngriku sampun kathah griya-griya los panjang wontên 17 iji. Los satunggal-tunggalipun kasinggêt dados 6 kamar. Payon lan pagêripun kajang, mawi jarambah dêling sadaya, los wau panggung. Saking pangandikanipun asistèn kyai, ing ngriku badhe kadhatêngan têtiyang boyongan saking kabupatèn: Bangkalan, Sumênêp tuwin Pamêkasan (Madura)

--- 642 ---

cacah 100 semah. Los-los wau namung kangge sawatawis dintên, wondene panggarapipun kadamêl santosa. Sanajan los wau namung kangke[4] sawatawis dintên, saking kamirahanipun asistèn kyai sarta tuwan kontrolir ingkang botên ngrumaosi sayah mèh sabên dintên rawuh ing ngriku prêlu nênggani yasanipun los. Dados katingal kêkah tuwin rapêt.

Dene ingkang badhe mangagêngi têtiyang boyongan wau satunggiling asistèn wadana ugi saking Jawi. Sasampunipun rampung anggèn kula ningali siti paboyongan, jam 4 kula sami mantuk dhatêng kampung Mêngkauk. Kajawi padamêlan wau saking dhawuhipun tuwan kontrolir Martapura, kula kadhawuhan ngukur watêrpas margi. Awit taksih kathah ingkang inggil, lampahing oto ragi rêkaos. Ing bab punika margi wau kula anggêp sae lan rancag panggarapipun, jalaran saking tansah dipun tênggani ing pangagêng. Panjanging margi 3½ km, urut rêdi, măngka kathah dhudhukan sarta urugan. Salêbêtipun 20 dintên sampun sagêd kaambah ing oto. Sabên dintênipun prah oto ingkang ambêktani kajêng sarta prabèt[5] badhe griya saking Pêngaron dhatêng mriku kaping 4.

Jam 5 kula nêmbe dumugi ing kampung Mêngkauk, lajêng ngaso. Kampung Mêngkauk punika manggèn ing sapinggiring lèpèn Mêngkauk, simpanganipun lèpèn Riyam Kiwa. Nama-namaning dhusun ing bawah Pêngaron sadaya ngangge namaning lèpèn.

Badhe kasambêtan

Ki Citrakusuma

Kêrtak Baruwèh 60, Banjarmasin

[Iklan]

--- 643 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun lare èstri nyambutdamêl

III.

Garèng : Ora, Truk, kowe kuwi têka anèh-anèh mêngkono. Wong ngalap wanita nyambutgawe kathik kok unèkake: ngalap wanita larang. Kuwi karêpmu kêpriye.

Petruk : Lho, kuwi mangkene, Kang Garèng. Lumrahe wanita sing padha nyambutgawe kantoran kuwi, mêtu sakolah banjur têrus: blêng nyambutgawe. Nalika sakolahe sing akèh-akèh rak mung ngêmên-ngêmênake anggone sinau pangajarane sakolah bae, kanggo ngudi pagawean ngomah têmtune iya ora kobêr babarpisan. Wusanane durung nganti kobêr thak-thik nyambutgawe nyang ngomah, banjur nyambutgawe nyang kantor. Saiki dadi: dèn klèrêk, kondur saka kantor sauwise dhahar mêsthine banjur sare, wungu sare banjur sêporêt: tènis, bèdminton, nganti jam wolu bêngi, dadi iya ora kobêr mikir pagawean ngomah manèh. Sabanjure ujug-ujug nuli laki. Gèk kapan bae le sinau nyêkêl bale omah, apa iya ora kalakon nunak-nunuk têmênan. Mara, apa ora banjur têtêp aran wanita kang akèh waragade, sabab arêp apa-apa ora bisa, sabanjure arêp tandang gawe ika-iki, iya kudu ana sing ambantu, arêp rêsik-rêsik, iya banjur: ba-bu. Arêp olah-olah: ko-ki. Dalasan arêp motongi bae, iya mrêlokake ngêrêm grêji utawa tukang mênjait. Mara, apa ora akèh iki waragade. Yèn balanjane akèh mono iya ora dadi ngapa, balik balanjane isih saupit ...

Garèng : Iki kowe kaliru, Truk, awit kowe ora ngelingi kaanane jaman modhèrên. Hla, kiyi bêcike alakirabi nganggo pawitan: cintah samah cintah. Ing sarèhne wis dhêmên padha dhêmên, anggêre bisa nyandhing bae, atine rak wis marêm bangêt, lan lumrahe wong sing kaya ngono kuwi, siji lan sijine mêsthi gêdhe ngapurane, ing kono prakara blănja akèh utawa sêthithik, ora mèlu apa-apa, Truk, lawuhe olah-olahan, anggêre dibumboni èsême sing wadon bae, anggone mangan sing lanang wis nikmat bangêt. Kajaba iku wong wis ana pawitane: cintah, sing wadon mêsthine iya ngudi kang dadi kasênêngane wong lanang, sanadyan wiwite panyêkêle bale omah kidhung, jalaran kagawa saka dhêmêne nyang sing lanang mau, suwe-suwe mêsthi bêcik, Truk. Seje, yèn ditimbang

--- 644 ---

karo alakirabi cara kuna, wong iya ora ana pawitane apa-apa, wong lanang diladèni sing wadon kurang kabênêran sathithik, iya mêsthi banjur mabuk-mabuk.

Petruk : Yèn bocahe wadon kuwi pancèn prayitna lan ngati-ati, iya bokmanawa bisa kalakon kaya kandhamu kuwi, mung bae bocah wadon sing pangajaran kuwi umume sok: kêmlênyis, Kang Garèng, rumasane apa-apa wis pintêr, ing sarèhne rumasane apa-apa wis pintêr, iya banjur isin arêp nyinau ika-iki, wusanane tumindake iya sok banjur tlusar-tlusur. Tak dongèngi, ya Kang Garèng, rungokna. Dhèk biyèn ana mantri pulisi, nanging mung wêton pamulangan: H-I-S, kêpengin rabi bocah wadon kang pangajaran. Sauwise: milang-miling golèk tandhing sing lêncir kuning ...

[Grafik]

Garèng : Wayah, ambok aja dibanjur-banjurake mêngkono. Kowe kuwi arêp carita, apa arêp gundhing-gundhingan.

Petruk : Lho, aku kiyi arêp nyaritakake wong kang arêp rabi karo bocah pangajaran, dadi tindake iya kudu cara modhèrên, luwih dhisik mêsthine wong lanang mau milang-miling golèk tandhing, yèn wis olèh, banjur ditandhing, kana-kene wis padha: cocog samah cocog, utawa: cintah samah cintah, apa durung, yèn uwis, lagi dhaup. Kabênêran mantri pulisi mau olèh jodho wêton Milo, Kang Garèng. Wiwitane, iya kaya kandhamu mau, anggêre bisa sandhing bae iya wis marêm. Nanging wong sing wadon wêton Milo, kathik sing lanang mung saka H-I-S bae, mulane sing wadon iya banjur rumasa: wis pintêr bangêt, sabanjure iya nuli isin sinau apa-apa. Sawijining dina sing lanang kêpengin diolah-olahake: pêcêl ayam. Sing wadon iya banjur tumandang gawe, nanging ing sarèhne wis rumasa pintêr, isin takon nyang sapa-sapa, sarta banjur mung ditandangi dhewe bae, dadine barêng matêng yaiku: ayam gorèng dibumboni pêcêl.

Garèng : Wayah, le ora mèmpêr mêngkono. Ewasamono kowe rak iya ngakoni, ta, yèn alakirabi lanang wadon wis pawitan: cintah samah cintah, kuwi apik, buktine kowe ngomongake: yèn bocahe wadon pancèn prayitna ngati-ati, suwe-suwe iya bisa bêcik. Rak seje karo alakirabi cara kuna, sing ora duwe pawitan apa-apa, rak gampang gèsèh ing panêmu, kang wusanane uripe mêsthi: ci-la-ka.

Petruk : Sanadyan alakirabi cara kuna

--- 645 ---

pisan, pangantèn lanang lan wadon sadurung-durunge ora têpung, malah durung tau sumurup, iya ora kêna dipêsthèkake yèn uripe ing têmbe burine bakal susah. Luwih manèh yèn isih miturut pranatan cara kuna dêlês. Awit iki mangkene: Cara kuna dêlês kuwi bocah wadon tansah dipingit, ora tau sêsrawungan, malah ora tau wêruh nyang wong lanang liyane, kajaba bapakne dhewe, sing mêsthine wis tuwa kathik kêmpong perot. Ing wusana barêng dilakèkake, banjur sêsrawungan karo wong lanang kang luwih nom tinimbang bapakne. Ing sarèhne sabên dina kulina nyang rupane bapakne sing wis tuwa lan ala mau, kok banjur sêsrawungan karo wong lanang, sing luwih nom lan luwih bagus, têmtune banjur tuwuh atine: dhêmên, hla iki sing banjur kanggo pawitan urip sabanjure. Saya suwe sêsrawungane karo sing lanang, saya mundhak-mundhak dhêmêne sing wadon, nganti têkan ing pantoge, hla, wiwit kuwi dhêmêne mau banjur wiwit suda. Upama pantoging dhêmên mau têkan sêpuluh, dhêmêne suwe-suwe banjur suda siji, nanging sing siji iki kanggo tuku: trêsna, mulane wiwitane dhêmêne: sanga, trêsnane: siji, sabanjure dhêmêne dilongi siji manèh, kanggo tuku trêsna siji manèh, dadi dhêmêne kèri wolu, nanging trêsnane dadi loro, mêngkono satêruse, nganti dhêmêne mau êntèk babarpisan, kanggo tuku trêsna sapuluh, karêpe: dhêmêne wis ilang, nanging saiki sing melok: trêsnane, Kang Garèng, dene yèn mas trêsna wis manjing têmênan ana ing ati mêsthine bojo sing kaya ngono kuwi, iya disêntak eman, disepak eman, didhupak eman, wah, sabanjure bojone iya diiwit-iwit bangêt, Kang Garèng.

Garèng : Wayah, ambok dieman-eman mêngkono, kathik diiwit-iwit, kaya simpênan panêkuk. Ora Truk, kowe andongèng ngalur-alur mêngkono kuwi mau, apa karêpmu arêp ngandhakake, yèn alakirabi cara kuna kuwi luwih bêcik katimbang cara modhèrên kiyi apa.

Petruk : Ora babarpisan, Kang Garèng, alakirabi cara modhèrên kuwi, sadurunge wis nganggo diancang-ancangi dhisik, yaiku sadurunge wis disaranani: cintah samah cintah, têmtune kadadeane iya bêcik, nanging iya ora kêna yèn banjur dipêsthèkake: mêsthi bêcike. Kosokbaline alakirabi cara kuna, kang ora pawitan cintah babarpisan, malah siji lan sijine sing akèh durung tau wêruh, iya ora kêna yèn banjur dipêsthèkake: kadadeane mêsthi èlèk. Buktine: si rama karo si biyung anggone alakirabi tumêkane saiki wis limang puluhan taun, ing măngka sadurung-durunge, rama lan biyung, aja manèh têpung, wêruh bae malah durung, ewasamono tumêkane saiki, durung tau pêgatan sapisan-pisana, malah katone bêcik ajêgan, kosokbaline ana lanang wadon, loro-lorone padha pangajaran, anggone alakirabi padha pawitan cintah samah cintah, ewadene pungkasane: slamêt jalan. Mulane prakara alakirabi aja karêmbug dawa-dawa, prakara gawat, iki Kang Garèng.

--- 646 ---

Kawontênan Sajawining Praja

Bangsa Jêpan ing Hsuchow

Tuwuhing paprangan ing Tiongkok sampun dangu, asor-unggulipun tansah gêgêntosan, ingajêng ingkang pinanggih unggul wontên ing golongan Jêpang, ingkang nuwuhakên pamawas bilih tumraping têtandhingan, Tiongkok dipun wastani kawon tandang tuwin kawon dêdamêl. Nanging dangu-dangu lajêng pinanggih malik, sampun sawatawis minggu, ingkang pinanggih unggul wontên ing golongan Tiongkok, ingriku ugi lajêng nuwuhakên pamawas bilih ing sapunika golongan Tiongkok sampun majêng punapa-punapanipun. Pamawas ingkang makatên wau saèstunipun dèrèng kenging kangge pathokan ingkang maton, awit salugunipun tumraping paprangan punika tiyang dèrèng sagêd nêtêpakên sintên ingkang pinanggih ing unggul, amargi sadaya wau nama taksih wontên salêbêting lêlampahan.

[Grafik]

Parêpatanipun warga Wolkenbond ingkang nuju ngrêmbag karampunganing prakawis Ethiopia, Spanyol lan Tiongkok.

Ingajêng sampun nate kawartosakên, bilih wadya Jêpan ingkang campuh wontên ing sisih Kidul tuwin ingkang wontên ing sisih Lèr sami sêsarêngan lumampah ngênêr dhatêng kitha Hsuchow. Ing wêkdal punika tumraping golongan Jêpan ngrumaosi sawêg kêtaman ing pamanahan ingkang langkung wigatos, kadosta ing bab kawontênanipun ing Jêpang pinanggih saya nyamarakên, kawontênaning wadya ing paprangan tansah kinêpang ing mêngsah. Ingkang kados makatên wau sakalangkung adamêl sêkêling golongan Jêpan. Mila pêrlu sangêt sampun ngantos angalitakên manahing golonganipun piyambak. Dene kêkêncênganipun kêdah lumampah dhatêng Hsuchow saha kitha ingriku kêdah dipun rêbat.

Ing salajêngipun kêlampahan wadya Jêpan sagêd ngangsêg ingkang sakalangkung damêl kasamranaipun[6] Tiongkok, nanging bab punika tumrap ing golongan Tiongkok rumaos botên adamêl sabab punapa-punapa, wadya ingkang anjagi kasantosanipun kitha ngriku botên ewah kasantosanipun. Tuwin malih tumraping wadya Tiongkok, punika botên niyat badhe kados angganing sulung alêbu gêni, rêrigêning senapati paprangan Ciang Kai Syek botên kenging ginrayang ing sanès.

Kala ing wulan Juli taun kêpêngkêr ing Peiping dipun broki ing wadya Jêpan, kawigatosanipun Jêpan melikakên dhatêng margi sêpur Peiping-Hankow. Sayêktosipun pangangkah ingkang kados makatên punika botên gampil, nanging tumraping Jêpan lajêng gadhah rekadaya ngangkah laladan Syansi rumiyin, dene lampahipun anêluk-nêlukakên kanthi rêrambatan saking sakêdhik. Sanadyan kala punika wadya Jêpan sampun sagêd andhêsêk sangêt, ewadene wadya Tiongkok taksih têtêp botên purun nilar papan babarpisan. Ing sakawit katingal bilih tindakipun Tiongkok ingkang makatên wau dipun wastani muta-tuli, nanging ing wingking wontên kanyatahanipun ingkang migunani yêktos, inggih punika wadya Jêpan lajêng rangu-rangu anggèning badhe nêdya nyabrang lèpèn Kuning nglajêngakên lampah mangidul, amargi kawontênanipun tansah dipun ganggu damêl ing golongan Tiongkok.

Tumraping golongan Tiongkok ing wêkdal punika ragi rumaos kewran anggèning arekadaya nanggulangi pangangsêging wadya Jêpan wau, nanging wantuning wadya Tiongkok punika kathah saha manggèn ing pundi-pundi, lajêng sagêd anggrombolakên dados satunggal ingkang lajêng pangawak santosa, malah lajêng badhe nêmpuh abên-ajêng.

Ing sapunika katingal bilih kawigatosan ing Tiongkok punika pinanggih ing Syansi tuwin ing Hsuchow, kalih pisan punika pinanggih sami awratipun, nanging gêlaripun Tiongkok botên sanès namung nêdya andêdangu pêrang, ngangkah ngantos adamêl sayahing mêngsah, mila ing papan paprangan kalih panggenan wau tumindaking pêrang sami mawa gêlar ingkang sami. Tumrap ing golongan Jêpan inggih sampun mangêrtos, sanadyan Hsuchow punika sagêd karêgêm, ugi mêksa dèrèng sagêd cuthêl samantên kemawon, mila ugi tansah lumintu anggèning ndhatêngakên bêbantu. [bê...]

--- 647 ---

[...bantu.] Dene wadya bêbantu wau mêndhêt saking Mandsyukuo. Mirid kawontênan tuwin nyatanipun ingkang sampun pinanggih, wadya Jêpan punika sabên saya manêngah inggih nêmahi saya rêkaos, mangka kosokwangsulipun tumrap wadya Tiongkok, botên badhe kêkirangan punapa-punapa, mila gêlaring senapati namung badhe andêdangu pêrang.

Tumrap raosing pamawas, punika manawi namung mawas sasisih, lajêng katingal anggèning kirang jêmbar, upaminipun kados ing kala ungguling wadya Tiongkok, punika ngantos nyilêpakên wartos ing golongan Jêpan, lajêng katingal anggèning wadya Jêpan sami mawut. Manawi miturut wartos, adêging wadya Jêpang ingkang manggih panguwaos ing Tiongkok sampun sagêd ngawontênakên pranatan ingkang satunggal-satunggalipun sagêd gêgayutan, kados ta adêging paprentahan Jêpan ing Tiongkok sisi Lèr inggih punika ing Peipipg[7] tuwin Nangking, punika sampun sagêd manunggil. Dados sêdyanipun Jêpan anggèning badhe ngrêgêm panguwaos ing saurutipun pasisir Tiongkok, punika sampun kasêmbadan. Ing sapunika ing Amoy sampun dipun broki, malah wontên wartos lajêng badhe nêmpuh Canton, ingkang dunungipun wontên pasisir Kidul.

Tumrap panêmpuhipun Jêpun ingriku punika tansah kanthi nindakakên pamawas ingkang titi yêktos, ing sapunika wontên margi kalih ingkang kenging dipun tindakakên, inggih punika satunggal: anglajêngakên pêrang. Kaping kalihipun anglajêngakên pêrang, nanging kanthi angajêngakên laladan ingkang sampun kêcêpêng. Ing sêmu Jêpan badhe tumindak kanthi ngajêngakên laladan punika, awit punika nama satunggiling tindak ingkang adhêdhasar andandosi kasantosan. Ing sapunika wontên sêsulakipun bilih Prins Konoe badhe ada-ada ngêdêgakên departement enggal, ingkang maligi namung kangge nindakakên babagan kawontênan ing Tiongkok, ing bab politiek, economie, wadyabala tuwin sanès-sanèsipun. Departement punika ugi ngangkah adêging paguyuban agêng-agêng ingkang ngangkah sagêdipun narik pamêdalipun Tiongkok Lèr tuwin Têngah.

Wontên pamawas, bilih anggèning Jêpan ngawontênakên paprangan ing Tiongkok punika, ugi awigatos nêdya ngalang-alangi ajênging industrie ing Tiongkok, ingkang wosipun Jêpan nêdya pados daya wontên ingriku. Amargi ing bab babagan punika Jêpan tansah nyamarakên, awit samangsa industrie Tiongkok majêng, botên sande badhe andhêsêk Jêpan, sumêbaring padagangan Jêpan badhe botên angsal papan, mangka tumraping barang-barang Jêpan punika lêbêtipun dhatêng nagari pundi-pundi sampun sami dipun watêsi, ingkang sampun kanthi pamupakataning nagari-nagari sanès. Nanging Jêpan ugi sampun arekadaya sanès, inggih punika anggolongakên tatanan padagangan ing salêbêting laladan tuwin nagarinipun piyambak, inggih punika ing Jêpan, Mandsyukuo tuwin Tiongkok, ing pangintên tigang nagari punika sampun kenging kangge panyêgah munduring padagangan Jêpan.

[Iklan]

Tumrap departement babagan sajawining praja, rumiyin mila sampun gadhah pang ingkang nindakakên prakawis ing Asia Wetan. Saking kaparêngipun Prins Konoe, pang wau badhe dipun suwak, nanging Koki Hirota amambêngi. Pamanggihipun Koki Hirota punika amêngku kawigatosan agêng tumraping Jêpan gêgayutanipun kalihan Inggris.

Wêdharsabdanipun Sang Mussolini ing Genève.

Kawigatosanipun nagari-nagari ing Eropa punika pinanggih ing pundi-pundi, nanging ingkang pinanggih langkung wigatos ingkang prêlu dipun rêmbag ingriki ing bab kawontênanipun Italie gêgayutanipun kalihan nagari sanès. Ingajêng wontên rêmbag bilih wêdharsabda ingkang dipun tindakakên dening Blondel tuwin Ciano, badhe lajêng pinanggih angglèdhèk tanpa sambekala, nanging nyatanipun sarêng Sang Mussolini mêdharsabda wontên ing Genève, tatanan-tatanan rêmbag ingkang ing sêmu sampun kêtingal tumata, lajêng ewah malih, amargi ingatasing Italie tuwin Prancis punika dhêdhasaring ancasipun tumrap ingkang gêgayutan kalihan Sêpanyol pancèn beda. Tumrap Italie bingah manawi Prancis anayogyani dhatêng tindakipun Franco, manawi kêlampahan makatên, sawêg sagêd nêtêpakên dadosing prajanjian. Mangka panêdha makatên punika tumrapipun Prancis pinanggih sakalangkung awrat. Mangka sawarnaning rêmbag ingkang [ing...]

--- 648 ---

[...kang] sampun dipun rêmbag ingajêng saha ingkang sampun katingal urut, ing sapunika angosokwangsul, namung sarwa damêl botên marêmipun Prancis.

Tumrap Sang Mussolini, anggèning botên kasêmbadan sêdyanipun wau, botên badhe adamêl aliting manah, awit malah rumaos angsal margi ingkang saya sagêd ngatingalakên ing ajinipun. Ing bab kawigatosan punika Italie lajêng badhe nawèkakên dhatêng Jêrman tuwin Inggris, saha ing bab punika sagêd ugi adamêl kawrataning panimbangipun Jêrman tuwin Inggris. Nangging[8] ing sêmu Italie taksih kêtingal anggèning ambêtahakên pamitran kalihan Prancis.

Mênggah sêdyanipun Italie, sampun ngantos wontên dêdamêl ingkang sagêd langkung mêdal ing tapêl-watês Prancis, tuwin ugi supados Prancis sampun ngantos ngêmori damêl ing bab babagan Sêpanyol. Tumrap Prancis, purun nutup tapêl-watês, samantên wau manawi pasisir Sêpanyol dipun jagi kêncêng, sampun ngantos kêlêbêtan dêdamêl saking lautan, mênggah cêthaning kajêngipun, supados Jêrman tuwin Italie botên ngêmori damêl malih. Yèn ta cêthaa, Prancis punika nyababakên, punapaa manawi tumrap sanès kenging ngêmori damêl, sarêng Prancis piyambak botên, punapa ingkang makatên punika nama ngadil.

Ing bab prajanjianipun Italie kalihan Inggris taksih têtêp kêncêng, dene kajêngipun, tumrap kawontênanipun ing Sêpanyol badhe dipun kêncêngi, sarana nêtêpi unduring wadyanbala[9] saking tanah ngriku, mawi awêwaton miturut kawontênaning unduripun têtiyang sanès saking tanah ngriku. Nanging sarèhning bab punika katingalipun sampun botên kenging dipun tata, mila Inggris namung badhe ngêntosi sarampunging paprangan kemawon. Manawi mirid kawontênan, paprangan punika kados tumuntên rampung, saha ingkang unggul Jendêral Franco. Pamawas ingkang kados makatên punika sampun angagêngakên pangajêng-ajêngipun Sang Mussolini. Nanging lajêng, grêg, wontên wartos bilih Ruslan badhe ambiyantu golongan republiek ing Sêpanyol, dêdamêlipun badhe kakintunakên mêdal tapêl-watês Prancis.

Babagan ing Tsyechoslowakiye

Miturut wartos, ing wêkdal punika têtiyang ing Bèrlin sami dipun èngêtakên dening Inggris tuwin Prancis, inggih punika bab kawontênanipun bangsa Jêrman ing Tsyechoslowakiye. Pêpèngêt punika adhêdhasar bilih kawontênanipun ing nagari ngriku ing sapunika sampun têntrêm, inggih punika sasampunipun Henlein rêrêmbagan wontên Londen. Kathah-kathah rêmbag ingkang dipun wêdhar wontên ing Londen, ingkang pikantukipun adamêl panyirêping raos kanêpson. Nanging ing salajêngipun, miturut wartos, ing salêbêtipun gangsal dintênan punika, tuwuh wontên ramèn-ramèn malih. Lêrêsipun ingriku ing wêkdal wau kawontênakên pilihan ing gemeenteraad. Miturut wartos, ing kala punika Jêrman mêpêk wadyabala wontên ing tapêl-watês Tsyechoslowakiye. Kintên-kintên tindakipun Jêrman ingkang makatên wau botên sanès namung pados daya, supados pamilihipun wau dhawah ing golonganipun Henlein. Ingriku lajêng nuwuhakên pasulayan ing kitha-kitha, kadosta ing Chomutov, ing tapêl-watês Jêrman. Ingkang pasulayan wau saradhadhu bangsa Tsyech kalihan bangsa Jêrman Sudeten. Parentah ingriku lajêng dhawuh supados para saradhadhu sikêp dêdamêl. Kajawi tatanan makatên wau, ugi wontên tatanan sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan militèr. Miturut katrangan saking parentah, tatanan makatên punika prêlu kangge anjagi tatatêntrêm, botên jalaran saking anggèning nêdya pasulayan kalihan nagari sanès.

[Iklan]

Ing bab punika tumraping sêrat-sêrat kabar Jêrman lajêng ngawontênakên pakabaran ingkang araos landhêp. Nanging ing sêmu, ing bab babagan punika tumrapipun Sang Hitler botên nêdya badhe pêrang, samantên wau manawi laladan Tsyechoslowakiye sawatawis dipun dêgi panguwaos autonomie. Ingkang makantên[10] punika lajêng wontên utusan Inggris ing Bèrlin ingkang akajêng suka pêpèngêt supados têtiyang ing Bèrlin botên lajêng tumindak grusa-grusu. Dene ing salajêngipun dèrèng wontên wartos malih.

Kados makatên mênggah goyat-gayutaning lêlampahan ingkang pinanggih ing Asia tuwin ing Eropa salêbêtipun saminggu.

--- 649 ---

CANGKRIMAN VOLKSALMANAK

(Sambêtipun Kajawèn No. 41)

111e. Prijs Liem Sing p/a Go Boen Tauw, Sumberanyar, Asembagus, Situbondo ... f 5,-

112e. Prijs H.S. Chang, Stb. no. 1368, Digul ... f 5,-

113e. Prijs M. Tata Adimihardja, Jurutulis desa Plasarigirang, onderdistr. Klapanunggal, Parungkuda ... f 5,-

114e. Prijs Moestofa, guru madrasah Islam, Sambi, Kandat, Ngadiluwih (Kediri) ... f 5,-

115e. Prijs Moeh. Said, Particulier, Sei. Rukam, Klua, Bym. Amuntai ... f 5,-

116e. Prijs Siswasoekarsa, Guru sek. desa Petanahan, kamp. Patanahan distr. Pêjagoan, Reg. Kêbumèn, Kêbumèn ... f 5,-

117e. Prijs M. Atmawinata, 1e. Volksonderwijzer, Cisêmpur o/d Cibalong, distr. Karangnunggal, Tasikmalaya ... f 5,-

118e. Prijs Kasim Chalifah p/a Haji Abd. Madjid, mengaji di Bukittinggi (S.W.K.) ... f 5,-

119e. Prijs J. Achmad, Expeditie-mandur b/d Ned. Ind. Industrie, Kamp. Ampel-Pacar No. 25 - Surabaya ... f 5,-

120. Prijs Moeh. P. Soepardi, Onderneming Cimenteng, Sukabumi ... f 5,-

121e. Prijs Annie Mantolalu, bersekolah (schoolkind.) Cikala I (Ares) No. 58 - Manado ... f 5,-

122e. Prijs Mhd. Noer Siregar, Partikulir, Sungai Kanan, Kotapinang ... f 5,-

123e. Prijs Sa'adah Deliana Hasni p/a M. Jasin Daulay, Siboehoean, post. Gunungtua, Padanglawas ... f 5,-

124e. Prijs Djamroet, Postklerk 1e. kl., Bagansiapi-api (S.O.K.) ... f 5,-

125e. Prijs Said Koesein bin H. Moeslihoeddin, Hoofdoppasser der I.U.A. (Douane), Banjermasin ... f 5,-

126e. Prijs Hardwigh Koetin, Murid M.U.L.O., Hendriksweg 68, Banjermasin ... f 5,-

127e. Prijs Sastrawidjaja, Guru II, Sukaratu, tinggal dikamp. Bantarhuni desa Gunungsari, ond. Indihiang, Tasikmalaya ... f 5,-

128e. Prijs Sapi'i, murid sekolah Vervolg, Pelamaran, Kayuagung ... f 5,-

129e. Prijs Abdoel Raman bin Soelaiman, Handelaar Kuta Binjai Jateuk Rayeuk, Idi (Aceh) ... f 5,-

130e. Prijs Tio Tang Nio p/a Tio Pek Liong, Kepahiang ... f 5,-

131e. Prijs Abd. Sani Soekoe Setia Radja Diah, Hoogstraat 40, Tebing-Tinggi (Deli) ... f 5,-

132e. Prijs E. Achmad Soeffandie, Wd. Camat-politie, Babakan Sadeng distr. Leuwiliang, Buitenzorg ... f 5,-

133e. Prijs R. Kartisastrosoemarman, schrijver Zelfbestruurwerken Jokya ... f 5,-

134e. Prijs Boerlian, murid vervolgschool Muarakuang, Tanjungraja, Palembang ... f 5,-

135e. Prijs M. Wiriadikarta, Mantri Teekenaar Prov. Waterstaat 5a. Distr. Purwakarta ... f 5,-

136e. Prijs M. Soerawidjaja, Lurah desa Cibatuireng, Tasikmalaya ... f 5,-

137e. Prijs Siswadi, Toko Mulyo, Gringging, Kediri ... f 5,-

138e. Prijs Soetojatno, hulponderw. Vervolgschool Kertorejo, pkt. Ngoro (Jombang) ... f 5,-

139e. Prijs E.B. Salomsonsz, Hukum Tua negeri Titiwungan, pkt. Manado ... f 5,-

140e. Prijs Parimin, desa Ragung, jongos H. de Vris, Sampang (Madura) ... f 5,-

141e. Prijs Imran, murid klas 5 H.I.S., Jambi ... f 5,-

142e. Prijs Zainoen, mengaji kor'an, Ganting, Batu-Bulat, Fort v.d. Capellen ... f 5,-

143e. Prijs Oesar p/a Kantoor Datoek Lepan, Pangkalanbrandan ... f 5,-

144e. Prijs Mohd. Nasir c/o Grand Hotel, Medan ... f 5,-

145e. Prijs I Gede Merta, Pacul (cocok tanam) Kp. Suengguan, desa Lukluk, distr. Mengwi, Denpasar ... f 5,-

146e. Prijs M. Sanoesi, Landbouw-Manteri, Palopo (Celebes) ... f 5,-

147e. Prijs Sinar Boelan Ismail, Schrijver B.B. Lubuk Linggau (Palembang) ... f 5,-

148e. Prijs H.M. Sarkawie, Cranie N.V. Borneo Teak Export, Balikpapan ... f 5,-

149e. Prijs R.Ng. Hardjosoewardo, pensiun Panewu, Baturetno (Wonogiri) ... f 5,-

150e. Prijs Mentjeh Sarniembah, berladang, Kabanjahe ... f 5,-

151e. Prijs A. Aboe Bakar c/o Mohd. Oetoey, Opzichter b/h Boschwezen Tanjong-Pandan ... f 5,-

152e. Prijs Sastrosoewito, Carik desa Yosorati, Sumberbaru, Jatiroto ... f 5,-

153e. Prijs Soejana (Ranoewisastra), murid H.I.S. Brebes ... f 5,-

154e. Prijs Soekarman, Carik desa Ambarwinangun, Kutawinangun ... f 5,-

155e. Prijs Taliboe Ntol, schrijver B.B. Luwuk, Banggai, Poso ... f 5,-

156e. Prijs Masjiara bin Salih, Guru bantu Volksschool Kaludan, Amuntai ... f 5,-

157e. Prijs Hadji Noersaid, Ngasinan distr. Grabag bij Magelang ... f 5,-

158e. Prijs Mastari, Aannemer Papan c/o Mandur Tabri, Kota Pinang O.v.S. ... f 5,-

159e. Prijs M. Sastra Atmadja, tani dan zaakwarnemer desa Cibeber, onderd. Batujajar, Cimahi ... f 5,-

160e. Prijs Rahman, kepala guru Volkschool No. 2 Cepu ... f 5,-

161e. Prijs K.A. Achmad, Pasarlama 240 - Kepahiang ... f 5,-

162e. Prijs Soelaiman, Volksonderwijzer, Tacenan, Japara ... f 5,-

163e. Prijs Mohd. Sabi, Hulponderwijzer Volksschool, di Peudawa Puntung, Idi (Aceh) ... f 5,-

164e. Prijs Moesa bin Arman, Tuk. Menjait, kamp. Kramat Pulo, Gg. Daud No. 450 - Batavia-Centrum ... f 5,-

165e. Prijs 'Abdoe'Imanap bin 'Adoe'Imoetalib, berdagang di K. Selatan, Banjermasin ... f 5,-

166e. Prijs Tohari al. Sastrosoedarmo, Guru desa Mangunreja, district Tegalreja, Magelang ... f 5,-

167e. Prijs Roekajah p/a St. Radjo nan Besar, Gemeentewerken, Fort de Kock ... f 5,-

168e. Prijs Siswasoebrata, Menteri guru Vervolgschool, Purwantoro, Wonogiri ... f 5,-

(Badhe kasambêtan).

--- 650 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Bab badhe adêging Bestuuracademie. Miturut wartos ing bab badhe adêging Bestuuracademie ing tanah ngriki sampun wontên rêmbag saking Directeur Pangrèhpraja tuwin Directeur Pangajaran ingkang cocog. Ingkang dados mahaguru saking pamulangan luhur pangadilan tuwin saking pamulangan luhur sanèsipun. Rancanganipun, tumrap para priyantun Pangrèhpraja ingkang kêpilih tuwin priyantun Pangrèhpraja wêdalan Mosvia ingkang sampun tumindak ing damêl 3 taun sagêd sinau mriku. Ing têmbenipun sagêd gadhah pangkat agêng. Tumrap ingkang lulus saking ngriku ingkang onjo, sagêd pados sêsêbutan Doktor, nanging kêdah sarana nyinau 3 basa ingkang katêmtokakên.

Motor mabur saking nagari Walandi ambêkta mas. Wontên wartos, motor mabur saking nagari Walandi ingkang dhatêng tanah ngriki nalika dumugi Singapura ambêkta momotan mas rêrêgèn 1 yuta rupiyah, mas wau wontên 2 gluntung.

Pandadaran ing Nias. Lulus Indisch arts examen perangan kapisan ing Nias. Surabaya, tuwan-tuwan Soemiatno tuwin Tjoa Gie Tiang. Lulus pandadaran Ind. Arts, tuwan-tuwan K.A. Staa tuwin Soepa'at.

Mulo Jawi Mardi Rahayu angsal arta pitulungan saking Parentah. Miturut katrangan saking Inspecteur Inl. Onderwijs ing Ngayogya, wiwit benjing wulan Augustus ngajêng punika, Mulo Jawi Mardi Rahayu ing Ngayogya angsal arta pitulungan saking Parentah.

Ama ulêr ing Ponorogo. Ing wêkdal punika ing laladan Ponorogo tuwuh ama ulêr ingkang nêmpuh ing pasabinan, kintên-kintên wontên sabin 300 bau risak kêtrajang ing ama wau, bêgja-bêgjanipun namung sagêd ngukup pamêdal sapratiganipun. Wujuding ulêr wau kados ugêd-ugêd, manggèn wontên ing êmpoling pantun, manawi êmpul wau sampun butul, ulêripun lajêng nêdha pantun saking nglêbêt, wusana lajêng garing.

Pamulangan Muhammadiyah. Wiwit benjing wulan Augustus ngajêng punika Hoofdbestuur Muhammadiyah babagan pangajaran badhe ambikak pamulangan dagang ingkang kanthi angsal pambiyantu saking Nagari. Ingkang katampèn malêbêt ingriku punika lare-lare wêdalan saking Vervolgschool. Dumuginipun sapunika, Muhammadiyah sampun anggadhahi pamulangan 79 ingkang sami angsal pambiyantu saking Parentah. Gunggunging pamulangan sadaya wontên 151, gurunipun 350, muridipun kirang-langkung 15.000.

Pramèswari Siam gêrah. Wontên wartos, Pramèswari Siam ingkang nuju pêpara wontên tanah ngriki, sadumugining Surabaya gêrah, malah mandhapipun saking auto dipun bopong, lêrêm wontên ing hotèl. Salajêngipun kapitulungan ing dokter tumuntên.

Pakêmpalan bangsa Tionghwa ing Sêmarang kapengin malêbêt Karaton malih. Sampun sawatawis wulan pakêmpalaning bangsa Tionghwa ing Sêmarang sowan malêbêt ing Karaton Surakarta, ingkang tumut wontên tiyang 600. Ing sapunika wontên panyuwun malih badhe malêbêt ing Karaton, amargi kala samantên taksih kathah ingkang dèrèng tumut. Panyuwun wau ugi kaparêngakên, nanging namung tiyang 400. Dene sowanipun badhe wontên ing salêbêtipun wulan Juni ngajêng punika.

Pisungsung konjuk Sripaduka Prinses Juliana. Ingajêng golonganing bangsa Tionghwa ing Ngayogya gadhah sêdya badhe misungsung awarni sutra sulaman konjuk Sripaduka Prinses Juliana, sakalihan Sripaduka Prins Bernhard tuwin Putri Beatrix. Ing sapunika barang wau sampun mèh rampung, awujud sutra wangun pasagi, sinulam ing bênang sutra mawi basa Tionghwa ingkang suraosipun ngunjukakên pêpuji kasugêngandalêm. Barang wau dipun garap dening para murid èstri pamulangan Tionghwa.

Anjagi murih saening rêrêgèn wulu pamêdal. Para sudagar têtiyang siti ing Maos tuwin Kroya sami ngêdêgakên pakêmpalan dagang sade uwos tuwin pamêdal sanès-sanèsipun, pêrlu kangge anjagi murih rêrêgèning wulu pamêdal ingriku sagêd tata sae.

[Iklan]

Ing Surakarta botên kawontênakên klas H.B.S. Miturut wartos lumantar têlêgram saking Departement Pangajaran, ing Surakarta botên badhe dipun wontêni klas kangge H.B.S.

Bangsa Tionghwa ingkang nêmbe dhatêng. Kapal Cisarua gadhahanipun J.C.J.L. ingkang dhatêng ing Tanjung Priok ambêkta bangsa Tionghwa saking Tiongkok cacah 600 sami manggèn ing dhèk tuwin 100 wontên ing kamar. Sadaya wau sami badhe manggèn wontên ing tanah ngriki.

Adêging pabrik panggilingan wos O.L. Mij. Bumiputêra. Adêging pabrik panggilingan wos gadhahanipun O.L. Mij. Bumiputêra ing Sumpyuh, sagêdipun tumindak kintên-kintên wontên ing wulan October ngajêng punika, amargi ngêntosi angsalipun stroom lestrik saking Baturadèn. Dene ing bab panyuwunipun bangsa Tionghwa badhe ngêdêgakên pabrik panggilingan wos wontên ing Kroya, botên kaparêngakên. Dados adêging pabrik panggilingan wos wau botên wontên ingkang ngêjori.

Tiwas jalaran nêdha ulam kutuk. Ing Kramat Pulo, Bêtawi, wontên tiyang angsal ulam kutuk agêng, lajêng dipun olah saha katêdha ing tiyang tiga, wusana têtiyang wau sami tiwas. Salajêngipun bab punika lajêng dados papriksaning dokter.

Angsal-angsalanipun S.S. Ing salêbêtipun wulan April kêpêngkêr, angsal-angsalanipun S.S. wontên f 2.205.103.-, ing kala wulan April taun kêpêngkêr wontên f 2.083.125.70. Wiwit Januari dumugining wulan April wau wontên f 8.412.776.73, pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f 8.316.754.67.

Pakêmpalan enggal ing Pasuruan. Ing Pasuruan wontên pakêmpalan enggal nama Perhimpunan Pegawai Regentschap Pasuruan. Sêdyaning pakêmpalan wau 1 ngrakêtakên pawongmitran, 2 nyèlèngi arta, 3 mitulungi dhatêng warganipun ingkang kèndêl saking padamêlanipun. Mawi ngawontênakên arta urunan sabên wulan tiyang satunggal 10 sèn, celengan 25 sèn. (K. 8327).

Warisanipun Ki Margowirjo sampun dipun bage. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ing Surakarta wontên tiyang ngajal nama Ki Margowirjo, anggadhahi tilaran bandha f 50.000.-. Bab punika lajêng dados prakawis ingkang tuwuh saking para waris. Ing sapunika sampun wontên karampunganipun, bok Margowirjo angsal panduman sapalih, dene waris sanès-sanèsipun cacah tiyang 25 sami angsal panduman sapalihipun.

--- 651 ---

Pasar Malêm ing Surakarta. Benjing dhawahing dintên pèngêtan adêging praja Surakarta 200 taun, kados ingkang sampun nate kawartosakên, punika mawi pasamuwan agêng-agêngan. Pambiyantu ingkang badhe tumut ngramèkakên, tumrap Departement Paprangan badhe mitongtonakên tumindaking damêlipun mriyêm enggal, motor mabur, motor dêdamêl mriyêm tuwin sanès-sanèsipun. S.S. badhe ngawontênakên sêpur mirunggan saking Madiun dhatêng Surakarta. Pakaryan Post badhe ngawontênakên papan radio, sagêd nampèni rêmbagipun têtiyang saking papan ngriku dhatêng nagari Walandi.

Dados beroepsassistente ing Pamulangan Luhur Dokter. Nonah Go Giok Khoen katêtêpakên dados beroepsassistente ing Pamulangan luhur Dokter ing Bêtawi, têtêpipun wiwit tanggal 29 April 1938.

Ing Garut pinanggih wontên barangipun kina. Ing bawah Limabangan Garut, wontên tiyang sêpuh anggarap sitinipun ingkang botên sapintêna, ingriku nanggori barang atos. Sarêng dipun satitèkakên ingkang atos-atos wau barang awarni blèg isi barang-barang. Sarêng barang-barang wau dipun rêsiki lajêng katingal gumêbyar. Nanging salajêngipun dèrèng wontên katrangan ingkang gumathok barang-barang wau bangsaning punapa.

Badhe têdhak Australie. Gêgayutan kalihan rawuhipun Gupêrnur Jendral Australie ing tanah Ngriki, wontên wartos bilih Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ugi badhe malêsi maratamu dhatêng Australie, kintên-kintên wontên salêbêtipun taun 1939.

Wartos ingkang adamêl kagètipun tiyang kathah. Ing dhusun Kêlapagênêp, Tasikmalaya, nalika nuju jumuwahan wontên ing masjid, kaumipun ing masjid ngriku lajêng sêsorah ingkang sakalangkung nganèh-anèhi, inggih punika nyariyosakên bilih ing taun punika badhe wontên cahya ingkang anggêgirisi, ing taunipun ngajêng badhe wontên bêgowong tigang dintên tuwin sanès-sanèsipun. Sarèhning anggènipun sêsorah wau wontên sangajênging tiyang kathah saha têtiyangipun taksih kirang sêsêrêpan, kathah ingkang lajêng pitados. Rahayunipun bab punika lajêng kasumêrêpan ing pulisi.

Pamulangan Luhur Dokter. Lulus doctoraalexamen kapisan, tuwan-tuwan Athos, Kwee Tat Tjhong tuwin Tan Ing Djiang. Lulus artsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan Adnaan Gani, R. Soewandi Mangkoedipoero tuwin R. Darma Sêtyawan Notohatmodjo. Têtêp dados arts, tuwan Soekandar.

Papriksa dhatêng tanah Sabrang. Pangagênging wadyabala Dharatan sampun nitih motor-motor mabur patroulle Glenn Martin pêrlu nitipriksa kawontênan ing Borneo, Selebes tuwin Molukken. Wangsulipun dhatêng tanah Jawi wontên ing tanggal 8 Juni.

Tuwan Prawoto dados pangarsa P.P.B. malih. Miturut pamilihing ngakathah kala congres P.P.B. ing Surakarta, tuwan Prawoto têtêp kapilih dados pangarsa malih.

Sampun wiwit maringi pikêkah R.M. Wiwit kala tanggal 9 Parentah Surakarta sampun maringi pikêkah dhatêng para ingkang sami gadhah panyuwunan sêsêbutan Radèn Mas, inggih punika tumrap darah Nata grad 5. Ingkang sami gadhah panyuwun wau mawi kapatrapan sumpah.

Wadya marsose sampun wangsul saking papan pajagèn. Ingajêng ing laladan Bêtawi tuwin Bogor nalika rêsah-rêsahipun, kathah durjana koyok sapanunggilanipun, ngantos dados pajagèning wadya marsose. Ing sapunika ing papan ngriku sampun pinanggih têntrêm, saha salajêngipun wontêning wadya marsose ingkang jagi ingriku lajêng kasuwak, santun dados pajagèn pulisi kados adat.

Angsal-angsalanipun tram partikêlir. Angsal-angsalanipun S.C.S. ing salêbêtipun wulan April 1938 wontên f 176.000.-, ing wulan April 1937 wontên f 165.000.-. Wiwit Januari dumugi April wau f 695.000.-, petangan makatên ing taun 1937 wontên f 90.000.-, April 1938 wontên f 102.000.-. Wiwit Januari dumugining April 1937 wontên f 389.000.-, pêpetangan makatên ing taun 1938 wontên f 413.000.-.

Kapal Houtman badhe kasade. Benjing salêbêtipun wulan Juni ngajêng punika kapal Houtman badhe bidhal saking tanah ngriki ambêkta momotan gêndhis 3700 ton kabêkta dhatêng Port Said tuwin nagari Walandi. Ing salajêngipun kapal wau botên wangsul dhatêng tanah ngriki malih, lajêng badhe karembak kasade.

[Iklan]

Woordenboek Bali. Kawartosakên bilih ing bab pandamêlipun woordenboek Bali kapasrahakên dhatêng Dr. J.L. Swellengrebel.

NAGARI WALANDI

Sripaduka Prins Bernhard ngèngêti dhatêng têtiyang ingkang mitulungi. Atas asmadalêm Sripaduka Prins Bernhard lumantar Burgemeester Diemen, amasrahakên ganjaran dhatêng Roest Sr. tuwin Roest Jr. punapadene Bakker, ingkang sadaya wau sami mitulungi Sripaduka Prins Bernhard nalika kasangsaran auto, ganjaran wau awarni gambardalêm Sripaduka Prins Bernhard mawi dipun tapakastani. Tumrap sanèsipun dipun paringi ganjaran wadhah awu ingkang mawi ciri titimangsa nalika dhawahing kasangsaran.

Badhe ngrampungi prakawis kasangsaran kapal Kota-Agung. Benjing tanggal 31 Augustus ngajêng punika, Scheepvaartraad ing nagari Walandi badhe mriksa prakawis ing bab kasangsaran kapal Kota-Agung. Miturut papriksan, sababing kasangsaran botên sanès tuwuh saking mailkamer.

EROPA

Ngindhaki wadya anggêgana. Miturut wartos, commissie babagan wadya nggêgana Inggris ngaturi uninga dhatêng ministerie babagan gêgana, bab pamêlingipun motor mabur dhatêng Amerika, sanadyan artanipun botên kêkirangan, nanging Amerika botên sagêd ngladosi kados panêdhanipun Inggris.

Kasangsaran sêpur ing sangandhaping siti. Miturut wartos saking Londen, sêpur ingkang lumampah ing sangandhapipun siti manggih kasangsaran tubrukan, wontên tiyang 6 ingkang tiwas tuwin 60 nandhang tatu. Wontên gêrbong satunggal ingkang kêpêksa kêdah kabêsmi mawi acetylin. Wontên têtiyang sawatawis ingkang kêtulungan lajêng dipun sukani zuurstof tuwin morfine.

AMERIKA

Kasangsaran motor mabur. Kawartosakên, ing antawising Loss Angeles mêntas wontên kasangsaran motor mabur, nanging lajêng botên cêtha. Ing salajêngipun wontên wartos, miturut cariyosipun satunggiling tiyang tani, sumêrêp kasangsaraning motor mabur wau, ingkang numpak wontên tiyang 9 sami tiwas sadaya. Sarêng dipun nyatakakên mayit-mayitipun sampun sami gosong wontên ing parêdèn Canyon, motoripun mabur sampun botên kantênan wujudipun.

--- 652 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

77

Jalaran saking ancaman ingkang makatên wau, kasabaranipun Wasili ical babarpisan, lan salajêngipun muntabing manahipun sakalangkung-langkung. Ing wusana Wasili lajêng ngumbar suwara makatên:

He, wong-wong Nopgorod kabèh, padha rungokna kang dadi cêlathuku kiyi. Sesuk aku arêp ngêdêgake sayêmbara, yèn kowe kabèh bisa ngasorake juritku lan andhahanku, kêna kowe kabèh ngêthok guluku lan ambêskup barang darbèkku kabèh. Kosokbaline yèn nganti mênang juritku, kowe kabèh kudu têluk nyang aku, lan sajêge urip kowe kabèh kudu asok bulu-bêkti nyang aku.

Sayêmbaranipun Wasili wau katampi dening têtiyang sadaya, lan papan ingkang badhe kangge păncakara punika dipun têmtokakên wontên ing krêtêg Wolso.

Salajêngipun Wasili nuntên mantuk, saha lajêng nyariyosakên dhatêng bibunipun[11] punapa ingkang sampun kalampahan wau. Mirêng cariyosipun Wasili ingkang makatên wau, ibunipun lajêng tawan-tawan tangis. Anakipun ingkang sawêg mêndêm wau, lajêng katuntun kabêkta lumêbêt ing kamar pêtêng, korinipun saking ing jawi lajêng kakancing gêmbok waja, sarta taksih lajêng dipun palangi mawi palang tosan pintên-pintên. Jalaran saking punika, miturut pamanggihing ibunipun, Wasili tamtu botên badhe sagêd mêdal. Wontên ing ngriku Wasili lajêng têrus tilêm tanpa nglilir-nglilir, ngantos dumuginipun enjing.

Enjingipun sadaya para andhahanipun Wasili, enjing umum-umun sampun tangi, saha lajêng enggal-enggal sami bidhal nuju dhatêng krêtêg papaning campuh ngayuda ingkang sampun katamtokakên wau. Ing sadèrèngipun sami pangkat, para neneman wau sami raup toya asrêp rumiyin, tuwin rainipun kaajêngakên mangetan. Sasampunipun sami sarapan sakêdhik, inggih lajêng sami pangkat. Samargi-margi para neneman wau sami nyumêrêpi, bilih têtiyang ing Nopgorod sami mêdal sadaya, lan têtiyang ingkang sami sagêd ulah dêdamêl sami dhatêng ing krêtêg Wolso sadaya, prêlu nêdya amangsah pêrang kalihan andhahanipun Wasili. Sarêng andhahanipun Wasili wau sampun dumugi ing papan ingkang kasêdyakakên wau, ing sarèhning Wasili botên wontên, ingkang lajêng ngêpalani para neneman wau Kusêpya, saha nuntên suka sasmita supados pêrangipun tumuntên dipun wiwiti. Para andhahanipun Wasili wau sanalika lajêng anêmpuh dhatêng têtiyang Nopgorod, lan botên watawis dangu ing krêtêg ngriku lajêng tuwuh pêrang ingkang sakalangkung rame sangêt. Anggènipun para neneman sami campuh ing pêrang kalihan têtiyang ing Nopgorod wau sampun sawatawis jam dangunipun, ewasamantên kêpalanipun, inggih punika pun Wasili, mêksa dèrèng dhatêng ing ngriku. Kalayan sêmu ngerang-erang mêngsahipun lajêng sami alok-alok makatên:

He, nyang ngêndi kêpalamu Wasili. Wêruha, kêpalamu kuwi sanyatane ngloropake kowe kabèh. Kowe kabèh dikon padha pêrang, nanging dhèwèke dhewe ora muncul babarpisan. Anggonmu pêrang kuwi wis ana têlung jam, sirahmu wis padha kêbak tatu, tanganmu padha abang jalaran saka gêtih, nanging kêpalamu bokmanawa saikine isih enak-enak ana ing ngomah.

Mamilya punika gadhah rencang èstri alit. Kalêrêsan ing kala punika rencang èstri wau ambêkta èmbèr kalih wontên ing lèpèn Wolso ngriku prêlu badhe ngangsu toya, ing ngriku piyambakipun nyumêrêpi campuhipun para neneman ingkang namung sakêdhik cacahipun wau amêngsah kalihan tiyang sakitha. Lan ing ngriku piyambakipun ugi nyumêrêpi, bilih para neneman wau saya dangu saya mundur saya mundur. Sarêng para neneman sumêrêp dhatêng lare èstri wau, lajêng sami ambêngoki makatên:

Enggal-enggal lumayua nyang omahe Wasili, lan tutura supaya dhèwèke enggal-enggal têtulung mrene. Awit yèn ora mangkono, ora wurung aku kabèh mêsthi bakal kêlakon dipatèni dening musuh.

Badhe kasambêtan

Pawartos saking Administrasi

Lêngganan nomêr 4966 ing Klathèn. Katrangan panjênêngan lêrês, nanging botên nyêkapi kangge sarana murih angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 816 ing Parakan. Kaping 29/3-'38, 1e. kw. Sawêg sah. Botên angsal bêbingah.

Lêngganan nomêr 3105 ing Bêringin. Kaping 11/3-'38, 1e. kw. Sawêg sah. Botên angsal.

Lêngganan nomêr 4983 ing Surakarta. Lêngganan kapetang wiwit 1/2-'38.

Lêngganan nomêr 3515 ing Têgal. Kados ing nginggil.

--- 81 ---

Nomêr 21, 25 Mèi 1938. Taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kamardikaning Wanita

Sampun kapara dangu anggèn kula gadhah sêdya, badhe nglairakên punapa ingkang sumimpên wontên ing têlênging manah kula, nanging tansah mandhêg mangu, jêr ajrih tiyang dèrèng nate-nate. Inggih yèn andadosakên sarjuning para nupiksa, manawi botên, tiwas namung dados paran èsêman. Nanging raos ajrih wau ing samangke ical babarpisan, saking ketang trêsna kula dhatêng sasami kula wanita. Ancas kula karangan punika sagêda dados pêpèngêt dhatêng para pinisêpuh ingkang sumêdya amikramakakên putra-putri.

Ing Kajawèn sampun nate ngêwrat karangan, ingkang asêsirah: Kamajêngan, gandhèngipun kalihan kasusilaning wanita Jawi. Ing ngriku katêrangakên kalayan cêtha, awonipun sêsrawungan mardika tumrap jalu lan wanita, ingkang pinanggih ing jaman samangke. Inggih punika sêsrawungan ingkang cêngkah kalihan kasusilan, ingkang tundonipun dados tuking rubeda warni-warni.

Ing sapunika kula badhe angrêmbag sagadug-gadug kula, bab: kamardikan ingkang kêdah kaparingakên dhatêng putra-putri. Jêr tanpa kamardikan punika, gêsanging wanita botên badhe sagêd sae lan bêgja. Inggih punika, kamardikan bab: pamilihing priya.

Sampun asring-asring kula tumut angèstrèni dhauping pangantèn, botên namung pangantèn ing dhusun kemawon, ugi pangantèn ing kitha, ing dalêmipun priyantun ingkang sampun ngangge tatacara kamajêngan. Ing ngriku têrang sumêrêp kula, bilih wontên raosing batos ingkang sumimpên wontên ing manahipun para tamu sadaya. Ing sawênèhing panggenan tuwuh tatacara sae, inggih punika: ing wêkdal dhauping pangantèn para tamu dipun aturi wanci prêlu kangge nglairakên raos wau. Mèh sabên sêsorah kenging kula princi dados kalih. Sapisan: raos bingah. Dene têka wontên manungsa sapasang ingkang nêdya nambut silaning akrami, ngancik margi enggal, margining gêsang rêrayatan, ingkang yèn kalêrêsan, dados jalaraning kabêgjan warni-warni. Ingkang kaping kalih: awujud pamuji. Mugi-mugi sang pinangantèn kalisa ing sambekala, atut [a...]

--- 82 ---

[...tut] rukun ngantos dumugi kakèn-kakèn, ninèn-ninèn.

Manawi kula laras panjang, kula manah ingkang lêbêt, lajêng tuwuh panggrayangan: bilih băngsa kula Jawi punika umumipun sami ngakêni, bilih ijab punika kangge salaminipun gêsang. Panggrayangan kula wau saya kêkah manawi kula ngèngêti, bilih băngsa kula Jawi punika umumipun sami gadhah raos: nyapèlèkakên dhatêng wanita utawi priya ingkang kêrêp sangêt santun semah, pamujining tiyang sêpuh sagêda anak punika emah-emah sapisan dados, botên ngaping kalihi. Lah, sapunika kadospundi pambudidayanipun tiyang sêpuh, supados idham-idhaman wau sagêd kasêmbadan.

Badhe kasambêtan.

Rara Suparti.

Bab Olah-olah

1. Kupu Ratu

Godhong tela kaspe ingkang ênèm dipun dang ngantos matêng. Bumbunipun: kêmiri, bawang, kêncur, lombok abrit, sarêm, gêndhis, dipun ulêg ingkang lêmbat. Manawi sampun lêmbat, rajangan godhong tela kaspe dipun carub, sadèrèngipun dipun carub kapêrês rumiyin ngantos ical langunipun, lajêng dipun lintingi kawêwahan tigan tumuntên dipun êdang malih.

2. Sapit Bali

Ulam daging dipun godhog ingkang êmpuk lajêng dipun suwiri, tumuntên dipun sapit, ing nginggil dipun sukani kêthokan papah katès ingkang panjangipun kintên-kintên 2 cm. Bumbunipun: kêmiri, kunir, lombok abrit, brambang, bawang, kêncur, jae sairis, sarêm, gêndhis, dipun ulêg lêmbat kawêwahan santên kanil, lajêng dipun godhog sampun ngantos pêcah. Sapitan wau dipun garangi sarta dipun pyok-pyoki godhogan bumbu samatêngipun, panggarangipun sampun ngantos gosong, kêdah ingkang sumringah.

3. Pelas Godhong Lumbu

Godhongipun lumbu wulung utawi lumbu pantun dipun godhog lajêng dipun ulêg. Bumbunipun: bawang, kêncur, lombok rawit, sarêm, gêndhis, tempe bosok, gêrèh dipun dang dipun icali êrinipun, lajêng dipun ulêg lêmbat sarta kawêwahan parudan klapa. Sadaya wau dipun carub kalihan ulêgan lumbu, klapa lan bumbunipun kêdah ingkang timbang, dipun pèsi lajêng dipun garang. Pandhaharipun angêt-angêt.

4. Gudhangan mêntah wêdaling kêbon

Godhong luntas, suring (kênikir) inggih godhong dewadaru ingkang sêkar jambon, kêmangi, mlandhingan (kalantara), pupus puyang utawi kunci, dipun rajang lêmbat kawêwahan cambah utawi thokolan kacang ijêm dipun kumbah rêsik kaêtus. Bumbunipun: bawang, kêncur, lombok, trasi, sarêm, gêndhis dipun ulêg lan klapa parudan lajêng dipun carub kalihan rajangan gêgodhongan wau. Raosipun sêgêr tur sêdhêp.

Wara: Darinah, alias: Pa Sudira

--- 83 ---

Bab Rikma

Tumraping wanita, rikma punika dados satunggiling rêrêngganing sarira ingkang baku, jalaran saking anggèning kawigatosakên wau, ngantos sawarnining băngsa sami botên nyêpênakên tindak ngrêrêngga rikma.

[Grafik]

Ing jaman dasanan taun kapêngkêr, umumipun, para wanita sami ngingah rikma, dene pangrêngganipun dipun wastani gêlung. Ingkang sampun kêlimrah, tumraping băngsa Eropah gêlungipun winangun warni-warni, nanging sajatosipun sanès gêlung, lugunipun namung kapetang amangun tataning rambut, wontên ingkang kadamêl mêkruk, wontên ingkang nyumpêl wontên ing nginggil, tuwin sanès-sanèsipun, sami tanpa lisahan.

Tumrap băngsa Jêpan, gêlungipun kaduk sunggaran, winêwahan pamangun sanèsipun, lajêng mujudakên sajak sarwa kêndho, manawi kangge lumampah katingal mêntul-mêntul.

Tumrap băngsa Tionghwa totok, têtêp ingkang dipun wastani gêlung kondhe, anggènipun lisahan kêlicit, ngantos botên wontên ingkang nyrêdig, bêbasan lalêr mencok kêplèsèt. Gêlungipun mèpèt sae sangêt. Limrahipun dipun wastani: nyucur (kados cucur).

Tumrap băngsa Jawi, pangrêngganing rambut dipun wastani gêlung, pinanggih warni-warni, kados ta: gêlung têkuk, kondhe, gondhèl, tuwin sanès-sanèsipun, sami lisahan.

Dangu-dangu babagan rikma wau lajêng ewah, tumrap băngsa Eropah lajêng sami papalan, saha lajêng dipun wangun warni-warni miturut dhêdhasaring rambut, wontên ingkang [ing...]

--- 84 ---

[...kang] bêlah mukak, ponèn, brintikan, malah wontên ingkang gimbalan.

Bab papalan punika lajêng kêlimrah sangêt, saha tumular dhatêng sanès-sanès băngsa, dumugining băngsa Jawi pisan, tumrap lare tuwin sanginggiling lare sami rêmên papalan, malah para sêpuh upami botêna kapênggak ing èngêt, bokmanawi inggih wontên ingkang klayu tumut papalan.

Ing sapunika ing Eropah tuwuh gagrak enggal mangun rikma kados gêlung mawi cundhuk sêkar (gambar ing têngah), sagêd ugi dangu-dangu tumular dados jalamprah malih.

Sinjang Anam Kepang

Sinjang anam kepang punika sairip kalihan sinjang galaran, sami bangsaning lataran, kêgolong latar pêthak.

[Grafik]

Tumrap sinjang anam kepang punika kêgolong sêratan gampil, nanging kêdah titi, awit manawi ngantos dhompo, lajêng pinanggih saru, saya manawi dhomponipun dhawah ing bokong, punika sakalangkung saru, pantêsipun lajêng botên dipun angge.

Sinjang bangsaning latar-lataran kados makatên wau kêgolong anggitan enggal, limrahipun wontên ing padagangan sinjang sagêd madolakên, saya tumraping sinjang ingkang mawi pulas, kados sinjang Pakalongan, dhêdhasar wau sagêd angindhakakên saening sêratanipun.

Panyêrating sinjang kados makatên punika tumrap ingkang dèrèng cêtha dhatêng tatananing nyêrat, tamtu amastani dangu, awit ing dalêm sakothakan kemawon, isi wolung lêr, dados panyorèkipun kêdah wolung rambahan. Nanging nyatanipun mênggah panyêrat, ngangge canthing carat kalih, (ingkang acucuk kalih), dados panyêratipun namung kawan lêran. Makatên malih sarèhning montênipun sampun garisan, panyêratipun sagêd salampah têrusan kemawon, êlêt sagodhag.

Sinjang anam kepang punika pantês dipun agêm ing putri. Manawi kalêrêsan soganipun, sagêd kagêm ngantos lami.

--- [653] ---

 


pambagyarja. (kembali)
ugi. (kembali)
nomêr. (kembali)
kangge. (kembali)
prabot. (kembali)
kasamaranipun. (kembali)
Peiping. (kembali)
Nanging. (kembali)
wadyabala. (kembali)
10 makatên. (kembali)
11 ibunipun. (kembali)