Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 82, Rê Kli, 17 Ruwah Jimawal 1869, 12 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2045] ---

Ăngka 82, Rê Kli, 17 Ruwah Jimawal 1869, 12 Oktobêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Balepustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Palabuhan - Pundi Margining Kamulyan - Lêlampahanipun Radèn Wăngsadinama - Bab Tanêman Pisang - Adat Tatacara ing Dhusun - Kawontênan Sajawining Praja - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Palabuhan

[Grafik]

Sêsawangan palabuhan ing Bulèlèng, pulo Bali.

--- 2046 ---

Raos Jawi

Pundi Margining Kamulyan.

Para tiyang sêpuh sami anggrêgut anggèning ngupadosakên kasagêdan anak-anakipun, botên ngetang kathahing waragad ingkang dipun wêdalakên, paribasanipun ngantos dipun rencangi: nêkêk gulu, ningsêti bangkekan, inggih dipun têmah, saugi anakipun kalêksanan sagêd. Mila makatên, awit saking pangintênipun tiyang sagêd punika gampil anggènipun ngupados sandhang têdha.

Pangintên ingkang kados makatên wau kala rumiyin pancèn inggih lêrês, lare wêdalan pamulangan Jawi ăngka kalih kemawon, ngupados balănja sawulan f 15.- botên kangelan.

Nanging ing samangke kadospundi, tiyang pintêr sampun kathah, jêbul malah kathah angguran, awit saking rêkaosipun ngupados padamêlan ingkang laras kalihan kasagêdanipun. Manawi sagêd angsal padamêlan, balanjanipun botên mingsra, botên timbang kalihan waragadipun puruhita.

Ing măncapraja ingkang têtiyangipun pintêr langkung kathah tinimbang kalihan ing ngriki, tur kasagêdanipun sampun nama onjo sangêt, ngantos angedab-edabi saha angeram-eramakên, ewadene wontênipun angguran inggih sangsaya kathah, kawontênaning praja botên têntrêm, ngrika-ngriki tuwuh dahuru, ngantos adamêl giris saha kêkêsing manah.

Punapa punika ingkang nama: pintêr kêblingêr. Yèn makatêna, kêblingêr ingkang kadospundi, punika ingkang tansah dados pitakenan.

Wontên paribasan: wong bodho iku dadi pangane wong pintêr, punika dhasar nyata. Amila sami anggrêgut ngudi kasagêdan, inggih sampun ngantos dados têdhanipun tiyang pintêr. Nanging sarêng sampun kathah tiyang pintêr, jêbul malah tuwuh jaman mêlas asih makatên. Adhuh, ewuh aya têmên.

Lah, yèn makatên pundi margining kamulyan punika. Saking pamanggih kula botên sanès namung tatanan.

Tatanan ingkang sae saha lêrês punika tatanan punapa. Awit tatanan punika warni-warni.

Sadaya tatanan sae lan inggih lêrês, tăndha yêktinipun ingkang gampil kemawon, tiyang sagêd mirsani ing sêrat-sêrat, pitêdah saha wêwarahipun sadaya tumuju dhatêng kamulyaning lair batos.

Lah, têtiyang saindênging bawana punika ingkang kathah harak inggih sami ngangge tatanan sae. Nanging sabab punapa kawontênaning donya botên sagêd tata têntrêm makatên, ing ngrika-ngriki kamirêngan pasambat ingkang amargi kacingkrangan sandhang têdha, tansah wontên dahuru saha wontên pêrang.

O, inggih lêrês kathah têtiyang ingkang sami nêtêpi tatanan sae. Mila saindênging bawana dèrèng sagêd tata têntrêm, mêsthi wontên sababipun, ngèngêtana manawi anggêr saha ugêring bawana punika botên goroh, wajida wajidahu, sapa têmên-tinêmênan. Dados lajêng gampil anggènipun anggagapi, bilih têtiyang wau ingkang kathah

--- 2047 ---

anggèning nindakakên parentahing tatanan kirang têmên utawi dèrèng salêrêsipun.

[Iklan]

Wontên pitakenan: tatanan wau punapa.

Tatanan wau pranatan ingkang mêngku wêwarah saha pitêdah murih kawilujêngan saha kamulyaning lair batos, ing donya dumugi ing dêlahan.

Manawi miturut wêwarah ing dalêm Sêrat Wedhatama, ingkang dipun wastani tatanan wau agama agêming aji. Makatên ungêlipun:

[Pangkur]

Mingkar mingkuring angkara | akarana karênan mardi siwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartine ngèlmu luhur | kang tumrap nèng tanah Jawa | agama agêming aji ||

Manawi dipun waos sak klebatan saha dipun raos sakêplasan, tiyang lajêng amastani bilih ingkang wênang ngagêm agami punika namung panjênênganipun para nata, utawi amastani bilih tatananipun para nata punika beda kalihan akathah.

Nanging manawi dipun gagas ingkang panjang saha dipun gagapi ingkang anjalimêt, pamanggih ing nginggil wau botên mathuk, jêr mênggahing tatanan punika dipun anggea sintên kemawon inggih kenging, botên mawi pilih-pilih, tur inggih botên beda, ingkang pinanggih beda punika namung pamanggihipun satunggal-tunggaling tiyang, têrangipun: tatanan sae punika ing pundi kemawon inggih sami. Badhe kasambêtan.

Ki Darmaprawira.

--- 2048 ---

Antêp ingkang Andugèkakên Sêdya

Lêlampahanipun Radèn Wăngsadinama.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 80.

Sarêng tumapaking taun 1924 padamêlanipun Radèn Wăngsadinama sagêd tumindak malih, sagêd anocogi pêkênipun, saha dumadakan sagêd sêsambêtan padamêlan cap kalihan Mas Jayèngkarsa ing Ngayogyakarta, sagêd jodho, anggènipun andadosakên cap ngantos rêrêgèn ewon rupiyah, lêstantun ngantos dumugi taun 1928.

[Grafik]

Kala mahargya Radèn Wăngsadinama tampi bintang.

Sarêng taun 1929 dumugi taun 1932, panggaotanipun mundur malih nandhang kapitunan f. 4000,-. Sarêng panggaotan wau wiwit kêndho, inggih punika ing taun 1929, Radèn Wăngsadinama kêtuwuhan pamanggih badhe nindakakên padamêlan sanès, nanging tansah kandhêg, wusana lajêng gadhah kêkêncêngan badhe ngêdêgakên panggaotan tênun.

Ing kala samantên ing Surakarta dèrèng wontên ingkang anggadhahi panggaotan kados makatên babar pisan, mila pangudinipun Radèn Wăngsadinama dhatêng babagan punika inggih sakalangkung anjalimêt, pamawasipun Radèn Wăngsadinama ing kala punika tumuju dhatêng panggaotan tênun ing Jawi Wetan. Sasampunipun sagêd mangrêtos dhatêng lêbêtanipun lajêng sagêd sêsambêtan kalihan pamulangan tênun ing Surabaya. Saha kalampahan sagêd tumbas pirantos tênun kanthi pitêdahipun pamulangan tênun wau, malah dipun sukani guru pisan, lajêng dipun tindakakên wontên ing Surakarta. Panggaotan wau dipun namakakên Erste Solosche Tenoen-Industrie Mardi-Istri. Sarêng sawêg tumindak satêngah taun, lajêng kèndêl sawatawis wulan, amargi dipun tilar gurunipun, lajêng angsal guru malih, botên dangu inggih kèndêl malih. Mênggah panggagasipun Radèn Wăngsadinama, pinanggihing lêlampahan ingkang kados makatên wau, botên sanès jalaran saking anggèning Radèn Wăngsadinama piyambak botên mangrêtos dhatêng babagan punika.

Sarêng babagan punika dipun cêpêng piyambak, Radèn Wăngsadinama lajêng gadhah atur dhatêng Ir. R.M.P. Surahman, ingkang wajib kaparênga ngawontênakên amtênar ingkang dipun pasrahi maringi sêsuluh bab tênun.

--- 2049 ---

Kalampahan ing Ngayogyakarta dipun wontêni, ingkang kapiji Mas Aburisman, lajêng paring pitêdah warni-warni ngantos sapriki.

Amangsuli cariyos, sarêng Radèn Wăngsadinama ngêdêgakên padamêlan babagan tênun punika, ing bab panggaotanipun bathik dipun tindakakên ingkang èstri piyambak. Sarêng padamêlan tênun sampun mapan, Radèn Wăngsadinama tumut nyêpêng padamêlan babagan bathik malih, dados cêpênganipun warni kalih, malah wontên malih padamêlan sampiran ingkang dipun tindakakên inggih punika Sport artikelen Handel, lêstantun dumugi taun 1936.

Panggaotanipun Radèn Wăngsadinama saya pinanggih majêng, tumrapipun ing Surakarta pinanggih onjo. Dangu-dangu Radèn Wăngsadinama sagêd sêsambêtan kalihan Persatoean Peroesahaan Batik Boemiputra Soerakarta, ingkang cêkakanipun P.P.B.B.S. Ing ngriku Radèn Wăngsadinama katingal damêlipun ing bab gêgayutanipun kalihan panggaotan bathik. Kathah tindak-tindak ingkang mikantuki tumrap ajênging panggaotan, wusana lajêng ing wulan Marêt taun 1937 kaangkat dados warga Raad an Advies. Ing sakawit Radèn Wăngsadinama botên mangrêtos babar pisan dhatêng lampahing pakêmpalan, nanging jalaran saking mantêp tuwin kajêng, dangu-dangu inggih kulina.

Majêngipun Radèn Wăngsadinama wontên ing kalangan punika nama ambrêngkut yêktos, saha lajêng kêpêksa ngawontênakên tatanan enggal tumrap panggaotanipun piyambak, murih sagêd tumindak sami sakecanipun.

Ing ngriku katingal, bilih sajatosipun tumindaking damêl Radèn Wăngsadinama tansah gêgandhengan kalihan ingkang èstri, Radèn Ngantèn Wăngsadinama, kenging dipun wastani ingkang èstri wau andombani. Saha ing ngriku kanyatan bilih tumindaking damêl Radèn Wăngsadinama kalihan ingkang èstri wau ngantos kandhas yêktos dumugining babagan ingkang wêrit-wêrit tuwin ingkang agêng-agêng. Dados cêkakanipun adêking panggaotanipun wau dipun awaki ing tiyang kalih. Wusana pinanggih saha andêdêl, saha dados satunggiling panggaotan ingkang agêng yêktos.

Kala kangjêng tuwan ingkang wicaksana têdhak ing Surakarta, ugi nguningani dhatêng kawontênaning panggaotanipun Radèn Wăngsadinama. Adamêl karênan.

Anyarêngi kala wiyosan Dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, Radèn Wăngsadinama tampi kanugrahan ganjaran bintang êmas alit.

Andharan ing bab Radèn Wăngsadinama, dipun punggêl samantên, awit tumrap ingkang kaparêng migatosakên, kados sampun sagêd manggalih piyambak dhatêng ajênging băngsa Jawi ingatasing panggaotan, dene sampun sagêd mawas dhatêng têbaning jagad panggaotan, ngantos sagêd gêgandhengan kalihan para agêng tuwin parentah. (mriksanana Kajawèn nomêr 56, 13 Juli 1938). Makatên ugi tumraping wanita băngsa Jawi, punika inggih wontên ingkang tumindak ing damêl ingatasing panggaotan sampun lêpas yêktos, malah kenging dipun wastani sampun jêmbar têbanipun.

Wusana mugi dadosa sêsuluh ingkang mikantuki dhatêng kalangan among dagang.

--- 2050 ---

Bab Tanêman

Bab Tanêman Pisang.

Bakuning têdhanipun tiyang sajagad punika warni-warni sangêt, upaminipun: pantun, gandum, jagung, sagu, pohung, pisang sapanunggilanipun. Tumrap băngsa Eropah dèrèng kraos marêm utawi lêga yèn dèrèng nêdha roti, sanadyan sampun nêdha punapa kemawon. Tumrap băngsa Jawi, Tionghwa, Jêpang tuwin sanès-sanèsipun, sanadyan sampun nêdha têtêdhan warni-warni mêksa dèrèng kraos mangsêg manawi dèrèng kalêbêtan sêkul.

Băngsa Jawi ing parêdèn, marêmipun manawi sampun nêdha sêkul jagung, manawi namung sêkul pantun kemawon, cariyosipun kêkiyatanipun suda.

Têtiyang siti ing kapuloan Maluku bakuning têdhanipun sagu, inggih punika bangsaning arèn dipun pêndhêt sapathinipun, wontên sawênèhing băngsa ingkang kangge têdha baku punika pohung. Wontên ugi băngsa ingkang minăngka bakuning têdha punika pisang.

Mênggah patraping pangolahipun pisang, sakawit pisang ingkang sampun sêpuh dipun oncèki rêsik, sasampunipun dipun oncèki tumuntên dipun pe ngantos garing, lajêng dipun dhêplok ngantos lêmbat, lajêng dipun dang, bilih sampun matêng tumuntên katêdha. Dhêplokan pisang punika sagêd kasimpên ngantos dangu, sabên-sabên badhe nêdha lajêng dipun dang utawi dipun kukus.

Tumraping tanah Jawi ngriki, pisang punika botên kangge baku têdha. Limrahipun namung kangge dhêdhaharan utawi lêgi-lêgi mêntas dhahar, nanging botên sadaya pisang kenging kadamêl dhêdhaharan utawi kangge lêgi-lêgi, mawi-mawi pisangipun. Upaminipun pisang kluthuk kangge lêgi-lêgi, inggih aras-arasên nêdha, amargi saking kathahing isinipun.

Mênggah nama-namaning pisang punika warni-warni sangêt, tumrap satunggal-satunggaling panggenan botên sami anggènipun mastani. Ingkang sampun kula sumêrêpi inggih punika: pisang susu, ambon, blitung, raja, mas, gêbyar, gabu, kapokan, gêmbor, ijêm, sasi, jaran, ampyang, jambe, lêmpènèng, klemas, rayap, kidang, sèwu, kluthuk lan sapanunggilanipun. Anggènipun damêl nama punika bokmanawi manut dhatêng raos utawi wujuding pisang. Ingkang dipun wastani pisang mas bokmanawi jalaran saking wujuding pisangipun jêne kados êmas. Ingkang dipun wastani pisang jaran jalaran wujuding tundhunan andêngkèng kados gêgêring kapal. Pisang jambe awit pisangipun buntêk-buntêk kados jambe. Pisang sèwu amargi wohipun kathah sangêt ngantos satêlasing tuntutipun. Dipun wastani pisang kluthuk jalaran saking kathahing isinipun, manawi dipun têdha kêmluthuk.

Tiyang nanêm pisang punika limrahipun dipun angkah wohipun. Kajawi dipun angkah wohipun inggih dipun angkah perangan-perangan sanèsipun, upaminipun: godhongipun kenging kangge mêmungkus, langkung-langkung godhong pisang kluthuk, punika sae sangêt kangge mêmungkus, jalaran wulêd. Pupusipun kenging kangge nglinting sês, sarana dipun godhog [go...]

--- [2051] ---

[...dhog] rumiyin lajêng kaêpe ngantos garing. Klaras ugi kenging kangge amêmungkus utawi kangge nglinting sês. Tuntutipun kenging kapêcêl utawi kagudhang, gêdêbogipun kangge ambuntêli tempe, trêkadhang kangge manggung ringgit. Gadêbog ingkang sampun garing kangge tangsul. Dados botên namung wohipun kemawon ingkang migunani, malah sadaya peranganing witipun kenging dipun alap paedahipun. Ingkang punika dados pisang punika ugi kegolong têtuwuhan ingkang kathah paedahipun, sami kemawon kalihan wit klapa.

Wontên ugi tiyang ingkang nanêm pisang namung kangge pêpêthetan kemawon, jalaran saking sae utawi nganèh-anèhi, inggih punika pisang sèwu.

Limrahipun pisang punika dipun tanêm wontên ing pakawisan utawi ing patêgilan, wontên ugi ingkang dipun tanêm ing sabin. Nanging manawi nanêm pisang wontên ing sabin, godhongipun botên kenging dipun alap, amargi sami suwèk pating sluwir katêrak ing angin sabên dintên, dados botên kenging kangke[1] ambêbuntêl. Sanajan ta pisang punika wontên ingkang mawa isi, punapa malih pisang kluthuk punika isinipun kathah sangêt, nanging isinipun pisang punika botên sagêd thukul. Jalaran saking isinipun botên sagêd thukul dados botên wontên tiyang nanêm pisang sarana andhêdhêr wiji. Kadosdene wit-witan sanèsipun. Lan malih wit pisang punika botên kenging dipun turus utawi dipun cangkok, dados patrap pananêmipun pisang punika namung sawarni, inggih punika sarana mêncarakên anakipun. Badhe kasambêtan.

Rutam Purbalingga.

[Iklan]

--- 2052 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Adat Tatacara Dhusun, ing Padhusunan Sakiwatêngênipun Gondhang Bawah Dhistrik Gondhang (Sragèn).

Sambêtipun Kajawèn nomêr 81

Yèn tanêm sampun wanci mêtêng, mèh badhe anjêbrol, punika ingkang gadhah sabin lajêng ambucali rujakan, namanipun ngrujaki. Miturut piandêlipun tiyang ing ngriku, yèn tanêm pinuju mêtêng punika, sami kêpengin rujak.

2. Ngênèni lan lêbar panèn.

Mêndhêt pêpiridan saking têtêmbungan ing nginggil punika, miturut kajêng kula, nyukani ancêr-ancêr utawi kangge milahakên kawontênan nalika panèn utawi ngajêngakên panèn ngantos dumugi bibar panèn.

Sampun dados kalimrahanipun tiyang ing ngriku, inggih punika pantun pinuju kumêmping, utawi ngajêngakên sêpuh, têtiyang ing mriku lajêng sami ngêmping, inggih punika pantun ingkang sawêg satêngah sêpuh, dipun krotog utawi dipun panggang. Yèn pantun sampun matêng, katingal mlêthèk-mlêthèk, lajêng dipun êntas, dipun uruti, dipun dhêplok ngantos gèpèng-gèpèng, dipun tapèni rêsik.

Yèn pinuju makatên punika, têtiyang sami damêl kêba, ingkang kadamêl mendhong utawi pandhan. Prêlu kangge wadhah êmping punika wau.

Yèn pantun sampun sêpuh saèstu, wiwit badhe dipun ênèni. Nanging sadèrèngipun dipun ênèni, kêdah dipun pêthik rumiyin, dipun wilujêngi, dipun dupani. Namanipun mêthik mêndhêt ngantenan. Mênggah ingkang kangge wilujêngan (sêsaji), ubarampenipun kados ing ngandhap punika.

Kupat, lêpêt, uwi, gêmbili, kimpul, jênang, jadah, kêtela pohung (kenging kacêkak băngsa krowodan). Pisang satangkêb, sêkul salawuhipun, panggang ayam, tuwin mawi bakaran gêrèh pèthèk.

Dene ingkang mêthik, utawi ingkang mêndhêt ngantenan punika racakipun tiyang jalêr, bapak utawi êmbahipun. Kangge umumipun ing ngriku, pamêndhêtipun ngantenan 4 jodho, dados wolung kiling (agêm). Pantun ingkang kaanggêp ngantèn punika wau, dipun borèhi, dipun sukani sêkar, dipun wêdhaki, utawi dipun parêmi, dipun robyong kadosdene pangantèn saèstu. Yèn anggènipun makatên punika sampun rampung babarpisan, ambêngan sampun kakêpang. Punapadene pojok-pojokan sabin tuwin gubugipun sampun dipun bucali sadaya, têtiyang ingkang badhe ani-ani, sawêg kenging tumapak (wiwit).

Manawi anggènipun ngênèni sampun rampung sadaya, saha sampun dumugi griya, lajêng wiwit dipun êpe ngantos garing saèstu. Lajêng dipun bêlah, dipun tangsuli, sabên tigang kiling kadadosakên satunggal, namanipun sabêlah. Mênggah têtiyang ing ngriku, pangetangipun pantun botên dhacinan, mawi: bêlahan, gèdhèngan, bawonan lan amêtan. Sabêlah wontên tigang kiling, sagèdhèng wontên kalih [ka...]

--- 2053 ---

[...lih] bêlah, sabawon wontên wolung bêlah tuwin saamêt wontên nêm bawon utawi kawandasa wolung puluh bêlah. Yèn pantun sampun dados bêlahan sadaya, tuwin sampun kawical pintên amêt cacahing pantun, lajêng dipun inggahakên utawi kasimpên dhatêng lumbung. Tindak makatên punika inggih mawi sêsaji lan dupa. Sajènipun sami kemawon kalihan mêthik punika wau. Ingkang gadhah, inggih punika ingkang èstri, manawi badhe mêndhêt pantun dhatêng lumbung, sawêg ambikak korinipun, sampun maos bismillah lan alphatekah, punapadene sahadat. Kados makatên punika sampun dados kalimrahanipun. Yèn sadaya tăngga têpalihipun sampun sami rampung anggèning ngupakara punapadene nyimpênipun, lajêng sami wilujêngan ropyan-ropyan agêng-agêngan. Inggih punika wontên griyaning lurahipun. Makatên punika, manawi cara ngrika, dipun wastani bêrsih dhusun (rêrêsik dhusun) ngrêsiki sadaya sambekala.

Yèn pinuju makatên punika, tiyang dhusun ngriku sampun urunan nanggap ringgit wontên ing griyanipun kêpala dhusun, dangunipun sadintên sadalu. Trêkadhang lurahipun mragat maesa utawi lêmbu, punapadene menda. Dene bab tumindaking wilujêngan makatên:

Ubarampenipun inggih punika ingkang kangge wilujêngan sêkul dipun buntêli, kanthi lawuhipun punapa. Jadah, jênang dodol, opak rêngginang, jêmbul, pisang, băngsa wowohan sanèsipun malih. Tape, tuwin băngsa krowodan sanès-sanèsipun.

[Iklan]

--- 2054 ---

Jêmbul. Ing ngriki wontên têmbung jêmbul, punika ingkang kadamêl dêling. Dêling dipun sisiki, pucuk mêrit mêntul-mêntul, manawi dipun dèkèki sêsêkaran warni-warni, tuwin dipun dèkèki opak rêngginang, punapadene jadah sapanunggilanipun, pating prêntul.

Dene jêmbul punika wau, sadaya dipun tancêbakên wontên ing gunungan inggih punika, dêbog ingkang dipun dêgakên wontên ing meja bundêr, meja kasèlèh wontên ing têngah plataran, dene cacahipun gunungan kalih.

Yèn sampun makatên, modin wiwit anggiyarakên, kanthi dipun amini tiyang sadhusun sadaya, sêsarêngan. Suwaranipun gumrênggêng kados tawon alihan. Sasampunipun dipun dongani, ambêngan lajêng kakêpang, kaêdum waradin, nuntên sampun kabêkta wangsul dhatêng griyanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun punika, ringgit nuntên wiwit. Tiyang-tiyang kala wau sami mriku malih, prêlu ningali ringgit ngantos sakatogipun.

Sasampunipun para maos nguningani punika, samangke lajêng sagêd manggalih, punapadene nocog-nocogakên kalihan tatacara ngadat ing padhusunanipun piyambak-piyambak, punapa bedanipun.

B. Mok. Suhari. L.B.S. Têgalgănda.

Kawontênan Sajawining Praja

Pangrantamipun Polkênbon jugar.

Adêging nagari Tsjechoslowakije, kados ingkang sampun nate kaandharakên ing Kajawèn, punika saking kalêmpaking sêmpilan-sêmpilan nagari ingkang katindakakên sasampunipun bibar pêrang. Dene ingkang dados cagaking adêgipun wau Polkênbon tuwin prajanjian ing Versailles. Dene ingkang kêjuwing-juwing Ostênrik Onggareyê, mila kala adêging Polkênbon taksih têtêp, anggèning ngayomi Tsjechoslowakije inggih raos ayom sayêkton,[2] têgêsipun, Polkênbon taksih dipun aosi.

Jêrman, ingkang rumiyin dados warganing Polkênbon, sampun dangu anggèning angunduri, atêgês sampun nêdha mêdal. Wontênipun makatên, amargi Jêrman mangrêtos bilih adêging bêbadan wau namung badhe damêl kandhêging kamajênganipun Jêrman. Malah Itali, Jêpan tuwin Amerikah sampun sami ngrumiyini mêdalipun. Măngka adêging Polkênbon punika ing ngajêng tuwuh saking pamanggihipun Wilson, Presidhèn Amerikah. Mênggah ancasipun Polkênbon, punika botên sanès akajêng rêrukunan, anêbihi dhatêng tindak paprangan. Mila sarêng wontên orêg-orêgan punika, Inggris tansah andhêsêk dhatêng pramukaning Polkênbon, sagêda cawe-cawe dhatêng golongan Jawi, inggih punika Jêrman tuwin Itali, sagêda sami angêmori rêmbag. Saha katingalipun sajak botên anggêpok dhatêng babagan Tsjechoslowakije.

--- [2055] ---

Prancis kêdhêsêk.

Adêgipun Prancis, punika santosanipun kêdayan saking Polkênbon. Ing sapunika wontên sêsulakipun bilih ingkang ajak-ajak ngawontênakên pêpanggihan ing Munchen punika Prancis, nanging gêlaripun Prancis mawi aling-aling Inggris, malah anggèning aling-alingan katingal brukut. Wontênipun makatên, amargi Prancis samar manawi ngantos dipun wastani anyidrani prajanjian kalihan Tsjechoslowakije. Măngka Prancis punika rakêt sangêt kalihan Tsjechoslowakije, mila pakèwêd sangêt saupami ngantos masrahna Tsjechoslowakije dhatêng Hitler. Dene tumrapipun Inggris pancèn botên gayutan punapa-punapa, botên wontên ingkang adamêl kawratanipun. Ingkang makatên wau lajêng katingal sêsulakipun gêgayutan kalihan wolak-waliking jaman, Prancis namung sarwa kêdhêsêk, kêpêksa ering dhatêng nagari ingkang dipun anggêp mêngsah, inggih punika Jêrman.

[Iklan]

Jêrman ingkang nguwaosi Eropah Têngah.

Pancèn gara-garaning praja ingkang nêdya pasulayan punika sagêd angewahakên kawontênan, kados ta Tsjechoslowakije, ing sapunika katingal anggèning mêntiyung dhatêng Jêrman, măngka ing ngajêng dados kancuhipun Prancis. Wonlênipun[3] makatên, kajawi gadhah raos andhongkol dhatêng Prancis, ugi kêtarik jalaran saking kawontênan. Mila kêpêksa adamêl lèrèhing presidhèn, Tsjechoslowakije, Benesj, ingkang apangawak satunggal kalihan Prancis tuwin pangajênging Polkênbon. Sèlèhipun wau akajêng murih tumindaking paprentahanipun Syrovy ingkang tumuju dhatêng Jêrman botên kêagru-agru. Ingkang makatên wau namung badhe pados pratăndha kasêmbadaning Hittler anggèning badhe nunggilakên Tsjechoslowakije dhatêng Jêrman. Dene ingkang dipun pakèwêdi Tsjechoslowakije punika Ruslan, awit gadhah prajanjian, nanging prajanjian wau inggih sampun araos wudhar, dening Tsjechoslowakije sampun damêl prajanjian enggal kalihan Inggris, Prancis, Jêrman tuwin Itali. Ing ngriku Prancis kêsêmpyok awon saking Ruslan, amargi Prancis punika ugi tumut prajanjian kalihan Tsjechoslowakije tuwin Ruslan. Manawi makatên, tumrap Prancis saya kecalan mitra, awit Rumêni tuwin Yugoslapiyê inggih badhe angoncati Prancis.

Tumrap Rumêni tuwin Yugoslapiyê, punika ugi tansah nyamarakên dhatêng pandhêsêgipun băngsa Honggari, awit Honggari sampun andhêsêg Tsjechoslowakije nêdha laladan, botên sande tamtu mrèmèn dhatêng Rumêni, amargi ugi kathah

--- [2056] ---

băngsa Honggari ingkang manggèn ing Rumêni. Măngka tumrapipun Tsjechoslowakije nalika kêdhêsêg Honggari, botên kobêr manah, jalaran sawêg ngraosakên babagan Sudeten.

[Grafik]

Chamberlain nuju mriksani gambar kar nagari Tsjechoslowakije wontên ing Godesberg.

Tumrap Polên, tansah ngangkah sagêdipun kêkêt kalihan Honggari, sagêda têtêp dados tăngga, mila botên kawratan nyukakakên laladan, Roethenie dhatêng Honggari. Ingkang makatên punika badhe damêl pêthalipun Rumêni kalihan Tsjechoslowakije, makatên ugi Ruslan botên sagêd nyakêti Tsjechoslowakije, dados laladan, Roetheni punika dhawahipun dhatêng Honggari lajêng dados sarana pamisahipun nagari-nagari sanès.

Tumrap Tsjechoslowakije pancèn dados jêjêring lêlampahan, ing sapunika golongan Slowak nêdha madêg piyambak, ugi sampun dipun pituruti, nanging tumrap pulitik sajawining praja tuwin babagan arta, taksih têtêp wontên Praag. Inggih punika kitha karajanipun Tsjechoslowakije.

Hitler taksih mindêng kemawon.

Manawi mirid kawontênan, kawontênanipun ing Eropah taksih ruwêd. Ing bab wêdhar sabdanipun Hitler mastani bilih ing Eropah sampun botên wontên punapa-punapa, punika dèrèng kengingipun[4] ugêmi, amargi botên kirang lêlampahan ingkang gêgayutan kalihan Jêrman, ingkang anggarêndhèl ing wingking. Amargi sapunika wontên sêsulakipun, Jêrman badhe ngudi wangsuling laladan ing ngajêng. Ingkang makatên wau sanadyan ing kalairanipun sampun wontên rêmbag padhamèn, nanging satunggal-satunggaling praja mêksa sami mêpêk tuwin nyantosani dêdamêl. Awit dèrèng wontên kapitadosan ingkang têtêp.

--- 2057 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Restaurant Jokyakarta. Kala dintên Rêbo tanggal 5 wulan punika, Restaurant Jokyakarta, Kramat No. 60a wiwit kabikak, angulêmi golongan sêrat kabar tuwin sanès-sanèsipun, kathah ingkang sami rawuh, saha sami ngalêmbana saening panggenan, cikating palados tuwin ecaning dhêdhaharan.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, nonah Ho Giok Kie, Tuwan Lie Tjik Tjwan, R.M. Suyono Suryo tuwin R. Achmad Junaedi.

Kawilujêngan ing pabrik-pabrik. Wontên wartos, bilih ing pabrik-pabrik punika kathah kasangsaran ingkang botên kalapurakên salêrêsipun, ingkang kasangsaran wau tuwuh saking kirang saening tatanan. Sarêng bab punika dipun titi yêktos, kasangsaran wau wontên 60% ingkang jalaran saking kirang saening tatanan pabrik.

Glazuur-inrichting. Pangrèh praja ing Klathèn, nêngah-nêngahi ngrekadaya supados ing kitha Klathèn wontên glazuur-inrichting, ingkang punika pakaryan ingkang andamêl bangsaning grabah sagêd dados mancèrèt kados goci, kados ta celengan, pot, wadhah awu sês tuwin sanès-sanèsipun. Bab punika tamtu badhe angsal pambiyantu saking Departement van Economische Zaken.

Saradhadhu minggat dipun sanjata. Ing Tarutung wontên saradhadhu 2 sami minggat kanthi ambêkta arta colongan f 5000.- saking arta rimatan militèr. Saradhadhu 2 wau amirantos sanjata jangkêp. Ingriku lajêng dipun bujêng ing kopral, saradhadhu kenging dipun sanjata, pêjah. Nalika dipun priksa, artanipun taksih pinanggih f 3000.-. Kopral wau lajêng dipun tahan. Prakawis kapriksa.

Racun tempe bongkrèk. Ing dhukuh Pasargunung tuwin Banyupanas, sacêlakipun Ciparay, S.S.W.L. wontên tiyang 12 sami tiwas jalaran nêdha tempe bongkrèk. Kala dhoktêr dhatêng têtulung, têtiyang ingkang sakit lajêng dipun suntik, botên pitulung. Sarêng sampun kalih dintên, tiyang 12 wau sami tiwas sadaya, tiyang sêpuh jalêr 3, èstri 2 tuwin lare 7.

Pakêmpalan Srigawa. Wontên wartos, ing Sukabumi wontên pakêmpalan pandamêl awon nama Srigawa. Sêdyaning pakêmpalan wau nêdya ngrisak pagêr ayu. Sarêng bab punika kamirêngan ing pulisi lajêng dipun padosi, saha sagêd nyêpêng têtiyang ingkang kêgayut. Malah kathah punggawa nagari ingkang tumut dipun tahan. Salajêngipun taksih dados papriksan.

Lampah anggêgana dhatêng Ambon. Bureau van Luchtvaart ing Departement Verker en Waterstaat usul dhatêng parentah, supados ing têngah-têngahing taun 1939 dipun wontênakên lampah anggêgana sambêtipun saking Makasar dhatêng Ambon. Têbihing lampah punika wontên 1000 km. Manawi kalampahan, saking Bêtawi dhatêng Ambon sagêd 2 dintên, sipêng ing Makasar. Malah manawi kêcêkap pêrlunipun, lampah punika wangsulipun saking Ambon dumugi Bêtawi namung sadintên.

Parêpatan têtiyang wuta. Ing tanggal 10 dumugi tanggal 14 wulan punika, pakêmpalaning têtiyang wuta bangsa Walandi satanah ngriki, ngawontênakên parêpatan, manggèn ing Ngayogya. Ingkang karêmbag ing bab badhe ngawontênakên pakaryan tuwin pangajaran tumrap têtiyang wuta. Warganipun sadaya wuta. Wontên ingkang botên wuta namung nglagani.

Boottrein. Miturut wartos, ing bab wontêning sêpur dhatêng palabuhan ingkang sambêt kalihan kapal ingkang badhe dhatêng nagari Walandi (boottrein), sampun dipun wiwiti kala dintên Rêbo kêpêngkêr, bidhal saking Bandung. Ingkang numpak kathah. Ing salajêngipun wontên panêdha saking golongan tiyang siti, supados kawontênakên sêpur kados makatên tumrap têtiyang minggah kaji (Haji Boottrein). Wontên wartos ingkang usul wau ingkang Bupati Bandung. Bab punika S.S. ugi badhe nayogyani samangsa angsal-angsalanipun kathah.

Tamu ing kantor Rupelin. Sampun sawatawis dintên, Dr. van Waalf tuwin Tuwan A.C. Pijl, saking kantor Handelsvoorlichtingsdienst ing Economisch Zaken, sami rawuh ing kantor Rupelin, ing Kampung Baru Surabaya. Wigatosipun badhe nyinau babagan economie ing tanah ngriki.

[Iklan]

Candu pêtêng. Ingajêng sampun nate kawartosakên ing bab candu pêtêng rêrêgèn f 25.000.- ingkang kêcêpêng ing kapal Cibadak, ingkang nuju labuh wontên ing Tanjungpriok. Ing sakawit pulisi dèrèng sagêd nyumêrêpi sintên ingkang gadhah. Ingriku pulisi lajêng nahan satunggiling punggawa kapal nama Ho So, ingkang kala samantên gadhah têtanggêlan wontên ing panggenan pinanggihing candu. Wusana tiyang wau ngakên, candu wau ingkang gadhah satunggaling punggawa kapal sanèsipun, anggèning nginggahakên saking Hongkong. Dene tiyangipun sampun kesah.

Student-student Technische Hoogeschool darmawisata. Wiwit tanggal 9 dumugi tanggal 16 wulan punika, para student Technische Hoogeschool ing Bandung ing pangajaran 3 tuwin 4 taun sami darmawisata dhatêng Jawi Têngah. Ingkang pêrlu dipun dhatêngi tanggal 9 dhatêng Purwokêrto, tanggal 10 mriksa Krojawerken, tanggal 11 mriksa Banjar-Cahyanawerken, tanggal 12 dhatêng Sêmarang, tanggal 13 mriksa waterloopkundige Laboratorium, ugi gemeentewerken tuwin papan anggêgana, tanggal 14 mriksa havenwerken, tanggal 15 mriksa Tuntangwerken saha tanggal 16 wangsul dhatêng Bandung.

Bab arta kêrtas palsu. Ingajêng sampun nate kawartosakên, ing Jawi Kilèn wontên têtiyang siti tuwin bangsa Tionghwa sami kacêpêng jalaran nyêbar arta kêrtas palsu rêgi f 1000.- ingkang gunggungipun ngantos rêrêgèn f 20.000.-. Papriksaning prakawis punika anggayut tiyang pintên-pintên. Nanging wusananipun taksih pêtêng, dèrèng sagêd nêtêpakên dakwanipun.

Telegram Grêbêg Siyam. Kados ingkang sampun, sabên ngajêngakên Grêbêg Siyam (Idu'l Fitri) ing lêbaran, ing taun punika dhawah 23 tuwin 24 November ngajêng punika, kawontênakên telegram kangge suka wilujêng, kanthi waragad namung f 0.50. Telegram wau kenging kapasrahakên wiwit tanggal 15 dumugi 25 November, dhatêng telegraaf- en hulptelegraafkantoor tuwin telegraafstation P.T.T. Ungêl-ungêlaning telegraaf wau sampun dipun sadhiyani pintên-pintên warni kantun milih, sagêd mundhut katrangan. Manawi ingkang kintun purun mêwahi waragad mirunggan malih f 0.50 ing sabên telegram, telegramipun badhe kapacak wontên ing dalancang. Angsal-angsalaning arta telegram adèn punika, ingkang sapalih badhe dipun sukakakên dhatêng bêbadan-bêbadan darma.

--- 2058 ---

Tuwan Markaban tilar donya. Tuwan Markaban, Wethouder gemeenteraad Surabaya, tilar donya wontên ing C.B.Z. Layon kakubur dhatêng pakuburan Tembok.

R.T. Mr. Siswodipuro pindhah padamêlan. Kawartosakên, R.T. Mr. Siswodipuro, bupati anom ingkang ngasta padamêlan ing kantor Comptabiliteit Karajan Surakarta, kèndêl saking padamêlan saha lajêng dados buitengewoon voorzitter Landraad ing Bandung, tumapaking damêl wiwit tanggal 1 November ngajêng punika. Ing salajêngipun badhe santun nama lami Mr. Suwarno Prawiroharjo.

Dr. J. Tijssen wangsul dhatêng Sumatra. Miturut wartos Dr. J. Tijssen, satunggiling dhoktêr mripat ingkang misuwur, badhe wangsul dhatêng Sumatra malih, badhe anjajah laladan Acèh rumiyin, lajêng dhatêng laladan sanès. Tindakipun Dr. Tijssen punika botên sanès badhe têtulung têtiyang sakit mripat kados ingkang sampun.

Kêjêblosan patrun. Ing pêkên Kêbon Manggis, Mr. Cornelis wontên lare nama Picet tuwin Rabin, manggih patrun isi. Patrun wau lajêng kangge dolanan lare kalih, dipun thuthuk dhobisipun, anjêblos, Picet kêjêblosan, drijinipun tangan rantas gangsal pisan. Rabin kêjêblosan mripatipun kiwa, sagêd ugi dados calaina. Patrun wau patrun pistul, kakintên keceran patrun pistul militèr, amargi ingriku cêlak tangsi. Lare kalih pisan lajêng dipun bêkta dhatêng C.B.Z.

Malaria ing Bali. Ing wêkdal punika ing Bali tuwuh sêsakit malaria. Miturut ingkang sampun-sampun, ingriku dèrèng nate wontên sêsakit kados makatên. Dr. W.G. Venhuis, ahli sêsakit malaria ing Surakaba sampun papriksa, nyata ing Bali sisih kidul wontên wiji lêmut malaria ing toya tawa. Salajêngipun badhe nindakakên rêrigên sapêrlunipun.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus doctoraal perangan kapisan, Tuwan Mujaswardi tuwin Tuwan Sumarno. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, nonah Sie Hong Nio, tuwin Tuwan Tarsono Rujito. Lulus doctoraalexamen perangan tiga, Tuwan-tuwan G.L. Tjoa (Goan Lie Tjoa), Abdullah Syukur tuwin Tan Kiem Tjiang.

Pandadaran kleermarkerschool. Pamulangan padamêlan gêrji ing Bêtawi ingkang dipun pangajêngi Tuwan Kasdani mêntas ngawontênakên pandadaran, ingkang dados commissie Tuwan GK. Moojen. Ingkang nêmpuh wontên 9, lulus 8, inggih punika Tuwan-tuwan Aidi (Bêtawi), Alei (Sêkayu, Palembang), Abd. Hamid (Martapura, Palembang), Han Hok Khian (Mojokêrto), A. Kosasih (Sindangbarang, Cianjur), M. Umar Wiradimarta (Cianjur), M. Kurdi (Bêtawi), Sutaswa (Ciamis).

Griya sakit kewan. Comite angayomi kewan ing Bandung, nêtêpakên badhe ngawontênakên polikliniek pitulungan lêlahanan tumrap kewan, wontên ing Eerdmans-Dierenasy1 Bandung. Panampinipun sabên dintên Sênèn jam 10.30 dumugi jam 12.30.

Ngawisi têtingalan mêthik babad. Wontên wartos, parentah Kasultanan Ngayogya ngawisi sawarnining têtingalan toneel utawi kêthoprak, mitontonakên lêlampahan pêthikan saking babad, amargi tumindakipun asring sulaya lugunipun, sagêd ugi andayani awon tumraping sanès. Ingkang dipun awisi, mêthik saking Babad Tanah Jawi, wiwit jaman karaton Dêmak dumugi karaton Ngayogya sapunika.

Pakaryan Kuthagêdhe dhatêng tentoonstelling donya. Wontên wartos, pakaryan ing Kuthagêdhe Ngayogya, badhe ngêdali dhatêng tentoonstelling donya ing San Francisco taun ngajêng punika. Ingkang badhe dipun dhasarakên têtuladan barang kraton, garudha sapanunggilanipun. Tumindakipun kanthi babadan comite.

Botên saèstu wontên kabudidayan soklat. Ingajêng wontên wartos, badhe wontên satunggiling paguyuban badhe bikak kabudidayan soklat wontên ing Nieuw Guinea. Ing sapunika wontên wartos sêdya wau kasandèkakên, amargi miturut paniti, botên badhe mikantuki.

Wêdaling lisah pèt. Wêdaling lisah pèt ing tanah ngriki wiwit Januari dumugi Augustus kêpêngkêr wontên 4.875.000 ton. Dados indhakipun tinimbang pêpetangan wolung wulan kêpêngkêr wontên 120.000 ton.

Ama ulêr. Ing pasabinan sawah ondêr dhistrik Kuwadungan, Ngawi, kathah tanêman kêdhêle ngantos pintên-pintên bau kêtrajang ing ama ulêr. Adjunct-landbouwconsulent ingriku lajêng nindakakên rêrigên sapêrlunipun. Ama kados makatên punika sampun nate tuwuh ingriku ngantos tigang rambahan.

[Iklan]

NAGARI WALANDI.

Tuwan Sosrodanukusumo. Tuwan Sosrodanukusumo, wêwakiling Politiebond Indiya, ingkang sowan kala paargyan jumênêngan nata 40 taun, mêntas sowan Pangrèh praja Minister Welter. Anggènipun nyinau babagan kapulisèn ing nagari Walandi sampun rampung. Salajêngipun badhe bidhal dhatêng Londen, Berlijn, Parijs tuwin Brussel. Bidhalipun dhatêng tanah Jawi wontên ing tanggal 18 wulan punika, numpak motor mabur malih kados nalika bidhalipun.

EROPA.

Kasangsaran motor mabur. Kala tanggal 6 wulan punika wontên motor mabur R.A.F. 4 iji anggêgana saking Londen, nalika wontên sanginggil Yorkshire ingkang tiga dhawah, ingkang satunggal ical. Kajawi punika, ing sadèrèngipun ugi wontên motor mabur R.A.F. dipun sambêr gêlap wontên sanginggilipun Yorkshire, tiyang ingkang numpak 5 sami wilujêng sagêd mandhap ngangge payung. Ing salajêngipun wontên wartos nyamarakên dhatêng motor mabur sanès-sanèsipun wau, amargi salah satunggalipun dipun titihi Minister babagan gêgana. Nanging wontên wartos malih bilih minister wau nalika bidhal saking Burystedmunts dhatêng Southamton sampun botên wontên wiwit ing wanci dalu.

ASIA.

Kasangsaran ing Jêpan. Miturut wartos saking Tokyo, wontên kuli cacah 300 ing pamelikan ing Yubari sami kurugan siti jalaran saking jêblosan. Miturut wartos ingkang kantun, kuli ingkang 100 sagêd oncad.

Wadya Jêpan kêtrajang malaria. Wadya Jêpan ingkang ngangsêg dhatêng Hankow, kathah ingkang kêtrajang malaria tuwin sanès-sanèsipun. Ingriku tumrap wadya ingkang wontên ing pabarisan ngajêng sami kêkirangan jampi. Tumindakipun suka jampi sarana migunakakên motor mabur.

--- 2059 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

21

Jak rumaos alit ing manah tuwin susah, awit sayêktosipun piyambakipun dèrèng ical anggèning sêrik manahipun dhatêng têtiyang cêmêng, dene sêdyanipun ingkang sae ing kala punika, katampi awon, malah ngantos kalampahan kakrutug ing towok. Têka ing samangke ingkang anggadhahi patrap awon dhatêng piyambakipun punika, têtiyang bangsanipun piyambak.

Ing batos Jak anggraita makatên: Genea kewan cilik-cilik iku yên kêpêthuk aku padha lumayu sêmu gilapên, kewan kang gêdhe-gêdhe nêdya nêmpuh utawa măngsa nyang aku. Wong-wong irêng padha kapengin matèni aku sarana towok utawa panahe. Wêkasane wong-wong bangsaku dhewe, padha ambêdhili lan ngungsir aku. Apa makluk sadonya iki dadi mungsuhku kabèh. Apa anake Tarsan iki ora duwe mitra liyane manèh kajaba Akut.

Akut anyakêti Jak sarwi wicantên makatên:

Aja cilik atimu. Isih ana golongan kêthèk-kêthèk bangkokan, sing sapa dadi mitrane Akut, mêsthi uga dadi mitrane kêthèk bangkokan iku, iya mung kêthèk bangkokan kang bakal nămpa anake Tarsan kanthi sênênging ati. Kowe wêruh dhewe, kapriye patrape wong-wong nyang kowe. Mulane saiki ayo padha ambacutake laku anggolèki golonganing kêthèk bangkokan, bangsaku kang bakal padha dadi mitramu kabèh.

Mênggah basanipun kêthèk bangkokan punika nyawanda gandhengan, cêthanipun sarana sêsrawean lan sasmita. Basa wau botên kenging dipun dadosakên satêmbung kados basaning manusa. Nanging punapa ingkang dipun cariyosakên dening Akut wau, kintên-kintên inggih sampun katêrangakên ing nginggil.

Sasampunipun makatên, Jak kalayan Akut nuntên anglajêngakên lampahipun. Jak ngêmungakên kèndêl kemawon, ing sêmu kathah ingkang dipun gagas. Ing wusana piyambakipun lajêng wicantên makatên: Iya bêcik Akut, ayo saiki padha anggolèki mitramu iya mitraku, yaiku golonganing kêthèk bangkokan.

VIII

Ing samangke kados prêlu anyariyosakên lêlampahanipun: Mariyam. Kirang langkung sampun sataun anggènipun têtiyang kalih băngsa kulit pêthak, inggih punika Jènsèn tuwin Malbin, saandhahanipun oncat saking dhusun papan padununganipun Sèh, ingkang dipun cariyosakên bapakipun Mariyam. Ing kala punika botên beda kadosdene nalika sataun ingkang kapêngkêr, Mariyam tansah lêstantun dolanan kalihan bonekahipun ingkang dipun namakakên: Sekah, makatên ugi sadaya katrêsnanipun taksih kaêsokakên dhatêng bonekahipun, ingkang sakalangkung awon wujudipun, langkung malih sarêng sampun dipun angge dolanan laminipun sataun, sampun têmtu wujudipun saya botên kantênan. Ewasamantên tumraping Mariyam, Sekah wau dipun anggêp satunggilipun makluk ingkang sae lan andêmênakakên sangêt. Sabên-sabên Mariyam tansah ambisiki Sekah anyariyosakên ing bab gênging susahipun. Kadhang kala ugi sok nyariyosi punapa ingkang tansah dados idham-idhamanipun, inggih punika sagêda oncat saking dhusun ngriku, luwar saking panyiksanipun Sèh tuwin sanès-sanèsipun.

Ing satunggiling dintên Mariyam andamêlakên gubug-gubugan Sekah wontên ing pungkasaning padhusunan, nanging taksih wontên ing salêbêting pagêr dhusun. Dene papanipun dolanan wontên ing sangandhapipun wit-witan agêng. Salêbêtipun damêl gubug-gubugan wau, Mariyam tansah ngêcipris ginêman warni-warni kalihan bonekahipun. Jalaran saking anggènipun kêtungkul dolanan, ing ngriku piyambakipun ngantos botên mirêng lan botên sumêrêp bilih ing sanginggilipun gêgodhonganing wit-witan agêng wau wontên ingkang nyilakakên, tuwin lajêng wontên satunggiling makluk saking nginggil ngriku, ingkang tansah nyawang anggènipun dolanan Mariyam wau.

Ing kala punika ing papan ingkang kangge dolanan Mariyam wau, botên [bo...]

--- 2060 ---

[...tên] wontên tiyang sanès-sanèsipun kajawi Mariyam piyambak. Mênggah sajatosipun ing dhusun ngriku ing wêkdal punika kenging dipun wastani prasaksat suwung, awit Sèh saandhahanipun sampun sawatawis wulan kesah saking dhusun wau, purugipun mangalèr. Nanging ing wêkdal punika sampun wancinipun mantuk malih.

Kacariyos pun Jak, kirang langkung sampun sataun laminipun anggèning ngoncati têtiyang kalih băngsa kulit pêthak ingkang nêdya mrajaya piyambakipun. Salêbêtipun sataun wau, Jak sêsarêngan kalihan Akut, tansah ngupadosi dhatêng golonganipun kêthèk bangkokan, nanging tanpa damêl. Ngantos wulanan dangunipun, lampahipun tansah ngênêr mangetan, dados saya lumêbêt ing wana agêng. Salêbêtipun sataun wau, Jak ingkang pancèn sampun anggadhahi dhêdhasar santosa lan kiyat, cikating tandangipun, punapadene prigêlipun ulah dêdamêl towok tuwin jêmparing, saya ngedab-edabi sangêt.

Badanipun saya agêng lan santosa, kêkiyatanipun ngungkul-ungkuli, kawêwahan akalipun sakalangkung ngrawit. Mênggah sajatosipun Jak punika taksih nama lare, nanging saking rosanipun tuwin sugihipun akal, ngantos Akut kêthèk bangkokan ingkang agêng wau, manawi kadhang kala gêgêlutan kalihan Jak rumaos sampun botên kuwagang anglawan kridhanipun Jak. Salaminipun kêmpal punika, manawi kalêrês nganggur Akut asring mulang Jak caranipun kêthèk bangkokan gêlut. Ing măngka mênggahing Akut, tumrap golonganing kêthèk bangkokan, pancèn kalêbêt agêng sangêt, sarta pintêr piyambak anggènipun gêlut, dados Jak angsal guru ingkang pêng-pêngan sayêktos. Kosokwangsulipun, Akut angsal murid ingkang tanpa tandhing mênggahing kalangkunganipun, ngantos ing wusana piyambakipun rumaos kawon. Punika botên jalaran saking karosanipun angungkul-ungkuli, ugi jalaran Jak anggadhahi akal tuwin pikiran linangkung kados limrahing manusa.

Ing salaminipun ngupadosi golonganing kêthèk bangkokan bangsanipun Akut wau, ingkang dipun têdha dening Akut tuwin Jak sabên dintênipun, bangsaning kidang mênjangan utawi sebrah. Angsalipun kewan-kewan wau limrahipun sarana dipun jêmparing dening Jak. Ing bab kasagêdanipun anjêmparing Jak, sasampunipun gêsang sataun laminipun wontên ing wana wau, titisipun sampun tanpa tandhing. Kajawi ngangge jêmparing, angsalipun kewan-kewan wau, kadhang-kadhang sarana dipun êjlogi saking sanginggiling wit-witan, dados kadosdene caranipun sato galak nubruk mangsanipun.

Ingkang kangge nutupi badanipun, Jak wau ngangge wacucaling lepar, bangsanipun sima. Dene anggènipun Jak mangangge wacucal lepar punika, botên sabab katarik saking raos kasusilan. Nalika Jak dipun dhawahi ing mimis dening băngsa kulit pêthak saandhahanipun wau, sakala punika karaos ing kamanusan lajêng wangsul dhatêng wataking kewan. Ingkang makatên punika sampun limrah mênggahing manusa, nanging tumrapipun Jak anglangkungi katimbang manusa limrah, punika kabêkta saking wataking bapakipun ingkang kala alit dipun gulawênthah ing sato galak. Anggèning piyambakipun ngangge wacucal lepar punika, salêrêsipun ingkang kapisan, namung badhe anêdahakên sarana bukti mênggahing kêkêndêlanipun. Sabab piyambakipun piyambak ingkang mêjahi lepar, tur anggènipun mêjahi namung sarana lading suduk kemawon. Warnining wacucalipun lepar punika pancèn sae, ingkang punika Jak lajêng tuwuh manahipun kêpengin ngangge wacucalipun wau. Lepar lajêng dipun kêlèti, sarta wacucalipun lajêng kaêpe. Ing sarèhning Jak botên sagêd ngulah wacucal, salajêngipun wacucal wau lajêng dados kakên, sarta ing wusana lajêng mambêt badhêg. Kanthi gêla sangêt ing wusana Jak kapêksa lajêng ambucal wacucal wau, nanging kapenginipun mangangge wacucal lepar botên sagêd ical. Amila sarêng ing satunggiling dintên wontên ing salêbêtipun wana Jak sumêrêp tiyang wanan mangangge wacucal lepar, tanpa manah panjang malih, saking sanginggiling wit-witan tiyang wanan wau ujug-ujug lajêng dipun êjlogi sarta lajêng dipun pêjahi sarana ladingipun suduk. Prêlunipun botên sanès namung badhe ngrêbat wacucalipun lepar ingkang dipun angge wau. Badhe kasambêtan.

Wara-wara

Ngaturi uninga, Petruk ingkang nuju kesahan, dèrèng sagêd ngintunakên pawartos punapa-punapa. Nanging ing samăngsa kintun, tamtu isi wartos ingkang nêngsêmakên.

Kaparênga nyarantosakên rumiyin.

--- 157 ---

Nomêr 40, 12 Oktobêr 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Rêngêng-rêngêng Minăngka Wulang.

[Mijil]

adrênging tyas sêdyamba mêwahi | angripta ginaon | amung karya ngenggar-enggar bae | anèng jagad kaputrèn kang jait | aywa dèn tambuhi | awit maksih kau ||

nadyan awon lamun migunani | nênangi pra sinom | nêring nala amrih widadane | nanggulangi tyas pating clêkunik | nandukkên tyas êning | nuju mring kang dunung ||

cinabaa bokmanawa bêcik | cinacak yèn cocog | cara bodhon kang arasa cècèg | cukup mênêng tan prêlu kumricik | ciptèng tyas kang sukci | caking karya cancut ||

rasa risi ing sajroning dhiri | ruwatên kang jêro | rêrapuhên pikirmu kang gorèh | rasakêna kang kongsi anggarit | ruharaning dhiri | ring tyas amrih wêruh ||

kulinakna anggêgêsang pikir | kang tabri pitakon | kabèh karya udinên bêcike | kanthi mantêp jroning tyas mrih bangkit | kangkat bisa ngukih | klawan tekad bakuh ||

dipun eling samubarang kardi | dêdalane dados | dudu băndha myang rupa wragade | dêstun amung utamaning budi | dununging pangudi | darma ambêk sadu ||

tindak-tanduk sarwa ngati-ati | titi lawan tlatos | tatas titis wicarane tètès | têmên mantêp ing sajroning ati | tuhu ngati-ati | tiniti mrih putus ||

solahbawa wicarane wasis | susila dhap asor | sumèh arum sumanak wuwuse | sirik lamun tumindak mring sisip | singa mulat asih | cuthik[5] akrêmusuk ||

wawan wuwus nora angêcuwis | wikan sêmuning wong | watakira tan purun dahuwèn | wani ngalah suthik dèn lêm luwih | wêweka katawis | wimbuh wruh ing kewuh ||

lah pan beda lan si goroh silip | lêlemeran ilon | labêt saking karêm lagu èlèk | lumrahira dèn êcap wong julig | lir setan si bêlis | laire kang alus ||

pintêrira lamun angêcipris | pan nèng tăngga dheprok | pating cruwèt ngrêmbug kucing gèpèng | pawadannya karya jampi papin | pat-patan wus komplit | pan sadina muput || Badhe kasambêtan.

Bok Sri W Rêmbang.

--- [158] ---

Pêkên Darma (Fancy Fair) Mevrouw de Jongeschool ing Batawi.

Ing bab pêkên darma, ingkang ing basanipun ngamănca dipun wastani Fancy-fair, punika sampun ragi kêlimrah dipun uningani ing ngakathah, awit lèrègipun dhatêng tindak tuwin dhêdhasar kautamèn, mila inggih sampun kêrêp dipun tindakakên wontên ing pasrawungan umum.

Sampun sawatawis dintên, warga pangrèh ing Mevrouw de Jongeschool ing Batawi, ngawontênakên pêkên darma, ingkang angsal-angsalanipun badhe katanjakakên kangge kabêtahaning pamulangan wau.

[Grafik]

Mevrouw de Jongeschool punika pamulangan èstri ingkang mulangakên ing bab babagan nyêpêng kabêtahan bale griya.

Ing pêkên darma wau kathah ingkang ngrawuhi, kakung putri golongan tiyang siti, Eropah tuwin Tionghwa. Nandhakakên bilih pêkên darma punika dipun wigatosakên ing ngakathah.

[Grafik]

Pêkên darma wau dipun pangajêngi ing panjênênganipun Radèn Ayu Adipati Abdulrahman, Radèn Ayu Adipati Arya Hasan, Sumadipraja (Bêtawi), Radèn Ayu Tumênggung Arya Kusumadinata, Mèstêr Kornèlês, Nyonyah Tumbelaka-Ditman tuwin Nonah Gunning.

Barang-barang ingkang kadhasarakên ing ngriku ingkang dipun pitongtonakên utawi dipun sade, katingal sae-sae, sami dêdamêlanipun para murid, kathah pêpajênganipun (gambar nginggil).

Ing dalu wau ugi kawontênakên têtingalan: srimpèn (gambar ngandhap) ringgit tiyang, gambar idhup. Salajêngipun kawontênakên dhansah, ngantos jam 12 dalu. Wilujêng.

Ing pamuji adêging pêkên darma punika andadosna kamajêngan tuwin santosanipun Mevrouw de Jongeschool.

--- 159 ---

Sinjang Lapis.

Sinjang lapis punika kêgolong latar pêthak, manawi dipun tingali sabrebetan, katingal sêratan prasaja sangêt, awit namung wujud pasagèn mencos tuwin mawi plênik sakêdhik, saha ing gambar punika katingal bilih pèninipun pinanggih wontên ing sêkaranipun. Dados sêratan lapis wau dipun anggêp dhêdhasar. Dene nama lapis, punika mêndhêt saking wêwangunan iris-irisan kuwih lapis.

[Grafik]

Tumrap para ahli nyêrat, sagêd amastani sinjang lapis ingkang kados makatên punika kêgolong kasar, saha ingatasing para ahli, lumuh anindakakên padamêlan kasar wau, punika sampun kêtarik dados wêwatêkanipun tiyang ingkang sagêd nyêrat, lumuh nindakakên padamêlan groboh.

Nanging wontên cara sanès, kêpêksa tumindak groboh, jalaran prêlu ngoyak bêtah. Têrangipun makatên:

Tiyang nyêrat sae (alusan), punika dangu, nanging pêpajênganipun ragi kathah. Dene nyêrat groboh, punika enggal rampung, sagêd kasade, sanadyan angsal-angsalanipun namung sakêdhik, lajêng kenging kaubêdakên bêtah sanèsipun.

Makatên malih tumraping tiyang ahli nyêrat, manawi ningali wujuding sinjang lapis ingkang kados makatên punika lajêng sagêd ngintên-intên mênggah prayogining isèn-isènipun, wusana lajêng wujud dados sêratan ingkang luwês saha sae. Dene cêthanipun, sinjang ingkang mawi buntal, bokèt sapanunggilanipun, punika sagêd nyamarakên dhêdhasaripun, lajêng kêndhih dening mubyaring sêsêkaran. Nanging tumrap ingkang ngrêtos, manawi nitik awon saening sinjang, punika mêndhêt saking dhêdhasaripun, upami kawung bokèt. Punika ingkang dipun taliti kawungipun.

Sinjang lapis kados ingkang kacêtha ing gambar, punika sampun kalêbêt cêkapan, manawi dipun agêm ing wanita, sampun pinanggih sae wontên ing sawangan. Pantêsipun dipun agêmi rasukan ingkang kêladuk dhêdhasar pêtêng.

--- 160 ---

Bab Olah-olah.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 80.

Sasampunipun mirantos sadayanipun, santên kênthêl lajêng kagodhoga kalihan gêndhis kalapa 2 tangkêb salirang, ingkang warninipun jêne, wontên ing wajan utawi kèncèng ingkang cêpèr (manawi kathah anggènipun olah prayogi wontên ing kèncèng) mawi kacoloka ing sarêm. Sasampunipun umob, gêndhisipun watawis sampun ajur, jladrèn (jur-juran galêpung) lajêng kauworna têrus kaudhak ing enthong utawi solèd, kaudhak têrus tanpa kèndêl, udhakan enthong utawi solèd wau prêlunipun sanadyan krakêt, nanging namung sawatawis, botên sagêd angêmplèk. Manawi kaudhak sampun kalis, botên anabêt dhatêng udhak-udhakanipun, inggih pratăndha yèn sampun sêpuh (matêng tanak yêktos), tumuntên kawadhahan ing baki kalambaran godhong pisang ingkang sampun kaoseran lisah klêntik, lajêng kawanguna pêsagèn mawi enthong suwalikipun, bilih sampun asrêp sarta akas, sawêg kenging kairis-iris. Intipipun kenging kasusuk, nama kêrengan.

Jênang kados makatên wau, nama jênang dodol, inggih jênang dodol punika bakuning jênang, ingkang ambukani kawontênanipun jênang awarni-warni, kados ta:

1e. jênang alot (glêpungipun wos kêtos), 2e. jênang grêndul, 3e jênang cocoh, 4e. jênang lahang, 5e. jênang sungsum, 6e. jênang lêmu.

lajêng jênang momoran: jênang pala, năngka, katès, blimbing, pêlêm, sapanunggilanipun.

Wajik.

Pangolahipun mèh sami lan pangolahipun jênang dodol, bedanipun kados ing ngandhap punika.

Uwosipun uwos kêtos, botên dipun glêpung, namung lajêng dipun dang kados pangêdangipun kêtos ingkang badhe kadamêl jadah, nanging botên dipun carubi parudan kalapa, kadamêl santên kados ingkang kangge jênang dodol, namung kaot botên mawi pêrêsan santên ingkang kaping tiga, awit botên ngangge ngêjuri jladrèn. Uwos kêtos ingkang badhe kawajik, sanadyan pangêdangipun botên mawi dipun karu, nanging pangêkumipun kêdah namung sakêdhap, amargi dening botên badhe kadhêplok kados jadah.

Dang-danganipun kêpara pêra, wosipun sagêda taksih katingal wêtah las-lasan, anggêr ing nglêbêt sampun botên anglêthis, lajêng kaêntasa. Badhe kasambêtan.

Nyai Pranata.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

 


kangge. (kembali)
sayêktos. (kembali)
Wontênipun. (kembali)
kenging dipun. (kembali)
suthik. (kembali)