Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 24, Rê Pa, 21 Sura Jimawal 1869, 23 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [357] ---

Ăngka 24, Rê Pa, 21 Sura Jimawal 1869, 23 Marêt 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Balapan baita.

[Grafik]

Untabipun têtiyang wontên ing lèpèn Musi nalika kawontênakên balapan baita kangge ngurmati rawuh dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana têdhak dhatêng Palembang.

--- 358 ---

Bab Kasarasan

Tas wadhah praboting dhoktêr ingkang dados titikan yèn dhoktêripun sampun lami paham utawi wêkêl panyambutdamêlipun.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 23.

Dr. H. saking bingah tuwin agênging manahipun, sanalika mèh ambruk, nanging lajêng sagêd nêtêgakên adêgipun, rainipun inggih bingar sanalika, ing batos ngucap sukur dhatêng Pangeran, dene piyambakipun sagêd mitulungi lare wau.

Dhoktêr lajêng mêndhêt pipa (conule) saking tasipun, dipun lêbêtakên ing bolonganing gurungipun lare wau, wêwah sakeca anggènipun nyêrot hawa.

Êrah ingkang wontên sakiwa têngênipun gulu lare dipun rêsiki, riyak utawi rêrêgêd ingkang mêdal saking bolongan wau dipun usapi mawi kapas, tuwin lare dipun sèlèhakên ing patilêmanipun, katingal bingar, ambêganipun sagêd lêga kados adat.

Lah sapintên bingahing bapa biyungipun, dene lare wau sampun sagêd mêlèk lan ambêganipun sakeca makatên.

Bêntèripun dipun ukur inggih sampun mandhap, pipa (conule) ingkang ngêdalakên rêrêgêd riyak utawi sanèsipun wau lajêng dipun rêsiki.

Sadalu natas Dr. H. namung sagêd lèyèh-lèyèh ing kursi ngriku sakêdhap. Biyungipun lare wau anggènipun mlêbêt ing sênthong tansah wongsal-wangsul prêlu ningali anakipun ingkang tansah mêlèk akrugat-krugêt.

Sarêng kalih jam malih, kintên-kintên jam 4 enjing, lare wau dipun suntik serum malih, dados kaping kalih punika panyuntikipun sagêd langkung sakeca, malah purun ngombe puhan utawi tèh barang, lajêng tilêm anglêr.

Sanajan Dr. H. botên tilêm sadalu, nanging kraos marêm ing manah, amargi sagêd nulungi lare wau.

Jam 6 enjing dhoktêr tangi saking kursi, wicantên kalihan mèsêm dhatêng bapa biyungipun lare wau: Wis saiki anakmu kêna kok arêp-arêp warase, mung pipa sing ana ing gurunge anakmu kuwe sabên-sabên rêsikana nganggo kapas iki, mêngko liya dina aku iya tilik mrene, sajêrone 10 dina anakmu mêsthi wis waras babar pisan.

Biyungipun lare katingal bingah sangêt saha maturnuwun dhatêng Dr. H.

Dr. H. ngombe wedang tèh kalihan ngadêg lajêng numpak kreta, bapakipun lare inggih tumut numpak, awit badhe mêndhêt jampi dhatêng apotheek.

Kintên jam 9 kreta mandhêg dumugi ing dalêm kadhoktêran R. Dr. H. kraos sayah sangêt, panganggenipun jas pantalon pating klunthung lan kêtêkuk-têkuk, tasipun têlês kêbês, gluprut lumpur.

Dr. R. lênggah ngajêngakên meja dhahar, rèhning sariranipun sampun ngaso lajêng katingal sêgêr. Kala samantên Dr. R. pinuju ngoncèki tigan satêngah matêng. Sarêng Dr. H. katingal dhatêng nyakêt meja, Dr. R. ngandika mèsêm: Sukur kowe têka,

--- 359 ---

mau bêngi sawêngi mêsthine kowe ora turu, tasmu saiki wis gluprut balêthok, rupane wis ora katara anyar, amarga wis ora kilêng-kilêng, dadi wong wis padha nganggêp yèn kowe kuwi dhoktêr kang wis kulina nindakake pagawean, tandhane ya tasmu sing wis lungsêt mêngkono iku.

Dhoktêr kêkalih lajêng sami sarapan.

Mênggah andharan ingkang kasêbut ing nginggil punika, kajawi awoning tas ingkang nandhakakên rêkaosing lampahipun dhoktêr ingkang nindakakên kawêkêlanipun, para maos têmtu sagêd anggalih pakèwêd tuwin susahipun, yèn mrangguli sêsakit ingkang nêmbe kasumêrêpan sapisan punika saha prabotipun dèrèng kasamêktan, kados ingkang dipun alami dening Dr. H. ing nginggil wau.

Dene padamêlanipun dhoktêr ingkang sampun tumindak sae, punika awrat têtanggêlanipun, langkung-langkung sawênèh dhoktêr ingkang kajibah nyêpêng bawah piyambak, prasasat botên gadhah wêkdal kangge ngaso utawi kangge manggihi tamu mirungga, awit kajawi saking ngrêksa têtanggêlanipun priyantun ingkang sampun mêsthi, botên kenging ngêmohi yèn wontên tiyang sakit ingkang gêgayutan padamêlanipun priyantun pulisi, ingkang wontênipun sawanci-wanci.

Dene dhoktêr ingkang taksih enggal dèrèng mapan anggèning praktijk manawi kêrêp mrangguli sêsakit ingkang anèh nêmbe sumêrêp sapisan punika, tuwin kêrêp manggihi tiyang sakit ingkang sampun kasèp utawi pakèwêd anggènipun nêtêpakên sêsakitipun, sarta ingkang dipun jampèni rambah-rambah tansah botên jodho, amargi pancèn sakitipun sampun sangêt, punika mêgahakên dhoktêripun, saha asring lajêng nalăngsa rumaos yèn sagêd anjampèni, malah dhoktêr[...][1]

[Iklan]

--- 360 ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak dhatêng Palembang

Kajawèn ingkang sampun kêpêngkêr ngêngrat[2] gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika wontên Tanjungpriuk badhe têdhak dhatêng Sumatra. Ing ngriki salajêngipun badhe ngêwrat gambar-gambar têdhak dalêm wau wontên ing tanah Sumatra sapiturutipun.

[Grafik]

Ing sisih punika gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nalika têdhak dhatêng Palembang wontên ing dalêm karesidhenan, ingkang ing ngriku ugi kawontênakên barising wadya kaurmatan.

[Grafik]

Gambar ngandhapipun, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana wontên ing kapal "Rigel" kaapit-apit ing Tuwan Residhèn (sisih têngên) lan Tuwan Bêsar Gêmistêr (sisih kiwa), nuju mriksani balapan baita (Kenceran) wontên ing lèpèn Musi, ingkang dipun wontênakên prêlu kangge pakurmatan rawuh dalêm, ingkang gambaripun kaêwrat ing sisih ngajêng punika.

Untabing baita ingkang kacêtha wontên ing gambar, punika ngatingalakên bilih kaarjanipun nagari Palembang punika gêgayutan kalihan lampahing toya. Mila botên anèh bilih ing ngriku punika dipun wastani nagari toya.

--- 361 ---

Wulang Sae

Makarya

Mijil

akèh mijil pakaryan mênuhi | iku ywa winaon | ananira awon miwah sae | ingkang sae yogya dèn kawruhi | anulya nglampahi | ingkang sae tuhu ||

nuhonana nala nalatèni | niru anon tiron | nonton conto kang pantês pintone | nelad nulad naliti nitèni | niyat miyatani | nilar kang tan dunung ||

cipta kêncêng ngancas marang bêcik | cak-cakane mencok | cikat cakut cakêp nora lècèk | caking gawe rinancang rinicik | cacade dèn ucik | cukup kanggo gacuk ||

rinewangan sarèh lan tabêri | rigên nora blero | rêroncène linuru nalare | rekanira lumaris lastari | rinêksa ing wuri | rinancang ywa kliru ||

kalakone yèn linakon kaki | kiyêng tan andhoko | kanthi akal gone nindakake | kas tawêkal wêkêl mungkul wiki | kulina têtèki | karbèn bisa mêngku ||

dèn waspada tanduking makardi | dimèn tan malendo | dêrênging tyas datan nêdya sande | dening kandêl-kumandêl ing budi | dinadar tan wêdi | dèn ceda tan bêndu ||

tumindake têtêp ngati-ati | tlatèn nonton conto | titèn ngrêtèn nastiti ubête | têmên-têmên tumêmên gumati | titiking pakarti | tita yèn umèstu ||

sabarang rèh kang sarèh ywa kongsi | sinartan pangoso | sing waspada mindêng pamawase | sèlèhira sayêkti kaèksi | sing bisa nguwisi | sagung kang pinêsu ||

wuse mawas maring samukawis | wikanana kang wos | wose luwês mring wajib tan nglèwès | wasis muwus waton tan cariwis | wis masthi cumawis | wohe nora kawus ||

lamun sanggêm lakonana nuli | linantih dèn alon | lênging nala ywa walang tumolèh | luput bênêr pilahe pinilih | liniling ginalih | linaras mrih luluh ||

pinardi tyas sumanggêm nyanggupi | pandak datan mopo | panggarape sinrêmpêng tan supe | pambabare pinantês kang rapi | pinurih ngrêsêpi | pinilah kang luput ||

dhêmên ngidhêp dhawuh kang ginêndhing | dhêdhasar cumadhong | dhong kajodhi dhinadhal mrih adhèng | dhenga-dhenga kang dhangan sinandhing | dhawuhe tinandhing | dhang-adhang yèn nyandhung ||

janji jêjêg[...][3]

--- 362 ---

dèn anggo | godhaning tyas ginuwang ge-age | gènnya nyêgah tangguhe jinagi | ginauwa ugi | gagasan lan minggu ||

budidaya cikbèn bisa nyambi | birat kang carobo | boya kêmba binudi mrih têmbe | bebas abis kabèh kang nyababi | babare nyawabi | barkah marang kalbu ||

thênging èsthi thak-thik ngothak-athik | thuke wus gumathok | thokthêle mung gumlèthèk jlêkèthèk | thèrèk-thèrèk kang kithal cinuthik | tharethekan mêthik | thuk-thukan kang mathuk ||

nganti mêngêng ngêngkêng moh pinênging | ngêse gawe mlêngong | ngăngka kongas nanging nora tèngèng | ngèngsrèng-èngsrèng tan mèngèng pinênging | ngira bangkit minging | nganti kaya pêngung ||

puntuning tyas êntyarsa sêsanti | wiryaa pra maos | widadaa basukia kabèh | arja bêgja jinurung sakapti | kula nyênyadhang sih | aminta pamêngku ||

Wirya Wiarja.

Kawontênan sarta Kamajênganing Nagari sarta Karaton Dalêm Ngayogyakarta Adiningrat

Sambêtipun Kajawèn nomêr 19.

Para abdi dalêm ingkang kagolong panèwu sêpuh.

Para wayah dalêm ingkang dèrèng angsal pangkat, [...][4] punakawan. 3. wadana kadipatèn. 4. prajurit. 5. prentah kapatihan. 6. [...][5] 7. anggandhèk. 8. wadana srati. 9. gêdhong kiwa. 10. kêparak[...][6] gêdhong têngên 12. sitisèwu. 13.[...][7] 14. panumping. 15. bumi[...][8] 17. kori.[9] 7. gêdhong têngên. 8. sitisèwu. 9. maos enggal. 10. panumping. 11. bumija. 12. maosan. 13. taman. 14. kori. 15. kapatihan. 16. pangulon. 17. lurah punakawan kaji. 18. prangrèh praja. 19. jaksa. 20. gladhag, 21. kadipatèn. 22. êncik. 23. kusir. 24. musik.

Para abdi dalêm ingkang kagolong mantri

1. bêkêl punakawan bêdhaya. 2. bêkêl punakawan gêdhong kadipatèn. 3. bêkêl sêpuh punakawan putra. 4. opêr wahmistêr langênastra. 5. panyomprèt. 6. bêkêl sêpuh punakawan. 7. patehan. 9.[10] bêkêl sêpuh punakawan kadipatèn. 10. buyut dalêm ingkang dèrèng angsal pangkat. 11. punakawan grêji. 12. kêparak kiwa para lurah. 13. gêdhong kiwa para lurah. 14. kêparak têngên para lurah pangrêmbe. 15. gêdhong têngên para lurah. 16. kori para lurah. 17. kadipatèn [kadipa...]

--- 363 ---

[...tèn] para lurah. 18. prajurit. 19. canggah dalêm ingkang dèrèng angsal pangkat. 20. kêparak kiwa. 21. gêdhong kiwa. 22. kêparak têngên. 23. gêdhong têngên. 24. sitisèwu. 25. maos inggal. 26. manumping. 27. bumija. 28. maosan. 29. taman. 30. kori. 31. kêpatihan. 32. pangulon. 33. pangrèh praja. 34. jaksa. 35. gladhag. 36. kadipatèn.

Para abdi dalêm ingkang kagolong mantri anèm.

1. pangrèh praja asistèn wadana. 2. bêkêl nèm punakawan. 3. bêkêl nèm kadipatèn. 4. prajurit. 5. kêparak kiwa para lurah para bêkêl. 6. gêdhong kiwa para lurah para bêkêl. 7. kêparak têngên para lurah para bêkêl. 8. gêdhong têngên para lurah para bêkêl. 9. jawi kiwa para bêkêl. 10. jawi têngên para bêkêl. 11. maosan. 12. taman. 13. kori. 14. kêpatihan. 15. pangulon. 16. pangrèh praja, mantri kabupatèn, mantri tăndha pamicis. 17. jaksa. 18. kadipatèn.

Para abdi dalêm ingkang pangkat bayaran

1. Punakawan bêdhaya. 2. punakawan gêdhong kadipatèn. 3. punakawan silir sapanunggilanipun. 4. punakawan kadipatèn. 5. prajurit. 6. kêparak kiwa. 7. gêdhong kiwa. 8. kêparak têngên. 9. gêdhong têngên. 10. sitisèwu. 11. maos inggal. 12. pangumping. 13. bumija. 14. maosan. 15. taman. 16. kori. 17. kêpatihan. 18. pangulon. 19. gladhag. 20. kadipatèn. Tamat.

Radèn Mas Dirjasubrata, Kêtandhan-Klathèn.

[Iklan]

Sêsorah Ing Radhio Saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 27 Marêt 1938, wanci jam 1/2 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Pengarang, penerbit dan pembaca; ingkang mêdhar sabda tuwan Armijn Pane.

--- [364] ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Jêrman kalihan Ostênrik.

Lêbêtipun wadya Jêrman dhatêng Ostênrik kenging dipun wastani tanpa sambekala, saha lajêng katingal manunggilipun, wiwit punika tugu-tugu watêsipun Jêrman kalihan Ostênrik lajêng dipun bucali, kanthi dipun sumêrêpi ing tiyang kathah.

[Grafik]

Gambar nginggil, Schuschnigg, Bon Kansêlir Ostênrik ingkang sampun lèrèh. Ngandhap: Sang Hitler ingkang nyêpêng pusaraning praja Jêrman tuwin Ostênrik

Wangsulipun Sang Hitler saking Wènên numpak motor mabur ginarubyuk ing motor mabur pambucal bom sagolongan, samargi-margi pinahargya kanthi raos sakalangkung gambira. Sadumuginipun ing Berlijn, ing papan anggêgana dipun papag ing tiyang pintên-pintên èwu, ing ngriku lajêng dipun bagèkakên dening Veldmaarschalk Goering, kanthi sêsorah ingkang suraosipun angluhurakên, salajêngipun Goering masrahakên panguwaos dhatêng Sang Hitler ingkang kasampirakên ing salêbêtipun Sang Hitler dhatêng Ostênrik, salajêngipun dipun sambêt wêdhar sabdanipun Dr. Goebbels ingkang suraos anglairakên gênging kabingahan, minăngka wêwakiling rakyat yutan ingkang wontên ing ngriku.

Kasambadaning sêdya punika, Jêrman anglairakên panrimah dhatêng Itali, rumaos bilih anggèning mêmitran pinanggih langkung supêkêt tinimbang ingkang sampun. Ingkang makatên wau, tumraping Jêrman ugi gêntos malês manawi wontên dêdamêlipun.

Kawontênan ing bab manunggilipun Jêrman kalihan Ostênrik punika, sanadyan nyatanipun Jêrman narajang prajanjian, nanging pinanggihipun têntrêm kemawon. Namung tumraping praja-praja sanès sami orêg, kêpêksa tumut ngraosakên tuwin ngawontênakên pamanahan ingkang langkung wigatos. Dene wigatosing pamanahan wau botên sanès namung ngudi supados tindakipun Jêrman ngêmungna samantên kemawon, sampun kêlajêng-lajêng. Nanging saupami Jêrman [Jêr...]

--- 365 ---

[...man] kêlajêng-lajêng badhe ngêlar dhatêng Tsjecho Slovakije, punika badhe wontên tandangipun nagari sanès, kados ta Ruslan sampun sanggêm badhe ambiyantu kintun wadyabala dhatêng Tsjecho Slovakije mêdal Polên kanthi mêksa, malah tumrap Inggris tuwin Prancis inggih botên purun kantun.

Kasamaraning nagari-nagari sanès wau, botên jalaran saking kasantosaning wadya Jêrman kemawon, ugi nyamarakên jalaran saking Tsjecho Slovakije punika kathah bangsanipun Jêrman, tamtunipun saupami Jêrman ngêlar mriku badhe anggadhahi daya panggèndèng ingkang tuwuh saking kabangsan. Makatên ugi tumrap ubat-ubêding lêlampahan, nagari-nagari sanès wau ugi nyamarakên dhatêng supêkêtipun Jêrman kalihan Itali. Dene kasamaran wau kawawas saking anggèning daya Itali malêbêt dhatêng Sêpanyol, măngka kêtitik wadya Itali ing Sêpanyol tansah pinanggih unggul, saha botên sande Sêpanyol badhe dados praja Pasis, inggih punika golonganipun Sang Mussolini, lajêng gêgandhengan kalihan Jendral Franco. Ing ngriku tamtu andadosakên kasantosanipun Itali, awit lajêng mumbul panggêsanganipun, dening ing Sêpanyol isi pêpêlikan măncawarni. Wusana pinanggihipun, sêgêripun Itali, inggih atêgês sêgêripun Jêrman.

Ingkang makatên wau tumrapipun Prancis kêpêksa badhe nyantosani bètèng-bètèng wontên ing watês sisih kidul, dene pabarisanipun badhe kapêcah dados kalih, ing sisih êlèr kangge anjagi Jêrman, tuwin ing sisih kidul kangge anjagi Sêpanyol inggih Itali.

Tumrapipun Inggris ugi tansah nyamarakên dhatêng tindakipun Itali, tuwin Inggris ugi tansah arekadaya badhe rêrêmbagan kalihan Itali, nanging anggèning rekadaya wau katingal botên wontên dayanipun. Măngka kasamaranipun Inggris dhatêng Itali ing wêkdal punika saya sangêt, inggih punika nyamarakên kêrêbatipun panguwaos ing Laut Têngah, awit mênggahing dêdamêl, ing wêkdal punika Inggris dèrèng jangkêp sadhiyanipun, dados saupami Itali tumindak sêrêng, sagêd mikantuki sangêt. Ebahing kawontênan sadaya wau, botên sanès saking kêtumusan manunggilipun Jêrman kalihan Ostênrik, tuwin gêgayutanipun Jêrman kalihan Itali ing wêkdal punika.

Ing sapunika sarêng Inggris sumêrêp tandangipun Jêrman ingkang kados makatên punika lajêng ngawontênakên kêkêncêngan ingkang tumuju dhatêng nagari sanès, inggih punika 1. Inggris botên sagêd namung badhe ngèndêlakên kemawon dhatêng tindaking nagari ingkang badhe dados sêsêkaring pêrang ing Eropah. 2. Bab makatên wau Inggris kêpêksa badhe angêmori damêl dhatêng nagari ingkang pasulayan. 3. Malah sagêd ugi Inggris kêpêksa ambiyantu dêdamêl dhatêng satunggiling nagari ingkang dados umpaning nagari ingkang andhêsêg.

Makatên ugi tumrap Ruslan, sarêng wontên lêlampahan kados makatên punika lajêng mêpêk wadyabala cacah 500.000 kapurih pacakbaris wontên watês Polên. Wadya samantên wau badhe kabantokakên dhatêng Tsjecho Slovakije, bilih samăngsa-măngsa Jêrman malêbêt mriku. Kados makatên tuwuhing ramèn-ramèn ing Eropah.

--- 366 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Pakualaman 125 Taun.

I.

Garèng: Idug, idug, tobat, tobat, tobat, Inalilahi wa ina…

Petruk : Sêtop, iki gênahe apa wong gumun, apa wong eram, nanging bok aja disaranani dongane wong mati mêngkono.

Garèng : Prêlune kowe bèn eling, Truk, brêgasa, gagaha, sugiha, lan pintêra dikaya ngapa, ora wurung iya dipêndhêm, mulane aja gêmaib, aja kumalungkung, lan aja pêthunthungan. Ora, Truk, kowe manganggo langênarjan kumplit, nganggo kêrmis barang, gênah-gênahe kuwi apa lorodan Pakualaman.

[Grafik]

Petruk : iya, Kang Garèng, mula iya nyata aku mêntas andhèrèk mahargya adêging praja Pakualaman ganêp 125 taun. Sanajan ulihku wis lagi dina Sêbtu kang kapungkur, ewasamono barêng aku krungu yèn kowe arêp mrene, aku banjur enggal-enggal dandan kaya ngene kiyi manèh, Kang Garèng, awit wong durung mantêp rasane atiku yèn durung kok sawang. Mara, sawangên saiki aku, Kang Garèng, mêncorong apa ora.

Garèng : Mula iya nyata, Truk, kowe katon mêncorong prasaksat kaya soroting… jlupak.

Petruk : Wèh, ha iya, ambalêrêt ane. Ora, Kang Garèng, sanyatane mono anggonku dandan mêngkene kiyi mung miturut dhawuh, dadi iya ora golèk gagah, ora golèk brêgas, utawa iya ora golèk manis, mung supaya bisa andhèrèk mahargya kang ora nyêbal pranatan. Dene ana wong wêruh panganggoku mêngkene iki, banjur kêlair têmbunge: wah, dawa, lo, kuwi wajibku mung muni alhamdulillah. Kala samono, Kang Garèng, kurang sacêplik bae aku mèh diarani bangsane… bupati.

Garèng : Lha, kuwi nèk uwong, lagi olèh angin sathithik bae, iya banjur kontan gêmbelengan salègêr mustakane. Wong ingatase Petruk bae, tanpa atêr-atêr tanpa pênambang, lagi macak kaya mangkono bae, rumasane [rumasa...]

--- 367 ---

[...ne] kurang sacêplik diarani bangsane bupati. Sing kanggo pathokan saèmpêr karo bangsane bupati kuwi apa, lan sing diunèkake kurang sacêplik iki apane.

Petruk : Amrih cêthane, Kang Garèng, saiki tak dongèngi dhisik kaanane para tamu ing astana Pakualaman. Kang Garèng: yèn kowe andêlêng agêm-agêman, iya tumrape agêm-agêman băngsa Jawa utawa băngsa Walănda sing èdi pèni iya ana ing pasamuwan kono, lan yèn kowe arêp mêruhi băngsa Jawa sing brêgas-brêgas, sing kèwês-kèwês, sing bagus-bagus lan sing gagah-gagah, iya ana ing pasamuwan Pakualaman kono. Agêm-agêmane băngsa Walănda ora prêlu tak caritakake ing kene, sabab iki ora beda karo ana ing liya-liya panggonan, jalaran sanadyan ana ing astana Pakualaman pisan, ora beda karo ana ing kamarbolah ing Batawi upamane. Iya ana agêm-agêman nyonyah Walănda sing gêgêre ciluk,… bah, bah, bah, babarpisan. Sing prêlu tak caritakake ing kene mung agêm-agêmane para tamu Jawa, Kang Garèng, nanging iya agêm-agêmane para kakung bae dhisik. Iki rupa-rupa bangêt, ana sing agêm-agêmane cara militèr blêjêt, ana sing agêm-agêmane cara Walănda tulèn, ngagêm rok-rokan irêng.

Garèng : Mêngko, sik, Truk. Sing ngagêm cara militèr kuwi mêsthine iya para luhur Jawa sing padha kagungan pangkat, opsir-opsir kae, iki aku kêrêp wêruh, Truk, katone pancèn iya brêgas-brêgas, cakrak-cakrak, lan mêtèntèng-mêtèntèng. Ana sing ngagêm cara Walănda rok-rokan irêng kuwi băngsa apa Truk, lan mungguh wujude apa iya brêgas-brêgas lan pantês.

Petruk : Sing padha ngagêm cara Walănda rok-rokan kuwi mêsthine iya băngsa Jawa sing apangkat utawa sing sathekruk balanjane, awit agêm-agêman sing kaya ngono kuwi sasayahira rêgane. Dene wujude sing akèh-akèh mula iya katon brêgas-brêgas têmênan, awit sêmune bae wis padha kulina ngagêm-agêm sing kaya ngono kuwi. Sanadyan kowe aku pisan, yèn nganggo-anggo sing kaya ngono kuwi, tak tanggung, Kang Garèng, saka brêgase, mêsthi bisa kalakon… pangling sing momong.

Garèng : Ha iya, nèk kaya kowe kuwi, saupama nganggo sing kaya ngono, mêsthine iya kaya… kontul kêcêmplung ing wêdêlan. Banjur para priyayi Jawa liyane ngagêm kêpriye manèh.

Petruk : Saperangan gêdhe padha ngagêm atelah, Kang Garèng, iki nèk aku ngarani: jas cêkak kang ing burine rada cincing, dadi kêna dikêrisi utawa bêskap ngarêpe potongan jas.

Garèng : Hla, nèk iki aku kêrêp wêruh, Truk, mungguhing panêmuku, agêm-agêman sing kaya ngono kuwi, brêgase mono ora patia, nanging katone gandês, luwês, kèwês, lan dhèmês, apa manèh yèn banjur kanggo anggunungsari Purbalinggan, cêkake, por têmênan.

Petruk : Wiyah, kok banjur nyandhak wong tayuban. Banjur aja lali, Kang Garèng, sing padha ngagêm [nga...]

--- 368 ---

[...gêm] atelah mau, sawêruhku ora ana sing ngagêm cênela, sêpatu, dalasan gapyak bae iya ora, alias tanpa lèmèk. Kajaba saka iku, ana manèh sing ngagêm-agêm langênarjan kaya aku kiyi, Kang Garèng, sing akèh-akèh padha ngagêm sêpatu utawa cênela, Kang Garèng.

Garèng : Sing padha ngagêm sêpatu kuwi mêsthine ngagêm kaos putih…

Petruk : Wayah, kuwi rak anggon-anggonane wong sing sikile gudhigên banjur dipêrban kae. Agêm-agêmane kaos mêsthine iya irêng ta, Kang Garèng.

Garèng : Mêngko sik, Truk, aku kok rada kodhêng. Miturut kandhamu ing ngarêp, sing padha atela-atelanan mau sasumurupmu padha tanpa lèmèk, sing ngagêm Langênarjan padha sêpaton lan padha cênelan. Lo, iki apa pancèn ana: nowètu niyat ingsun.

Petruk : Yak, kok kaya arêp subuhan mêngkono, nanging aku iya ngrêti mungguh karêpmu. Pancèn ing kono mula iya ana karêpe, iya iku kanggo ambedak-bedakake pangkat luhur karo pangkat cilik. Sing ngagêm-agêm atela, kuwi jarene băngsa wêdana, pênèwu, mantri lan sapadhane. Dene sing ngagêm langênarjan kuwi bangsane bupati munggah. Lo, kuwi jarene Kang Garèng.

Garèng : Toblas, toblas, mulane kowe banjur ngrumasani kaya bupati, sabab kowe manganggo cara langênarjan kuwi mau. Nanging kok banjur dilanjari unèn-unèn bupati kurang sacêplik. Nèk nyêkêl ngas, banjur ngiyat sanga, hla kuwi mèmpêr yèn diunèkake kurang sacêplik. Balik bupati kathik kurang sacêplik kuwi karêpmu kêpriye.

Petruk : Aku mau rak wis kăndha, sing padha ngagêm langênarjan kuwi umume yèn ora ngagêm sêpatu iya ngagêm cênela. Barêng aku, iya bênêr manganggo langênarjan kanthi kumplit, dadi iya nganggo kêris barang, nanging kok mêksa ora mêntala nganggo sêpatu utawa sêlop, alias sikile lagaran bae. Mara, apa ora kêna diunèkake kurang sacêplik anggone mèmpêr sang bupati.

Garèng : Sukur, sukur, dene kowe ora banjur mêndêm kêcubung, kuwatirku, dupèh kowe diparingi palilah andhèrèk mahargya, banjur jag-jagan. Sabab akèh bae wong sing diwènèhi ati, banjur ngrogoh rêmpêla, malah ngogrok-ogrok dhadha mênthoke pisan.

Petruk : Saakèh-akèhe uwong pancèn iya ana sing sok banjur mêndêm gadhung kuwi. Ana sing pasamuwan kono aku iya kêtêmu karo tilas kănca dhèk biyèn, aku karo dhèwèke kuwi biyèn iya mung kowe kowe aku aku bae. Nanging ing kala samono, sarèhne rok-rokan, iya banjur mêthongsot ana ing dhuwur bae, nganti ora kobêr nêmoni aku.

Garèng : Wayah, bokmanawa kagawa pangkate, ora kêna nêmoni wong cilik, ambok aja guru-guru andakwa sing ora-ora dhisik. Wis, saiki caritakna kaanane pasamuwan kono sing talêsih, lo, Truk.

--- [369] ---

[Iklan]

--- 370 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Residhèn Molukken. Miturut pawartos praja Tuwan H.J. Jansen, ingkang sapunika taksih wontên salêbêting pêrlop ing nagari Walandi, katêtêpakên dados residhèn ing Molukken.

[Grafik]

Tamu agung. Inginggil punika ngêwrat gambaripun Tuwan S.W.R.D. Bandaranaika, ministêr ing Ceylon, bangsa Indhu, ingkang dèrèng dangu dumugi tanah Jawi mêntas anjênêngi paargyan pèngêtan Australie jangkêp 150 taun wontên ing Sydney.

Pamulangan têtiyang bisu. Ing Wonosobo wontên bikakan pamulangan têtiyang bisu dening Dochters van Maria en Joseph. Zustêr kêkalih punika ugi sampun nate nyambut damêl wontên ing Doofstommen-Instituut ing Michielsgestel. Ingkang katampèn wontên ingriku botên mawi pilih bangsa. Sawarnining katrangan sagêd pitakèn dhatêng Overste Doofstommen-Instituut ing Wonosobo.

Tumindaking damêl niti barang kina. Ingajêng sampun nate kawartosakên bilih pakaryan babagan barang kina miji para neneman wêdalan A.M.S. afd. A. niti kawontênaning barang-barang kina. Ing wulan punika para neneman wau sampun wiwit tumindak ing damêl wontên ing papan-papan ingkang dipun têmtokakên. Barang-barang ingkang dipun priksa wau barang ingkang têtêp utawi ingkang sagêd ewah ingkang asli ing sadèrèngipun taun 1800. tumindaking damêl angsal pambiyantu saking pangrèh praja ingkang ambawahakên panggenaning barang ingkang dipun priksa, makatên ugi tumindaking palapuran ugi lumantar ngriku. Ing sadèrèngipun tumindak ing damêl kêdah sowan dhatêng pangagêng nagari ingkang ambawahakên rumiyin.

Panyuwunipun Mohammadiyah tumrap Ir. Soekarno. Ingajêng wontên panyuwunipun Mohammadiyah supados Ir. Soekarno kaparêngakên dados dirèktoring pamulangan têngahan Mohammadiyah ing Ngayogya. Bab punika sampun wontên dhawuhing parentah botên marêngakên.

Panularipun ama klapa. Panularipun ama klapa ingkang asli saking Ngayogya sampun dumugi ing Kêndalrêjo, bawah Kêdu. Klapa ingkang dipun pronggoli papahipun sampun wontên 140.000 uwit.

Mênado kawontênakên H.B.S. Jalaran saking adrênging panyuwun supados ing Mênado dipun wontêni H.B.S., ing sêmu panyuwun wau dipun parêngakên. Manawi kawontênanipun sampun nyêkapi, sagêd ugi kabikak wiwit benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika, katunggilakên kalihan pamulangan Mulo. Murid ingkang badhe malêbêt mriku kêdah examen rumiyin. Dados ing benjing tumrap para ingkang sami badhe sinau dhatêng H.B.S. botên pêrlu dhatêng tanah Jawi malih.

Pamulangan Luhur Dhoktêr. Katêtêpakên dados arts wêdalan Pamulangan Luhur Dhoktêr, R. Sumêru Purwoatmojo tuwin R.M. Abulkadir Mangkusubroto.

Tatanan tindak salingkuh. Pulisi ing Surabaya mêntas anggledhah griyanipun bangsa Arab ingkang kakintên nyêbarakên barang dagangan ingkang asli pêtêng. Panggenan ingkang dipun gledhah wau ngantos pintên-pintên panggenan, sami sagêd amanggihakên barang warni-warni. Sumêbaring barang-barang wau pancèn dipun tindakakên kanthi tatanan. Tumindakipun kanthi dipun biyantu ing baita saking Binongko, Selebes. Ing pulo ngriku punika sampun nate pinanggih kangge ngrimat rèk pêtêng kathah, dene aslinipun barang pêtêng wau saking Singapura. Salajêngipun sampun wontên tiyang tiga ingkang kêcêpêng. Malah salajêngipun wontên ingkang kêcêpêng malih tiyang sadasa, bangsa Arab, Tionghwa tuwin tiyang siti. Salajêngipun wontên pangintên bilih tatanan punika sampun anggadhahi babagan wontên ing Bêtawi, Cirêbon tuwin Sêmarang, lampahing pangintunipun barang mawi baita.

Ing Surakarta badhe wontên pamulangan luhur Islam. Wontên wartos, ing Surakarta wontên golongan Islam kanthi Dr. Satiman Wiryosanjoyo, gadhah sêdya badhe ngêdêgakên pamulangan luhur Islam. Ing sapunika sawêg ngawontênakên rancangan ingkang gêgayutan kalihan kêbêtahan wau.

Karaton Surakarta badhe angsal panduman saking arta salawe yuta. Miturut wartos karaton Surakarta badhe angsal urunan arta kathahipun f 52.000,- mêndhêt saking arta salawe yuta rupiyah. Arta samantên wau pêrlu kangge andandosi margi saking Surakarta dhatêng Madiun.

Pakêmpalan Zaakwaarnemers. Ing Purworêjo madêg pakêmpalan para juru ngêmbani prakawis (zaakwaarnemers). Pakêmpalan wau badhe gadhah atur dhatêng parentah supados kawontênakên tatanan panariking prabeya tumrap têtiyang ingkang nêdha pitulungan dipun êmbani prakawisipun.

Sêsêbutan Radèn Mas. Miturut dhawuh kêkancingan nagari Surakarta, tumrap panyuwunan sêsêbutan Radèn Mas, inggih punika tumrap para warèng, tumindakipun sami kemawon kalihan cara-caranipun nyuwun sêsêbutan Radèn.

Putrinipun B.K.P.H. Hadiwijoyo badhe bêksa dhatêng Medan. Wontên wartos bilih putrinipun B.K.P.H. Hadiwijoyo badhe bidhal dhatêng Medan nitih motor mabur. Mênggah wigatosipun badhe bêksa Indhu wontên ing pura Kasultanan Langkat, nyarêngi anggènipun badhe kagungan damêl mantu.

Panggaotan misaya ulam ing Banyuwangi. Panggaotan misaya ulam tuwin andamêl pindhang ing Banyuwangi pinanggih saya majêng. Ajênging panggaotan wau jalaran panumbasing sarêm sagêd angsal mirah. Pandamêling ulam kawadhahan ing blèg, ingajêng sabên dintênipun sagêd ngêdalakên satus, ing sapunika ngantos 2000 blèg.

--- 371 ---

Kawontênanipun ing Nieuw Guinea. Kawontênanipun panggêsangan ing Merauke tuwin Hollandia sarêng wontên awisan pados pêksi dewata lajêng pinanggih mundur. Tumrap kapuloan Aru tuwin Dobo, sarêng botên patos rame anggèning pados mutyara, tataning panggêsangan inggih suda.

Congres Ambtenaar Inlandsch Bestuur. Benjing tanggal 11 dumugi tanggal 18 April ngajêng punika, para Ambtenaar Inlandsch Bestuur badhe ngawontênakên congres manggèn ing Sêmarang. Ingriku ugi badhe dipun wontênakên sêsorah babagan paboyongan dening Tuwan A. Jonkers. Ing tanggal 16 kawontênakên darmawisata dhatêng karaton Ngayogyakarta, Sonobudoyo, Prambanan, tuwin Borobudhur. Ing tanggal 17 darmawisata dhatêng pajagalan gemeente tuwin waterloopkundig laboratorium ing Sêmarang.

Jêpan tumbas karèt. Miturut wartos, ing wêkdal punika Jêpan gadhah sêdya badhe mêwahi panumbasipun karèt dhatêng tanah ngriki, malah sapunika sampun katêtêpakên, panumbasipun karèt wau ngantos 5000 ton ing sabên wulanipun. Mênggah panumbasipun karèt Jêpan wau manawi kapetang saking panumbasipun karèt sadaya, wontên 40% piyambak.

Kintunan mrica saking Lampung. Miturut katrangan saking Centraal Kantoor voor de Statistiek, kintunan mrica saking Lampung ing wulan Februari 1938 pinanggih majêng. Ingkang kakintunakên mêdal ing Oosthaven, kajawi dhatêng Singapura, wontên 10.623 kg, awarni mirca[11] pêthak tuwin 1.055.313 kg mrica cêmêng. Saking Kota Agung ngintunakên 72.213 kg mrica cêmêng.

Nyantuni tanêman. Pabrik gêndhis Panggungrêjo, Jawi-Wetan, sampun dangu botên nanêm rosan, ing sapunika wontên ada-ada santun nanêm rosella, pasitèn ingkang dipun tanêmi wontên 250 bau. Pinanggihipun tanêman wau mikantuki, mila salajêngipun badhe njêmbarakên tanêman wau.

Durjana pêngpêngan kêcêpêng. Ing Surakarta mêntas wontên tiyang jalêr mangangge pantalon malêbêt ing toko mas lajêng badhe tumbas barang warni-warni rêgi f 1356,-. Nanging barang wau sarêng sampun dipun tampèni, tiyang ingkang tumbas wau lajêng ngêthungi pistul, saha lajêng oncad. Sarêng dipun lokakên lajêng malêbêt ing griyaning tiyang, badhe dhatêng radinan mêdal payon, wusana sampun dipun cêgad ing pulisi, kacêpêng, barang taksih jangkêp.

Kintunan badhe nikkel saking tanah ngriki. Kapal Kêdu sampun bidhal saking Makasar ambêkta badhe nikkel, badhe kabêkta dhatêng Jerman. Kintunan wau nandhakakên bilih pamelikipun angsal damêl.

Boyongan dhatêng Lampung. Miturut wartos benjing tanggal 29 wulan punika Kabupatèn Malang badhe ngintunakên têtiyang boyongan dhatêng Lampung. Miturut papriksan, sasampunipun katiti, têtiyang ingkang badhe boyongan wau wontên 110 kulawarga, isi 400 jiwa.

Ama klapa ing laladan Bêtawi. Miturut panitipriksa, ing laladan Jawi Kilèn punika awis kêtrajang ing ama ulêr klapa. Nanging ing sapunika ing bawah Bêtawi wontên tanêman klapa ingkang nama ulêr Brachartona tuwuh. Padhusunan ingkang kêtrajang wau ing bawah ondêr dhistrik Cêngkarèng, dhistrik Tangêrang, wit klapa ingkang kêtrajang wontên 900 wit. Salajêngipun sampun kawontênakên rêrigên nanggulangi ama wau.

Telefoon ingkang automatisch. Trumrap tanah ngriki sampun dangu nindakakên cobèn-cobèn migunakakên telefoon automatich, pinanggihipun marêmakên. Ing salajêngipun cobèn-cobèn wau badhe katêtêpakên kangge pêrluning pangrèh praja ing Jawi Kilèn. Tindak punika badhe sagêd pinanggih irid.

[Iklan]

NAGARI WALANDI.

Manggihakên kuburan kina. Burgermeester ing Breda Tuwan van Slobbe, suka sumêrêp dhatêng parêpatan gemeenteraad, bilih commissie ingkang rumiyin piniji niti kawontênanipun kuburan kina, ing sapunika sampun manggih wohipun, sagêd manggihakên saha kenging kapasthèkakên pakuburanipun Graaf Hendrik III van Nassau, Rene van Chalons, Prins van Oranje, Anna van Buren, garwanipun Prins Willem I van Oranje tuwin sanès-sanèsipun.

EROPA.

Paprangan ing Sapanyol. Miturut wartos saking Barcelona, ing papan ngriku mêntas dipun têmpuh sarana bom, wontên tiyang ingkang tiwas 600, nandhang tatu 1000. Sasampunipun punika dipun ambali malih katêmpuh saking gêgana, pêpêjah saha nandhang tatu langkung kathah. Vice Consul prancis nêmahi tiwas, Consul general Prancis, Pinet nandhang tatu.

ASIA.

Paprangan ing Tiongkok. Miturut wartos saking Hankow, ing salêbêtipun minggu kêpêngkêr, wadya Jêpan kalih golongan ingkang baris wontên margi sêpur antawising Peiping kalihan Hankow sagêd nyirnakakên wadya tuwin têtiyang ing Tiongkok cacah 200.000, tuwin nyirnakakên griya cacah 50.000. Nanging wadya Jêpan ugi manggih karisakan agêng.

Jêpan badhe damêl babagan anggêgana langkung agêng. Miturut wartos, Jêpan badhe damêl babagan anggêgana, ingkang agêng piyambak ing saindênging donya. Waragadipun badhe wontên 12.000.000 yen, kalêbêt ing rantaman waragad taun 1938, dununging papan anggêgana wau wontên sacêlakipun Yoto, botên têbih saking Tokio. Kintên-kintên badhe rampung wontên ing taun 1940. Papan-papan anggêgana ing sapunika jêmbaripun wontên 100 acres, dene papan anggêgana ingkang badhe dipun damêl punika jêmbaripun wontên 450 acres.

AFRIKA.

Olympiade 1940. Comite Olympiade International ing Mesir, nêtêpakên adêging Olympiade ing Tokio ing taun 1940, anduwa wêwatonipun Tiongkok.

Kaizer Haile Selassie ngêmohi rêmbagipun Italie. Miturut wartos, awit saking kajêngipun Italie, tilas Nata Ngabêsi Haile Selassie dipun aturi wangsul dhatêng Ngabêsi, supados marentah satunggiling laladan ingkang jêmbar kanthi panguwaos agêng kaayoman Italie tuwin angsal arta pitulungan ing dalêm sataun 10.000 pondstering. Bab punika Nata Ngabêsi botên anyanggêmi. Panarosipun Italie ingkang makatên wau tumrapipun Nata Ngabêsi anggèning botên purun nampèni, amargi dumuginipun sapunika têtiyang Ngabêsi taksh[12] têrus nglawan. Ingkang makatên punika nyulayani kalihan kajênging rakyat ingriku anggèning taksih kêpengin mardika.

AMERIKA.

Angin agêng ing Amerika. Miturut wartos saking New York, ingriku mêntas dipun têmpuh ing angin agêng narajang pitung nagari ing sakidul kilèn Amerika Sarikat. Ing kitha Belleville wontên tiyang 7 ingkang tiwas, nandhang tatu 50 tuwin tiyang ingkang kecalan balegriya 400. Tilasing angin ingkang narajang ngriku katingal ngantos 30 km. Taksih kathah panggenan sanès-sanèsipun ingkang manggih karisakan.

--- 372 ---

Wêwaosan

VII Lêlampahanipun Mikalyapotok.

60

Sarêng sampun rampung pandamêlipun luwangan kuburan, ingkang sakalangkung wiyar tuwin lêbêt, pêthi agêng wau ingkang kalêbêtakên ing luwangan ngriku rumiyin tuwin layonipun Sang Miryah, sasampunipun Mikalya lajêng lumêbêt ing ngriku, kanthi ambêkta japit tuwin watang sangang iji tuwin sawarnining têtêdhan punapadene unjuk-unjukan ingkang sakintên anyêkapi kangge têdha tigang wulan dangunipun. Sasampunipun makatên, pêthi wau lajêng katutup, tuwin luwanganing kuburan kaurug siti.

Jalaran wontênipun kadadosan ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, ing papan ngriku lajêng wontên kuburan enggal, ingkang kenging kaupamèkakên kadosdene satunggiling pasêksèn bilih kawontênan ing donya punika botên wontên samubarang ingkang langgêng. Dene mênggah bedanipun kuburan-kuburan ingkang lami, kajawi kuburan enggal punika wiyar sangêt, ing ngriku wontên dhadhungipun ingkang tinangsulan kalihan ing salêbêting pêthi wau, sêsambêtan kalihan jam ing salah satunggiling gareja ing salêbêtipun kitha.

Wiwit siyang dumuginipun dalu Mikalya tansah linggih wontên ing sacakêtipun layoning semahipun. Sarêng dhawah ing têngah dalu, inggih punika ingkang kacariyosakên, wancinipun jim setan pri prayangan mêdal saking papan pandhêlikanipun, ing ngriku Mikalya dumadakan lajêng anggadhahi manah ajrih tuwin kuwatos. Amrih sagêdipun suda raosing manah kêmarasan wau Mikalya lajêng nyumêd lilin ingkang sagêd amadhangi sawatawis ing salêbêtipun pêthi ngriku. Sarêng kintên-kintên jam kalih wêlas dalu lêrês, lajêng wontên sawêr ing sadhasaring bumi anyakêti pêthi agêng wau. Pangêsêsipun sawêr sakalangkung sora lan anggêgirisi ngantos Mikalya kagèt saking anggènipun kèndêl anggagas-gagas sarta sumadhiya nêdya tumandang. Salajêngipun sawêr nuntên andilat balêbêt tosan ingkang angubêngi pêthi wau. Sanalika blêbêt wau lajêng bêjat saha pêthinipun mênga, sanalika punika sawêr lajêng lumêbêt ing pêthi. Sarêng sumêrêp prajurit ingkang lênggah wontên sacêlaking layon, sawêr katingal bingah sangêt saha lajêng wicantên makatên:

Hla dalah, bêngi iki aku olèh mêmangsan kang enak bangêt. Ing kene aku ora ngêmungake nêmu mêmangsan bangkene wong wadon, uga nêmu wong urip.

Sasampunipun cariyos makatên, sawêr lajêng nyêmbur-nyêmbur ngêdalakên latu, mênggah pikajênganipun supados daya latu wau, sagêda matêngakên manusa ingkang taksih gêsang punika, ingkang lajêng kenging kamăngsa sanalika. Ing sakawit Mikalya kraos ajrih, nanging botên watawis dangu kêkêndêlanipun lajêng pulih malih. Piyambakipun lajêng enggal-enggal nyandhak japitipun tosan, ingkang kangge anjapit êndhasing sawêr. Sarana watang tosan, badaning sawêr lajêng dipun gêbagi sakiyatipun. Anggènipun anggêbagi ngantos nêlasakên watang tosan tiga, nanging pun sawêr babak kemawon botên, malah badanipun Mikalya lajêng kagubêt kêncêng. Mikalya lajêng nyandhak watang timbêl, ingkang ugi lajêng kangge anggêbagi sawêr. Watang timbêt[13] tigang iji ajur sadaya, ewasamantên sawêripun mêksa botên barang-barang. Tujunipun êndhasipun sawêr tansah dipun japit kêncêng, saupami botêna, Mikalya tamtu sampun pêjah dening kaklêthak ing sawêr wau. Pungkasanipun Mikalya lajêng nyandhak watang têmbaga, yasanipun para pandhe băngsa ngulami, ingkang pandamêlipun watang wau sarana japa măntra. Sarêng watang punika kadhawahakên ing badanipun sawêr, sanalika sawêr botên gadhah daya malih, sarana angarih-arih pun sawêr lajêng wicantên dhatêng Mikalya makatên: O, satriya, mugi panjênêngan sampun amêjahi dhatêng kula, manawi panjênêngan krêsa anggêsangi kula, ing mangke panjênêngan kula aturi jimat awarni toya, ingkang sagêd adamêl waluya kados ing wingi uni dhatêng garwa panjênêngan ingkang sampun seda punika.

Nanging Mikalya botên pitados dhatêng têmbungipun sawêr wau, sarta lajêng wicantên makatên:

He, ula rêrêgêding donya, kowe iku pancèn julig, nanging aku ora pitaya mênyang gunêmmu iki mau babar pisan, yèn caritamu ora goroh, mara salah siji anakmu undangên mrene, minăngka pandadaran nyata utawa orane kandhamu mau.

Sawêr wau lajêng ngêsês sora sangêt, lan botên watawis dangu lajêng wontên sawêr alit dhatêng ing ngriku. Mikalya sanalika ngêculakên sawêr agêng wau, ingkang lajêng enggal-enggal nalosor nuju dhatêng sagantên prêlu mêndhêt toya panggêsangan ingkang kajanjèkakên ing nginggil. Badhe kasambêtan.

__________

Isinipun: Balapan Baita, - Tas Wadhah Prabot Dhoktêr - Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak Dhatêng Palembang, - Makarya, - Kawontênan Sarta Kamajênganing Nagari Sarta Karaton Dalêm Ngayogyakarta Adiningrat, - Kawontênan Ing Tiongkok, - Praja Pakualaman 125 Taun - Kabar Warni-Warni, - Wêwaosan, - Jagading Wanita.

--- 45 ---

Nomêr 12, 23 Marêt 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Mêgatruh.

Sambêtipun Jagading Wanita, Kajawèn Nomêr 22.

Lamun cuwa aja kawistarèng sêmu | ing laire dèn sêngadi | kalamun condhong satuhu | supaya katon guyubi | iku aran bisa momong ||

Lamun mutung ywa andlarung kongsi liwung | mundhak pêtêng jroning ati | kuwuring tyas wimbuh bingung | wêkasan kaduwung wuri | săngga uwang dhêlog-dhêlog ||

Lamun nêpsu aja katon anèng sêmu | candhêtên sajroning ati | mamrih tan ana kang wêruh | supaya kalis ing liring | iku aran bisa ngêmot ||

Lamun susah dèn tuwajuh jroning kalbu | aywa pisan angrêrintih | anggrêsah kang tanpa dunung | mundhak muwuhi kang sêdhih | bêcik pasrah mring Hyang Manon ||

Lamun gêtun kaduwung ywa banjur jêtung | eklasna ing lair batin | jêr aran barang kabanjur | luwih bêcik angelingi | tindak kang bakal linakon ||

Lamun suka ywa katara tindak-tanduk | prayoga kang rèrèh ririh | myang ywa kawistarèng sêmu | murih datan dèn èncêpi | mring liyan kang ora cocog ||

Lamun sênêng dèn antêng ywa kongsi gadhuh | mundhak ingewanan janmi | winastanan ngaji pupung | pikolèhe nandur sêrik | ora wurung mnundhak satron ||

Aywa sugal wangkal wangkot miwah lêngus | sêrik ingatasing èstri | mundhak ingaran wong cubluk | tan wêruh ing bênêr sisip | prasasat kadi wong bento ||

Aywa mingkuh yèn binobot ing pakewuh | tumindaka kang mrantasi | duga prayoga dèn emut | kaprayitnan aywa kari | iku aran ngatos-atos ||

Ywa kumini kumintêr sabarang kayun | yèn tan bangkit angrampungi | pikolèhe gawe masgul | wirang isin kang tinampi | ngilangkên piandêling wong ||

Ywa kumingsun dupèh sira uwus punjul | mumpuni sabarang kalir | banjur nglangak pindhanipun | rumasa tan ana janmi | tan wurung manggih pakewoh ||

Titi tutup pan jinugag ingkang kidung | mugi paringa aksami | ngèngêti kithaling têmbung | tan isin dipun èsêmi | mila namung măngsa borong ||

Bok S.W.

--- 46 ---

Prêluning Jêjodhoan.

Kamajêngan donya punika, wiwit kina-makinanipun ngantos sapriki, sayêktosipun andamêl kawontênan warni-warni, sarta tataran manut jamanipun, makatên ugi bab jêjodhoan botên kantun, ugi warni-warni mênggah tatacara tuwin tumindakipun. Ing ngriki botên prêlu kula têrangakên panjang-panjang, jêr para maos sampun sami priksa., upaminipun, jêjodhoan cara modhèrên, inggih punika nyara băngsa kilenan ngangge têtêpangan (verloof) rumiyin. Wontên ugi ingkang taksih nyara kina, tanpa kataros, manut punapa ingkang dados pamilihing (pikajênganipun) para sêpuh kemawon. Punika sadaya botên badhe kula rêmbag ing Jagading Wanita ngriki, mênggah bakuning pikajêngan kula, namung mêndhêt saprêlunipun kemawon, inggih punika prêluning jêjodhoan. Sanajan tatacara tuwin tumindakipun warni-warni, tamtu botên badhe oncat saking baku, inggih punika prêlunipun, awit sadaya tindak punika mêsthi wontên pamrih utawi paedahipun.

Sampun dados pikajênging alam, bilih satunggal-tunggaling pangawak, ambêtahakên dhatêng gêsang bêbrayan, makatên ugi badan jasmani (wadhag) tuwin rukani (alus) inggih kêmpal. Mênggah kêmpaling badan jasmani kalayan rukani punika anukulakên (ngawontênakên) hawa napsu (pikajêng). Ing măngka wujudipun jumbuh ing (kêmpalipun) badan jasmani kalihan rukani botên sanès inggih wujuding tiyang gêsang punika. Saha tiyang gêsang punika wontên kalih awak-awakan. Satunggal pangawak jalêr, satunggalipun pangawak èstri, ingkang kalih-kalihipun gadhah pikajêng gêsang bêbrayan, cêthanipun bêtah dhatêng jêjodhoan.

Wondene mênggah bakunipun, prêluning jêjodhoan, kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

1. Anjagi ing satunggal-tunggaling awak-awakan, sampun ngantos anindakakên lampah ingkang botên prayogi.

2. Andhapuk babadan alit ingkang prêlu nata dhatêng saening bale griya ingkang sarana dhêdhasar katrêsnaning gêsang bêbrayan.

3. Ngawontênakên turun (andhêdhêr wiji) ingkang badhe nyambêti.

Dados cêtha, manawi wontên tiyang gêsang bêbrayan, ing măngka salah satunggalipun nindakakên ingkang nyulayani bakuning prêlu, ingkang kasêbut ing nginggil, punika lajêng kalayan gampil kula wastani botên nêtêpi prêluning jêjodhoan, punika tumrap kangge kula. Dene manawi tumraping sanès, namung kula sumanggakakên.

Biyang Sadala, Kabongan.

--- 47 ---

Bab Olah-olah.

Bothok

Mêtir ingkang cêkapan sêpuhipun kaoncekana kaangkah isinipun watawis 1 cangkir, nuntên kagodhog, amaruda klapa ingkang ênèm 1 gluntung, lombok ijêm 10 iji kakêthok cêkapan, gêrèh têri kabucal êndhasipun. Bumbunipun: brambang, bawang, sarêm, kêncur sakêdhik nuntên kaulêg lêmbat, mêtir ingkang kagodhog wau lajêng kaêntas kacampur kalihan klapa saha bumbu wau, lajêng dipun wungkusi, sabên sawungkus mawi salam salêmbar, nuntên kalangsêng samatêngipun.

[Grafik]

Rara Sutinah.

Trancam

Mêtir cêkapan kaarah isinipun, kèpèk karajang ingkang lêmbat, slèdri, timun ugi karajang. Bumbunipun: bawang, kêncur, gêndhis, lombok abrit kabucal isinipun, sarêm, sadaya kaulêg lêmbat, nuntên kacampur kalihan parudan kalapa, nuntên kacampurana brambang ingkang karajang tipis.

Kula: Sutinah, Cililin-Bandhung.

Bècèk Menda.

Bumbu bècèk punika sami kemawon lan bumbu gule, namung kaot sawatawis, inggih punika yèn bumbu bècèk, mawi parudan kalapa sêpuh dipun gorèng tanpa lisah, lajêng dipun pipis alus tuwin tanpa lombok, ulamipun tanpa dipun kêlèti, namung kakêrok ingkang rêsik. Dados kakatutakên sakulitipun. Bècèk punika kêdah kênthêl ngantos litrêk-litrêk pindha pindhang, mila kalêbêt ing basa wangsalan: pindhang lulang=kacèk apa. Pangêmuning raos lêgi kêdah kaangkah namung mănda-mănda kemawon.

Opor Bèbèk

Ulam bèbèk sasampunipun kapanggang ngantos sêmu abrit sumringah, lajêng ngracika bumbu: sarêm, traos, brambang, bawang, tumbar jintên, salam laos, crême utawi blimbing wuluh, lajêng kacaruba lan parudan kalapa sumantên. Panggangan bèbèk kapotheng-pothenga (kacuwilana agêng-agêng) satunggal-tunggaling pothengan kapopoka ing bumbu kêpara kandêl angêmplèk, ulamipun sampun ngantos katingal, lajêng dipun êpèsana, nuntên kaêdanga, lajêng kagarang ing sangan, ngandhap nginggil pes-pesan kalambarana godhong pisang, ing nginggil katindhihana sela utawi barang sanèsipun ingkang awrat (opor ayam: botên susah mawi kapanggang rumiyin).

Opor punika awarni kalih, ingkang sawarni nama [na...]

--- 48 ---

[...ma] opor kêring, inggih kados ingkang sampun cinêtha wau, ingkang satunggalipun warni malih nama opor têlês, bumbunipun sami, namung parudanipun kalapa kêdah dipun dadosakên santên, lan kêdah kêndêl dhatêng santên (kathah) kajawi ulam bèbèk, botên susah mawi dipun panggang, dados manawi ulam ayam cêkap namung lajêng kagodhog ing wajan lan santên ingkang sampun dipun bumboni. Panggodhogipun kêdah ingkang ngantos umob marambah-rambah, bilih duduh wau sampun kantun nyêmêk-nyêmêk kemawon, punika pratăndha yèn sampun tanak. Opor têlês botên susah mawi crême utawi blimbing wuluh.

Nyai Pranata.

Sinjang Lung-kêstlop.

Sinjang lung-kêstlop punika bangsaning cêplok, wontên latar cêmêngipun, wontên latar pêthakipun. Golongan sinjang luwêsan dipun agêm priyantun kakung tuwin putri pantês kemawon. Kangge pameran kenging, kangge padintênan botên ngêgètakên.

Tumrap jodhonaning pangangge dipun mori punapa kemawon purun, upami dipun ênggèni rasukan dhêdhasar pêthak (tumrap putri) sagêd malela dening wontên latar cêmêngipun. Manawi dipun ênggèni rasukan dhêdhasar cêmêng, katingal cêthaning latar pêthakipun. Sinjang lung-kêstlop punika kêgolong sinjang alusan. Dumugining masêmipun, manawi dipun agêm padintênan golongan putri, ngatingalakên prasajanipun.

Nama lung-kêstlop punika angèl anggènipun anêgêsi, asli saking punapa. Wontên ingkang cariyos, mênggah lêrêsing namanipun: lung-kêstop, mêndhêt saking sêtop (Stof) basa Walandi. Ingkang dipun tulad mêndhêt saking sêkaraning renda.

[Grafik]

Namung tumraping sinjang kados makatên punika limrahipun namung dipun rêmêni ing priyantun Surakarta piyambak, tumrap wontên sajawining Surakarta, bangsaning cêplok punika botên dipun rêmêni, amargi dipun wastani sinjang ingkang botên wontên sumêblakipun.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [373] ---

 


Naskah rusak. (kembali)
ngêwrat. (kembali)
Naskah rusak. (kembali)
Naskah rusak. (kembali)
Naskah rusak. (kembali)
Naskah rusak. (kembali)
Naskah rusak. (kembali)
Naskah rusak. (kembali)
Naskah rusak. (kembali)
10 Seharusnya 8, dan selanjutnya. (kembali)
11 mrica. (kembali)
12 taksih. (kembali)
13 timbêl. (kembali)