Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Image

Ôngka 44, Rê Pa, 2 Bakdamulud, Jimawal 1869, 1 Juni 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Innalillahi, wa inna ilahirajiun - Pambaptis dalêm putri Beatrix - Paboyongan ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul Ingkang Wiwitan - Rêsèpsi Para Bupati ing Pura Bogor - Aksara Gêndhing - Kasusilan - Tamu Agung ing Karaton Surakarta - Kêthoprak Darma Mudha - Kawontenan sajawining praja ­ Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Innalillahi, wa inna ilaihirajiun

Kalanganipun bôngsa kita anjêgrêg dening mirêng kabar bilih Dr. R. Sutama tilar donya. Anjêgrêgipun dening rumaos katilar panuntun, ingkang pantês sangêt inguyun-uyun, saking anggènipun kadunungan watak-watak ingkang pancèn sae tumraping panuntun, sarta awit saking anggènipun suci lair batosipun.

Tiyang ingkang gadhah niyat ngajêngakên bôngsa, kathah, nanging ingkang kajêngipun alêlambaran manah suci, auwat-uwat panggayuh luhur kadosdene Dr. R. Sutama, angèl pados-padosanipun.

Mila tumrap bôngsa kita badhe ngêlih: paraning trêsna, saking dhoktêr Sutama dhatêng tiyang sanès, kados-kados lôngka sagêdipun.

Mugi-mugi katrêsnanipun bôngsa kita dhatêng Dr. Sutama wau amadhangna marginipun, sarta anjêmbarna kuburipun ngantos dumugi katampinipun dhatêng ingkang Maha Agung.

Makatên ugi tumrap bôngsa kita ingkang katilar sarta ingkang angudi ajênging bôngsa tuwin nusa, mugi-mugi trêsnanipun dhatêng Dr. Sutama wau dadosa jêjangêt ingkang prêmati, anggampilna rukunipun, nêbihna êcrahipun, minôngka pamêtrinipun dhatêng ingkang sampun wangsul dhatêng jaman kalanggêngan.

--- [670] ---

Pambaptis Dalêm Putri Beatrix

[Grafik]

Kados ingkang sampun kawartosakên ing Kajawèn kala tanggal 12 Mèi punika, Putri Beatrix kalampahan sampun dipun baptis wontên ing greja agêng ing Den Haag, kanthi pahargyan karajan. Kathah tamu para luhur saking môncapraja, sri nata ing Bèlgi ugi anjumênêngi.

Ing kala punika sawarnining lampah wiwit saking kadhaton ngantos dumugining greja tuwin salajêngipun, kasêbarakên lumantar radhio. Ing ngriku ugi kamirêngan nalika Putri Beatrix muwun. Ingkang kacêtha ing gambar punika kawontênan ing salêbêting greja. Putri Beatrix dipun bopong ingkang ibu.

--- 671 ---

Paboyongan ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul Ingkang Wiwitan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 43.

Sarêng tanggal 19 Mèi panjênênganipun asistèn wadana enggal ingkang badhe dados pangagêng ing ngriku rawuh. Kula lajêng nêpangakên, asma Radèn Supangat Prawira Adiwinata. Rawuhipun sagarwa putra, nanging garwa lan putra katilar wontên pasanggrahan Pêngaron. Panjênênganipun rawuh kalihan tuwan kontrolir sarta asistèn Kyai Pêngaron. Panjênênganipun asistèn wadana enggal punika waunipun dados asistèn wadana Tanah Merah, Madura, tampi dhawuh saking pangagêng, supados pindhah dhatêng Pêngaron, Borneo sisih kidul, kangge mangagêngi tiyang-tiyang paboyongan. Panjênênganipun Radèn Supangat Prawira Adiwinata wêdalan Opledhêngsêkul. Panjênênganipun wau têpanganipun dhatêng sintêna sae sarta grapyak. Botên ngagungakên dhatêng pangkatipun. Panjênênganipun manggèn ing pasanggrahan Pêngaron, awit dalêm asistenan dèrèng rampung kagarap, jam 2 siyang panjênênganipun kondur dhatêng Pêngaron. Mèh sabên dintên panjênênganipun ugi rawuh dhatêng papan paboyongan.

Tanggal 22 April, padamêlan kula rampung, lajêng enjingipun kula tata-tata badhe wangsul. Ing wusana tampi sêrat saking panjênênganipun asistèn kyai, tampi dhawuh saking tuwan kontrolir Martapura, supados damêl bagean malih kangge tiyang 25, awit paduka tuwan kontrolir ngandika, tiyang paboyongan 100, kêdah tampi 125 panduman = 250 ha, dados kula kêpêksa nyambutdamêl malih.

[Iklan]

Tanggal 26 April, rampung sadayanipun. Sarêng kula gambar, ningali oppêrplakipun 2½ km, dados racakipun tiyang satunggal nampi panduman mêntahipun 3 ha.

Badhe kasambêtan

Ki Citrakusuma. Kêrtakbaruwèh 60, Banjarmasin.

--- [672] ---

Rêsèpsi para bupati ing Pura Bogor

Sasampunipun konpêrènsi para bupati Jawi Kilèn ingkang kawontênakên wontên Pura Bogor bibaran, salajêngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana saha Nyonyah Tjarda van Starkenborgh Stochouwer ngawontênakên rêsèpsi, kados gambar ing ngandhap punika:

[Grafik]

Têngên: Putri dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngandikan kalihan para tamu garwaning bupati. Ngandhap: para bupati sami ngandikan, saking kiwa manêngên: bupati ing Bogor, Rangkasbêtung, Cianjur, Krawang, tuwin Pandhegêlang. Gambar bundêr: Tuwan Gupêrnur Van der Plas nuju ngandikan kalihan ingkang bupati Majalêngka.

Nginggil: Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nuju wawan sabda kalihan ingkang bupati ing Indramayu.

Kiwa: garwa dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngandikan kalihan Radèn Ayu Bupati Krawang tuwin Radèn Ayu Bupati Bogor.

--- 673 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Arjaprakosa, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 40.

Samangke gêntos ingkang kula rêmbag, kula badhe ngaturakên prakawis kuwajibanipun para kakung, ingkang kula aturakên punika namung baku agêng. Mênggah kuwajibanipun kakung punika manut kodratipun titah gêsang, inggih punika: ngayomi. Pikajêngipun rumêksa kawilujêngan sarta karahayonipun brayat ingkang dados têtanggêlanipun, kados ta: anak, semah, sanak sadhèrèk, rencang tuwin sanès-sanèsipun ingkang nunggil sabrayat. Pasaksèn ingkang nyata, bilih ngayomi punika dados baku kuwajibanipun kakung, kenging dipun titik saking gumêlaripun kodrat, kawontênanipun kewan ingkang agêng-agêng, kados ta: gajah, banthèng, sangsam, bangsaning kêthèk, tuwin sanès-sanèsipun, punika ingkang wujud jalêr rumaos kiyat karosanipun, katingal sangêt anggèning ngayomi dhatêng bangsanipun ingkang tumut gêgrombolan kalihan piyambakipun, tumrapipun manungsa inggih punika brayatipun, mila prakawis ngayomi punika têtela dados baku kuwajibanipun para kakung.

Anglajêngakên rêmbag bab kuwajibanipun kakung, ingkang baku ngayomi brayatipun ingkang dados têtanggêlanipun, pakartining kuwajiban wau dangu-dangu dados watak padatan, mila mêlaripun watak ngayomi punika ugi ngrumaosi gadhah kuwajiban manah prêluning gêsang bêbrayan umum, sarta sêtya dhatêng wutah rahipun. Mêlaripun malih ngrumaosi gadhah kuwajban rumêksa dhatêng sadaya manusa ingkang sami gêsang wontên ing ngalam donya botên mawang bôngsa kêkulitan, sarta agami. Sagêdipun kasêmbadan anggèning ngayomi punika anukulakên sêdya warni-warni, ingkang kababaripun wontên ing pakarti dipun wastani: rekadaya utawi pambudidaya. Dene pakartining rekadaya punika wontên margi kalih, ingkang satunggal mêdal margi lêrês (karahayon) punika wujuding kaskaya utawi angsal-angsalan wohing pandamêl awarni kabêgjan ingkang dipun alap dening sabrayat. Dene satunggalipun mêdal margi simpangan (nalisir saking kasusilan), wujuding kaskaya utawi angsal-angsal wohing pandamêl awarni karisakan utawi kasangsaran ingkang ugi dipun kukup dening sabrayatipun.

Badhe kasambêtan.

[Iklan]

--- 674 ---

Kagunan Jawi

Aksara Gêndhing

Sambêtipun Kajawèn Nomêr 41.

[Notasi]

Lajêng ngurutakên suwaraning ôngka mêndhêt saking agêng aliting suwara ingkang dumunung sanginggiling: yu (y) kaurut dhatêng alit lajêng lumampah ngiwa kaurut dhatêng agêng ngantos rambah kaping pintên-pintên supados apal yêktos, [NOTASI] makatên salajêngipun.

Nyinau aksaraning laras pelog mêndhêt saking têmbang Maskumambang, ugi mawi ôngka manggèn sanginggiling ungêl-ungêlan, lajêng uruting wilahan ingkang botên ngambah wilahan pelog (ôngka 4).

[Notasi]

Nyinau laras pelog barang ugi botên mawi ngambah wilahan pelog (ôngka 4) mêndhêt saking têmbang Mêgatruh.

[Notasi]

Kaping pintên-pintên rambahan. Salêbêtipun nyinau wau, manawi nuju nyinau laras slendro (lagu ilir-ilir) ing panggalih mawia ambatos mungêl makatên: iki laras slendro, makatên ugi

--- 675 ---

salêbêtipun nyinau laras pelog, salêbêtipun nyinau laras pelog barang inggih makatên, iki laras pelog barang. Milanipun kêdah mawi ambatos makatên, supados enggal sagêd mangrêtos lan kraos dhatêng bedaning laras slendro kalihan pelog.

Badhe kasambêtan

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

Bab Buku

Redhaksi Kajawèn sampun nampèni buku:

1. Sangupati I. II anggitanipun Ki Padmasujana ing Baki, Surakarta. Nyariyosakên bab kawruh kasampurnan. Ukuran alit. Isi 44 tuwin 31 kaca aksara Jawi, mawi sêkar, rêgi f 0.25 f 0.25.

2. Banyu Bêning, cap-capan ing pangêcapan de Bliksem ing Surakarta. Mratelakakên bab sêsêrêpan ingkagn saking kawêninganing pambudi, inggih kawruhing agêsang. Ukuran cêkapan. Isi 19 kaca. Aksara Jawi, gancaran. Rêgi f 0.25.

3. Pamor dhuwung, jilid I, babon asli saking Cirêbon. Kintunan saking Boekhandel Satusadu. Budi ing Surakarta. Mratelakakên bab pamoring dhuwung. Ukuran cêkapan. Isi 42 kaca. Aksara Latin. Mawi gambar 115 iji. Rêgi f 0.60.

4. Pandom Pruwita, kintunan saking Boekhandel Satusadu. Budi ing Surakarta. Mratelakakên babagan kasampurnaning gêsang kangge pitêdah tiyang anggêguru ngèlmi sajati. Ukuran cêkapan. Isi 48 kaca. Aksara Jawi, gancaran. Rêgi f 0.65.

5. Babad Majapait, kagancarakên dening Radèn Bratakusuma, ing Mêrbabu sêtrat No. 1a. Madiun. Nyariyosakên ringkêsaning babad wiwit Majapait dumugi Pajang Adipati Bênawa. Ukuran alit. Isi 43 kaca. Aksara Latin, gancaran. Rêgi f 0.35.

6. Babad Tanah Jawi, kagancarakên dening Radèn Bratakusuma, Mêrbabu sêtrat No. 1a. Madiun. Nyariyosakên ringkêsaning Babad Tanah Jawi, wiwit Pajajaran dumugi Kartasura. Ukuran alit. Isi 46 kaca. AksaAksara. Latin, gancaran. F 0.35.

7. Rêrêpèn Ciptamaya, saking pangêcapan Mardimulya ing Ngayogyakarta. Ngandharakên kawruh sajati. Ukuran alit, isi 16 kaca. Aksara Jawi, mawi sêkar. Rêgi f 0.15.

Buku-buku punika ingkang sade kados ingkang kasêbut ing pratelan.

Redhaksi Kajawèn ngaturakên gênging panuwun.

[Iklan]

--- 676 ---

Tamu Agung Ing Karaton Surakarta

Kala wulan Mèi kêpêngkêr, ing karaton Surakarta wontên tamu, putri Sawangwadana, pramèswari Nata Siyam ingkang sampun suwargi, ingkang eyang nata Siyam ingkang jumênêng ing sapunika, ingkang taksih sinau ing Eropah. Ing kala punika tamu pinanggihan wontên ing Sasana Sewaka, kados ingkang kacêtha ing gambar nginggil.

[Grafik]

Pramèswari Nata Siyam sampun yuswa, miturut wartos anggèning pêpara dhatêng tanah ngriki badhe anjajah ing pundi-pundi, nanging sadumugining Bandhung, jalaran saking botên cocog kalihan hawanipun, lajêng gêrah, mila tatananing lampah lajêng kathah ingkang ewah. Malah nalika wontên Surakarta ugi gêrah, Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana kaparêng angaturakên abdi dalêm dhoktêr èstri.

Tamu agung wau wontênipun ing kadhaton, katingal anggèning karênan. Salajêngipun ugi dipun pahargya wontên ing dalêmipun B.K.P.A. Adiwijaya, mawi srimpèn putrinipun B.K.P.A. Adiwijaya: gambar ngandhap.

--- 677 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Kêthoprak Darmamudha

I.

Petruk : (Mijil kêthoprak): Dhuh putraku bocah mêrak-ati, bocah moblong-moblong, lah lungguhmu kang kapenak anggèr, apa sira nini padha bêcik, matura Sulasmi, ingsun arsa krungu.

Garèng : (Mijil kêthoprak): Yèn butuhe uwong urip kuwi, ora pêdhot-pêdhot, jalukane ana-ana bae, uwis sugih jaluk luwih sugih, cuthêle mung kèri, yèn wis ana kubur.

Petruk : Lho, lho, lho, Kang Garèng, wasulanewangsulane. kok banjur salewengan mangkono. Kowe aku iki saikine ethok-ethoke dadi kêthoprak, aku ngemba Pangeran Anyakrakusuma, Adipati ing Sêmarang, hla kowe dadi putrane putri: Sang Dyah Ayu Dèwi Sulasmi. Aku takon nyang kowe mungguh kaslamêtanamu, ana wangsulanamu kathik salewengan mêngkono.

Garèng : Apa ora kowe sing miwiti anggone rêmbugan: mampir, mas, mampir, yêm. Kenene rak lagi ngrêmbug bêcik orane wanita nyambutgawe, ana kok banjur dipunggêl wani bae, banjur ngajak main kêthoprak-kêthoprakan. Le anèh kowe kuwi.

[Grafik]

Petruk : Iya ora anèh, ta, Kang Garèng, ethok-ethoke mono iya arêp nyara jurnalistik têmênan. Ing sarèhne ing saiki ing Batawi kêtêkan kêthoprak saka Surakarta, yaiku kêthoprak Darmamudha, kudu sing: aktuil, jarene, yaiku: saikine ing kene kuwi sing lagi dadi rêmbug, kêthoprak Darmamudha, mulane kowe lan aku iya kudu mèlu ngrêmbug prakara sing lagi dirêmbug ing ngarêp, kêna dibanjurake êmbèn-êmbèn manèh, Kang Garèng.

Garèng : Dadi saikine kowe ngajak rêmbugan ing bab anane kêthoprak Darmamudha, ta.

--- 678 ---

Wèh, sabênêre mono aku rada wêgah rêmbugan prakara bangsane kêthoprak barang kuwi. Awit bangsane tongtonan sing mêngkono kuwi gampang lunture, Truk.

Petruk : Wayah, kathik kaya jarit sêngguhan diunèkake gampang lunture.

Garèng : Lho, kuwi karêpku mangkene, Truk, tongtonan bangsane kêthoprak kuwi sing padha main mung wong lumrah, dadi bisa uga bosên, utawa: ... ihnil mamfus jibalukal.

Petruk : Yak, bok mati mêngkono bae, kathik ngêtokake têmbung-têmbung saka kitab barang.

Garèng : Wong bèn mantêp, kok, Truk. Ing sarèhne bisa bosên lan bisa mati mau, mulane sing padha main iya gampang anggone: solan-salin, salin-solan, jalaran saka iku, kaanane tongtonan iya sok: solan-salin, salin-solan, têgêse: kalane ana ing Batawi diunèkake: kêthoprak jêmpol, kampi utawa: nomêr wahid. Nanging barêng ana ing nagara liya diunèkake: kêthoprak ... sêmprul. Sabanjure pangalêmbanane ana ing Batawi diunèkake: goroh, ngapusi, malah bokmanawa ana sing andakwa: ngalêmbana sabab dicokol, mêsthine uwong iya ora padha ngrêti, yèn dadine ambêkokrok mau, jalaran akèh sing padha main kang wis padha anjaluk ... erpol onslah. Mulane yèn arêp ngrêmbug kaanane kêthoprak Darmamudha kudu sing ngati-ati, Truk, anggone ngrêmbug kudu disarati unèn-unèn: Darmamudha wêktune main ana ing Batawi ing sasi Mèi lan Juni taun 1938.

Petruk : Wèh, hla kok kudu sêtiti ngati-ati mêngkono. Nanging iya bênêr omongmu kuwi mau, saya luwih ngati-ati, saya luwih utama. Wong aku dhewe wis tau kêcêlik wijaya, Kang Garèng, ngalêmbana kêthoprak sing main ana ing Batawi, nganti kêpêntut-pêntut, barêng ngalih nyang liya panggonan, jêbul akèh sing pamaine sing pintêr-pintêr padha: tabik tuwan, têgêse: padha pamit, kang anjalari kêthoprake mau banjur: ambêkokrok, malah suwe-suwe kabare banjur dadi ... sêmprul sing wis nyang pêcêrèn. Hla, iya wis mêsthi bae yèn pangalêmbanaku diarani sing ora-ora.

Garèng : Kajaba saka iku Truk, anggone ngrêmbug iya sing wis kok tongton bae. Awit wis jamak lumrah, nontonake lakon iki, pantês dialêmbana têmênan upamane. Nanging barêng anjupuk lakon liyane, pating sêranthil. Mulane sing kudu kok rêmbug kuwi, iya sing kok tongton bae.

Petruk : Bênêr dhua kali omongmu kuwi, Kang Garèng, mulane aku iya arêp ngrêmbug kang wis tak tongton bae, nontonku lagi kaping pindho, Kang Garèng, kang kapisan lakon: Pangeran Rôngga, kaping pindhone: lakon Pangeran Sindurêja.

Garèng : Sami mawon, Truk, aku iya nonton kaping pindho, lakone iya kuwi-kuwi uga. Saiki kêpriye mungguh panêmumu, Truk.

Petruk : Nèk maine mau diprinci saka siji, [si...]

--- [679] ---

[...ji,] wèh, iya apik têmênan, Kang Garèng, iya têmbange, iya wicarane, iya iramane, iya lêlucone, pancèn iya kêna dipamèrake. Nanging yèn kumpule kabèh, wèh, nèk aku ngarani kok rada kurang, Kang Garèng.

Garèng : Wayah, kowe mono, Truk, Truk, ana bae sing kok anggo panacad kuwi. Mara, cêthakna, apa sing kok anggêp kurang kuwi.

Petruk : Tak balèni manèh, nèk grêbaning pamaine kabèh, kuwi sing tak anggêp kurang. Mungguh rasaning atiku kurang urip, lan kurang ngês, mêngkono kae. Kaya ta nalikane lakon Pangeran Rôngga, ing kono bakune mono anggambarake sawijining pangeran kang ambêkambêg. siya, brangasan, ora kêna kêcêthit atine, sawiyah-wiyah, sawênang-wênang, lan sapadhane. Pêprincène pamaine mono pancèn iya kêna ditongton têmênan, kaya ta: sing dadi Pangeran Rôngga dhewe, omonge kêmrêmês, tandange cikat, luwês, pantês, kèwês, gandês, dhèmês, lan êmbuh apa manèh. Maine pintêr, têmbangane irama, kathik kêpenak. Cêkak aos kêna dipamerake têmênan, nanging jênggêrênge utawa tandang tanduke ora mathuk karo apa mêsthine. Saka tingkah lakune Pangeran Rôngga, anggone dhêmên mêmatèni sapadhaning tumitah, lan laku sawênang-wênang mau, mêsthine wong nonton iya banjur: sêngit, ngingkit-ingkit, kêpengin ambithi-bithia, lan sapadhane, lan barêng ing wusana Pangeran Rôngga banjur tiwas, wong nonton pancène banjur surak, lan anyokurake. Kuwi ora, Kang Garèng, malah kosokbaline, nalikane Pangeran Rôngga nindakake ambêg siya, wong nonton padha angguyu, kalane mati, ora padha nyokurake, malah padha mêlas.

Garèng : Kalane mati digubêd ngula, aku dhewe iya mrêbês mêlês, ki Truk, nanging iki apa ora sawijining bukti kurang pintêre anggone main.

Petruk : Ora Kang Garèng, nèk aku ngarani anggone main pancèn iya pintêr têmênan, kalane ambrangas atine, iya kaya wong brangasan têmênan, kalane dolanan watu, iya kaya bocah sing lagi dolanan têmênan, cêkake maine mono iya kaya tênan-tênana kae, ewasamono ora ana wong nonton sing banjur sêngit, kosokbaline malah wêlas, kuwi ora salahe sing main dadi Pangeran Rôngga, nanging salahe ingkang Kuwasa, dene maringi ... rupa ayu.

Pawartos saking Redhaksi

K. 1423 ing Kandhangan. Ingkang panjênêngan dangokakên punika, ing sapunika sampun botên mêdal malih.

Tuwan P. ing Wanarêja. Karangan panjênêngan sampun katampèn. Eman dene botên sagêd kapacak, prayogi ngaranga babagan ingkang prasaja kemawon.

K. 1727 ing Purbalingga. Manawi panjênêngan kaparêng manjurung, andadosakên bingahing redhaksi. Tamtu kemawon karangan ingkang kapacak punika ingkang kamanah migunani.

K. 5353 ing Cenang. Kakintunakên sarêng kenging kemawon. Rêgining buku olah-olah f 0.50.

Tuwan S. ing Nataprajan 19. Karangan panjênêngan sampun kasèp, lajêng karimat ing redhaksi, manawi wontên kalamôngsa ingkang prayogi badhe kapacak. Langkung prayogi manawi dipun kanthèni gambar.

Tuwan H. ing Ngimbang. Kintunan karangan sampun dumugi. Kajawèn botên ngawontênakên pituwas tumrap sabên karangan.

Tuwan S. ing Suryabrantan 19. Ing Kajawèn sampun ngêwrat gambar kados makatên.

--- 680 ---

KAWONTÊNAN SAJAWINING PRAJA

Kawontênanipun Eropa-Tengah saya nyamari.

Miturut wawasan sajawining praja kala minggu kêpêngkêr, katingal anggèning Eropa-Tengah kawontênanipun saya nyamari, inggih punika ingkang pinanggih wontên ing Tsjechoslowakiye. Tumrap pangintêning ngakathah, sawangsulipun Henlein saking Inggris kawontênanipun praja tamtu lajêng têntrêm, nanging pangintên wau pinanggih mlèsèt. Malah sawangsulipun Henlein punika lajêng botên katingal, kilap dhatêng pundi purugipun, nanging lajêng wontên pangintên bilih kesahipun wau tamtu badhe nindakakên babagan wigatos ingkang gêgayutan kalihan kawontênanipun praja Tjechoslowakiye, mangka ing sêmu sajak gêgayutan babagan kawontênanipun Jêrman kalihan Oostenrijk.

[Grafik]

Gambar kar margi-margi sêpur ing Tiongkok ingkang dhawah ing panguwaos Jêpan.

Tumrapipun Jêrman inggih sampun mangêrtos bilih Tsjechoslowakiye punika tansah nyamarakên dhatêng Jêrman, mangka mênggah kawontênanipun, wadyabala ingriku punika tumraping Eropa kalêbêt santosa piyambak. Bètèng-bètèngipun sami kiyat-kiyat. Kajawi punika tumrap Ruslan tuwin Prancis, samangsa wontên punapa-punapa ing Tsjechoslowakiye ugi badhe ambiyantu. Nanging tumrap Jêrman botên kenging dipun kilapi, punapa tindaking nagari kêkalih wau tansah kasumêrêpan kemawon. Namung tumrap Inggris punika taksih angèl grayang-grayanganipun, nanging inggih sampun katingal bilih manglunipun dhatêng Prancis.

Bab tumindakipun nagari ingkang sami badhe têtunggilan, tansah dados kawigatosan tanpa kêndhat. Ing sapunika Polên kawartosakên badhe anggolong dhatêng Inggris tuwin Prancis, nanging nyatanipun bab punika dipun dorakakên dening Polên. Namung manawi nyata Prancis tinêmpuh ing mêngsah, punika Polên sawêg nêdya badhe têtulung.

Dene Italie namung tansah kêtuwuhan manah sanggarunggi dhatêng Jêrman, badhe ngèngêtakên tindakipun Jêrman, rumaos pakèwêd, nanging saupami namung dipun kèndêlakên kemawon, lajêng kadospundi. Namung paguyubaning nagari-nagari ingkang migatosakên babagan Tsjechoslowakiye, pêrlu badhe nyumêrêpi punapa mênggah kawigatosanipun pabarisan ingkang wontên ing watês Tsjechoslowakiye. Dene rekadayanipun Inggris namung ngudi ing bab tumindaking pilihan ing Tsjechoslowakiye tumuntêna kêlampahan, pêrlunipun lajêng nyuthêlakên wiraosan ingkang adamêl botên sakeca, saha bab wau sagêda kêlampahan ing sadèrèngipun tanggal 5 Juni.

Manawi nitik kawontênan, lêrês ing wêkdal punika nuju wontên ura-uru ingkang kados makatên, nanging kenging dipun wastani ajêg kemawon kawontênanipun. Namung tumraping sêdya badhe anjêmbarakên panguwaos, punika pancèn sami dipun awaki ing sadayanipun.

Miturut wartos ingkang kantun, Henlein adrêng anggènipun gadhah panêdha supados bangsa Sudeten têtêpa sagêd madêg piyambak. Sêdya ingkang makatên wau saèstunipun langka kêlampahanipun, awit kamardikanipun golongan wau sami kemawon kalihan kajênging nêtêpakên panguwaos Jêrman ingriku. Ingkang makatên punika nama satunggiling èwêd-pakèwêd ingkang botên gampil dipun udhari. Mênggah sêsulakipun utawi lageanipun kados-kados sairib kemawon kalihan kawontênan ing Oostenrijk ing salêbêtipun kala taksih dados rêmbag dèrèng manunggil kalihan Jêrman. Dados têtela bilih kawontênanipun ing Eropa-Tengah punika taksih pinanggih sarwa pêtêng tur nyamari.

Jêpan badhe ngêtog karosan.

Sampun dangu wontên wartos bilih kawontênan kabinèt ing Jêpan badhe dipun ewahi. Dene kêlampahanipun sawêg kala minggu kêpêngkêr, inggih punika sasampunipun Hsuchow têluk. Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, katingal bilih tumindakipun Jêpan anggèning badhe ngawontênakên ewah-ewahan tatanan praja, punika kanthi ngêntosi kawontênan ingkang mikantuki, kajêngipun ngêntosi manawi sampun unggul, pêrlunipun supados têtiyangipun sami bingah tuwin gambira ing manah, dados saupami wontên ewah-ewahan tatanan

--- [681] ---

praja, botên badhe angganggu damêl dhatêng rakyatipun. Adêging kabinèt enggal punika ingkang dados ministêr saking golongan militèr wontên gangsal. Pinanggihipun ing sapunika, Koki Hirota katingal anggèning gadhah gêlar purun sêsrawungan kalihan golongan Tiongkok, nanging sajatosipun têtêp anggèning taksih anggadhahi dhêdhasar kêncêng, saya malih tumrapipun Jendral Araki. Kajawi punika, tumrap ministêring paprangan ugi dipun santuni, ministêr babagan wadya dharatan Soegijama, kèndêl, dipun gêntosi luitenant-generaal Itagaki. Tindak sadaya wau katingal bilih Jêpan badhe nindakakên daya enggal ingkang dipun tindakakên dening para ministêr enggal, pêrlu kangge ambobot kakiyatanipun senapati Tiongkok, punapa inggih Tjiang Kai Sjek botên badhe kenging dipun têlukakên. Manawi mirid saking wontêning kakiyatan enggal, punika pancèn inggih nyata asring beda sangêt tinimbang kalihan daya ingkang sampun-sampun.

[Iklan]

Tindakipun Jêpan anggèning ngudi papan ingkang kaanggêp wigatos ingatasing paprangan, kathah ingkang kasêmbadan, ing sapukasapunika. ing Lanfeng ingkang pêrnahipun sawetan Hsuchow, inggih punika kaprênah sapinggiring margi sêpur Lunghai sampun dipun broki Jêpan, tindak punika kapetang pangrêbatipun Jêpan saking panguwaos Tiongkok ingkang nêmbe karêbat saking panguwaos Jêpan. Mênggah sêdyanipun Jêpan anggèning ngrêbat panggenan wau, pêrlu badhe kangge ngayati damêl nêmpuh dhatêng Kaifeng tuwin Tjeng Tjao, ingkang dunungipun wontên ing antawising margi sêpur Pèiping Hankow. Ingriku tumraping golongan Tionghwa ingkang sami gêgrombolan sampun nêmpuh dhatêng panggenan ing sacêlakipun Pèiping tuwin Nanking, sêdyanipun botên sanès anjagi sampun ngantos wadya Jêpan saya sagêd mrèmèn dayanipun. Anyarêngi kalamangsa manawi sawêg nuju botên sakeca, ing wêkdal punika Tjiang Kai Sjek rumaos ragi kêcipuhan, amargi juru panuntun bangsa Jêrman ingkang wontên ing Tiongkok sami kapurih wangsul dening Sang Hitler. Nanging ing salugunipun, ing bab makatên wau botên badhe adamêl aliting manah, amargi ingriku taksih wontên têtiyang bangsa Rus, tuwin samangsa wontên damêlipun, Prancis ugi purun ngintunakên wadya dhatêng madyaning paprangan. Dados dèrèng kenging dipun têtêpakên bilih Tiongkok lajêng kecalan daya babarpisan.

Manawi miturut wartos saking Sang Hitler, anggèning mêndhêt wangsuling têtiyang ingkang wontên ing Tiongkok punika, pêrlu kangge anjagi raosan, sampun ngantos Jêrman dipun wastani botsih. Nanging manawi miturut nalar-nalar ingkang sampun tuwin dipun grayangi kalihan kawontênan ing sapunika ingkang cocog kalihan nyatanipun, kados-kados botên manawi babagan ingkang wigatosipun kados makatên, lajêng pugut tanpa wontên sêsambatanipun ing wingking. Cobi kasarantosakên rumiyin.

--- 682 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Pakaryan tênun Jêpan. Ing bab badhe wontênipun pabrik tênun palmbeach tuwin gabardine ing Garut, ingkang badhe dipun adani dening tuwan Shigeru Sato, punika tumraping nagari botên wontên awisanipun, namung tumrap anggèning badhe andhatêngakên têtiyang saking Jêpan, punika ingkang kêdah mawi palilah, saha panyuwunipun badhe andhatêngakên tiyang saking Jêpan wau botên kaparêngakên. Dados bab punika dèrèng tamtu kêlampahanipun.

Tiyang umur panjang. Ing Kalikotès, Kutoarjo, wontên tiyang siti sampun umur 125 taun langkung taksih kiyat. Tiyang wau taksih sagêd andongèngakên cêtha ing bab paprangan Diponagaran ing taun 1825-1830. Gêsangipun tiyang wau sakalangkung mlarat, botên nate ngangge rasukan.

Prinses Beatrix School. Huishoudschool ing Purworêjo ingkang dipun pangajêngi dening nona Van der Shee ing sapunika dipun namakakên Prinses Beatrix School. Makatên ugi ing Surabaya inggih wontên pamulangan andhap Kristên kangge anak-anakipun para kêcêkapan, nama Prinses Beatrix School.

Pangarsa Landraad ing Sêmarang. Mr. R. Koesoemah Atmadja, pangarsa Landraad ing Bêtawi tuwin Tangêrang kapindhah dados pangarsa Landraad ing Sêmarang tuwin Kêndal.

Pamulangan Luhur Dokter. Lulus candidaatsexamen perangan kalih R. Soebroto.

Tanêman jênu. Ing sapunika kêbon karèt Gupêrmèn ing Sêrpong, Bêtawi, dipun tanêmi jênu, nandhakakên bilih ing sapunika tanêman jênu wau dados padagangan. Rêgining jênu wau kintên-kintên ing dalêm 1 kg f 1.-. Ingajêng jênu punika namung pirantos kangge pados ulam sarana kagêcêk lajêng kacêmplungakên ing lèpèn utawi ing rawa, nama anjênu. Nanging ing sapunika jênu wau dipun bêtahakên wontên ing Eropa tumrap ing golongan ahli jampi.

Congres golongan Apotheker. Para golongan Apotheker ing tanah ngriki badhe ngawontênakên congres wontên ing Malang ing tanggal 18-19 Juli ngajêng punika.

Maesanipun paduka Jan Pieterszoon Coen wontên ing masjid Pêtamburan. Ingkang Bupati ing Bêtawi mêntas rêrêmbagan kalihan tiyang ingkang nguwaosi masjid ing Pêtamburan, Bêtawi, tuwin têtiyang ingkang gêgayutan kalihan kawontênaning masjid wau, ngrêmbag anggènipun ingriku wontên maesanipun paduka Jan Pieterszoon Coen. Mangka ing bab punika ing sapunika sawêg sami dipun udi gêgayutanipun kalihan bab pasarean. Aturipun ingkang dados pangajênging masjid, saupami maesan wau kapundhut, namung badhe nyumanggakakên, waton masjid ingriku dipun mulyakakên, amargi ing sapunika sampun risak sangêt. Miturut katrangan, maesan wau wontênipun ingriku sampun dangu sangêt, asli saking dipun sukani tiyang, ing maesan wau wontên sêratanipun cêtha mungêl Jan Pieterszoon Coen. Ing bab punika ingkang Bupati dèrèng sagêd maringi karampungan.

Kuli bangsa Jawi dhatêng Australie. Kapal Maetsuyker ingkang mêntas bidhal saking Tanjung Priok, ambêkta kuli bangsa Jawi dhatêng Australie kathahipun 260. Ing sadumugining Surabaya dipun wêwahi malih 130. Têtiyang wau sami badhe kapurih nyambutdamêl wontên ing Caledonie. Kuli ingkang kabidhalakên wau kapetang ingkang kaping tiga, sampun kawiwitan kala ing wulan Januari kêpêngkêr, gunggungipun badhe mêndhêt tiyang 1400.

Angsal-angsalanipun Pakaryan Post. Miturut palapuran, angsal-angsalanipun Pakaryan Post wiwit Januari dumugi April 1938 tumrap post wontên f 4.009.375.-, telegraaf wontên f 1.390.196.- tuwin telefoon wontên f 2.482.520.-. Ing pêpetangan kados makatên ing taun 1937 wontên f 4.248.904, f 1.691.943.- tuwin f 2.476.270.-.

Burgemeester ing Bêtawi. Wontên wartos, sakèndêlipun burgemeester ing Bêtawi tuwan Voorneman, ingkang anggêntosi Mr. P.N. Janssen, wethouder.

Sultan Boelongan badhe dhatêng nagari Walandi. Wontên wartos, bilih ing tanggal 1 wulan Juni ing punika, panjênêngan Sultan ing Boelongan, Borneo, badhe têdhak nagari Walandi, pêrlu badhe anjumênêngi paargyan pèngêtan jumênêngan nata, kajawi punika ugi pêrlu badhe nguningani ing bab babagan têtanèn ing tanah Eropa. Anyarêngi têdhakipun sultan, asistèn residhèn Israèl ugi verlof, pêrlu badhe andhèrèkakên têdhakipun sultan dhatêng pundi-pundi. Bidhalipun saking Samarinda.

Schrijvers Bond ing Blora. Schrijvers Bond ing Blora mêntas ngawontênakên paargyan mèngêti adêging pakêmpalan wau sampun 5 taun. Mawi têtingalan warni-warni, bibaranipun ngantos têngah dalu, wilujêng. (A).

[Grafik]

Vice Consul dados pangrèh praja. M. Abdulkadir Widjojoatmodjo, tilas secretaris Drogman ing Jêdah ugi dados Vice-Consul ing Mêkah, kapasrahakên dhatêng residhèn ing Pêkalongan, dados asistèn wêdana ing paresidhenan ingriku. Panjênênganipun mêntas tampi ganjaran "Ridder Oranje Nassau". Ingkang kacêtha ing gambar, saking kiwa R. Abdoelkadir Widjojoatmodjo, têngah, tuwan C. Adriaanse, Zaakgelastigde der Nederlanden, têngên R. Abdoel Kadir Vice consul enggal.

Ingkang Bupati Banyuwangi seda. Kala ing dintên Ngahad tanggal 22 wulan punika, ingkang Bupati ing Banyuwangi R.T. Moertadjab Sosroadiningrat seda, gêrah namung sawatawis dangunipun.

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi-Têngah, M. Marmono, jurusêrat klas 1 ing kantor paresidhenan Banyumas, dados mantri pulisi paresidhenan Banyumas. Sajoko, jurusêrat klas 1 wêdana Tayu, kabupatèn Pathi, paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi paresidhenan Japara-Rêmbang. R. Idajat alias Mangoendirdjo, jaksa Landraad ing Têgal, paresidhenan Pêkalongan, dados hoofdjaksa Landraad ing Magêlang, paresidhenan Kêdu. R. Soemidjo, jurusêrat klas 1 asistèn wêdana Tlogowungu, kabupatèn Pathi, paresidhenan Japara-Rêmbang, dados mantri pulisi paresidhenan Japara-Rêmbang R. Pitojo Sosromiprodjo, aib. nindakakên padamêlan mantri pulisi gewestelijke recherche Purwokêrto, paresidhenan Banyumas, dados asistèn wêdana paresidhenan Pêkalongan. R. Martosoediro, asistèn wêdana Salaman, kabupatèn Magêlang, paresidhenan Kêdu, dados jaksa Landraad ing Têgal, paresidhenan Pêkalongan.

Pabrik kèju ing tanah ngriki. Ing tanah ngriki sampun wontên pabrik kèju, inggih punika ing Priyangan tuwin ing Malang, nanging pinanggih dèrèng mawi tatanan ingkang saèstu. Ing sapunika wontên kaparêngipun Parentah badhe ngêmori damêl bab punika kanthi mêndhêt waragad saking arta fonds 25 yuta. Pabrik wau badhe kagandhèngakên kalihan Bandungsche Melkcentrale. Manawi pabrik wau sagêd majêng, badhe dipun agêngakên.

Têtiyang Jawi dhatêng Madagaskar. Awit saking panêdhanipun parentah Prancis dhatêng parentah ngriki, badhe pados kuli têtiyang Jawi kathahipun 10.000. Bab punika taksih dados panggalihanipun parenahparentah. tanah ngriki. Dene tumraping tatanan ingriki, ingkang kenging mêndhêt kuli bangsa Jawi punika ngêmungakên panggenan ingkang sampun cêtha, kados ta ing Borneo bawah Inggris, Malaka tuwin Nieuw Calidonie.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kapisan, tuwan-tuwan Kwee Tat Gwan, Kaliamsjah Sinaga tuwin Soemarto alias Soekardjo alias Soemasto.

--- 683 ---

Arta palsu. Pulisi ing Bêtawi sectie 2 ing Bêtawi nampèni kintunan arta kêrtas palsu rêgi f 5.- kalih lêmbar saking Javasche Bank Serie No. N.I. 07441 tuwin N.I. 02433, arta wau mêntas kabayarakên dhatêng Handelsbank.

Frangko tandha pangèngêt-èngêt. Wontên wartos, anyarêngi benjing dintên pèngêtan jumênêngan nata badhe kawontênakên franco pèngêtan warni-warni tumrap nagari Walandi, India-Wetan tuwin India-Kilèn, mawi gambar dalêm Sribagenda Maharaja Putri.

Pamulangan dagang andhap. Ing taun pangajaran taun kêpêngkêr, kitha-kitha agêng ing tanah Jawi, kadosta ing Bêtawi, Sêmarang tuwin Surabaya tuwin sanèsipun dipun wontênakên pamulangan andhap. Ingkang katampèn ingriku lare-lare saking pamulangan angka kalih tuwin saking H.I.S. ingkang botên sagêd nglajêngakên pasinaonipun. Ing taun ngajêng ing tanah Sabrang inggih dipun dêgi.

Pamulangan luhur Dokter. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, nonah Laili Roesad tuwin R. Soedarisman Hardjodipoero.

Pest ing Priyangan. Miturut palapuran, wontênipun têtiyang ingkang kêtrajang sêsakit pest ing Priyangan ing salêbêting saminggu kêpêngkêr pinanggih suda. Ing bab punika nandhakakên bilih suntikan Dr. Otten kêtingal saya sae dayanipun. Mangka ing padatan manawi mangsa jawah makatên punika kawontênanipun sêsakit pest saya andados.

Bank pêkên ing Kêbumèn. Awit saking usulipun tuwan D.H. van der Meulen, asistèn residhèn ing Kêbumèn dhatêng Raad Kabupatèn, supados ing laladan Kêbumèn kawontênakên bank pêkên, pêrlu kangge mitulungi para dagang alit, sampun ngantos kenging kêjirêt ing lintah dharat. Usul punika dipun sayogyani dening Raad.

Moderne Economie School ing Kêbumèn. Ing têngah-têngahaning wulan punika ing Kêbumèn wontên bikakan pamulangan ingkang kasêbut inginggil, muridipun wontên 20. Sabên murid bayaranipun f 1.25, bayaran samantên wau ingkang f 0.25 kalêbêtakên dados cèlènganing murid, ing benjing satamatipun saking ngriku sampun anggadhahi arta f 21.-, ingkang sampun kenging kangge pawitan dagang alit-alitan. Pamulangan wau wulanganipun kados ing H.I.S. dipun wêwahi wulangan basa Inggris tuwin babagan kawruh dagang. Ing mangke samangsa lare wau sampun wontên ing klas pitu sampun anggadhahi arta f 18.- lajêng kapurih nindakakên caraning dagang alit-alitan ngangge pawitan artanipun piyambak. Dumuginipun sapunika, pamulangan ingkang kados makatên punika sampun wontên kawan panggenan, ing Purwokêrto, Maos, Kutoarjo tuwin Kêbumèn, têlêngipun wontên Purwokêrto.

Tilas Gupêrnur Jendral De Graef badhe rawuh tanah ngriki. Wontên wartos, paduka Jhr. Mr. A.C. De Graef, tilas Gupêrnur ing tanah ngriki, benjing wêkasaning taun 1939 badhe rawuh tanah ngriki. Anggènipun rawuh ing tanah ngriki punika namung pêrlu ingkang sanès padamêlan praja, ugi ngiras nindakakên pêrlu babagan Gemeenschappelijke Mijnbouw Maatschappij Billiton, awit panjênênganipun kapetang jumênêng Raad van beheering Maatschappij wau wiwit tanggal 1 Mèi 1938 dumugi Sèptèmbêr 1939.

Panenan ing Lombok kathah ingkang botên kêdadosan. Wontên wartos, panenan pantun ing Lombok ing mangsa punika pinanggih ingkang botên kêmêdalan 30 dumugi 40%. Kêkiranganing pamêdal wau lajêng badhe dipun jogi saking tanah Jawi-Wetan.

Kawontênanipun tiyang ngajal ing Bêtawi. Miturut palapuran saking Pakaryan babagan Kasarasan Gemeente, ing Bêtawi gunggungipun tiyang ngajal sadaya ing salêbêtipun taun 1937 wontên 14.399, ing taun 1936 wontên 13.532. Tumrap Tanjung Priok wontênipun tiyang ngajal langkung kathah, amargi ingriku tuwuh sêsakit malaria. Miturut petangan cacah jiwa ing taun 1935, bangsa Eropa wontên 43.100, ingkang ngajal 409. Tiyang siti wontên 394.100 ingkang ngajal 12.104. Bangsa Tionghwa 75.900 ingkang ngajal 1714. Bangsa Arab tuwin sanès-sanèsipun 7300 ngajal 172. Manawi kapetang, racak-racakipun ing sabên dintên wontên tiyang ngajal 40.

NAGARI WALANDI

Rêcadalêm suwargi Ibusori Emma. Benjing tanggal 16 wulan Juni ngajêng punika, Sri Bagenda Raja Putri badhe rawuh ing Amsterdam, pêrlu badhe anjumênêngi paargyan pambikaking rêcadalêm suwargi Ibusori Emma.

[Iklan]

Conservator Kon. Instituut. Tuwan F.H. van Aersen, adjunct secretaris Kon. Instituut taal-land-en volkunde tanah India ing Den Haag, dados conservator ing Kol. Instituut.

K.L.M. sêsarêngan nyambut damêl kaihan K.N.I.L.M. Ing bab lampah anggêgana dhatêng Australie, kados tumumtên kêlampahan ing dalêm saminggu tumindak kaping kalih. Lampah anggêgana wau badhe katindakakên dening K.L.M. kalihan K.N.I.L.M.

Sawung sawêlasan saking tanah India. Juru bal-balan sawêlasan saking tanah India tuwin têtindhihipun, sadumugining Den Haag dipun tampi kanthi gambiraning manah dening pangarsa K.N.V.B. Van Prooye, mapag dhatêng Roosendaal. Nalika lampahing sêpur malêbêt ing station Den Haag dipun tampi surak sakalangkung rame, dipun papag ing tiyang atusan. Salêbêtipun wontên ing Den Haag sami nyipêng wontên ing hotèl Duin Noord. Nalika sawung sawêlasan wau dumugi ing Marseille dipun papag dening consul K.N.V.B. Coucke ingkang salajêngipun tumut dhatêng Den Haag. Nalika dhatêng Parijs dipun pêthuk dening pangarsa Fifa, Rimet wêwakiling wereldkampioenschap, Chevalier tuwin Delaumey.

Tilas Gupêrnur Jendral Fock yuswa 80 taun. Kawartosakên, benjing tanggal 19 Juni ngajêng punika, paduka tuwan Fock, tilas Gupêrnur Jendral ing tanah India têtêp yuswa 80 taun.

EROPA

Nata Italie têdhak Lybie. Wadya Italie kalih divisie ing Lybie ingkang kapindhah dhatêng sisih wetan, katitipriksa dening panjênêngan Nata Italie Raja Emanuele.

Ngudi indhaking jiwa. Awit saking kaparênging parentah Italie, sawarnining burgemeester, onder-burgemeester, warga-warga gemeenteraad, makatên ugi para guru pamulangan andhap uwintuwin. pamulangan têngahan, pundi ingkang botên gadhah bojo supados sami sèlèh padamêlan, kaparingan inah ing salêbêtipun kalih wulan. Pranatan makatên punika gêgi tumrap dhatêng tiyang ingkang nyambutdamêl dhatêng paprentahan Italie ingkang dhudha saha botên nggadhahi anak.

Bêna agêng ing Oostenrijk. Lèpèn Mur ing Stiermarken mêntas bêna agêng, margi-margi saking Oostenrijk dhatêng Yugo Slavie sami kêlêban. Ingkang sampun pinanggih wontên tiyang tiwas 13, têtiyang ingkang botên gadhah pangauban wontên 5000. Miturut pèngêtan, bêna punika kalêbêt ingkang agêng piyambak ingkang kacathêt ing babad Italie.

--- 684 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

79

Sarêng Wasili nyumêrêpi wontên gêntha agêng murugi, saha sumêrêp bilih ingkang manggul gêntha punika bapakipun angkat, lajêng cêluk-cêluk makatên: têka panjênêngan, bapak Ôndranicu. Kauningana, rawuh panjênêngan mriki punika, saèstunipun kirang utami mênggahing panjênêngan utawi kula. Awit ing samangke lajêng kapêksa kula kêdah abên kakiyataning badan tuwin wulêding kulit kalihan panjênêngan.

Wasili lajêng ngobat-abitakên indhêning rodha ingkang minôngka kangge dêdamêlipun, sarta lajêng kadhawahakên ing gêntha ingkang dipun panggul dening pandhita Ôndranicu wau. Gênthanipun sanalika punika ajur mumur dados sawalang-walang, dene Ôndranicu dhawah ing siti kurugan ing pêcahanipun gêntha wau. Wasili enggal-enggal nisihakên pêcahaning gêntha, nanging sarêng sampun watawis rêsik, ing ngriku têtela bilih pandhita wau sampun tiwas.

Ing kala punika para andhahanipun Wasili sampun sami katog anggènipun sami ngaso, sarta satunggal-satunggalipun sampun sami sagêd mêrban tatuning kônca-kancanipun. Ing sarèhning ing wêkdal punika pêrang taksih rame, salajêngipun para andhahan wau sami ngêbyuk malih tumut pêrang, sêdyanipun badhe ngangsêg mêngsahipun ngantos dumugi ing lèpèn Wolso, lan ing ngriku mêngsah sadaya wau nêdya badhe kalêlêbakên. Sarêng para panganjuring kitha nyumêrêpi, bilih têtiyangipun sami kasoran juritipun, ingkang anjalari kitha Nopgorod botên sande tamtu dados karangabang, pungkasanipun, murih kitha Nopgorod sagêd wilujêng, pambudidayanipun botên sanès kajawi nêdha tulung dhatêng ibunipun Wasili, amila salajêngipun wontên tiyang sawatawis ingkang kapasrahan amanggihi ibunipun Wasili sarana ambêkta barang-barang ingkang èdi pèni, kangge angganjar dhatêng tiyang èstri sêpuh wau. Sarêng utusan sampun masrahakên barang-barang wau, lajêng wicantên ngarih-arih dhatêng ibunipun Wasili kirang langkung makatên:

O, sadhèrèk Mamelya, mugi wêlasa dhatêng kula sadaya. Dumuginipun samangke sampun tiyang pintên-pintên èwu ingkang dipun pêjahi dening putra panjênêngan saandhahanipun, ewasamantên taksih dipun lajêngakên anggènipun sami soroh amuk. Saindênging kitha Nopgorod ing samangke, sami tawan tangis nyuwun tulung dhatêng panjênêngan, supados panjênêngan krêsaa ngarih-arih dhatêng putra panjênêngan piyambak sampun ngantos kalajêngakên anggènipun amêmêjahi tiyang, awit botên sande tiyangipun ing kitha têmtu badhe tumpês sadaya. Kula sadaya sagah ngaturi arta bulubêkti dhatêng panjênêngan sataun-taunipun tigang èwu rupiyah, kajawi punika panjênêngan kenging andhawuhi sadaya tiyang supados ambayar paos ingkang awrat, ngêmungna para pandhita kemawon, linêpatna ing wajib ingkang makatên punika.

Wara Mamelya sanalika punika lajêng nuju dhatêng papan paprangan. Sawêg sakêdhap kemawon piyambakipun sampun sagêd nyumêrêpi, kadospundi kadadosanipun pêrang wau, wujud tumpukan kathahing mayitipun têtiyang kitha Nopgorod ingkang pinêjahan dening anakipun. Piyambakipun enggal-enggal ambujêng anakipun. Botên watawis dangu piyambakipun nyumêrêpi anggèning anakipun soroh amuk sarana indhêning rodha ingkang kaobat-abitakên dhatêng mêngsah. Sintên ingkang kadhawahan ing dêdamêl wau, inggih lajêng tiwas. Pêjahing mêngsah mila nyata kados babadan pacing sayêktos. Ibunipun enggal-enggal murugi anakipun saking wingking saha ambêngoki makatên:

Ênggèr, anakku, mandhêga anggonmu soroh amuk. Aja kowe nêdya numpês wong sakutha mêngkono. Bakal gêdhe dosamu, ênggèr.

Sanalika Wasili lajêng kèndêl, dêdamêlipun kadhawahakên ing siti, sarta lajêng wicantên makatên:

Sandika ibu, tujunipun ibu murugi kula saking wingking, botên saking ngajêng. Awit manawi rawuh mêdal saking ngajêng, kula kuwatos bilih ngantos kalintu kula wastani mêngsah saha lajêng kula tamani dêdamêl. Gèk kadospundi kula manawi ibu ngantos dumugi ing tiwas. Dene sadaya dhawuhipun ibu, kula namung andhèrèk. Awit sampun wajibipun anak kêdah manut miturut dhatêng parentahing biyung.

Salajêngipun ibunipun kagandhèng dipun ajak mantuk. Dene têtiyang ing kitha angakêni kawonipun saha lajêng têluk dhatêng pun Wasili.

Badhe kasambêtan

--- 85 ---

Nomêr 22, 1 Juni 1938. Taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kamardikaning Wanita

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 42.

Saking pamanah kula srana ingkang kêdah katindakakên dening tiyang sêpuh inggih punika: nêbihi tindak roda paripêksa dhatêng putra. Sampun ngantos ta putra punika kapêksa kapanggihakên kalihan priya ingkang dèrèng dipun mangrêtosi, utawi ingkang botên dipun cocogi. Putra kaparingana wêkdal ingkang cêkap kangge manah-manah, nyinau watak wantuning priya calonipun. Sarana makatên punika, putra lajêng sagêd caos pêpancasan ingkang patitis: punapa lajêng, punapa kajugag samantên kemawon. Wosipun: tiyang sêpuh kêdah paring wêkdal kangge pitêpangan. Supados satunggal sagêd maspaosakên watak-wantuning satunggalipun. Manawi sampun sami cocogipun, liripun: satunggal-satunggalipun sampun sami rumaos srêg, kados-kados badhe sagêd kêmpal sêsarêngan, êmbat-êmbatan ing salaminipun gêsang, tiyang sêpuh sawêg sagêd manggalih badhe dhauping pangantèn. Mênggah wêkdal kangge pitêpangan wau prayogi sacêkapipun, ngêntosi saantawis. Sampun namung sadintên kalih dintên, ugêr sampun sami sumêrêpipun sampun cêkap. Kados adat kina ingkang dipun wastani: nontoni, punika dèrèng cêkap.

Samôngsa tiyang sêpuh karsa andhahar atur kula ing nginggil, kathah uthutipun, bilih anggènipun amiwaha putra badhe kalêrêsan. Kosokwangsulipun: manawi tiyang sêpuh taksih nindakakên pamêksa, utawi botên paring kamardikan nyêkapi dhatêng putra, kula botên purun tanggêl dhatêng kabêgjaning putra ing pawingkingipun. Pintên kemawon cacahing tiyang rêrayatan ingkang wuk botên dados, ingkang gêsangipun kêbak rubeda warni-warni, amêmêlas sangêt. Punika yèn dipun petani badhe pinanggih, bilih sababipun perangan agêng jalaran saking rumiyinipun, nalika sami kapanggih ingkang satunggal dèrèng mangrêtos têrang dhatêng watak-wantuning satunggalipun.

Badhe kasambêtan.

Rara Suparti.

--- 86 ---

Anêksèni Panggalihanipun Sadhèrèk Nyai Darmaprawira

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 40

Kula piyambak nglampahi, gadhah lare dèrèng sapêkên, kêpêksa sampun: mêmatut bujakrama, dening amomong tamu, badhe tilêm botên sagêd. Bibar sapêkênan, bathinipun: kula nandhang sakit bêntèr, rencang-rencang ugi sami sakit, kêtandhêgan sayah, sami anggrêsah, sami angrêsula, punika sampun wataking rencang, lah tiyang nyambutdamêl padintênan kemawon: grundêlan, bok punika padamêlan wêwahan, makatên panganggêpipun. Beda lan wontên ing dhoktêran, kados ta para pêrplèstêr, anggènipun nyambutdamêl namung sami sarwa andêmênakakên, nglêgakakên, ngukupi sêsukêr punika kados angraup uwos kemawon. Mila sarêng anak kula wau gadhah lare malih, ngantos kaping sakawan inggih sami wontên ing dhoktêran sadaya, dalah mantu-mantu kula botên nate wontên ingkang gadhah lare wontên ing griya, tamlutamtu. sami wontên ing dhoktêran ugi.

[Grafik]

Pêrplèstêr nuju ngupakara lare

4e. Ing salêbêtipun kula nênggani manawi anak kula tuwin mantu-mantu kula gadhah anak wontên ing dhoktêran, kula asring nyambi ningal-ningali ingkang sami gadhah lare wontên ngriku: tanpa bayaran, saening pangupakara têka inggih sami kemawon kalihan anak kula, namung têdha lan panggènanipun ingkang ragi beda, nanging botên sapintêna kaotipun.

5e. Mênggahing para wibi ingkang sami nglampahi, manahipun sagêd maligi namung ngraosakên karêksanipun kasarasaning badanipun thok, botên kaworan pamanahan warni-warni, ingkang tuwasipun namung tiwas mêwah-mêwahi awrating sasanggèn ingkang pancèn sanès wawratipun sinanggi ing salêbêtipun sawêg nyanggi sêsanggèn ingkang botên kenging: winawrat, mênggahing donya.

Kajawi punika kula taksih kêrêp kemawon mirêng swaranipun para ingkang sami dèrèng kêpanggih manahipun, makatên:

Sapisan: Ah, prêlune apa duwe anak bae têka dadak digawa manggon ana rumah sakit, pati urip iku sing gawe sapa, apa ngarah dhoktêr bisa kawasa murungake marang ing pati, rak iya ora. Kados makatên punika rêmbag ingkang babarpisan botên mangrêtos dhatêng prêluning prakawis rêmbag. Prakawis: pêjah gêsang, punika sanès prakawising pangrêksa kasarasaning tiyang ingkang badhe nglairakên jabang bayi.

Badhe kasambêtan.

Nyai Pranata.

--- 87 ---

Katur Panjênênganipun Sadhèrèk Wara Sri W. Rêmbang

Nuwun, pandangonipun sadhèrèk Wara Sri, kawrat ing Kajawèn nomêr 83, bagean jagading wanita, mugi sampun kirang ing pamêngku, sakathahing pandakwa sampun kula tampi, sarta kula botên kawratan nyuwun pangapuntên.

Gêgandhengan pandangon wau sinarêngan sêmu duka, kula botên sagêd ngaturi wangsulan, kuwatos badhe atur wangsulan kula wau, malah mêwahi sêling sêrêp malih, badhe kapanjang-panjang, saya wêwah ingèsêman ngasanès, wasana kirang prayogi kadadosanipun.

Mangsuli wosing gubahan kula namung salugu ajak-ajak anglêrêsakên tumindaking srawung mardika, kanthi wêwaton kasusilaning wanita Jawi, mamrih sagêd darajad kula golongan wanita kêgayuh, kanthi sêpi panyaruwe-panyaruwe kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, paribasanipun: sing kêna iwake, aja nganti buthêk banyune. Dados manawi panjênênganipun sadhèrèk Wara Sri, paring wasiyat dhatêng para kadang wanita mudha: kudu prayitna, waspada, duga-duga lan prayoga, punika sampun satrêpipun. Têgêsipun: saupamia wontên satunggal kalih kadang wanita ingkang nyêbal, sagêda lajêng tumuntên wangsul ngambah margining srawung mardika kados ingkang panjênêngan karsakakên punika. Saking pamanggih kula, para ingkang gadhah dhasar ambêlasar, botên sagêd mêmpan dhatêng ajar, punika ambêbayani, sagêd angalang-alangi, angrêndhêtakên dhatêng kamajêngan kula sadaya, tumrap kangge anggayuh darajat ingkang luhur wau. Mila sampun salêrêsipun bilih trajangipun, P.A.A.A.A. mrihatosakên sangêt, badhe ananggulangi bab punika.

Namung punika atur waluyan kula. Panuwun kula, bilih sadaya karangan kula ingkang sampun kaêwrat ing Kajawèn punika wontên ingkang kirang laras kalihan kawontênan, mugi para sadhèrèk karsa anglêrêsakên sarana damêl gubahan ing Kajawèn kemawon, prêlu kangge nisihi. Sadaya pamundhutipun priksa, kula awrat minangkani ngaturi wangsulan, saking pamanggih kula, pandangon punika kathah ingkang namung dados pêpucuking padudon ingkang botên wontên pêdhotipun, sarta malih ngèngêti papaning Kajawèn punika kacumpèn sangêt, tur kathah panjurung-panjurung karangan ingkang langkung wigatos tinimbang namung isi padudon, ingkang undur-unduranipun namung badhe nukulakên pêpêcahan.

Biyang Marta Sleman.

Bab Olah-olah

1. Garang asêm katès

Katès ingkang sampun sêpuh nanging dèrèng jêne, dipun oncèki, lajêng kairis sapantêsipun. Dipun godhog saumoban lajêng kaêntas, dipun êtus.

Bumbunipun: tumbar, jintên, bawang brambang, sarêm, kêncur, traos, kluwak, lombok, salam, santên.

--- [88] ---

Bawang brambang, lombok karajang, lajêng kagôngsa, bumbu sanèsipun dipun ulêg kacêmplungakên lan dipun santêni kanil. Manawi sampun umob dipun pindhah ing kwali (panci), lajêng katès kacêmplungakên kasantênan malih samurwatipun. Dipun udhak sampun ngantos pêcah. Ecanipun malih kaparingan ulam balungan. Dene anggènipun dhahar, mawi sêkul angêt (sêkul pantun enggal, murugakên botên lupa ing badan), lawuhipun, krupuk rambak, sambêl cambah. (Samêlsambêl. brambang asêm dipun ulêgi cambah).

2. Sêkar katès dalah godhongipun ingkang ênèm

Sêkar lan godhong katès sakalo, kagodhog kalihan ampo 1 cangkir, ngantos matêng. Lajêng kaêntas kakumbah rêsik.

Bumbunipun: lombok ijêm rajangan, brambang, bawang, asêm, gêndhis, traos, laos, sarêm, salam, têri, bumbu wau kagôngsa lisah, manawi sakintên sampun alum, sêkar lan godhongipun wau dipun cêmplungakên, lajêng kaungkêp. Samôngsa bumbu sampun matêng, dipun soki duduh ulam sakêdhik, kaolah samatêngipun, nanging duduh sampun kêkathahên. Lan ugi kenging kaparingan tempe bosok.

Ni Suntariyati.

Blora.

Sinjang Tirtateja

Sinjang tirtateja punika sêratanipun prasaja, manut garisan, nanging sanadyan wujudipun prasaja makatên, wontên angèlipun sawatawis, jalaran asring dhumpyuk.

[Grafik]

Adêging sêratan jêjêg, manawi dipun wangun mayat tuwin sanès-sanèsipun, malah katingal botên sae, dados angosokwangsul kalihan sêratan garis miring.

Nama Tirtateja punika manawi dipun petani atêgês: toyaning teja. Ingkang wosipun anggambarakên teja, inggih kluwung, mila dipun iribakên makatên, bokmanawi mêndhêt saking teja punika gadhah cahya sap-sapan warni-warni, katingal langkung nêngsêmakên. Warni-warnining cahya wau dipun pindhakakên wontên ing wujudipun sêratan, kados ta: tembokan, sogan, biron tuwin isèn. Cêthanipun ing gambar, ingkang pêthak punika tembokan, ingkang garit-garit, punika sogan, ingkang cêmêng: biron, ingkang cêcêg-cêcêg: isèn. Dene bab pamantêsipun, kasumanggakakên ingkang nyêrat.

--- [685] ---