Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 40, Rê Pn, 18 Mulud, Jimawal 1869, 18 Mèi 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Sêkatenan ing Surakarta - Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak dhatêng Surakarta - Kasusilan - Gladhèn Panêmpuhing Bêbaya ing Gagana - Marsudi Gêndhing Jawi - Cangkriman Volksalmanak - Utaminipun Lare Èstri Nyambutdamêl - Kawontenan ing Mancapraja - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Sêkatenan ing Surakarta

[Grafik]

Untabipun têtiyang wontên papan sêkatenan ing alun-alun Surakarta.

--- [606] ---

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Têdhak Mampir ing Surakarta

Kala tanggal kaping 3 wulan punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak anjumênêngi konpêrènsining para bupati ing Jawi Wetan, ingkang kawontênakên ing Malang. Ing sabibaring konpêrènsi, lajêng têrus têdhak ing Salatiga mampir ing Surakarta.

[Grafik]

Gambar dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, saha Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Wicaksana wontên ing Gupêrnuran Surakarta.

Têdhak dalêm wau sadumugining watês Surakarta, inggih punika ing Mantingan, dipun papag ing panjênêngan dalêm K.G.P.A.A. Mangkunagara, B.K.P. Angabèi, B.K.A. Kusumayuda, pêpatih dalêm K.P.A.A. Jayanagara, Bupati Sragèn tuwin Kontrolir Sragèn.

Sadumugining watês kabupatèn Sragèn tuwin kabupatèn kitha Mangkunagaran, dipun papag bupati patih Mangkunagaran K.R.M.T. Sarwaka Mangunkusuma, ingkang sampun sadhiya wontên ing ngriku têrus anggarubyug. Sadumugining watês kabupatèn kitha Mangkunagaran tuwin kabupatèn kitha Surakarta, wêwah dipun garubyug ing bupati kitha Surakarta.

Ing Wêkdal punika, ingkang sampun wontên ing dalêm gupêrnuran, pangagêng militèr, asistèn residhèn Klathèn, sèkrêtaris, mayor pangagêng lesiyun Mangkunagaran, bupati tuwin kontrolir Bayalali.

Ing sadèrèngipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana rawuh, jam 9.45 asistèn residhèn tuwin kontrolir Surakarta sowan malêbêt dhatêng karaton, mêthuk Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana sakalihan pramèswari dalêm tuwin putri dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Pambayun. Jam 10 lajêng têdhak dalêm Gupêrnuran, kanthi lampah kados padatan têdhak loji.

Rawuh dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana ing dalêm gupêrnuran dipun papag ing gupêrnur sakalihan. Lajêng kêtungka rawuh dalêm Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, dipun papag Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, gupêrnur tuwin sanès-sanèsipun. Lajêng lênggah, jam 11 Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana anglajêngakên têdhak Salatiga.

--- 607 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Arjaprakosa, ing Surakarta

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39

Dene brayat-brayat ingkang kêplorot drajatipun, jalaranipun inggih namung saking anggèning nyimpang saking kasusilan. Dene tumraping băngsa, sarèhning băngsa punika kalêbêt perangan agêng, dados minggah lan mandhapipun drajat punika wancinipun dangu sangêt, langkah saking umuripun tiyang, ananging para ingkang taksih gêsang sagêd nyumêrêpi saking pèngêtaning sêrat-sêrat babad.

Kajawi saking punika, sarèhning kula gêsang bêbrayan ing jaman samangke punika sasrawungan kalihan băngsa warni-warni, ingkang tatacara tuwin tatakramanipun beda-beda, awit saking punika, pangambah kula ing margining kamajêngan, kêdah ingkang wêweka utawi ngatos-atos. Tatacara utawi tatakramanipun băngsa sanès, ingkang botên salaras kalayan wêwatoning kasusilan, tuwin kirang mêmpan tumrap băngsa Jawi, prayogi botên tinulad. Bab punika kados botên prêlu kula aturakên kalayan panjang, panjênêngan sadaya botên badhe kêkilapan, pundi ingkang prêlu tinulad, tuwin ingkang botên pantês tinulad. Kosokwangsulipun, tatacara utawi tatakrama gadhahanipun piyambak, ingkang nyêbal utawi nyulayani kalihan wêwatoning kasusilan, punika prayogi lajêng kabucal, utawi dipun santuni gagrag enggal, ingkang mathuk kalayan kawontênaning jaman.

Kula băngsa Jawi sadaya ugi prêlu mangrêtos kadospundi tatacara tuwin tatakramanipun băngsa sanès, murih sarawungipun kalihan băngsa sanès wau botên kidhung utawi botên dipun wastani nêrak kasusilan. Kula inggih mangrêtos mênggah kamajênganipun kawruh lair (Wetenschap) punika, mêsthi badhe ngewahi utawi ambangun enggal kawontênanipun tatacara tuwin tatakrama lami, dipun santuni gagrag enggal, ingkang mathuk utawi salaras kalihan andhap inggiling kawruhipun. Pramila kula ngajêng-ajêng mugi tumuntêna wontên ingkang ngadani damêl buku tatacara tuwin tatakrama gagrag enggal, ingkang lajêng dipun waradinakên ing ngakathah, murih para neneman jalêr èstri botên rangu-rangu anggèning ngangge tatakrama.

Kawuningana, mênggah sajatosipun manawi ngrêmbag prakawis kasusilan, sadaya ingkang sampun kula aturakên wau, dèrèng paja-paja nyêkapi, amargi pikajênganipun kasusilan punika ngêwrat pintên-pintên prakawis, suraosipun lêbêt sangêt, tuwin wiyar têbanipun, mila kala-kala gadhah têgês anggêr-anggêr, ugi anggadhahi têgês kuwajiban, kamajêngan, karahayon, kautamèn sarta luhuring bêbudèn, manut darajatipun piyambak-piyambak, ingkang gumêlaripun beda-beda.

Badhe kasambêtan

--- 608 ---

Gladhèn Panêmpuhing Bêbaya Saking Gagana

Ing ngajêng sampun nate wontên wartos bilih ing Batawi badhe kawontênakên galadhèn panêmpuhing bêbaya saking gagana. Bab punika kalampahan wontên ing tanggal 9 wulan punika ing wanci sontên.

[Grafik]

Tumindaking damêl têtulung bêbaya.

Ing wanci sontên wau ing Koningsplein kathah têtiyang ingkang dhatêng prêlu ningali tumindaking gladhèn wau. Mênggah cêkakanipun galadhèn punika tumindak sae kanthi wilujêng.

Kala punika pangagêng ingkang rawuh mariksani kathah, ing golongan sanès militèr tuwin militèr, inggih punika gupêrnur Jawi Kilèn tuwan L.G.C.A. van der Hoek sakalihan, residhèn Mr.H. Fievez de Malines van Ginkel, burgêmistêr Batawi, Ir. C.A. Voorneman, ingkang bupati ing Batawi tuwin Mistêr Kornèlês, warga rad kawula Jhr. Mr. C.H.V. de Villeneuve, Litnan Kolonèl W. Schilling tuwin upsir sanès-sanèsipun. Kajawi punika tumrap ingkang tumindak ing wajib, ing babagan punika, Hoofd der Centrale Inspectie voor den Luchtbeschermingsdienst, kolonèl du Croo, dhirèktur Gemeentewerken tuwin Hoofd Luchtbeschermingsdienst ing Batawi, tuwan J.M.H. Timmermans onderhoofd pakaryan wau, mayor pènsiun J.J. Felix, kalih pisan punika ingkang nyenapatèni damêl, tuwin Dr. P. Peverelli,

--- 609 ---

Hoofd Gemeentelijke Gezondheidsdienst ing Batawi.

Gladhèn punika kaupamèkakên ing ngriku tinêmpuh ing bêbaya saking gagana. Motor-motor mabur andhawahakên bom ingkang sagêd murub. Sanalika ngriku, kintên-kintên wanci jam gangsal, pangagênging Luchtbeschermingsdienst suka sumêrêp dhatêng pakaryan pompa tuwin pulisi, bilih ing ara-ara Pasar Gambir wontên kêbêsmèn, supados ngawontênakên pitulungan tumuntên.

Sajatosipun tuwuhing kêbêsmèn wau ambêsmi griya-griya wêlit ingkang kadamêl wontên ing papan ngriku, kasulêt mawi thermietbom, ing sanalika ngriku lajêng mujudakên kêbêsmèn agêng-agêngan. Botên dangu pompa tuwin pulisi dhatêng, bathêthêt sarwa samapta. Ingkang aba tumandang ing pompa tuwan Bakker, ingkang nindhihi pulisi tuwan Massland tuwin Dekker. Papan kabêsmèn wau lajêng dipun têmpuh ing para tandang wau. Para paniti wontêning gas, lajêng mratitisakên, punapa bom ingkang dhawah punika mawa gas. Ing ngriku juru paniti wau lajêng cangkelak wangsul, suka sumêrêp bilih mêngsah nglêpasi gas êluh, sintên ingkang kataman gas wau tamtu lajêng ngêdalakên êluh.

Ing ngriku para pangagênging damêl lajêng dhawuh dhatêng karerehanipun supados sami ngangge topèng gas tuwin lajêng tumindaka ing damêl. Makatên ugi pakaryan babagan kasarasan sarêng tampi katrangan ugi lajêng tumindak têtulung saprêlunipun dhatêng têtiyang ingkang nêmahi kasangsaran. Oto tiyang sakit, juru ngupakara tiyang sakit sapambantunipun lajêng majêng dhatêng ing papan kasangsaran, ambalêbêti têtiyang ingkang sami kataton, lajêng kainggahakên ing oto, salajêngipun dipun bêkta dhatêng palêrêban, ingkang dipun êdêgakên wontên ing ara-ara. Salajêngipun ingkang sakit dipun upakara saprêlunipun.

[Iklan]

Sasampunipun makatên, papan tilasing kabêsmèn lajêng dipun rêsiki. Wusana bibaran.

Sêsorah ing Radhio saking Bale Pustaka

Benjing ing dintên Ngahad sontên tanggal 22 Mèi 1938, wanci jam ½ 8 dumugi jam 8, Bale Pustaka ngawontênakên sêsorah ing radhio Nirom 2 golflengte 190, ing bab: Cara menghargai karangan, ingkang mêdhar sabda tuwan R. Purwadarminta.

--- 610 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi

Sambêtipun Kajawèn Nomêr 38

Pola ăngka: 1

Gd. Clunthang: lr. sl. pt. 9 (sanga)

[Notasi]

Gêndhing Clunthang punika manawi kadamêl irama sêsêg, kangge nabuhi bêksan nglana, manawi irama dipun tambanakên (sarèh) kangge bêksa anggrudha.

Pola ăngka: 2

Gêndhing clunthang wirama tamban, dipun gerongi:

[Notasi]

sgk.= senggakan

Gêndhing Clunthang punika tumrap ing Ngayogyakarta, manawi kangge lênggahan jagongan, dipun ungêlakên, yèn para tamu pinuju dipun sêgah dhahar dening ingkang kagungan prêlu, ungêlipun gêndhing ngantos sarampungipun dhahar, bibar dhahar, ingkang tamtu para tamu wau lajêng sami mêdal ngisis, munduripun saking papan dhahar wau lajêng dipun kurmati gêndhing Jangkrik Genggong.

Gd. Jangkrik Genggong lr. sl. pt. 9

[Notasi]

Gêndhing Jangkrik Genggong ugi asring kangge nabuhi bêksanipun para danawa, ringgit tiyang tuwin topèng.

Bab Pakêmpalan Nabuh Găngsa

Ing wêkdal punika ing kitha tuwin ing dhusun-dhusun, kathah pakêmpalan sami nabuh găngsa, mênggah pikajêngipun pakêmpalan wau, bok bilih salah satunggalipun warga pakêmpalan gadhah kaprêluan ingkang mawi nabuh găngsa, botên susah ngêdalakên wragad kangge ngepahi wiyaga.

Badhe kasambêtan

R.Ng. Pringgahardana

CANGKRIMAN VOLKSALMANAK

Nalika tanggal 14 Mèi ingkang mêntas kapêngkêr punika lotre Volksalmanak taun 1938 sampun kagêbag. Nama-namanipun ingkang pikantuk pris kasêbut ing ngandhap. Tiyang-tiyang wau ugi sampun dipun sukani sumêrêp anggènipun sami angsal kabêgjan.

Ingkang dados komisi nggêbag lotre inggih pangagêng kantor Bale Pustaka kalihan punggawanipun sawatawis, kanthi dipun jênêngi wêwakil pangagêng Nagari lan pèrs, inggih punika: R.T.A. Hasan Soemapradja (Bupati Bêtawi), tuan Sanoesi Pane (Hoofdredacteur Kebangunan), H. Hamid (Redacteur Pemandangan) lan Kamsil (Redacteur Perasaan Kita). Ingkang punika Bale Pustaka ngaturakên gênging panuwun dhatêng para tuwan ingkang sami anjênêngi panggêbagipun lotre wau.

Tumrap tiyang ingkang sami pikantuk ganjaran taun 1938 wau Bale Pustaka ngucap suka sukur, dene tumrap ingkang sami botên pikantuk ganjaran, Bale Pustaka mujèkakên mugi-mugi taun ngajêng sagêda gêntosan pikantuk pris.

Kados taun ingkang sampun kapêngkêr taun punika ugi botên sadaya tiyang ingkang sami tumbas Volksalmanak purun tumut mbatang cangkriman. Ingkang tumbas Volksalmanak 1938 gunggung wotên tiyang 71.000. Dene ingkang tumut mbatang cangkriman kintên-kintên namung wontên tiyang 49.000. Tiyang-tiyang wau sajak sampun sami mangrêtos bilih ingkang kêdah kaanggêp baku punika Volksalmanakipun, sanès cangkrimanipun. Pambatangipun cangkriman namung kangge sambèn, nyobi pados kabêgjan, pikantuk pris sukur, botên pikantuk inggih botên dados punapa.

Kados ingkang sampun-sampun sêrat-sêrat dhatêng Bale Pustaka kangge nakèkakên bab cangkriman wau botên badhe dipun wangsuli. Jalaran punika kamanah kirang prêlu lan ngathah-ngathahi padamêlan kemawon.

Ingkang pikantuk pris Volksalmanak 1938:

1e. Prijs Poernaman Sardjono, p/a Bosch-opzichter Majênang ... f 750,-.

2e. Prijs Abang Achmad bin Abang Palil, berkebun Nanga-Silat, Sintang ... f 250,-.

3e. Prijs Nyi Hawa binti Kemas Abdoelrony, Leerling H.I.S., Palembang, 5 kl., 19 Ilir -J. Guru-guru No. 24 ... f 100,-.

4e. Prijs G.H. Liuw, Guru B.V.S. Loek, p/a J. Tumbel, Salakan (Peling), Luwuk ... f 100,-.

5e. Prijs Koernia, onderwijzer H.I.S. Pasundan, Garut ... f 50,-.

6e. Prijs Mohd. Noer, Volksonderwijzer Cupak, Solok (S.W.K.) ... f 50,-.

7e. Prijs J. Latuminase, Tukang Kebun, Oirata, Pulau Kisar, Molukken, pkt. Wonreli ... f 50,-.

8e. Prijs Mohd. Joenoes, Guru kepala Volksschool, Peukanhilir, Longa, Kutaraja ... f 50,-.

9e. Prijs Soewadi, leerling Keramisch Laboratorium, Bandung ... f 25,-.

10e. Prijs Rr. Soedarni, p/a R. Darsono, manteri politie Boja, Kendal ... f 25,-.

11e. Prijs Mohd. Idham, c/o M. Salman, Vaccinateur, Kp. Sungai Mesa no. 32, Banjermasin ... f 25,-.

12e. Prijs M. Soemarto, Zoutpakhuismeester, Kutoarjo ... f 25,-.

13e. Prijs Padmowisastro, Ajunct Landbouwconsulent, Pokok, Kroya, Benkulen ... f 25.-

14e. Prijs R. Soewarno Hadiwidjojo, Schrijver b/h. Instituut van planten-ziekten, Buitenzorg ... f 25,-

15e. Prijs Daoed Hiliry, berjualan, Keramatstaat, Sabang ... f 25,-

16e. Prijs Moeljo alias Soediro, mandur Goud-Mijn, Sungai Pagu, Muara Labuh ... f 25,-

17e. Prijs M. Soemodiredjo, gepens. Bosch-wachter, kamp. Bulu Lor No. 626, Semarang ... f 25,-

18e. Prijs Nyi M. Haji Siti Rohaja, p/a A. Sastrawinata, Pungkurweg 43A, Bandung ... f 25,-

19e. Prijs Slamet, tremmer Gouv. dok, kamp. Darat, Noerdinweg, Pontianak ... f 25,-

20e. Prijs A. Wangsadidjaja, Inl. hulponderwijzer Vervolgschool, Bayongbong, Garut ... f 25,-

21e. Prijs Hami, mantri b/d. Landschap Cukaiheffing, Muara Teweh, Banjermasin ... f 25,-

22e. Prijs R. Soeparmadi, murid H.C.S., p/a R. Mangkoedidjojo, Gepens. Ass. Wedana, Kranggan, Temanggung ... f 25,-

23e. Prijs Sardjo, kranie B.P.M., Afd. Boekhouding, Plaju, Palembang ... f 25,-

24e. Prijs G.A. Mengko, Guru H.I.S., Menado ... f 25,-

25e. Prijs Kwek Swat Hin, Kranie, Oldenbarneveldtstraat 8, Medan ... f 25,-

26e. Prijs R. Agoes, monteur Gebu, Tasikmalaya (Gang Landraad 15A) ... f 25,-

27e. Prijs Engkan alias Wiraatmadja, Guru ke 1 sekolah desa, Cicopar, onderdistrict Banjarsari, Pkt. Banjarsari ... f 25,-

Badhe kasambêtan

--- 612 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun lare èstri nyambutdamêl

I.

Garèng : Wah, Truk, kiraku wong sadunya kiyi ora ana sing sênêng, sing ayêm, kaya Dèn Jaya kae. Dhasar sugih, duwe anak wadon sêpasang, ayu, pintêr, kathik loro-lorone padha nyambutgawe nyang kantor kabèh. Aku sok nyawang saka kadohan manawa kabênêr lunga nyang kantor, anggone dandan cara noni-noni, lakune: cithit, cithit, wa-dhuh ...

Petruk : Mêngko sik, Kang Garèng, sanyatane mono nèk mungguhing aku, durung pati cocog nyang anane bocah wadon padha nyambutgawe kuwi, lo, samono kuwi yèn pancèn ora prêlu bangêt. Saiki kawuwuhan panganggone cara noni-noni, tobat, tobat. Apa panganggone wanita Jawa kuwi kurang bêcik, kurang utama. Nèk aku ngarani luwêse wis ulêng-ulêngan bangêt. Ora aku thok bae sing ngarani bêcik iki, kêna diunèkake băngsa saindênging tanahe dhewe kene kiyi padha ngarani yèn panganggone wanita Jawa kuwi mêrak-ati bangêt. Buktine: akèh para wanita băngsa liya padha nelad panganggone wanita Jawa iki, nganti kêrêp bae ana ing Batawi kene aku kêcêlik, tapihe nganggo wiron dijêpèt mêlithit kae, klambine nganggo pêndhatêng, dalasan gêlunge iya cara Jawa jêkèk, barêng tak takoni: kêparêng kula nyuwun priksa, pundi dalêmipun ... durung nganti rampung anggonku pitakon, kanane wis malengos karo muni: êntêk nyahok, ma-tik, - aku, jêbul wanita băngsa Bandhung. Mara, apa iki ora sawijining bukti utamane panganggoning wanita Jawa. Băngsa liya-liyane padha nelad, jêbul sing anduwèni malah pêrlop, banjur ngliyêr sandhangane liyan. Ambok sawangên, ta, Kang Garèng, wanita bangsane dhewe sing padha rok-rokan, sing ayu, dadi ala, sing ala dadi èlik, sing èlik dadi ... ora karu-karuan.

Garèng : Wong kowe ora ngrêti, Truk. Kênya-kênya Jawa sok padha manganggo nyara noni-noni, ora golèk ayu-ayunan, manis-manisan, utawa brêgas-brêgasan, nanging kang nomêr siji golèk slamêt, Truk.

Petruk : Nèk ngarah slamêt, hla iki aku iya mupakat, Kang Garèng. Awit manganggo cara noni kuwi, sanadyan ora mundhak ayu, nanging lumrahe sipate Jawa sok banjur nyuwun prêmisi, kang anjalari wong sing durung têpung mêsthi ora bakal [ba...]

--- 613 ---

[...kal] ngarani: kae noni Jawa. Mulane sabanjure iya banjur slamêt, arêp trig-trigan, slamêt, jingklak-jingklak turut dalan, iya slamêt, nonton bioskup, twèdhê porsêtèlêng: mung bêrdhuah sajah: iya slamêt, dalasan arêp jogèd rangkul karo sapa bae, iya slamêt, wong iya ora ana sing padha sumurup yèn si ... Paikêm.

[Grafik]

Garèng : Wis, ora urusane, kok banjur mrono talèncènge. Hla kuwi rak mung slamêt ora dikăndha uwong. Ora ngono, Truk, nanging nyata: slamêt, têmênan kae. Dadi wanita bangsane dhewe kuwi pancèn cilaka têmênan, akèh walang-sangkêre, Truk, mêngkene saru, mêngkono saru, mêngkana saru, cêkake mas saru tansah arêp nginthil bae. Apa manèh yèn nganti kalakon manganggo cara Jawa lumaku dhewe thil, wah, godha rêncanane sêsayahiranèki, Truk. Ora mung băngsa sinyo rêbo sinyo rêbo sing sok nyak-nyakan wani ngurang ajari sarana unèn-unèn: dhah, sês, dhah, sês, dalasan bangsane dhewe bae iya sok ana sing wani ngêlokake: sêndhiri, jun, utawa: wadhuh, slope, lan êmbuh têmbung kurang ajaran apa manèh. Nanging nèk banjur manganggo cara noni-noni, slamêt, Truk, sabab banjur ora ana sing wani main kurang ajar, main edan-edanan kuwi, sabab wong iya ... noni kuwi mau.

Petruk : Bab anane bocah wadon sok dikurang ajari uwong utawa ora, kuwi saka pokale dhewe, ora gumantung saka panganggone. Akèh bae wanita Jawa ngênggoni Jawane dêlês, malah kajèn, kosokbaline sing cara Lănda blèjèt, jêbul uwong malah ora pati ngajèni. Nèk mungguh panêmuku, Kang Garèng, anggêre padha nêtêpi kasusilaning wanita têmênan, sing isih Jawa dêlês, kuwi laire mêsthi luwih kajèn katimbang sing wis cara Lănda grès. Iki mung tak têpakake awakku dhewe bae. Nèk nyang têpungan priyayi putri sing isih Jawa dêlês, kuwi patrapku, sanadyan têpunga wis lawas pisan, yèn kêtêmu iya isih ajêg mêndhêg-mêndhêg, lungguha barêng, lungguhku iya ngêcêcêng ngajèni kae. Seje karo têpungan priyayi putri sing wis cara Lănda grès, apa manèh yèn têpunge wis rada suwe, kêtêmu saênggon-ênggon iya banjur wani bae, aruh-aruh mangkene: dhah, mopro, tur nganggo wani nyêkêli astane barang. Nèk lungguh bêbarêngan, lungguhku iya ora rikuh tumpang dhêngkul, malah anggonku ngomong

--- 614 ---

iya bisa sakêpenakira bae. Lho, kiyi laire, Kang Garèng. Batine: ora ana wong arêp kurang ajar, yèn batine: slamêt. Karêpe iki mangkene: Wong wadon kang batine slamêt, iya nganggoa cara Jawa utawa cara noni-noni pisan, kuwi yèn duwe kêkarêpan, arêp lêlungan nyang kantor upamane, batine iya mung ngucap mangkene: nowe tu niyat ingsun arêp lunga nyang kantor, wis, cunthêl, ora ana èmbèl-èmbèle manèh. Nanging anggone lumaku iya ora menga-mengo, mung mêndêng nyang kantor thok bae.

Garèng : Yèn kaya mêngkono kuwi rak bisa kalakon ... ditabrak motor, Truk.

Petruk : Lho, karêpe: anggone lumaku ora menga-mengo, mung mêndêng nyang kantor thok bae kuwi, ing kono lakune ora nganggo dièmbèl-èmbèli apa-apa, kaya ta: anggone lumaku, luwih manèh ana ing ngarêpe wong sing brêgas-brêgas, ora nganggo èksêtrah ditata: sêngklik, sêngklik, kleos. Sing sêngklik-sêngklik iki lageyane badane, dene sing mak kleos, kuwi carane yèn menga-mengo, utawa: plerokane. Mara, arêpa manganggo cara apa bae, yèn mêngkono tandange, apa iya ora banjur kalakon dikurang ajari ing uwong ...

Garèng : Wayah, nèk kaya ngono kuwi, apa niyat ... nyambit ulat.

Petruk : Lho, kuwi mung kanggo upama bae, Kang Garèng, ing kene aku mung arêp nêrangake, yèn wanita kuwi tindak-tankuke[1] barès, krana lillahi tangala bae, ora nganggo main prêtèngsèng apa-apa, mêsthi slamêt, Kang Garèng. Slamêt ora-orane nganti ana uwong sing wani ngurang ajari, awit, wong lanang kuwi umume nyang bangsane wanita kuwi rak wêdi. Yèn wanita ora ngêwèhi dhadhakan, wong lanang masa wania arêp angganggu gawe, kajaba ta yèn wong lanang sing pancèn anduwèni dhêdhasar ... bajul buntung. Dadi wanita nganti dikurang ajari uwong utawa ora kuwi ora kok saka dening panganggone, nanging saka kalakuane dhewe.

Garèng : Ewasamono, Truk, aku mêksa iya ora wani nyalahake nyang wanita sing padha manganggo cara noni-noni kuwi mau, awit iki rak mung sawijining ihtiyar, supaya aja nganti dikurang ajari ing uwong, awit ing kalangane bangsane dhewe kiyi pancèn iya isih akèh bangsane bajul buntung kuwi. Saiki têrangna calathumu ing ngarêp, kang anêrangake: durung pati cocog nyang anane bocah wadon padha nyambutgawe nyang kantor yèn pancèn ora prêlu bangêt.

Petruk : Nèk wong tuwane pancèn sugih, kayadene Dèn Jaya sing kok kandhakake kuwi mau, dadi rak bisa, ta, ngragadi lan ngopèni anake wadon, kaya-kaya luwih bêcik saupama anake wadon diginau nyambutgawe ana ing ngomah, dadi ing besuk yèn wis laki, panyêkêle bale omah ora kidhung. Ewasamono yèn pancèn prêlu, dikon nyambutgawe iya bêcik, yaiku prêlu ... kanggo reklamê.

--- 615 ---

Kawontênan Mancapraja

Rêmbag ing parêpatan Volkenbond

Ing sadèrèngipun angandharakên ing bab wawasan sadayawining[2] praja punika, rêdaksi prêlu ngaturi uninga rumiyin dhatêng para maos, bilih andharan punika mawi sastra Latiyn. Wontênipun kadamêl makatên, namung prêlu supados pakabaran punika sagêd ngêwrat kathah, tuwin ing sabên sawêdalan sagêda nyêkapi isi babagan wartos sajawining praja ingkang suraosipun sampun têlas samantên, mêdalipun sabên ing dintên Rêbo, dados punapa ingkang kawêdalakên ing dintên Rêbo wau atêgês martosakên pakabaran ing salêbêtipun saminggu, makatên salajêngipun sagêda sambêt-sumambêt.

Kala ing tanggal 9 Volkenbond ngawontênakên pêrêpatan,[3] ingriki prêlu kapretalakakên rumiyin bilih Volkenbond punika wontên warni kalih, gampilanipun dipun wastani parêpatan agêng tuwin parêpatan alit. Ing parêpatan ngriku wontên ingkang ngrêmbag ing bab babagan tanah Ngabêsi. Awit saking wêdharsabdanipun Lord Halifax, gadhah panêdha supados para warga dipun sukanana kamardikan angakêni piyambak-piyambak ing bab panguwaos Italie ing Ngabêsi. Parêpatan ing sadèrèngipun dipun wiwiti, sampun kawontênakên rêmbag ing wingking rumiyin, kanthi ngawontênakên tindak cobèn-cobèn supados wêwakil Ngabêsi sampun mêdal wontên ing parêpatan, awit wêwakil wau botên sande namung badhe ngawontênakên ruwêting rêmbag kemawon. Makatên malih sanadyan wêwakil Inggris tuwin Prancis sagêd ugi botên rêna mirêngakên rêmbagipun wêwakil Ngabêsi wau. Mangka ingajêng nagari kêkalih wau ingkang ngajêngakên tuwin angagêngakên panggalihipun Haile Selassie, inggih punika nalika ing Ngabêsi nêngah-nêngahi paprangan. Rêmbagipun nagari kêkalih wau sampun ngantos Ngabêsi mituruti kêkajênganipun Italie, wusana ngantos Hoare tuwin Laval kêpêksa sèlèh kaministêranipun, amargi gadhah sêdya pados margi supados paprangan wau sagêda kèndêl, tuwin sagêda nata Ngabêsi sampun ngantos kecalan jajahanipun babarpisan.

Sayêktosipun Inggris tuwin Prancis inggih raos kawratan anggèning badhe ngiwakakên Ngabêsi punika. Nagari kêkalih wau sampun kalihdasa taun anggèning dados sawung wontên ing Volkenbond, makatên ugi dados sawung ing nalika badhe ngrampungi rêmbag babagan Ngabêsi ing kala rumiyin. Miturut wêdharsabdanipun Lord Halifax, sanadyan ing kabatosanipun araos awrat, inggih kêdah milih tindak kalih warni salah satunggal, punapa têtêp kêncêng kados ciptanipun ingajêng, punapa ngakêni kawontênan ingkang sampun pinanggih, supados ing donya wontên padhamèn. Tumrap Inggris ingkang dipun pilih ing bab padhamèn. Bonnet, ministêr sajawining praja Prancis cariyos: sadaya warga Volkenbond sami ichtiar warni-warni ingkang nyêkapakên kabêtahanipun Ngabêsi, nanging Prancis têtêp anggènipun sêtya dhatêng kakajênganipun Volkenbond. Dene kakajêngan wau inggih punika rumêksa têtêping karukunan. Dene ingkang dipun usulakên, botên sanès inggih ing bab rumêksa karukunan wau.

Miturut wawasan ingkang sampun, têtêping prajanjianipun Inggris kalihan Italie punika manawi Inggris sampun angakêni panguwaos Italie ing Ngabêsi. Inggih kados makatên punika ingkang dados kêparêngipun Sang Mussolini. Manawi botên makatên, prajanjian wau inggih badhe botên kasêmbadan. Ing sapunika Prancis tuwin Italie sawêg ngawontênakên rêmbag babagan prajanjian kados ingkang katindakakên dening Inggris kalihan Italie wau. Panguwaos Italie inggih kêdah dipun akêni rumiyin. Inggris tuwin Prancis kêdah botên ngiloni nata Ngabêsi.

Ing bab kawontênaning wêwakil praja-praja ingkang parêpatan wontên ing Genève, punika kenging dipun wastani sami cocog dhatêng usulipun Inggris. Namung tumrap Litwinof (Ruslan) nyêmoni sakêdhik. Tumrap Tiongkok tamtu kemawon ngrencangi Ngabêsi, amargi ing wêkdal punika Tiongkok ugi sawêg anglampahi dipun têmpuh kadosdene lêlampahan ing Ngabêsi, tuwin malih Tiongkok ugi kalêbêt ing golonganing kirang kiyat.

Tumrap nagari-nagari alit sampun kathah ingkang ngakêni têtêping panguwaos Italie ing Ngabêsi, inggih punika Nata Italie jumênêng Nata agung ing Ngabêsi, kintên-kintên Inggris tuwin Prancis inggih badhe tumindak makatên. Cordell Hull, ministêr sajawining praja Amerika Sarekat ugi anglairakên rêmbag pamanggihing nagarinipun. Tumrap Amerika, ing bab prakawis Ngabêsi, punika botên ewah panganggêpipun. Amerika botên angakêni dhatêng satunggiling laladan ingkang angsalipun sarana pêksan utawi nêrak suraosing sêrat prajanjian.

Malah Amerika panganggêpipun makatên wau botên ngêmungakên tumrap Ngabêsi kemawon, ingriku kêtingal, bilih trajangipun Amerika punika beda kalihan trajangipun Inggris tuwin Prancis. Ing wulan punika tanggal nèm, wêwakil Amerika ingkang nama Nije usul supados nyuwak awisan ngintunakên dêdamêl dhatêng Sêpanyol. Mênggah kajêngipun, supados Amerika sagêd ambiyantu, sanadyan pambiyantu wau botên ngegla. Dene ingkang badhe dipun biyantu wau golongan ingkang pundi, punika botên prêlu dipun takèkakên. Tamtu kemawon sanès golonganipun Franco. Amerika ugi nayogyani dhatêng usul wau, nanging sawêg dipun salêsihakên dening para ahli ing departement babagan prakawis sajawining praja. Dèrèng dangu Inggris tuwin Prancis sampun saiyêg ing rêmbag, badhe ngêncêngi non-interventie, inggih punika sampun ngêmori damêl dhatêng

--- 616 ---

babagan paprangan ing Sêpanyol. Mila cocog kalihan suraosing prajanjianipun Inggris tuwin Italie, mratelakakên bilih Italie purun ngundurakên wadyanipun saking Sêpanyol. Miturut wartos ing satunggiling sêrat kabar Inggris, mratelakakên bilih karampunganing parentah Amerika tansah dados pangajêng-ajênging ngakathah kanthi sakalangkung dêrêng. Saya langkung dêrêng malih sarêng ngèngêti dhatêng wêdharsabdanipun ministêr babagan wadya dharatan Amerika, ingkang sakalangkung wigatos. Mênggah ingkang dipun kajêngakên dening sêrat kabar wau, punika wêdharsabdanipun Harry Waarding wontên ing wiwitaning wulan punika ing wêkdal pêpanggihanipun para sudagar. Bab punika, Jêrman, Jêpan tuwin Italie dipun èngêtakên sampun sangêt-sangêt andhêsêg nagari ingkang dhêdhasar democratie, awit pikantukipun namung badhe nuwuhakên paprangan.

Ingkang dipun kajêngakên nagari kêkalih punika bokmanawi ing bab kawontênan ingkang pinanggih ing Amerika tuwin Tiongkok. Wêdharsabdanipun Ministêr wau dipun tampi dening sêrat kabar ing Italie nama Gionale d'Italie." Suraosipun: gêgayutanipun kalihan rêmbag wau punapa botên kanthi manah ing bab anggèning Amerika ngiyatakên dêdamêlipun, manawi kajêngipun jalaran badhe nêlukakakên laladan Amerika Têngah tuwin Amerika Kidul.

Wêdharsabdanipun ministêr Summerr Welles ing radio kala tanggal 6 Mèi kêpêngkêr, raosipun ugi kadosdene ngancam dhatêng nagari-nagari dictator. Cariyosipun, Amerika prêlu anggadhahi wadya dharatan tuwin wadya lautan ingkang kiyat, ingkang pikantukipun kangge nyantosani pajagèn praja ngantos dumugining titimangsanipun têtiyang sami nyanggêmi sêrat prajanjian, tuwin panuntun-panuntun nagari supados botên nindakakên kêkêncêngan malih, namung nindakna pikiran ingkang wêning. Têtiyang ing Amerika purun nyambutdamêl sêsarêngan kalihan Amerika Kidul, inggih punika samangsa bangsa Amerika dipun têmpuh ing mêngsah. Manawi wêdharsabdanipun ministêr wau dipun raosakên yêktos, kenging dipun wawas akajêng makatên: nagari dictatorr kêkalih wau dipun èngêtakên, supados botên pados dhadhakan utawi ngiyatakên dayanipun ing Amerika Kidul. Tumrap Amerika Sarikat dipun purih botên ajrih manawi nyambutdamêl sêsarêngan, ngèngêtana sampun namung ngèndêlakên dhatêng nagari dictator kêkalih wau, ing bab anggèning nyêbar daya ing Amerika. Ing têngah-têngahaning wulan April kêpêngkêr, burgemeester New York mêdharsabda wontên ing radio ing bab nagari dictator wau, saya dangu saya katingal dayanipun ing Amerika, saya malih tumrap Amerika Têngah tuwin Amerika Kidul.

[Grafik]

Margi sêpur Tientsin-Pukow inggih punika ingkang wiwit saking Tientsin mlampah mangidul. Ing sapunika sampun wontên margi sêpur saking Kai-Feng dumugi Tientsin-Pukow ingkang lajêng têrus mangetan sapinggiring pasisir laladan Kiang-Su. Hsuchow kaprênah ing simpanganing margi sêpur kêkalih wau, inggih punika laladan Kiang-Su.

Sayêktosipun botên prêlu dipun gumuni ing bab kawontênaning nagari dictator wau anggèning saya kathah dayanipun wontên ing laladan ngriku. Têtiyang Amerika punika ingkang kathah asli saking Eropa Kidul, Eropa Têngah tuwin Eropa Wetan. Mênggah dayaning fascisme, democratie tuwin communisme sami kawigatosakên kanthi sakeca. Ing Amerika Sarikat tuwin Amerika Kidul kathah têtiyangipun Jêrman, ingkang pinanggihipun sampun dados tiyang Amerika, nanging ugi dèrèng kêsupèn dhatêng nagari wutahrahipun. Wontênipun ing Amerika, bangsa Jêrman wau sami golong kanthi santosa. Adat tatacaranipun Jêrman taksih dipun wigatosakên. Pakêmpalanipun bangsa Jêrman punika sakalangkung kiyat, saya tumrapipun wontên ing nagari Rio Grande del Sul, dene dununging pangajêngipun manggèn wontên ing Bêrlin. Dados daya Jêrman ing Brazilie punika agêng. Makatên ugi angèngêtana bilih Jêrman kalihan Brazilie gêgayutanipun babagan economie ugi rakêt. Barang ingkang kalêbêtakên dhatêng Brazilie, ingkang 23% asli saking Jêrman. Manawi dipun cacahna, dayaning nazisme kawon kathah kalihan daya fascisme. Têtiyang Italie ingkang wontên ing Amerika Kidul cacahipun yutan. Tumrap ingkang wontên ing Brazilie kemawon wontên gangsal-wêlas yuta. Wontênipun [Wontên...]

--- 617 ---

[...ipun] ing Italie tuwin Sêpanyol dipun rekadaya supados ing têmbe bangsa Amerika Kidul sagêda rakêt kalihan bangsa wau. Ing Italie wontên sêdya badhe damêl motor mabur ingkang agêng-agêng, prêlu badhe kangge sêsambatan lampah saking Italie dhatêng Amerika Kidul. Ing pundi-pundi panggenan ingkang wontên papan pakèndêlanipun motor mabur, lajêng dipun cakêti kalihan Italie. Ing saindênging Amerika Kidul, têtiyangipun sami angrencangi dhatêng Franco. Makatên ugi ing Amerika Têngah, Franco dipun biyantu dening Falanx Spanye, inggih punika satunggiling pakêmpalan ingkang sêdyanipun badhe manunggilakên sadaya bangsa Latin. Botên kenging botên sêdya wau tamtu badhe anjrah wontên ing Amerika Kidul. Ing Brazilie wontên pakêmpalan nama Acao, ingkang dipunbiyantu dening pakêmpalan bangsa Jêrman ingkang sampun kapratelakakên inginggil. Pakêmpalan wau dhêdhasar fascisme tuwin nazisme. Manawi nitik dayanipun Italie tuwin Jêrman ingriku, punika botên adhêdhasar nêdya nutup korining nagari Brazilie, salugu namung mêndhêt saprêlunipun kemawon. Kala wulan Januari taun punika tiyang Acao kadadosakên kancanipun president Vargas, ingkang sapunika nindakakên paprentahan kados sacaraning dictator Eropa.

Miturut kawontênanipun Amerika Kidul wau, kenging dipun wastani bilih Amerika Kidul badhe jumêdhul wontên ing sisihipun Amerika Lèr, ingkang sagêd damêl gambiraning manahipun têtiyang ing Sêpanyol tuwin Italie. Tumrap Mexico, president Gardenas sampun angawisi têtiyang ngamanca anggadhahi siti tuwin panggaotan. Mênggah kajêngipun, Mexico punika namung kangge Mexico, panggaotanipun kangge bêrah, pasitènipun kangge têtiyang tani. Hak melik ing bab lisah pèt, gadhahanipun bangsa Inggris tuwin Amerika sami dipun bêskup. Ing bab makatên punika Amerika Sarekat gêntos malês dhatêng tindakipun nagari wau, botên purun tumbas salaka saking Mexico. Miturut wartos kala Sabtu kêpêngkêr, Mexico mêdhot sêsambêtanipun kalihan Inggris ing bab babagan politiek ing sawatawis dangunipun. Miturut wartos, enjing punika (tanggal 16 Mèi) Mexico sampun angundang wêwakilipun ing London, tuwin Inggris ugi sampun akèn wangsul wêwakilipun ing Mexico.

Sanadyan president Vargas sampun suka manah dhatêng tiyang Acao, nanging dèrèng cêkap samantên kemawon. Ing bab punika para maos sagêd nguningani ing bab wontênipun ura-uru ing Brazilie kala tanggal 11 Mèi punika. Dèrèng dangu parentah angawisi sawarnining pakêmpalan ingkang adhêdhasar nationaal-socialist. Miturut wartos ing wiwitaning wulan punika, Argentini badhe niru tindakipun parentah Brazilie wau. Amargi nagari wau wontên ebah-ebahan fascist ingkang langkung kiyat, namung tumindakipun parentah sêmu kasamarakên, amargi ngèngêti gêgayutan Amerika kalihan Inggris, tuwin nagari kêkalih wau sami dados lênggananipun Argentini ingkang langkung wigatos. Ing Amerika Kidul punika wontên republiek pitu, ingkang kalih dhoyong dhatêng socialisme, inggih punika Chili tuwin Ecuador. Colombia malêbêt golongan têngah. Ing sadèrèngipun wontên ewah-ewahan ing salêbêtipun wulan Januari kêpêngkêr, ing taun-taunipun kêpêngkêr, Cuatamala San Salvador, Honduras tuwin Costa Rica sami apratela anggolong dhatêng Jêrman tuwin Italie. Tumrap San Salvador lêbêting barang saking sajawining praja dipun cêpêng dening bangsa Jêrman, bangsa Amerika ngantos rumaos kêdhêsêk. Republiek-republiek wau prênahipun sami botên têbih saking susukan Panama ingkang langkung wigatos sangêt tumraping Amerika Sarekat.

[Iklan]

Sintên ingkang sampun maos andharan inginggil punika, tamtu lajêng mangêrtos, punapa sababipun têtiyang ing Amerika Sarekat sami bingung. Manawi nitik sabab-sababipun wau, têmpuking dêmokrasi tuwin fascisme (nationaal-socialisme) pinanggih wontên ing Amerika, mawi anglangkungi Sêpanyol.

Kawontênan ing Tiongkok

Wêdharsabdanipun ministêr babagan dharatan inginggil punika ing sêmu ugi gêgayutan kalihan Tiongkok, gêgayutanipun kalihan sêdya nyambutdamêl sêsarêngan [sêsa...]

--- 618 ---

[...rêngan] ing kalangan economie ing Manscukuo tuwin Tiongkok Lèr.

Wadya Jêpan ingkang wontên ing sisih Kidul tuwin ing sisih Lèr, kala ing dintên Sênèn tanggal 9 Mèi wiwit tumindak ngênêr dhatêng Hsuchow. Hsuchow punika pêrnahipun wontên sapinggiring margi sêpur Langhai tuwin sêpur Tientsin-Pukow. Kala ing dintên Ngahad tanggal 8 Mèi, Amoy dipun broki ing bangsa Jêpan. Ing bab punika pancèn sampun dipun rancang dening Matsui têtindhihing wadyabala Jêpan ing Tiongkok, ingkang nêmbe gumantos. Ing sakawit wadya Jêpan badhe nêmpuh wadya Tiongkok ing Taierchwang, ing Syantung Kidul, nanging botên kasêmbadan, mila lajêng santun nêmpuh mriku punika. Mênggah kajêngipun nêdya angêbroki pasisir Tiongkok sisih Kidul, prêlu anjagi lêbêting dêdamêl. Sarèhning ing sapunika sampun dipun broki, mila tumrap Canton tuwin margi sêpur Canton-Hankow, pinanggih kasamarakên. Ing parêpatan wêwakil ing Inggris, wontên satunggiling warga pitakèn ing bab purun tuwin botênipun Chamberlain nyobi ngrêmbagi murih golongan ingkang sami paprangan punika lajêng purun dami. Wangsulanipun Chamberlain, purun amadamèkakên, anggêr sêsarêngan kalihan nagari sanès-sanèsipun. Nanging samantên punika inggih dèrèng wontên damêlipun manawi golongan ingkang pêrangan kalih pisan wau dèrèng gadhah panêdha supados dipun damèkakên. Ing parêpatan Volkenbond, Tiongkok gadhah panêdha supados dipun pitulungi arta. Ingriku parêpatan nêtêpakên, supados para warga purun nimbang panêdhanipun Tiongkok punika ing saprayoginipun. Ing sabibaripun parêpatan punika, inggih punika kala tanggal 15, Lord Halifax cariyos ing salugunipun, bilih parentah Inggris badhe tumuntên nimbang panêdhanipun Tiongkok wau kanthi yêyêktosan. Mirid ing bab punika, ing sêmu Inggris sampun ragi sumisih ing bab babagan ing Eropa. Kintên-kintên ingkang dipun kajêngakên dening ministêr babagan sajawining praja Jêpan Koki Hirota punapa inggih bab punika, kadosdene ingkang mêntas dipun wêdharsabdakakên. Wêdharsabdanipun wau wontên ingkang suraosipun makatên, kawontênanipun intêrnationaal ingkang kêsangkut kalihan paprangan Jêpan-Tiongkok kêtingal badhe ewah.

Ing bab kawontênaning economie rêkaos. Paprangan punika sampun nêlasakên waragad 300 yuta pondsterling. Botên sagêd pados sambutan arta dhatêng nagari sanès. Pamêdalipun Jêpan mundur 50% tuwin rêgining barang-barang mindhak 30%. Miturut katranganipun Hirota, kawontênanipun Jêpan mutawatosi.

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Kalawarti Mênara Putêri. Ing wêkasaning wulan punika ing Medan wontên kalawarti enggal nama Mênara Putêri, ingkang kawêdalakên dening Rkj. Rasoena Said, tilas panuntun Pêrmi ing Sumatra-Pasisir-Kilèn. Panuntun wau nate nglampahi paukuman wontên ing Sêmarang jalaran spreekdelict.

Pambiyantu arta kangge nyaèkakên pakampungan. Wontên wartos, parentah kaparêng badhe paring pambiyantu arta dhatêng gemeente ing Bêtawi kangge andandosi pakampungan ing Bêtawi ing salêbêting taun 1938 dumugi taun 1940.

Ambtenaar Post saking nagari Walandi. Wontên panyuwunan saking tanah ngriki, supados wontên insinyur babagan electrotechniek kêkalih saking nagari Walandi kapapanakên wontên ing Pakaryan Post tanah ngriki, saha kapêndhêtakên ingkang sampun nyambutdamêl tigang taun ing radio, tuwin insinyur babagan mêsin kêkalih badhe kadèkèk ing babagan anggêgana militèr, ingkang satunggal sampun nyambutdamêl apêsipun nêm taun.

Ngajêngakên sêsêrêpan babagan dagang. Awit saking pangudinipun ingkang wajib, murih têtyang[4] ing padhusunan sami mangêrtos dhatêng babagan dagang, saha bab panyadening wulu pamêdal, ng[5] sapunika ing salêbêtipun kitha Bêtawi kawontênakên pangajaran tumrap para guru sawatawis, bangsa têtiyang siti ing bab babagan dagang, supados salajêngipun sagêd mulang dhatêng para murid. Rekadaya makatên punika botên sanès supados têtiyang dhusun sami sagêd uwal saking tindaking para among dagang lantaran.

Kenging racun tempe. Ing dhusun Pancakusuma, Jawi-Wetan mêntas wontên tiyang 31 sami sakit jalaran mêntas nêdha tempe kêdhêle. Bab punika doktêr lajêng nindakakên pitulungan.

Anjagi katêntrêmaning murid-murid èstri. Jalaran saking kêrêp wontên lare-lare èstri murid sêkolah ing Bêtawi ingkang dipun bêbeda dening murid-murid jalêr ing kalanipun wangsul saking pamulangan, ing sapunika pulisi anjagi sampun ngantos wontên lêlampahan makatên, ing sabên wancinipun lare-lare mantuk sêkolah, samangsa wontên murid-murid jalêr ingkang kèndêl wontên ing panggenan ingkang kakintên kangge nyêgat, lajêng kapurih sumingkir.

Sês krètèk ing Jawi-Wetan kêndho. Ing wêkdal punika pabrik sês krètèk ing Jawi-Wetan kathah ingkang tutup, amargi saking mindhaking rêrêgèn sata, rumaos botên sagêd nutupakên rêgi saking indhaking sata wau, saha samar manawi indhaking rêrêgèn wau ngantos lami.

Pamulangan kangge jongos hotèl. Ing sapunika ing Bandung wontên pamulangan kangge jongos hotèl, ingkang dipun pangajêngi dening tuwan Fr.J.A. van Es, directeur Grand Hotel Homann. Sinaunipun saminggu kaping kalih, wiwit jam 9 dumugi jam 12. Sinaunipun tigang taun nêm wulan, pundi ingkang lulus angsal partisara, kenging kangge pados padamêlan dhatêng hotèl-hotèl ing tanah ngriki, ing kapal-kapal tuwin têtêp wontên ing hotèl ngriku. Dongos-jongos[6] wau kaajar tata meja, ngladosi pangunjukan, nampèni tilpun tuwin sanès-sanèsipun, mawi kawulang basa Inggris sawatawis, supados sagêd rêmbagan kalihan tamu ngamanca.

Golongan dagang ing Bênkulên ugi anggondhèli pindhahipun Dr. Soegiri. Miturut wartos, para among dagang ing Bênkulên ugi anggondhèli pindhahipun Dr. Soegiri. Paturanipun kakintunakên lumantar têlêgram. Dene ingkang kangge wêwaton anggèning anggondhèli wau, rumaos bilih têtiyang ingriku sami kapitunan.

Pista bingah-bingah ingsêran siti. Têtiyang ing tanah partikêlir Têluk Pucung, Bêtawi, sami mêntas bingah-bingah anggèning siti ingriku ingkang rumiyin kalêbêt dados panguwaosipun tuwan tanah, ing sapunika mingsêr dados panguwaosipun Maatsrhappij[7] satêngah Gupêrmèn. Pasamuwanipun ingriku warni-warni, dipun rawuhi ing pangagêng nagari.

--- 619 ---

Mr.R. Soeparman. Kawrat kêkancingan tanggal 2 Mèi 1938 Mr. R. Soeparman katêtêpakên dados advocaad procureur ing Hooggerechtshof.

Paboyongan ing Nieuw Guinea. Miturut pamanggihipun tuwan Kriesfeld, inspecteur Kolonitatieraad, mrayogèkakên supados papan paboyongan ing Nieuw Guinea punika kadadosakên satunggal wontên ing Manokwari, nanging bab punika taksih dados panggalihanipun ingkang wajib. Miturut papriksan, ing laladan Manokwari kathah pasitèn-pasitèn ingkang maluwa, jêmbaripun 20.000 ha tuwin pasitènipun pinanggih loh.

Angsal-angsalanipun tram ing Bêtawi. Angsal-angsalanipun tram ing Bêtawi (B.V.M.) ing wulan April 1938 wontên f 31.984.995.-. Ing wulan April 1937 wontên f 29.262.b45.-

Anjêmbarakên tanêman karèt. Sampun dangu ingkang wajib anggalih ing bab ngindhaki cacahing tanêman karèt. Ing sapunika sampun wontên rancangan, manawi kasêmbadan, benjing antawising taun 1939 tuwin 1940 badhe ngindhaki tanêman karèt 5%.

Gêndhing Jawi anggitan dalêm B.K.P.A. Praboewinoto. Awit saking kêparêng dalêm B.K.P.A. Praboewinoto ing Surakarta, sinatriya agung ingkang misuwur dhatêng gêndhing Jawi, kaparêng nganggit gêndhing enggal ingkang kangge pêrluning Pasar Malêm Sêmarang. Inggih punika ingkang badhe kaêcakakên wontên pambikak tuwin panutuping Pasar Malêm. Ing kala pambikakpun[8] angungêlakên gêndhing ingkang kanamakakên Suko Bagyo, dene tutupipun mawi gêndhing Glewang Sêmarang.

Tumindaking pangetang cacah jiwa. Tumindaking pangetang cacah jiwa ingkang badhe kawontênakên ing taun 1940 badhe langkung titi, beda kalihan ingkang tumindak kala ing taun 1930, supados ingriku katingal tumindaking pangetang enggal.

Utusan Karaton Ngayogya dhatêng nagari Walandi. Wontên wartos, benjing anyarêngi dhawahing dintên pèngêtan jumênêngan dalêm Nata ing nagari Walandi, Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogya badhe utusan wêwakil, ingkang kapiji putra dalêm, Gusti Pangeran Hangabèhi, kadhèrèkakên K.R.T. Sindoenagara.

NAGARI WALANDI

Tampi bintang saking Nata Belgie. Sripaduka Prins Bernhard tampi bintang Grootkruis Karajan Belgie saking Prabu Leopold.

Bab pangajaran babagan layaran. Commissie golongan Zee Wezen macak atur supados kawontênakên kapal pamulangan tumrap upsir kapal dagang kadhapuk N.V. Ingriku supados kawontênakên kapal layar kangge ngêmot barang-barang ingkang agêngipun 2500 ton, kapal wau upaminipun kangge momot gandum saking Australie.

Nyukani padamêlan dhatêng golongan angguran. Ministêr babagan sociaal ngintunakên sêrat sêbaran dhatêng para warganing gemeente, ingkang suraosipun, Parentah badhe paring padamêlan langkung agêng dhatêng para golongan angguran. Padamêlan wau badhe sagêd nyarambahi ing golongan angguran cacah 75.000. Bab punika Parentah badhe paring pambiyantu arta.

Motor mabur dhawah. Miturut wartos saking Den Helder, motor mabur ingkang kangge ajar, Fokker E-6 dhawah wontên Wadden zee. Upsir juru anggêgana A. Prins tuwin corporaalvliegtuigmaker De Hair sami nandhang tatu ingkang mutawatosi.

Lisah pèt ing Nieuw Guinea. Miturut palapuran saking Standard Oil of California, tumindaking pangêbur pakaryan lisah pèt bangsa Walandi pinanggih marêmakên. Ingriku taksih wontên pirantos ngêbur tiga iji ingkang badhe katindakakên wontên ing taun punika. Papriksaning siti pinanggih tandha-tandhanipun sae.

EROPA

Ngapsahi adêging parentah Franco. Miturut wartos praja, praja Portêgal angapsahi adêging paprentahanipun Franco ing Sêpanyol.

Kêdah prasêtya, sêtya dhatêng Sang Hitler. Parêpataning Evaneglische raad Oostenrijk nêtêpakên, sawarnining tiyang kêdah prasêtya, sêtya tuwin miturut Sang Hitler.

Kapilih dados president Ierland. Kawartosakên, Dr. Hyde kapilih dados President Ierland. Pamilih punika lulus botên wontên ingkang anduwa, tuwin botên wontên sabab punapa-punapa.

[Iklan]

Sang Hitler sampun dumugi ing Berlijn. Ing tanggal 10 wulan punika sêpur mirunggan ingkang dipun titihi Sang Hitler saking Italie dumugining watês Brenner wanci jam 8.25. Wontên ingriku dipun papag dening Rijksstadhouder Oostenrijk Seyss Inquart tuwin pangagêng Oostenrijk sanès-sanèsipun punapadene pangagêng-pangagêng Jêrman.

Nata Rumenie kakintên dipun pistul ing tiyang. Wontên wartos, nalika panjênêngan Nata Rumenie nuju anjumênêngi arak-arakan dintên kamardikan, ingriku wontên mimis ingkang lumêpas wontên sacêlaking sarira nata. Nanging sarêng dipun titipriksa, mimis wau lumêpas saking tiyang ingkang nêdya nganyut tuwuh.

Nata Italie dipun aturi dhatêng Jêrman. Awit saking kaparêngipun Sang Hitler, ingkang dados pangagênging bangsa Jêrman, nêtêpakên badhe ngaturi Nata Italie sakalihan Pramèswari rawuh ing Jêrman, benjing taun ngajêng. Dene kêlampahanipun wontên ing wulan punapa, dèrèng katêtêpakên.

Pêrang ingkang kêkêtogan. Wadyanipun Franco sampun tansah sumadhiya ing samangsa-mangsa kaangsahakên, minangka panêmpuh kêtogan ingkang lumampah mangalèr. Ing golongan parentah tansah tata-tata angêntosi kalêmpaking bêbantu saking sanès-sanès panggenan. Manawi kêlampahan campuh, sagêd ugi badhe dados wêkasaning pêrangan.

AMERIKA

Ura-uru ing Amerika. Miturut wartos saking Rio de Janeiro, ingriku wontên ura-uru ingkang katindakakên dening Vianavalers, golongan kêmêja ijêm ingkang dipun pangagêngi dening admiraal Raul Tavres. Nanging ura-uru wau lajêng kenging dipun sirêp. Têtiyang ingkang ambalela sami dipun kurung saha dipun cêpêngi. Campuhing golongan ambalela kalihan pulisi ngantos tigang jam.

ASIA

Kathah nagari ingkang kêkurung. Wadya Jêpang ing Peiping sami kêsamaran, amargi kêkurung ing wadya Tiongkok. Ingriku gapura-gapuraning kitha lajêng sami katutup. Panêmpuhing wadya Tiongkok pinanggih ngangsêg sampun cakêt sangêt. Kajawi punika kitha-kitha sanèsipun ugi sampun kêkurung.

--- 620 ---

Wêwaosan

I. Lêlampahanipun Wasili, anakipun Busli.

75

Lan botên antawis dangu, gunggung kêmpal para neneman ingkang sagêd nêtêpi prajanjianipun Wasili wau wontên sanga likur. Inggih neneman sanga likur punika ingkang salajêngipun têtêp dados mitranipun sinarawèdi Wasili. Sadaya wau lajêng sami dipun ajak nêdha tuwin ngombe sêsarêngan kalihan Wasili. Sasampunipun rampung anggènipun nêdha, Wasili lajêng cariyos dhatêng para neneman sanga likur wau makatên:

Wiwit saiki kowe kabèh dadi mitraku sinarawèdi, mati urip kudu barêng. Aku kabèh saikine ora prêlu wêdi karo sapa bae ing sajêrone kutha Nopgorod kene.

Botên watawis dangu pawartosipun sampun sumêbar ing salêbêtipun kitha Nopgorod, bilih Wasili ing griyanipun angêmpalakên para neneman cacahipun sanga likur ingkang sami pêng-pêngan. Sadaya wau sami manggèn wontên ing ngriku, dipun sandhangi, dipun ingoni lan sapituturipun. Cêkak aos, para neneman sanga likur wau, sami dados andhahanipun Wasili. Ingkang makatên punika adamêl gêtêring manahipun tiyang sakitha. Têtiyang wau lajêng sami ngêmpal saha ngrêmbag sidhêman, kadospundi pambudidaya ingkang kêdah dipun tindakakên murih Wasili sampun ngantos gadhah tindak ingkang kirang prayogi. Ing satunggiling dintên nalika para pinunjul ing kitha sami kêmpalan prêlu angrêmbag ing bab ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, dumadakan korining griya ingkang kangge kêmpalan wau, ujug-ujug kabikak purun saking jawi, lan salajêngipun nuntên wontên tiyang sêpuh lumêbêt ing ngriku. Sasampunipun suka urmat samêsthinipun dhatêng têtiyang ingkang sami ngêmpal wontên ing ngriku wau, tiyang sêpuh punika lajêng ngêlus-êlus jenggotipun, anggêjug-gêjugakên têkênipun kaping tiga, saha lajêng wicantên makatên:

Kula ngaturi sugêng dhatêng para sadhèrèk ingkang sami ngêmpal wontên ing ngriki sadaya. Sampun pisan andadosakên panggalih panjênêngan sadaya, dene kula tanpa larapan kumapurun lumêbêt ing ngriki. Nanging ing sarèhning ingkang badhe kula aturakên punika sakalangkung wigatos, kados utami saupami karêmbaga ing ngriki, amila kula lajêng purun anêrak ingkang dados wêwalêring pranatan, inggih punika: dumrojog lumêbêt ing papan pakêmpalan ngriki punika. Mugi-mugi panjênêngan sadaya krêsaa paring pangaksama dhatêng tiyang sêpuh kadosa kula punika. Mênggah ingkang badhe kula aturakên ing panjênêngan sadaya punika makatên:

Panjênêngan sadaya kados sampun sami anguningani, bilih Wasili, anakipun Busli, tiyang sugih ingkang sampun pêjah sawatawis taun sapriki, sampun gadhah tindak daksiya ingkang botên kenging dipun ngapuntên. Awit sampun pintên kemawon lare-lare ing Nopgorod ingkang pinêjahan, lan pintên tiyang kemawon ingkang manggih kasusahan dening pandamêlipun Wasili wau. Ing samangke Wasili sampun sagêd angêmpalakên lare neneman cacahipun sanga likur, ingkang sami pêng-pêngan sadaya. Kula kuwatos bilih sarana andhahanipun ingkang sanga likur wau, piyambakipun lajêng gadhah sêdya badhe mêksa dhatêng kula sadaya supados puruna manut miturut punapa ingkang dados pikajênganipun. Manawi nitik tindakipun ingkang sampun-sampun, kados botên anèh, bilih Wasili angêmpalakên para neneman samantên kathahipun wau, tamtunipun inggih badhe saya mêmpêng anggènipun nêdya tindak siya dhatêng sasami-sami punika. Jalaran saking punika kula gadhah atur dhatêng panjênêngan sadaya, supados kula sadaya ing satunggiling wêkdal ngawontênakên pahargyan agêng-agêngan. Sadaya tiyang ing kitha samia kasêdhahan, kajawi Wasili saandhahanipun. Sanadyan botên dipun ulêmi, kintên kula Wasili saandhahanipun mêksa dhatêng ing pahargyan ngriku. Salajêngipun Wasili nuntên kasêgahana unjuk-unjukan anggur ijêm sagêlas agêng. Manawi piyambakipun purun ngombe anggur wau ngantos têlas, punika atêgês, bilih piyambakipun botên gadhah sêdya awon dhatêng kula sadaya, kosokwangsulipun manawi piyambakipun nampik punapa ingkang kasêgahakên, botên kenging botên piyambakipun tamtu gadhah sêdya ingkang kirang prayogi.

Sarêng tiyang sêpuh wau sampun rampung anggènipun wicantên, sadaya ingkang sami anjênêngi parêpatan wau lajêng sami ngadêg saking palênggahanipun nuntên suka urmat dhatêng tiyang sêpuh, saha sami wicantên makatên: pamrayogi panjênêngan ingkang makatên punika, kula sadaya angrujuki.

Badhe kasambêtan

--- 77 ---

Nomêr 20, 18 Mèi 1938, Taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn. Juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo

Kagunan Nyêrat (Ambathik, tumrap Wanita Jawi)

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 38

Kosokwangsulipun wèstri ingkang groboh bathikanipun, punika sok dados kusuding asmanipun: Radèn Rara Martini, putrane Radèn Riya anu kae, yèn pancène sêkolahe iya wis sak cukup, rupane ora ambuwang, baud ngendra, nyongkèt gawe taplak meja barang. Nanging gêlaku sathithik, bathikane bok pating jêmbèblèk, karo manèh yèn ngliwêt sangit, yèn anggorèng tempe sok kêgosongên, kêlan ladha cêmplang, yèn nyambêl pêdhêse ngudubilah, anggêtak, ngabangake kuping ambrèbèsake mripat. Lho, samantên kusuding pawèstri ingkang tuna kawruh ambathik lan padamêlan pawon.

[Grafik]

Biyang: Marta Sleman

Mila măngga para pamong tuwin para ibu, sampun bosên lan sampun talompe nyinau utawi anyêrêp-nyêrêpakên dhatêng putra pawèstri, supados ing têmbe mangrêtos padamêlan kasêbut nginggil, tuwin mumpuni saliring padamêlan pawèstri.

Kula rampungi samantên andharan ing nginggil. Panuwun kula dhumatêng para sadhèrèk kula pawèstri, kagunan mănca tuwin ambathik punika, sami kaudia sasarêngan, jêr kalih-kalihipun punika, inggih satunggiling margi, ingkang anjog kagêmèn lan pangiridan, tumrap nindakakên kabêtahan abale griya.

Nyuwun pangapuntên.

Biyang: Marta Sleman

--- 78 ---

Pigunanipun: Ragi Tape

Ragi punika pigunanipun kajawi kenging kangge bumbuning tape, lan sanès-sanèsipun, ugi kenging kangge ngragi nanas ingkang kêcut, murih sagêd ical kêcutipun, lajêng malih dados: lêgi, tur kanthi rênyah raosipun. Kajawi kenging kangge ngragi nanas, ugi kenging kangge ngragi pisang.

Mênggah patrap lan rekadayanipun ngragi nanas wau makatên:

Nanas ingkang taksih nèm (inggih punika nanas ingkang taksih wontên ing uwit) kalêrês ing jêmbulipun katlêsêpana ragi kintên-kintên saprasakawanipun: glintiran ragi. Anggèning nlêsêpakên ragi wau kaangkaha ingkang ngantos mèpèt lan malêbêt saèstu, prêlunipun supados botên sagêd dhawah utawi kabur. Ing têmbe manawi nanas wau sampun matêng, raosipun kêcut ical, lajêng malih dados: lêgi, tur kanthi rênyah.

Sapunika patrap lan rekadayanipun ngragi pisang.

Mênggah ngragi pisang wau ingkang sampun nate kula tindakakên inggih punika: ngragi pisang raja. Wit pisang raja ingkang pinuju awoh, yèn sampun ngantawisi najini, inggih punika: ambucal tuntut, lan ontongipun, tumuntên angowèka kalêrês ing gagangipun tundhunan pisang wau ingkang iring nginggil, mênggah patraping pangowèkipun wau kados sacaraning năndha durèn, wondene panjanging kowekan ± 4-5 cm, lêbêtipun ± 3 cm. Yèn pangowèkipun tundhunan mau sampun rampung, lajêng kasêsêlana ragi ± ¼ glintiran, tumuntên lajêng katutupana malih ngangge cublikanipun kowekan wau ingkang rapêt. Benjing samăngsa pisang wau sampun sêpuh, lajêng malih dados gilig-gilig, ical lingiripun. Dados lajêng kenging kawastanan ical sipating pisang raja. Dene mênggah raosipun kajawi lêgi, lacuting ginêm kula raosi pisang wau tuntum asin kados winor ing kèju.

Pun S.W. Rêmbang.

Anêksèni panggalihanipun sadhèrèk Nyai Darmaprawira

(Ing Kajawèn ăngka 38)

Kula punika gêgolonganing băngsa wibi ugi kalêbêt: kolot, malah manggèn ing sapêngkêranipun sadhèrèk Nyai Darmaprawira. Têgêsipun: langkung kolot: kula. Anggèn kula nglampahi nglairakên lare, sampun rambah kaping: pitu, sadaya wau sami dipun garap ing dhukun Jawi, saking kawisesa ing tiyang sêpuh ingkang langkung saking kula: ing kolotipun, lan ingkang kula kêpêksa kêdah namung sarwa manut miturut. Sanadyan anak-anak kula pêpitu wau sadaya sami sêgêr bagas kasarasan lastantun wilujêng: ngantos sami dados tiyang sêpuh. Liripun tumêngkar sami nyambut damêl, nanging

--- 79 ---

sarêng kula nyumêrêpi kalihan titining paripriksa nalikanipun anak kula èstri pambajêng anglairakên lare têmbeyan, dipun garap ing pudpro manggèn wontên ing griya sakit, kula sangêt suka sukur kalihan angluhurakên asmaning Pangeran ingkang Mahakawasa, dene anak kula manggih kabêgyan ingkang sakalangkung agêng. Mênggah caraning pangupakara karêksaning kasarasanipun tiyang sêpuh ing lare: sararenipun, kagarap ing dhukun Jawi lan kagarap prudpo: cocog kados panggêlaranipun sadhèrèk Nyai Darmaprawira, namung kaotipun anak kula wau manggèn wontên ing griya sakit, dados wontên bedanipun ragi sawatawis kathah. Punapa kawontênanipun sêsêrêpan kula, kula manah paedah ugi kêdah kasumêrêpakên ing para wibi ingkang sami dèrèng sumêrêp, katêranganipun ing beda wau makatên:

1e. Sasampunipun angsal katrangan saking dhoktêr: ing tanggal wulanipun badhe lairing bayi kirang watawis 8 dintên, kêdah lajêng manggèn ing dhoktêran. Makatên wau agêng sangêt gunanipun, kraos ing sawanci-wanci, kados ta: dalu têngah dalu, nama sampun prasasat tinênggan ing dhoktêr, amargi tiyang kraos badhe gadhah lare punika: tanpa sraba-sraba, babarpisan botên mawi wontên watawisipun, lan inggih babarpisan botên kenging dipun sêmadosi, upaminipun: tak ngaturi dhoktêr dhisik. Măngka kraos nyakiti punika manawi ngantos: dangu-dangunipun 15 mênit dèrèng luwar, awis tiyang ingkang rumaos sagêd kuwawi anyanggi. Upami ngantos wontên lêlampahan kados makatên wau, punika manawi manggèn wontên ing dhoktêran, sampun nama botên ina, dening sampun sandhingan dhoktêr ing rintên dalu, sami sanalika ugi dhoktêr sagêd enggal mitulungi lan mariksa, manawi rêkaos wontên watawisipun mutawatosi, sawarnining pirantos ingkang măngka kangge sarana pangrêksaning karahayon, sampun sarwa cumawis.

2e. Para pêrplèstêr ingkang sami kapatah ngupakara, mênggahing rahap lan dhokohipun, sangêt angrêsêpakên, katingal kalihan manah suka rila anggèning anglampahi samubarang damêl. Biyung dhatêng anak punika ingatasipun pangopèning sukêr sakit: sampun nama linangkung, ewadene taksih kungkulan dening para pêrplèstêr. Nanging ingkang kados makatên punika, botên lăngka botên nglêngkara, amargi gêsangipun para pêrplèstêr punika, krana para nandhang roga sasaminipun, dados têgêsipun: para pêrplèstêr punika kadarbe ing para roga.

3e. Prakawis wragad, andhatêngakên dhoktêr, lan manggèn wontên ing dhoktêran, punika sami kemawon. Namung manawi mênggahing tiyang ingkang sampun mangrêtos sayêktos dhatêng ing prêlunipun tiyang nglairakên bayi (gadhah lare) sanadyan wragadipun kaot sawatawis, mêsthi milih manggèn wontên ing dhoktêran, amargi:

Ha. Kados ingkang kasêbut: ăngka 1e. lan 2e.

Na. Sadaya pêpacaking dhoktêr tumrap tindaking pangrêksa kasarasan, sagêd têtêp dipun pituhu, beda lan manawi wontên ing griya, mêsthi namung tinêrak wani kemawon, dening botên kêmripat.

Ca. Nyingkiri tatacaraning kina ingkang namung nuwuhakên [nuwuha...]

--- 80 ---

[...kên] woh mitunani, kados ta: wiwit kraos nyakiti, sampun kathah para tăngga têpalih ingkang sami dhatêng rêrencang, nanging namung kêpara ngrepoti, dening botên wontên ingkang sagêd anumrapi dhatêng prakawisipun tiyang ingkang badhe nglairakên lare. Prakawis kados makatên, punika sanès prakawisipun tiyang ingkang rinencangan, rencangipun kêdah namung dhoktêr. Trêkadhang watak tatacara ingkang dèrèng lêrês sae, taksih kathah ingkang ngêlêngakên dhatêng salawananing ungêl. Ingkang têgês namung damêl aliting manah.

Ra. Nyingkiri jagongan wiwit lairing bayi dumugi sapêkênanipun ambêlandrêng sabên dalu, cara kados makatên wau: taksih kathah ingkang sami panggah-panggah angangge. Kula inggih mangrêtos manawi tatacara wau: atêgês minăngka pratăndha pangayubagya sami anglêluruhakên dhatêng ajining jabang bayi pasihaning Allah ingkang nêmbe lair, sawibinipun, nanging kayêktènipun ingkang sampun kalampahan, wibi sajabangbayinipun malah kalirwakakên, kapintên ing pangopèn, sadaya-sadaya namung sami ibut abikut anggènipun ngopèni tamu.

Badhe kasambêtan

Nyai: Pranata

Sinjang Galaran

Ingkang nama sinjang galaran punika bakunipun mêndhêt saking dhêdhasaring sinjang, inggih punika lataranipun, awit wujuding latar kadosdene galar. Dene bab isining sêratan, kenging mêndhêt sakajêngipun, nanging ingkang pantês, mêndhêta bangsaning sêsêkaran ingkang alit-alit, tuwin trapipun ingkang pating prênca, dados botên kêbêk, awit bukuning wujud galaran wau ugi damêl manising sêratan. Malah ugi wontên sinjang galaran ingkang tanpa isi, wujudipun inggih sae.

Mênggah traping galaran punika warni-warni, manut kaparêngipun ingkang ngagêm, wontên ingkang kadamêl ngadêg jêjêg, wontên ingkang mayat kadosdene sinjang parang rusak.

Saening sinjang galaran punika ingkang wujudipun pêthak, nanging ingkang cêtha soganipun, kêgolong sinjang luwêsan, pantêsipun dipun agêm ing putri.

[Grafik]

 


tindak-tanduke. (kembali)
sajawining. (kembali)
parêpatan. (kembali)
têtiyang. (kembali)
ing. (kembali)
Jongos-jongos. (kembali)
Maatschappij. (kembali)
pambikakipun. (kembali)