Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
  51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 93, Stu Lê, 26 Pasa Jimawal 1869, 19 Nopèmbêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2221] ---

Ôngka 93, Stu Lê, 26 Pasa Jimawal 1869, 19 Nopèmbêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Pangungsêt - Gagapan Bab Wulucumbu, Sêmar Garèng Petruk - Wiraosan Sêrat - Marsudi Gêndhing Jawi - Nanggulangi Sêsakit Malariah - Pangalaman ing Blora - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Taman Bocah.

Pangungsêt

Têmbung môngsa bodhoa.

Têmbung: môngsa bodhoa, punika adhakan sangêt dipun ucapakên ing tiyang, adhakaning wêdalipun manawi sampun kêjudhêgan. Upaminipun: mituturi dhatêng anak tansah botanbotên. dipun gêga. Nindakakên rekadaya cabar. Manah samar, amargi badhe dipun dukani ing pangagêng, tuwin sanès-sanèsipun, punika manawi sampun botên sagêd nginggahakên malih, badhe kadospundi pinanggihipun, namung lajêng ngucap: môngsa bodhoa.

Ucap: môngsa bodhoa wau manawi dipun raos cethek-cethekan, katingal kados tindakipun tiyang mutung, kadosdene tiyang ambêbêkta awrat lajêng dipun brukakên, ingkang raosipun kados mungêl: êmbuh.

Nanging manawi dipun petani malih, anggadhahi kajêng bilih wontên ingkang botên bodho, cêthanipun, tumrap ingkang nglampahi piyambak pancèn sampun katingal anggèning bodho, tandhanipun sagêd ngucapakên môngsa bodhoa, ingkang kados sèlèh dhatêng sanès. Dados manawi makatên, ingkang botên bodho punika wontên.

Manawi cêthaa, samantên wau miturut gagapan, caraning ngèlmon, ingkang dipun anggêp: môngsa bodhoa wau Pangeran, dados pangucapipun wau atêgês kasumanggakakên ing Pangeran.

Panggagap ingkang kados makatên wau katingal wontên sêsulakipun ragi mèmpêr, akajêng anggènipun sèlèh sajak sampun prênah, inggih punika rumaos sampun botên sagêd angrampungi ing kabêtahanipun piyambak. Nanging bab makatên punika trêkadhang dipun sulayani piyambak, upaminipun makatên, sampun sagêd masrahakên kêjudhêganing manah dhatêng ingkang botên bodho, mangke lajêng anggarêndhèl malih, ngambali ungêlipun ing ngajêng: bocah dipituturi wong tuwa kok ora ngandhang-ngandhang. Inggih ucap ingkang kados makatên wau ingkang botên cocog kalihan ungêlipun piyambak, anggèning cariyos: môngsa bodhoa, sagêd-sagêdipun mapan namung kados tiyang ngêbrukakên bêbêktan, botên niyat ngulurakên kajêngipun ingkang ngantos lêbêt.

Môngka manawi dipun gagapi lêbêtipun malih, tiyang sagêd cariyos: môngsa bodhoa, ingkang akajêng ingkaingkang. botên bodho punika Pangeran, punika akajêng ingkang ngucap wau ugi sinaua botên bodho, ingkang jablasipun yêktos mangrêtos, yèn anggèning sèlèh botên sagêd angrampungi damêl wau sumêrêp yêktos dhatêng kajêngipun, upami tiyang nyèlèhakên bêbêktan, sagêd sumèlèh: lèh, yêktos. Sadaya wau lugunipun namung pangothak-athik, saking anggèning kumêdah badhe ngèlmon.

Cêkruktruna.

--- 2222 ---

Raos Jawi

Gagapan Bab Wulucumbu: Sêmar Garèng Petruk.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 91.

Samantên ugi wontênipun cêcariyosan bab wulucumbu kasêbut ing nginggil wau, punika inggih tansah dipun laras-laras ngantos mencok dhatêng babagan batos. Nanging mênggahing panglaras sampun têmtu botên sami, sèlèhipun inggih warni-warni, gumantung dhatêng kawruh tuwin panyuraosipun tiyang piyambak-piyambak. Mila prakawis punika inggih botên kenging dipun pabêni malih, agêngipun kangge tôndha punapa pawitaning rosan-rosanan rêmbag, awit gèsèhing pamanggih trêkadhang sok andadosakên rêngating pamitran. Ewasamantên minôngka kangge jêjangkêping karangan, ing ngriki mêksa badhe mratelakakên sawênèhing panyuraos, ingatasing bab kasêbut nginggil makatên:

[Grafik]

Garèng.

I. Bab têmbung aran: Sêmar, punika dipun wrêdèni samar utawi sêpi. Dados Sêmar punika atêgês: nyêpi utawi nêpi.

II. Nalagarèng, dipun wrêdèni: nala= ati. Garèng= garing, têgêsipun êning utawi suci. Dados Nalagarèng= ati kang suci utadhiutawi. ati kang wêning.

[Grafik]

Petruk.

III. Petruk, dipun têgêsi: suwung, kapiridakên saking têmbung: bolong, awit Petruk punika ajêjuluk: Kanthong Bolong.

--- 2223 ---

Dados: Sêmar, Garèng, Petruk, inggih lajêng atêgês: nyêpi, ati wêning, suwung. Cêkakanipun: nyêpi, wêning, suwung.

Nanging yêktosipun katrangan kados makatên punika mênggahing pamanahan nama dèrèng marêmakên, amargi pancèn dèrèng jangkêp. Mila jerenganipun kêpêksa lajêng kêdah mangsuli andharan ing ngajêng, inggih punika ingkang mungêl: sapa kang linulutan tôndha kêkasihing dewa.

Môngka miturut cariyos botên sadhengah titah ngarcapada linulutan ing wulucumbu wau, katôndha mawi pilih-pilih, kados ta namung lulut dhatêng Radèn Janaka satriya Madukara dalah satêdhak turunipun. Yèn tumrap jaman Rama inggih dhatêng satriya Rama sapanginggil, dene yèn ing jaman Lokapala inggih dhatêng Prabu Arjunasasra sapiturutipun. Kados makatên punika kadugi mêsthi wontên kajêngipun.

Amila ing mangke kantun anggagapi, punapa ta pikajêngipun têmbung-têmbung: nyêpi, wêning, tuwin suwung punika. Kintên-kintên punika namung pasêmon, minôngka pasêmoning lampah, inggih punika sintên ingkang:

a. Kulina mahas ing ngasêpi

b. Kulina wêning manahipun

c. Kawawa nahên hawa (ngomplang kadonyan utawi nyuwungakên hawa nêpsu), lah inggih punika pratôndha dados kêkasihing dewa, wosipun sagêd tansah kacakêt ing karahayon. Tiyang ingkang tansah karahayon lair batosipun, ngibarat satriya ingkang tansah linulutan ing wulucumbu kasêbut nginggil.

[Iklan]

Upami gagapan kados makatên punika mencok, têka inggih mèmpêr, dening para satriya ingkang sami linulutan wau jêbul namung para ingkang sampun kacêluk gambuh dhatêng ulah tigang prakawis (a.b.c.). Cêkak aosipun sampun sami pralêbda dhatêng ulah kridhaning samadi. Awit inggih katrangan a.b.c. punika kacariyos tataraning ulah samadi. Awit inggih katrangan a.b.c. punika kacariyos tataraning ulah samadi. Pramila sok tiyanga ingkang sampun putus dhatêng bab punika, ngibarat satriya ingkang tansah karêksa (kaêmong) ing wulucumbu panuksmaning Sang Hyang Maya sapanunggilanipun wau.

Nuwun, cêkapa kapunggêl samantên kemawon karangan punika, wosipun namung mratelakakên sawênèhing panyuraos, bilih wontên gèsèhipun dhasar mèmpêr kemawon, jêr ing ngriki ugi katingal namung sak gagap-gagap, tuwin malih kabêkta saking jêmbaripun bab ringgit punika ngantos kenging dipun ingar-ingêr manekawarni sangêt, panyuraosipun inggih lajêng beda-beda, pramila mugi sampun kirang ing pamêngku tumrap sarusikuning tindak kula.

Nirrasa.

--- 2224 ---

Wiraosan Sêrat

Sêrat Damarwulan, wêdalan G.C.T. van Dorp en Co. ing Samarang, tanpa ciri taun. Mangastuti, nungkêmi padèng sudarma.

Sêrat ingkang badhe kula wiraosi punika kasêrat Damarwulan sinawung ing sêkar macapat, wêdalan: G.C.T. van Dorp & Co. ing Samarang. Sasumêrêp kula sapunika sampun botên wontên padagangan sêrat ingkang sade.

Miturut bêbukanipun, sêrat punika yasanipun Radèn Rôngga ing Maospati, wondene ingkang nêdhak dipun êcapakên ngakêni pun asma Radèn Panji Jayasubrata, katrangan sanès-sanèsipun ingatasing priyantun kêkalih punika kula botên sagêd angaturakên.

Panêdhaking sêrat punika kathah kuciwanipun: kathah klenta-klèntuning panyêrat, tuwin kirang langkunging wanda botên cocog kalihan lampahing têmbang, punapadene kathah papan-papan ingkang pêtêng botên mangrêtosakên.

Kidung kalih pada ingkang wiwitan punika têrang yasanipun ingkang anêdhak, lajêng candhakipun kalih pada punika babar pisan botên mangrêtosakên, ambokmanawi punika ugi wêwahan, dados kintên-kintên ingkang lugu têdhakan saking babonipun wiwit pada 5, sapiturutipun.

Kajawi punika saking pamanggih kula cariyos Damarwulan punika mungguhipun namung dipun punggêl sasampuning dhaupipun Damarwulan kalihan Prabu Kênya (kaca 466) awit lajênging cariyos, yèn katandhing kalihan pangajêngipun, ing sêmu namung kados dêdongengan kangge angênêng-ênêngi lare alit.

Mênggah pangriptaning sêrat punika kintên-kintên botên dangu sabakdaning pakomisi jendral ingkang kapisan (1815) katitik saking wicantênipun Anjasmara dhatêng abdinipun makatên:

Biyang ingsun nora pati laki yèn tan angsal komisaris jendral / ... / sêmanise tamuan tuwan komisi / ...

(Kaca: 196)

Kajawi punika sajakipun kala pangriptaning sêrat punika wontên ing staatsblad (wiwit taun 1816) dèrèng limrah kasumêrêpan ing ngakathah, ingkang têksih sami dipun apili panganggèning plakkaat kala ing jaman Pakumpêni, katitik saking aturing êmbanipun Anjasmara dhatêng Damarwulan makatên:

Yèn wus kêlakyan sang bagus / maos palêkat jendral /

(Kaca: 216)

Sintên ingkang katêmbèn maos Sêrat Damarwulan punika, mêsthi dahat apoyang-payingan, saking kathah sarta pêpaking raos ingkang kacathêt ing panggalih, saking dene sêrat punika ngêwrat pralampita-pralampita sarta wêwiridan saking agami Indhu (kadewatan) saking agami Jawi (kawula Gusti), saking agami Islam, sadaya wau aruntung-runtung, atut arukun kados kuthuk saêngrêman. Angêwrat cariyosing lêlampahan ingkang kasrambah sabên dintên tuwin lêlampahan ingkang "adoh aèng". [a...]

--- 2225 ---

[...èng".] Angêwrat cariyos ingkang èdi pèni sumawana cariyos ingkang saru alekoh. Anglairakên raos ingkang muluk utawi prêmati kalayan wicantên ingkang sêmunipun sangêt sêmbrana. Pramila sarwa èwêt badhe amurih rarasing panyuraos.§ Punika anirokakên pangandikanipun sang sarjana Herman Wolf: Ideeën en problemen in Goethe's Faust, Haarlem, de Erven F. Bohn, 1922, kaca 1).

Miturut pamanggihipun ingkang karsa amiraos, Sêrat Damarwulan punika ngêwrat wêwiridan ingkang tumuju dhatêng sêsurupan kajatèn, inggih sêsurup jatining sangkan paran tuwin jatining pangastuti, ingkang mangrarasakên sadaya kawontênan ingkang sajakipun botên runtut punika. Kados inggih kathah èmpêripun, katitik saking cihna-cihna ingkang badhe kula aturakên. Nanging kadospundi mêloking wêwiridan wau kula babar pisan dèrèng andungkap, pramila cêcêngklungên angajêng-ajêng wontêna ingkang karsa anjarwani.

Ing ngriki pikajêng kula botên badhe amiraos Sêrat Damarwulan punika, bêbasan mindhak kamban jangkah, angêmungna badhe amiraosi, sarana amitêrangakên sawatawis ajining sêrat punika ingkang kabêkta saking kasusastranipun, pralampitanipun, panggambaring têtiyanganipun ingkang winayangakên, tuwin panggambaring lêlampahan ingkang cinariyosakên.

Prakawis sakawan warni wau botên badhe sagêd kapilah-pilah pangrêmbag kula, awit panganggening pralampita, sarta panggambaring wêwatêkan tuwin panggambaring lêlampahan punika botên sagêd kauwalakên saking ikêtaning sastra ingkang kangge anyariyosakên tuwin kangge anggambarakên.

Lêlampahan ingkang kacariyosakên ing Sêrat Damarwulan punika ugi kawarna ing Sêrat Damarwulan gancaran, wêdalan: Bataviaasch Genootschap, tuwin ing Sêrat Pêpakêm Langêndriya, wêdalan Bale Pustaka.

Yèn katandhing sêrat tigang warni punika kenging kula basakakên: rinungu tunggal kandhane, rinaras, seje rasane. Kabêkta saking dene beda sangêt caraning anyariyosakên, beda wiramanipun, beda wilêtipun, têmahan inggih beda wêwatêkaning sêratipun.

Wondene basanipun Sêrat Damarwulan punika kenging kula basakakên: "Seje karo sejene", botên anêniru, botên tiniru. Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

Wara-wara

Ngaturi uninga, Kajawèn benjing ing dintên Rêbo ngajêng punika kawêdalakên, Kajawèn nomêr lêbaran, karangkêp kalihan wêdalipun Kajawèn ing dintên Sabtu, nomêr 94 tuwin 95.

Dados tumrap para lêngganan, tampinipun Kajawèn malih wontên ing dintên Rêbo tanggal kaping 30 Nopèmbêr 1938.

--- 2226 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 91.

Lajêng katampi Gêndhing Gonjingmering, laras salendro pathêt manyura.

Pola ôngka: 1

Gêndhing Gonjingmering lômba.

[Notasi]

Yèn badhe andhawahakên, sasampunipun N III (~) lajêng nuthuk

[Notasi]

Dhawahipun Gêndhing Gonjingmering.

Pola ôngka: 2

[Notasi]

Pola ôngka: 3

Gêndhing Gonjingmering, laras salendro pathêt manyura, ingkang dipun sênggaki saha dipun gerongi.

[Notasi]

Kasêbut pola ôngka: 2 ingkang mawi têngêr (x) punika kenging dipun êndhêgaken (kèndêl), dipun uran-urani Kinanthi botên kabarung ing pradôngga, dumugi N II gêndhing dipun ungêlakên malih, dumugi ciri (x) larikan 4 saking nginggil, kèndêl malih, dipun uran-urani kados ing ngandhap punika.

[Notasi]

--- 2227 ---

[Notasi]

[Iklan]

gêndhing lajêng dipun ungêlakên malih. Kala-kala Gêndhing Gonjingmering punika asring dipun damêl sêsêgan, sasampunipun N II titirarasipun tikêl kalih (panabuhipun dipun kêrêpi), tumrap ing nagari Ngayogya lajêng katampi soran (ingkang katabuh bonang sarta saron, ingkang golongan tabuhan kalênengan, kados ta gêndèr, gambang, clêmpung, sapanunggilanipun lajêng kèndêl).

Dene tumindakipun, sasampunipun N I kaêndhêgakên, lajêng dipun uran-urani, lagunipun mriksanana pola ôngka: 2, sasampunipun N I kêndhang tètèh anarunthung: suwarane lin-sumalin. Dumugi pakêcapan, suwarane, lajêng katampi kêndhang kadamêl irama sêsêg, dene sêsêgipun namung satunggal kênong kados ing ngandhap punika.

Mêsthinipun miturut nut.

[Notasi]

Lajêng kadamêl sêsêg tikêl kalih:

[Notasi]

Sasampunipun N III irama dipun wangsulakên kados waunipun, dumugi N I yèn botên dipun êndhêgakên, iramaning panabuh dumugi nut ôngka 2 2 3 2 5 3 2 1, sasampunipun punika irama kadamêl sêsêg ragi majêng dumugi N II lajêng katampi soran malih kadosdene kasêbut ing nginggil. Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

--- [2228] ---

Nanggulangi Sêsakit Malariah

Sampun kêrêp kawartosakên ing bab tuwuhipun sêsakit malariah ing Tanjungpriuk. Ing bab sêsakit wau pancèn dipun samarakên yêktos dening ingkang wajib, mila ugi lajêng nindakakên pananggulang warni-warni murih tumuntên tumpêsing wiji sêsakit wau. Awit ngrêbdaning sêsakit wau kasamarakên manawi ngantos tumular dhatêng Batawi, satunggiling kitha agêng ingkang tiyangipun kathah sangêt.

[Grafik]

Gambar nginggil: punggawa babagan sakit malariah nuju nindakakên damêl numpêsi wijining sêsakit malariah, wontên ing rawa Tanjungpriuk.

[Grafik]

Gambar ngandhap: panggenan wiji sêsakit malariah nuju kasiram mawi lisah pèt.

[Grafik]

Têngên: punggawa nuju nyêmprot panggenan wiji sêsakit malariah sarana jampi Parijsch groen.

--- [2229] ---

[Iklan]

--- 2230 ---

Pangalaman ing Blora

II

Garèng : Tak pikir-pikir kowe kuwi nèk ngomong le ora mèmpêr mêngkono. Nèk bangsane bêndara dhoktêr kuwi pangajarane rak dhuwur, umume bêbudène iya luhur. Mulane nèk nambani wong lara iya nganggo timbangan bêsar, Truk, mêsthi nganggo koma-koma. Nèk wonge katon: andêlondèng sajak amêthènthèng bangêt, petungane satêkanan iya: sa-ring-git. Nèk wonge katon anjêdhindhil, sajak: ga ngliwêt, ga ora, mêsthine iya: gratis, sèh...

[Grafik]

Petruk : Hla iki angèle bisane dipêthèk apa wong duwe dhuwit utawa ora, luwih-luwih kanggone wong Jawa, awit uwong Jawa kuwi isih akèh sing duwe tekad mangkene: ora prêduli ing omah kêndhile mêngkurêp, anggêre ana ing jaba katon mêthènthèng bae. Mulane iya akèh wong sing katone mêthènthèng brêgase prasaksat Raja Tamtanus, nanging sanyatane... kropos, ora kècrèt apa-apa. Ing kala samono kuwatirku, wong pondhokane bae ana ing kêpatihan, gawane rong kopêr, sanadyan sing sakopêr kêbak titipan, mêngko gèk aku diarani: banyak phulus. Nanging banjur tak lêlipur mangkene: ora susah kuwatir, mas, sing kagungan dalêm anggone ngaku sêdulur tênanan, nèk kowe diulungi rèkêning dening dhoktêre, kok kowe mung banjur kêthap-kêthip mripatmu, mêsthi banjur didhadhagi karo sing kagungan dalêm kanthi pangandika mangkene: Niki dhi dhoktêr bayarane sadulur kula tamu...

Garèng : Wèh, prasaksat dhayoh arêp ngajak ora omah kuwi arane...

Petruk : Lo, kuwi rak mung kanggo anggêdhèkake ati bae, Kang Garèng, wis mêsthi yèn nganti kalakon mangkono, arêpe mulih pamitku iya mangkene: ing sarèhne panjênêngan sampun paring bayaranipun dhoktêr, matur sèwu nuwun mênggahing kasaenan panjênêngan, sukur kêrsa anjangkêpi kalihan... sêpuranipun pisan.

--- 2231 ---

Garèng : We, hla ya wong sêmbrana, tamu ngajak ora agama têmênan. Sabanjure kowe apa sida diundangake dhoktêr...

Petruk : Iya sida, Kang Garèng. Kocapa, barêng ora watara suwe dhoktêr bêdhêngus têka, banjur tak pêthukake karo tak jarwani mangkene: Adhuh, adhuh, adhiku wong bagus, wong manis, wong mênthêlis, andadèkake bungah lan lêganing atiningsun, dene jênêng sira kang prapta ana ing ngarsaningsun, mara, dhi, ingsun tumuli sira usadani supaya ingsun bisa waluya jati kaya ing wingi uni...

Garèng : Tobat, tobat, dhoktêre apa ora banjur ngêmprit lumayu, Truk.

Petruk : Wayah, kuwi rak nèk aku edan. Anggonku nglairake unèn-unèn mêngkono kuwi mau rak saka bungahku, awit, dilalah krêsaning Allah, dhoktêre kuwi jêbul misanku dhewe. Mulane atiku iya mantêp bangêt, sabab, kajaba bakal slamêt... kanthongku, wong iya sêdulur, dhoktêre anggone nambani aku kêtêlu iya dipêng têmênan. Mulane aku kêtêlu banjur kalakon rada brêgas sêthithik, mung bae dilarangi kakehan angin-anginan. Jalaran saka iku tumêkane saiki aku tansah ngucap: Banyak kamsiyah nyang dhi dhoktêr kuwi mau. Kala samono bêndara patih sakalihan andangu aku mangkene: Dhi Petruk, têkamu ana ing Blora kene kowe apa wis anduwèni programah. Wangsulanku: Wah, iya sathekruk. Niyatku mono iya arêp nyang Rêmbang, nyang Cêpu, nyang Ngawèn, malah dhonge kêpengin nêmoni pangarêpe kumpulan Samin. Nanging kêpriye manèh, dhoktêr anglarangi aku ora kêna angin-anginan. Arêp nunggang sêpur sêmribit, nunggang dhokar sêmrubut, arêp lumaku ora bêtah. Lo, kuwi dhawuhe bêndara patih banjur mangkene: Ing sarèhne wis kalêbu ing programamu iya kudu kok lakoni, dhi. Mêngko aku dhewe sing ngêtêrake, wong motorku sedhan, nèk ditutup angin ora bisa mlêbu.

Garèng : Kowe kuwi pancèn wong sêmbrana, padune kêpengin mayêng-mayêng nanging aja cucul rini, kathik angin sing kanggo pawadan. Karo manèh nyang Rêmbang karo nyang Ngawèn kuwi gèk prêlune bae apa. Nèk nyang Cêpu kuwi mèmpêr, sabab Cêpu kuwi dikabarake kutha lênga. Arêp kêtêmu pangarêpe pakumpulan Samin, iya ana gunane, yaiku supaya wêruh adat tatacara lan lageane para wargane pakumpulan mau.

Petruk : Anggonku kêpengin nyang Ngawèn, sabab lagi bae aku têka ing Blora, ujug-ujug aku ditilpun bêndara wadana mangkene: Hallo, ing kono apa dhi Petruk. Aku mangsuli: Bênêr ngandikamu, mas ndara wêdana.

Garèng : Iki sêbutan cara ngêndi, ana kok: mas ndara wêdana.

Petruk : Lo, mase kuwi nyang wonge, ndarane nyang pangkate. Sabanjure mas, ndara wêdana mau dhawuh nyang aku supaya mampir nyang dalême. Wangsulanaku: Sandika, nun, rak inggih kumplit, ta... suguhane.

Garèng : Kowe kuwi ora idhêp isin bangêt, [ba...]

--- [2232] ---

[...ngêt,] sing didhisik-dhisikake têka mung suguhane.

Petruk : Kang Garèng, wong madhayoh kuwi kudu anduwèni melik nyang suguhan. Sing sapa madhayoh, karêpe mung arêp madhayoh thok bae, ora duwe melik suguhan babar pisan, kuwi arane wong kênclung. Awit ninggal omahe rak wis ambuwang wêktu arane, kathik ora olèh apa-apa, kuwi rak mung rugi bêsar, ta Kang Garèng. Mulane wong madhayoh kuwi kudu melik nyang suguhan. Apa suguhan: nyamikan, apa suguhan: gunêm, sukur bisa olèh loro-lorone, dadi bisa mundhak isining utêke, lan têlèhe. Mulane sawênèh ana sing ngandhakake: wong mêdhayoh kuwi mêsthi bathine.

Garèng : Wayah, kowe mono wêrna-wêrna sing kok rêmbug, hla ana ing Rêmbang apa prêlumu. Apa arêp kulak trasi.

Petruk : Aja kêlèt ambune mono, dhonge aku iya gêlêm, sabab tumrape wong sing karêm sambêl, ana ing Batawi kojur têmênan, awit ora ana trasi sing enak, Kang Garèng. Mungguh karêpku ana ing Rêmbang pancène mono iya sasayahe. Kêpengin wêruh kuthane, jarene ngongkang sêgara, kêpengin kêtêmu sobat-sobat lawas, yaiku: ndara patih ing Rêmbang, nanging ing kala samono kabare lagi: ing, ing, mari pêrlop...

Garèng : Wayah, ana: ing, ing, banjure kathik: mari pêrlop, ora irama, Truk.

Petruk : Kajaba iku, ana ing Rêmbang aku iya duwe sobat kênthêl bangêt, malah kêna dak arani: sêdulur sinarawèdi, kang ana ing Rêmbang kono dadi Pak Kêmis ing Rêgènsêkap, Kang Garèng. Priyayi iki wis lawas bangêt aku ora kêtêmu, mulane kêpenginku kêtêmu iya sêsayahiranèki kae, gagasanku: wujude saiki apa kaya radèn cacingên, apa kaya bah gêmuk. Suryane klimis rêsik kaya bligo, apa brêngos caplang agodhèg simbar dhadha kaya bombai yangko-yangko. Mulane sadurung-durunge saka kapatihan Blora panjênêngane tak tilpun dhisik mangkene: Hallo, siyapah situ. Kana amangsuli: dhi sini komis rêgènsêkap. Diwangsuli mêngkono kuwi mau, mèh bae aku mangsuli: Dhi sini wong edan. Tujune uniku sing mangkono mau bisa tak tahan sarta aku banjur pitakon manèh mangkene: Apah dhi situ tuwan... Salipuk. Iki parabane priyayi mau nalika isih dadi murid. Wah, Kang Garèng, nganti pirang-pirang sêkon sidhêm prêmanêm ora ana sabawane apa-apa. Ora watara suwe jêbul mung ana suwara: ha, ha, ha, hi, hi, hi, ho, ho, ho, hu-hak, hu-hak, ha-cih. Batinku: We, hla, blai, gênah kèlingan sing ora-ora kae priyayi. Sabanjure, sarana digerongi guyu nganggo irama, têrus-têrusan pangandikane mangkene: Wong sêmbrana, ha, ha, ha, ha, ngudhal-udhal wadi, hi, hi, hi, hi. Iki Petruk gênahe, he, he, he, he, o-ra, pa-ntês, ba-ngêt, ho-hak, a-hêk, a-hêk.

Garèng : Wong sêmbrana, ngomong kathik ora karu-karuwan mêngkono. Wis,wis dilèrèni samene bae dhisik. Wong arèp bakdan têka rupa-rupa mêngkono.

--- 2233 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Têtiyang bêboyongan saking tanah Jawi. Gunggunging têtiyang boyongan saking tanah Jawi dhatêng tanah Sabrang ing taun 1939, saking Paresidhenan Pêkalongan 900 kulawarga, saking Banyumas 700, saking Sêmarang tuwin Japara-Rêmbang 100 tuwin saking Kêdu 900.

[Grafik]

Pikraman. Kala tanggal 17 October 1938 panjênêngan dalêm Bandoro Pangeran Ario Suryodiningrat ing Ngayogyakarta mikramakakên putri dalamdalêm. Bêndoro Radèn Ajêng Pratiwi dhaup kalayan Dr. R. Kanuyoso Jatiwibawa, Gouvernements Arts, putranipun M.Ng. Joyowibowo Ass: Wêdono pènsiun ing Madiun.

Ingkang kacêtha ing gambar punika têmantèn nalika dhaup wontên ing dalêm Suryadiningratan.

Manggih barang kina. Tiyang nama Saikrama ing dhusun Jurukuncèn, Sragèn nalika nuju macul manggih barang-barang mas warni: sêsupe 4, sêsupe untir-untiran 4, mêndhak 1, cuku 2, tuwin sêsupe akik 1, sadaya mawi sêratan kina.

Wêlingan barang dhatêng Blinden Instituut. Kawartosakên, ing wêkdal punika kathah wêlingan barang-barang damêlanipun têtiyang wuta ing Blinden Instituut ing Bandung, kados ta saking D.V.O., R.P.M., S.S., tuwin sanès-sanèsipun mila tumindaking damêl gêgêthutan.

Angsal ganjaran bintang. Nalika Tuwanku Haji Pangeran Aria Wijaya saking Borneo sowan dhatêng karaton Surakarta, tampi ganjaran bintang paring dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Ingkang Wicaksana. Salêbêtipun wontên Surakarta nyare ing Hadiwijayan.

Quarantaine Rajakaya. Kawartosakên, bilih ing Tanjungpriuk badhe kawontênakên quarantaine rajakaya, pêrnahipun badhe manggèn ing palabuhan satunggal, papanipun badhe cêkap dipun ênggèni rajakaya 200. Tindak punika badhe mikantuki tumrap pangrêksaning kawilujênganipun rajakaya ingkang malêbêt dhatêng Sumatra Kidul.

Sinjang ing Tasikmalaya dipun wigatosakên. Wontên sudagar sinjang ing Tasikmalaya kadhatêngan sudagar saking Amerika, nêdha kilak sinjang ngantos pintên-pintên atus kodhi. Manawi cocog ing rêmbag, sudagar Amerika wau badhe nyukani arta rumiyin 300.000 dollar.

Pakaryan Post. M. Sumarto, postcommies ing Lahat, kapindhah dhatêng Palembang. M. Suwignya, Adjunct-hoofdredacteur volkslectuur, dados tijdelijk waarnemend commiesredacteur ing Hoofdbureau ing Bandung.

Hoofbschrijver. kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawi Wetan, anêtêpakên hoofbschrijver, tumrap Paresidhenan Surabaya 21, Bojonêgoro 11, Madiun 15, Kêdiri 18, Malang 23, Bêsuki 18 tuwin Madura 10.

Jawah prahara ing Bandung. Ing Bandung mêntas wontên jawah prahara, dangunipun ngantos satêngah jam. Kathah wit-witan ingkang sol, margi-margi sami dados lèpèn, jawah wau adamêl karisakaning kantor-kantor tuwin griya-griya.

Papriksan rêdi latu. Miturut katêrangan saking dienst v/d Mijnbouw, ing kwartaal kaping tiga taun 1938, tumrap rêdi Krakatau, ing tanggal 4 Juli anjêblug ingkang inggilipun jêblugan ngantos 1500 m, tigang rambahan. Inggiling rêdi 81.5 m, dados mindhak 5.70 m. Kawahipun mingsêr 100 m mangilèn. Tanggal 12-14 Sèptèmbêr anjêblug malih. Rêdi Raung, kala tanggal 13 Augustus ngêdalakên latu, ing Jêmbêr jawah awu, Rêdi Dukuno-Kariang, anjêblug ngêdalakên lahar, têbihing ilinipun ngantos 4 km. jalaran saking dêrêsing jawah awu, ngantos rêkaos dipun inggahi.

Ungêl ala nganggur anjalari wontên rajapêjah. Wontên bangsa Toraja nama Makale, ngêtêrakên anakipun badhe dhatêng Bandung, amargi anakipun dipun cakot ing sêgawon edan. Sadumugining pondhokan ing Makasar, Makale dipun beda ing tiyang ingkang tunggil sapondhokan, bilih anakipun wau benjing sadumugining Bandung badhe dipun bêdhèl wêtêngipun. Tiyang wau tansah dipun cariyosi makatên kemawon. Wusana Makale bingung ing manah, lajêng kasupèn saha salajêngipun ngamuk mawi dêdamêl lading. Wontên tiyang sakawan nandhang tatu rêkaos, ingkang kalih kêlajêng tiwas.

Pajêg têtingalan ing Bandung. Angsal-angsalaning pajêg têtingalan ing Bandung ing wulan October kapêngkêr wontên f.9.546.96. Kala ing wulan October taun kêpêngkêr wontên f.13.074.45. wiwit Januari dumugi October taun punika wontên f.121.319.65. pêpetangan makatên ing taun kêpêngkêr wontên f.115.809.88.

Golongan dhoktêr. Tuwan Sukiman ambtenaar ingkang nêmbe wangsul verlof saking nagari Walandi, katêtêpakên dados Gouvernementsarts Volksgezondheid manggèn ing Hoofdkantoor ing Bêtawi. Saha wiwit tanggal 7 wulan punika kapindhah laminipun sawulan dhatêng Gemeente Ziekenhuis ing Cirêbon, makili directeur ingkang nuju sakit.

A.M.S. ing Bandung. Ing wêkdal punika ing Bandung wontên raosan supados ingriku kawontênakên A.M.S. malih. Ingkang dados wêwatonipun, amargi ingriku kathah lare-lare ingkang nyêkapi kalêbêtakên ing A.M.S. Kala ing taun 1920 dumugi taun 1932 ing Bandung sampun wontên A.M.S. A. II (Westersch-klassieke afdeeling). Sampun wontên 6 taun sapriki pamulangan wau dipun pindhah dhatêng Ngayogya.

Jawah adamêl agênging toya Bênawi. Sampun sawatawis dintên wontên jawah agêng, adamêl agênging toya Bênawi, ngantos ambaludag angêlêbi pasabinan sakiwa-têngênipun Ngawi. Jalaran saking kuwatosipun têtiyang ingriku, saking samar manawi botên ngukup, mila tanêmanipun, sanadyan ingkang taksih ênèm inggih lajêng dipun undhuhi.

Mangsa pêlêm ing Kêdiri. Mangsa pêlêm ing Kêdiri ing wêkdal punika suda tinimbang padatan. Kala taun kêpêngkêr, ing wulan November taksih kathah pêlêm, ing sapunika sampun botên wontên, mangka taksih kathah wêlingan.

Bangsa tanah ngriki saya majêng dhatêng babagan cooperatie. Miturut katrangan, pakêmpalan cooperatie ingkang gadhah panyuwun supados dipun akêni ing parentah wontên 500. Dene ingkang botên gadhah panyuwun satusan.

--- 2234 ---

Padangan payung ing Tasikmalaya. Miturut kawontênan, padagangan ing payung Tasikmalaya punika panumbasing barang-barang badhe saking bakul, makatên ugi pandamêlipun ugi saking wêlingan para bakul ingkang sampun nyukani êmpingan rumiyin, dados raosipun namung kados bêbêrah lugu. Mila ing bab punika dados panggalihanipun ingkang wajib.

Inggah-inggahan golongan Pangrèh Praja. R. Kampono, aib, nindakakên padamêlan ajunct jaksa Landraad ing Jêmbêr, Bêsuki, dados ajunct jaksa Landraad ing ngriku. M.S. Sunyoto, aib, nindakakên mantri pulisi Paresidhenan Bojonêgoro, dados asistèn wêdana Paresidhenan Madiun. R.M. Sudaryo, asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki, dados asistèn wêdana paresidhenan Madiun. R. Hakkun alias R. Joyoasmoro, asistèn wêdana Paresidhenan Madura dados asistèn wêdana Paresidhenan Bêsuki. M.Ng. Harjadirono, mantri pulisi Paresidhenan Bêsuki dados asistèn wêdana klas 2 Paresidhenan Madura.

Golongan Landbouw. R. Maryadi alias R. Danusuwoyo ingkang kabantokakên dhatêng Landbouwconsulent ing Paresidhenan Timur, ingkang têtêping manggènipun ing Bêtawi, kabantokakên dhatêng pangagêng atd. landbouwvoorlichtingsdienst tuwin binnenvisscherij Landbouw, nyambut damêl ing kantoorafdeelingshooofd ing Bataavia-Centrum.

Bab panganggening autobus sêkolahan. Usul ing bab panganggening autobus tumrap lare-lare sêkolah ing kabudidayan sapanunggilanipun, supados botên kasamèkakên kalihan têtumpakan limrah, parentah ugi nayogyani. Nanging tumrap autobus ingkang dipun angge wau kêdah gadhahanipun piyambak, botên kenging sewan.

Andhudhuk mayitipun tiyang ngajal dintên Jumuwah Kliwon. Ing dhusun Karangasêm bawah Karangsuwung, Cirêbon, mêntas wontên tiyang ngajal ing dintên Jumuwah Kliwon. Saking kapitadosanipun tiyang, manawi wontên tiyang sagêd mêndhêt mori buntêling mayitipun tiyang ingkang ngajal ing dintên Jumuwah Kliwon wau, badhe kadumugèn punapa ingkang dados sêdyanipun. Wusana yêktos sarêng enjingipun mayit wau dipun dhudhuk ing tiyang, sampun pinanggih wontên sajawining luwangan, montên ingkang kangge bungkus mayit sampun botên wontên. Salajêngipun dados papriksan pulisi.

Nganggulangi sêsakit kankêr. Benjing dintên Jumuwah tanggal 25 November punika, wanci jam 9 enjing, ing pamulangan luhur dhoktêr ing Bêtawi badhe ambikak Ned. Ind. Georganiseerde propagandaweek nanggulangi sêsakit kankêr, dipun rawuhi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Ingkang mêdhar sabda Prof. Dr. B.J. van der Paats.

Lampah rikatan sarana motor mabur. Tuwan W.C. Ten Cate, gezaghebber B.B., ing Borneo, ing tanggal 15 wulan punika bidhal dhatêng nagari Walandi numpak motor mabur, pêrlu tumuntên badhe dipun bêdhèl wontên nagari Walandi. Ing sadèrèngipun, kabêkta rumiyin saking Borneo dhatêng Bêtawi.

Masjid dipun sambêr ing gêlap. Kala malêm Slasa kêpêngkêr wanci jam 9 dalu, ing Bêtawi jawah dêrês, gêlapipun ngampar-ampar. Ingriku masjid ing Gang Masigit, Kêbonjêruk, dipun sambêr ing gêlap. Ing kala punika ing salêbêtipun masjid sawêg bibaran mêntas sêmbahyang trawèh, dèrèng sami wangsul. Ingkang dipun sambêr ing gêlap mastakaning masjid, ngantos mawut-mawut, gêndhèngipun pating pancêlat andhawahi tiyang 4, nanging namung kêtaton sakêdhik. Makatên ugi karisakanipun masjid botên sapintêna tuwin rahayu dene botên anjalari kêbêsmèn.

Dados wêwakil president curator. Kawrat kêkancingan Gupêrment, Tuwan H.A. van Lochem, resident ter beschikking ing gupêrnur Jawi Kilèn, katêtêpakên dados wêwakil president curator ing bestuursacademie, ugi dados warga College curatoren ing Academie ngriku.

Liburan sêkolah-sêkolah gemeente. Wontên usul dhatêng gemeenteraad, supados liburanipun sêkolahan-sêkolahan andhap gadhahanipun gemeente ing Bêtawi, liburahipun katêtêpna kados sêkolahan H.I.S. tuwin H.C.S., punapadene kawontênakên liburan sanès-sanèsipun kados ingkang tumindak ing pamulangan gupêrmèn.

Têdhak Jawi Wetan. Wontên wartos benjing December tanggal nèm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana badhe têdhak Malang, lêrêm ing Badhotèl Selecta, laminipun 5 dintên. Salajêngipun têdhak Surabaya laminipun 3 dintên, lêrêm ing Oranyê Hotèl.

[Iklan]

Calon upsir saking tanah ngriki. Miturut wartos, benjing taun ngajêng militair academie ing Breda badhe nampèni mahasiswa saking tanah ngriki 21, cacah samêntênsamantên. wau sagêd dipun lêbêti bangsa tiyang siti 2 utawi 3.

Arta kêrtas palsu. Sampun sawatawis dintên, stationschef ing Bêtawi ambêskup arta kêrtas palsu salêmbar, lajêng kapasrahakên ing pulisi. Tiyang ingkang kanggenan arta kêrtas palsu wau bangsa Tionghowa nama Souw K.L. asli saking Mauk, Tangêran. Kêcêpêngipun nalika tumbas karcis ambayarakên arta kêrtas rêgi f.5.-. Arta kêrtas wau ciri G.A. 04541. Nalika kapriksa ing pulisi, dakwa cariyos botên mangêrtos bilih arta wau palsu.

Nglajêngakên sinau dhatêng Mêsir. Nonah Loubuna Matos, anaking satunggalipun bangsa Arab ing tanah Jawi, anglajêngakên sinau dhatêng pamulangan luhur ing Mêsir. Nonah wau asli tamatan saking H.B.S.

Directeur Alg. Prufstation Landbouw. Parentah anayogyani têtêpipun Dr. Posthumus, saking Prufstation babagan gêndhis, dados directeur Alg. Prufstation Landbouw. Tumapakipun wiwit benjing wulan Februari ngajêng punika.

Manggih barang kina. Wontên wartos, ing dhusun Mrican wontên tiyang manggih barang kina awarni rêca sela pirantos mêmuja Dèwi Sri. Salajêngipun barang wau sampun dipun tumbas dhatêng Kon. Bat. Genootschap.

EROPA.

Raja Carol dhatêng London. Kala dintên Ngahad sontên kêpêngkêr, Raja Carol, nata ing Rumenie sampun bidhal dhatêng London. Rawuhipun ing London wau kanthi lampah praja, kadhèrèkakên Pangeran Pati Michael tuwin Minister bahagan sajawining praja Commen.

Bangsa Yahudi ingkang dipun cêpêngi. Miturut wartos ing Berlijn wontên bangsa Yahudi kirang langkung 100 sami dipun cêpêngi. Têtiyang samantên wau wontên ingkang anggadhahi bank, advoocaat-advoocaat tuwin sanèsipun. Sadaya sami dipun tahan wontên griyanipun piyambak-piyambak. Ing sapunika kawontênakên undang-undang enggal ingkang angèngingi bangsa Yahudi, nanging dèrèng dipun umumakên.

--- 2235 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

30

Kêthèk ingkang satunggal botên sagêd anglawan ingkang tanggon wontên ing pang ingkang moyag-mayig, amargi kawratan dening ambêkta pun Mariyam. Jalaran saking punika mila lajêng enggal-enggal mandhap ing siti. Kêthèk bangkokan sanèsipun enggal nututi, lan wontên ing siti ngriku kalih-kalihipun lajêng tarung rame. Nanging anggènipun tarung wau sakêdhap-sakêdhap dipun kèndêli, prêlu ambujêng Mariyam. Awit mênggahing Mariyam, manawi kalimpe sakêdhik, inggih lajêng lumajêng. Kêthèk bangkokan kêkalih lajêng rêbatan anggènipun sami ambujêng ngantos Mariyam wau kacandhak malih. Salêbêtipun sami ambujêng Mariyam punika, inggih botên kèndêl anggènipun sami cokot-cokotan tuwin jambak-jambakan.

Kadhangkala pun Mariyam sok kenging bithi ingkang pancènipun katamakakên dhatêng mêngsah, malah sapisan piyambakipun kenging bithinipun salah satunggal, ingkang anjalari Mariyam lajêng dhawah ing siti saha klêngêr. Wiwit sapunika kêthèk bangkokan kalih wau sagêd tarung sakiyatipun, tanpa migatosakên dhatêng Mariyam.

Ing sanginggilipun kêthèk bangkokan ingkang sami tarung wau, kathah kêthèk alit-alit ingkang sami pating cruwèt ing sêmu kadosdene kêbingungan, badhe kados pundi. Pêksi wana kathah tuwin warni-warni ingkang sami niyub wontên ing sacakêtipun papan ingkang kangge tarung wau, suwaranipun pating cruwèt rame kalangkung-langkung. Dene saking katêbihan kêmirêngan panggêroning singa barong ingkang damêl mirising sadaya sato ing salêbêtipun wana.

Kanthi alon-alon dangu-dangu kêthèk bangkokan ingkang agêng sagêd angawonakên ingkang alit. Ing sakawit kalayan cokot-cinokot sarta juwing-jinuwing, kêthèk bangkokan kêkalih wau sami gêgulungan ing siti. Salajêngipun sami adêg-adêgan sarta lajêng cêpêng-cinêpêngan ambudi pundi ingkang dhawah ing siti. Dados tarungipun wau kadosdene caranipun manusa bantingan, bedanipun ing ngriki, anggèning bantingan punika kalih-kalihipun sami tansah migunakakên untunipun. Sampun têmtu bilih badanipun kêthèk kalih-kalihipun tuwin papan ingkang kangge tarung wau, botên watawis dangu lajêng katingal abrit jalaran kathahing rah ingkang muncrat. Nanging danguning-dangu kêthèk ingkang agêng sagêd nyakot kêkêt wontên ing kalamênjinging mêngsahipun, ingkang anjalari kalih-kalihipun lajêng sami dhawah ing siti. Ngantos sawatawis mênit kêthèk bangkokan kêkalih wau gumlethak ing siti tanpa tarung babar pisan. ing wusana kêthèk ingkang agêng sagêd nguculi kancinging untunipun ingkang nyokot kalamênjinging mêngsahipun, sarta lajêng mênyat kalayan gêrêng-gêrêng. Salajêngipun nuntên lumampah wongsul-wangsul wontên ing antawising badanipun Mariyam tuwin badaning mêngsahipun ingkang sampun pêjah wau. Salajêngipun ngadêg wontên ing badanipun kêthèk ingkang pêjah sarta lajêng ngumbar suwara sora sangêt, inggih punika sêsumbaripun kêthèk bangkokan jalêr manawi mêntas angawonakên mêngsahipun. Jalaran saking wontêning suwara ingkang anggêgirisi wau, kêthèk alit-alit sami kamigilan saha lajêng pating cruwèt pating slêbar dhatêng pundi-pundi. Sakathahing pêksi sami pating slêmprung mibêr botên kantênan apados wilujêng. Dene panggêroning singa barong ugi kamirêngan malih, nanging saya têbih.

Kalayan lampah sêmpoyongan kêthèk agêng wau lajêng murugi Mariyam ingkang kala punika taksih gumlethak ing siti. Mariyam lajêng dipun walik ngantos glumethakipun wau malumah. Kêthèk bangkokan lajêng ngambus-ambus rai tuwin dhadhanipun Mariyam. Ing ngriku sêmu lajêng sumêrêp, bilih Mariyam taksih gêsang. Kêthèk alit-alit lajêng sami wangsul mriku malih. Dhatêngipun wau sami gêgrombolan sarta pating cruwèt pating jligut.

Kêthèk bangkokan jalêr katingal botên rêmên sangêt dhatêng solah tingkahipun kêthèk alit-alit kasêbut nginggil, amila lajêng gêrêng-gêrêng sarta mringisakên untunipun. Salajêngipun piyambakipun nuntên anjunjung Mariyam ingkang lajêng dipun pundhak kabêkta lumajêng turut wana. Kêthèk alit-alit sadaya sami tut wingking pating cruwèt rame sangêt.

XI

Kacariyos sarêng Korak wangsul saking anggènipun ambêbujêng, saking katêbihan sampun mirêng suwaranipun kêthèk ingkang sakalangkung rame punika. Sanalika piyambakipun inggih lajêng mangrêtos bilih wontên kadadosan ingkang wigatos. Kados ta upaminipun:

--- 2236 ---

salah satunggiling kêthèk kagubêt ing sawêr, lan sasaminipun. Amila lampahipun Korak lajêng karikatakên, awit kêthèk-kêthèk ingkang sami pating cruwèt punika sami para mitranipun Mariyam, sasagêd-sagêd piyambakipun inggih badhe anulungi. Enggal-enggal piyambakipun ngênêr dhatêng wit-witan papan patilêmanipun Mariyam. Sadumuginipun ing ngriku, angsal-angsalanipun anggènipun ambêbujêng kaglethakakên saha lajêng bêngok-bêngok undang-undang Mariyam, nanging botên dipun wangsuli babar pisan. Ing batos Korak lajêng gadhah pangintên bilih Mariyam ngajak gujêngan, ing samangke piyambakipun andhêlik, lan Korak kêdah ngupadosi.

Ing pang agêng ingkang limrahipun kangge yun-yunan Mariyam, namung katingal bonekahipun sumendhe. Ing ngriku manahipun Korak ngêdhap sawatawis, awit salaminipun Mariyam punika botên nate nilar bonekahipun. Korak enggal mêndhêt bonekah wau saha lajêng kalêbêtakên ing kasangipun. Sasampunipun lajêng ambêngoki Mariyam malih, samangke langkung sora, nanging Mariyam botên amangsuli. Saking katêbihkankatêbihan. kamirêngan suwaraning kêthèk-kêthèk ingkang rame wau, nanging sampun botên patos cêtha malih.

Ing batos Korak lajêng ngudaraos makatên: apa kêthèk-kêthèk anggone pating cruwèt rame iki gêgayutan karo ilange Mariyam. Jalaran anggadhahi panggraita ingkang makatên punika, manahipun Korak lajêng sampun samar. Tanpa ngêntosi anut ingkang tansah tut wingking kanthi alon-alonan, Korak enggal-enggal nututi kêthèk alit-alit ingkang sami pating cruwèt wau. Salêbêtipun sawatawis mênit kêthèk ingkang lampahipun kantun piyambak sampun sagêd katututan. Sarêng kêthèk alit-alit sumêrêp Korak, lajêng pating cruwèt rame sarta tuding-tuding dhatêng ing ngajêng. Botên watawis dangu malih Korak inggih lajêng sumêrêp sabab-sababipun kêthèk alit-alit pating cruwèt katingal nêpsu wau.

Sarêng Korak sumêrêp Mariyam tanpa sabawa dipun pundhak dening kêthèk bangkokan jalêr ingkang salaminipun dèrèng nate sumêrêp, kêtêking jantungipun ing kala punika prasasat lajêng kèndêl dening ajrih tuwin girisipun. Ing ngriku pamanggihipun Korak botên sanès kajawi Mariyam botên kenging botên tamtu sampun pêjah. Ing ngriku Korak andadak kêtuwuhan raos ingkang piyambakipun piyambak botên badhe sagêd anêrangakên, inggih punika: Korak andadak ngrumaosi supe dhatêng sadaya kawontênan ing donya punika, ingkang tansah dipun èngêti ngêmungakên Mariyam, ingkang badanipun alit tuwin ringkih sangêt, lan ing samangke tanpa daya dipun gondhol dening satunggiling kêthèk bangkokan jalêr.

Ing ngriku Korak mangrêtos, bilih Mariyam punika inggih donyanipun, inggih bandhanipun, botên wontênipun Mariyam tumrap piyambakipun atêgês: ical sadaya kasênêngan tuwin katêntrêmaning manahipun, salajêngipun Korak nuntên gêrêng-gêrêng sarta ngêdalakên suwara, ingkang langkung ngajrih-ajrihi sarta anggêgirisi katimbang sato galak limrah. Sasampunipun makatên, tanpa ngèngêti malih, prasasat kasawatakên, Korak anututi makluk ingkang nyidra Mariyam wau.

Sarêng Kêthèk bangkokan jalêr ingkang anggondhol Mariyam wau mirêng suwaranipun Korak ingkang kapisanan, enggal-enggal lajêng nolèh dhatêng wingking. Sarêng Korak sumêrêp wujuding kêthèk bangkokan wau, sêngit lan nêpsunipun saya sangêt, awit ing ngriku piyambakipun botên pangling: kêthèk bangkokan jalêr punika botên sanès kajawi ratuning kêthèk bangkokan ingkang ing kala rumiyin ngungsir piyambakipun, inggih punika nalika piyambakipun mrêlokakên amanggihi nêdya mêmitran.

Kêthèk bangkokan lajêng angglethakakên bêktanipun wontên ing siti, prêlu sumadhiya nêdya tarung malih anglabuhi bêktanipun ingkang dipun anggêp sakalangkung agêng ajinipun wau. Nanging sapisan punika piyambakipun anggadhahi pamanggih: botên badhe angèl utawi rêkaos anggènipun badhe ngawonakên mêngsah enggal punika. Ing kala punika kêthèk bangkokan ugi botên pangling dhatêng pun Korak. Mênggah gagasanipun: iki rak kêthèk putih kang tak ungsir dhek anu kae, ing môngka anggonku ngungsir tanpa nganggo tak pilara babar pisan, wis kalakon lumayu, saiki têka wani-wani arêp ngrêbut gawanku. Salajêngipun kêthèk bangkokan wau nuntên narajang anêmpuh.

Ing ngriku lajêng tuwuh tarungipun Korak kalihan kêthèk bangkokan rame sangêt. Saking nêpsu lan sumêngitipun ing kala punika Korak ngantos supe migunakakên ladingipun suduk. Mênggah ing pangraosipun: kewan ingkang samantên awon lan asoring bêbudènipun, kêdah sagêda dipun pêjahi sarana tangan sarta untunipun kemawon. Saking rosaning panêmpuhipun Korak, ngantos kêthèk bangkokan botên angsal papan, ing salajêngipun untunipun Korak ujug-ujug lajêng anyokot kalamênjingipun kêthèk bangkokan ngantos kancing.

Ing wêkdal punika dumadakan Mariyam èngêt saking anggènipun kalêngêr saha lajêng angêlèkake mripatipun. Sarêng sumêrêp kawontênan ingkang makatên wau, lajêng ajêlih-jêlih: Korak, Korak, aku iya wis ngira, yèn kowe bakal têka ambelani aku. Enggal patènana kêthèk bangkokan iki. Badhe kasambêtan.

[Iklan]

--- [181] ---

No. 46, 19 November 1938, Taun IX

Taman Bocah

INGKANG NGÊMBANI : BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CÈNTRUM. RÊGANE SATAUN f 1.50, KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN, BAYAR DHISIK. LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

SAMUBARANG KUDU DIIMBIR-IMBIRI SAKA SATHITHIK.

Bocah-bocah, kowe dakdongèngi dongèng kuna, ya! Dongènge wong jaman kuna. Nanging sarèhne dongengan anèh tur bêcik, dadi sanajan wis kuna, nganti saprene isih padha dieling-eling, padha diênggo dongengan, didongèngake mênyang wong-wong, mênyang bocah-bocah. Bocah-bocah sing padha krungu, sarèhne dhêmên, iya ora lali-lali, tansah kèlingan bae. Sarta nèk ana prêlune, banjur gênti didongèngake marang wong liya. Dadi dongèng mau ora ilang-ilang. Têrus bae. Piwulange diênggo wong pirang-pirang. Ora mung wong biyèn-biyèn, sanajan wong saiki utawa wong besok iya bakal padha bisa ngrasakake bêcike. Nèk digagas-gagas kok anèh. Wonge sing duwe dongèng wis suwe ora ana, dongènge kok isih bae. Apa dawa umure dongèng nèk mêngkono karo uwong? Pancèn iya mêngkono. Dongèng iku yèn apik, ora mati-mati, ora ilang-ilang. Têrus olèhe gawe pintêr mênyang wong-wong, mênyang bocah-bocah.

Rak ya mêngkono ta, cah-cah. Dongèng iku rak gawe pintêr marang sing ngrungokake. Sapa sing mundhak dongènge iya mundhak kapintêrane, sapa sing akèh dongènge, iya akèh kapintêrane. Dadi duwe dongèng, iku prêlu bangêt. Apa manèh yèn sugih. Mulane sing srêgêp kowe ngrungokake dongèng, utawa maca dongèng.

Wis saiki dakcritakne dongènge sing dak kandhakake dongèng kuna mau.

Ana ratu. Sawiji dina tindak ambêbêdhag mênyang alas. Sing ndhèrèkake pirang-pirang, wong iya ratu. Ana sing didhawuhi milu nyêkêl bêdhil, ana sing didhawuhi ngampil dhaharan lan unjukan, diagêm sangu sasuwene ana ing alas. Wong alase adoh saka kêdhaton, tur olèhe mbêbêdhag ora mung sadhela. Wong mbêdhil iku pancèn sênêng. Apa manèh yèn bola-bali olèh, sênênge mbok dituku nganggo dhuwit akèh mangsa olèha. Mangkono uga ratu mau. Olèhe tindak mbêbêdhag iku pancèn iya golèk sênêng. Sadinane sing dipênggalih pirang-pirang: êndi sing njaga kaslamêtane kawulane, êndi sing mbudidaya supaya kawulane aja nganti padha kêrêngan, lan liya-liyane. Dadi yèn ana sêlane sathithik, prêlu bangêt nyênêng-nyênêngake pênggalihe, sarana tindak mbêbêdhag mau.

Kocapa ratu kang dadi dongèng mau, saking sênênge ngindhik-indhiki bêburon kang arêp dibêdhil, abdi-abdine kang pancène kudu tansah ndhèrèkake mrana-mrana, ditilapake, krêsane ayake mèn aja padha mêdèni kewan kang arêp dibêdhil mau. Kari-kari kewane pijêr ngiwi-iwi bae. Yèn ora ditututi lèrèn, yèn ditututi ngendhani. Suwe-suwe sang prabu pisah adoh karo pandhèrèke. Ora bisa kêtêmu manèh. Dene abdi-abdine sing padha nggolèki iya ora padha bisa nêmokake gustine. Wasana abdi karo gusti têrus pisah; ora mu-tinêmu. Abdi bingung, gustine iya kêduwung. Tur kathik banjur krasa ngêlak lan luwe padharane. Dadi banjur salin sing digolèki - kêpengin arêp ngunjuk.

Golèk wowohan sing isi banyu ora ana. Clowok-clowokan ing lêmah sing kêtêmu iya garing kabèh. Pênggalihe saya ora kapenak. Iya yèn mung sadina, yèn nganti suwe gèk kêpriye. Sasuwene tindak-tindak kambi mênggalih bakal kadadeane slirane mêngkono mau, dilalah pirsa omah diubêngi ing patamanan asri. Sang prabu cumêplong galihe, krasa asrêp, banjur tindak gita-gita murugi omah

--- [182] ---

mau, prêlu mung arêp mundhut banyu diagêm marèkake ngoronge. Mulane barêng kêtêmu karo prawan anake pandhita, sing dingêndikakake dhisik iya olèhe mundhut banyu. Prawan anake pandhita iya banjur njupukake, diwadhahi ing gêlas, dicaosake dhayohe.

Wasana nalika sang prabu lagi arêp ngunjuk, lagi bae lambene gêlas ditèmpèlake ing lathi, astane kang ngasta gêlas dicènèng karo prawan mau kambi nyuwun wêruh: "Panjênêngan punika sintên?" Sang prabu kagol panggalihe, nanging mêksa nyêlakake paring wangsulan marang prawan kang nyaosi unjukan: "Aku sang prabu Anu ing nagara Anu". Bubar paring wangsulan, gêlas kang isih diasta dijunjung manèh, arêp nêrusake anggone ngunjuk. Nanging lagi bae banyune dicêcêp, astane dicènèng manèh karo prawan sing ngaturi kawêlasan nyaosi banyu unjukan, kambi matur: "Tindakipun gusti kula punapa botên wontên ingkang andhèrèkakên?" Sang prabu kapêksa paring wangsulan manèh, tur ora mung sakêcap rong kêcap, nggalur ngêndikakake lêlampahane. Bubar ndongèng gêlas dijunjung manèh, ing panggalih wis nêmtokake bakal tumuli ilang ngêlake, sagêd ngraosake sêgêring banyu kang kinclong-kinclong ana ing gêlas. Nanging lagi dicêcêp sathithik, astane dicènèng manèh karo prawan anaking pandhita, tur panjènènge sajak ngagèt.

Priksa tindake prawan kaya mêngkono mau sang prabu banjur tuwuh dukane rumaos disêmbranani mung karo anak pandhita bae. Gêlas isi banyu disèlèhake, banjur salin ngasta pêdhang, têrus ditarik arêp diênggo mrêdjaya bocah wadon kang digalih diksura mau. Nanging durung nganti kêlakon, prawan anake pandhita enggal-enggal nangis nyungkêmi sampeyane sang prabu karo asrah pati urip ngakoni kaluputane. Sang prabu iya banjur lilih dukane. Sak lilihe sang prabu, prawan banjur munjuk, yèn olèhe duwe tindak diksura mau mligi mung jalaran saka sungkême lan trêsnane marang panjênêngane, sabab saupama ora pijêr dirusuhi, pangunjuke sang prabu mêsthi daya-daya tuwuka. Tumrap wong ang ngêlak bangêt, ujug-ujug banjur ngombe sawarêge iku ora bêcik, sarta yèn ora kêbênêran jarene bisa gawe tiwas.

Midhangêt unjuke prawan mau sang prabu kakênan galihe. Kajaba ngakêni bênêring ature anak pandhita mau, iya ngrumaosi dirêksa kasugêngane. Ing kono sawise anggone nggalih ditêrus-têrusake, dhasar panjênêngane durung krama, banjur kawiyos panarine marang bocah wadon mau arêp dipundhut garwa, sabab saka panggalihe ora ana wong kang pantês barêng gêsang karo panjênêngane kajaba wong kang trêsna marang slirane lan kang njaga marang kasugêngane. Ta, patut ora dadi dongèng.

Bu Mar.

PANYLAMUR PASA

Man: "Aggone padha nglakoni pasa wis olèh pirang dina, ya?"

Min: "Yèn petungku wis olèh sêlikur dina iki."

Mun: "Dadi têlu likur dina kidakan iki."

Mèn: "Bênêr."

Man: "Wah, lagi yahene bae suwaramu kok wis jêro, Mèn."

Min: "Jêrone kuwi rak nandhakake yèn Mèn pasa têmênan."

Mun: "Iya, nanging yèn wong pasa, suwarane jêro, iku mêmêlas."

Mèn: "Kuwi rak ko têpakake ana awakmu dhewe."

Man: "Wis, wis. Iki mêngko rêmbugan ala nganggur, bisa dadi grêjêg. Saiki bêcik sênêng-sênêng bae, kanggo nylamur pasa. Ayo yèn nyata cah sêkolahan padha gunêman candhakan, nanging nganggo purwakanthi swarane buri dhewe kang padha.

Min: "Mathuk, mathuk."

Mun: "Mêngko dhisik, mirang wanda."

Mèn: "Molung wanda bae, ora kêdawan."

Man: "Iya. Aku tak wiwit: Yèn pinuju sasi Pasa."

Min: "Dinane tinêmu dawa."

Mun: "Mêngko yèn uwis jam lima."

Mèn: "Iya ati wis krasa lêga."

Man: "Kêsundhul lawane mêtu."

Min: "Ing batin wis wani ngguyu."

Mun: "Mêngko bakal buka aku."

Mèn: "Ngêntèkke sêga satumbu."

Man: "Yèn wong buka ngono kuwe."

Min: "Mênyang awak krasa cape."

Mun: "Kadang malah thele-thele."

Mèn: "Mula bêcik dinggo sare."

Man: "Yèn ngono jênêng wong kêsèd."

Min: "Dhêmêne mung klesat-klèsèt."

Man: "Wêtênge mêsthi mênthêlèt."

Mèn: "Lah prêduli apa: busèt."

Man: "Ngono bae banjur nggêrêng."

Min: "Kuwi tandhane wong butêng."

Mun: "Wong ya sing marahi: wêtêng."

Mèn: "Mula kabèh padha gêndhêng."

Man: "Uwis, saiki dipunggêl."

Min: "Nyang ati bèn ora pêgêl."

Mun: "Lan aku iya wis kêsêl."

Mèn: "Ya wis, caritane dicuthêl."

--- 183 ---

TINILAR ING BAPA.

Kanca-kanca kula sadaya punapadene Bu Mar kula badhe ndongèngakên lêlampahan kula.

Sasedanipun bapak kula lajêng ndhèrèk bapak kula alit ingkang dados Mantri Waterbeheer wontên ing Tulungagung. Botên antawis dangu bapak kula alit lajêng kapindhah dhatêng Kalangbrèt ugi bawah Tulungagung. Wontên ing Kalangbrèt kula kasêkolahakên wontên ing pamulangan angka 2. Nanging kocapa kula wontên ing klas 1 kêsagêdên, dados kula namung wontên kêlas 1 kalih dintên lajêng kadhawuhan dhatêng klas 2. Sarêng kula minggah dhatêng klas 3, ing ngriku kanca kêlas 3 ingkang minggah dhatêng klas 4 sami kadhawuhan nglajêngakên dhatêng Meisjesvervolgschool. Kula lajêng gadhah manah mèri, botên sarantos yèn ta ngêntosana taun ngajêng, kula lajêng matur bapak kula alit, manawi kaparêng kula badhe pindhah pamulangan.

[Grafik]

Pasiraman ing Wêndhit.

Ing ngriku bapak kula alit marêngakên, awit lajêng kêmpal lare-lare èstri sadaya. Enjingipun kula matur pak mantri guru wanawimanawi. kula badhe dhatêng Meisjesvervolgschool, ing sêmu pak mantri guru botên marêngakên, nanging rèhning kêncêng ing manah kula, wusana pak mantri guru ugi nglilani, tuwin kula lajêng dipun paringi sêrat katur mantri guru Meisjesvervolgschool.

Wiwit punika kula sampun tumapak wontên pamulangan enggal, kanca kula èstri sadaya. Wah raosipun manah lajêng saya sênêng. Salajêngipun kula sagêd nututi wulangan enggal, saha sabên taun inggih minggah lêstantun ngantos tamat.

Sawêdal kula saking sêkolah, kula lajêng sinau nyêrat (mbathik), borduren, punapadene sinau wontên ing pawon. Nanging botên watawis dangu bapa kula alit lajêng kapindhah dhatêng Singasari, Malang. Wontên ing Singasari sarêng kula sampun angsal têpangan kathah, kula lajêng asring dipun ajak dolan ing kanca-kanca, ningali candhi Singasari, nanging ing wêkdal sêmantên candhinipun sawêg pinuju dipun dandosi, ningali sumbêr Watugêdhe, sumbêr Kêmbar, sumbêr Klampok, pasiraman ing Wêndhit. Nanging wontên Singasari bapa kula alit namung 16 wulan, lajêng kapindhah dhatêng Grati (Pasuruan).

Nalika pindhah dhatêng Singasari nglêrêsi ing Malang wontên pasar malêm. Wah ingkang kula gumuni punika namung dilahipun, mèh sami kalihan Jaarmarkt ing Surabaya. Nanging wontên panggodhanipun, inggih punika asrêp. Sarêng pindhah dhatêng Grati, ing ngriku kawontênanipun kosok wangsul balêjêd. Hawanipun bêntèr, panggenanipun sêpên sangêt. Ing ngriku wontên tlaganipun ingkang jêmbaripun 369 bau sarta wontênDilanjutkan pada hlm. 184 setelah tanda garis.

--- 184 ---

BABADE SÊPEDHA.

[Grafik]

Dhèk jamane ing tanah kene lagi ana sêpedha anyar-anyaran, wah, kuwi yèn ana wong nunggang sêpedha liwat ing ratan, akèh kang padhah nonton, malah yèn ana wong pinuju linggihan ing omah, iya pêrlu mênyang ing jaba, nonton wong kang nunggang sêpedha mau, saka dianggêp anèh.

Dene jênênge tunggangan mau durung bisa ngarani kang têtêp: apa. Ana kang anjênêngake: gondhang-gondhung; ana kang dikawèkake jênêng: padayantra; barêng ana kang nganggo tandha têngara muni: gak-kook, banjur dijênêngake: gakkuk; malah anjukuk saka têmbung velocipede, malihe manèh banjur dadi sêpedha. Bab malihing pakêcapan mau, tumrape bangsa Jawa pancèn rada kêlumrah, malihe sok nganti bangêt, kaya ta dhèk biyèn ana bangsa Ambon jênênge Tuwan Lansanputy, kuwi anane ing pakêcapan Jawa malih dadi: lancêngpêthak, padhane araning jamu: joodkali dadi: oyodkali, banjur dikramakake dadi oyodlèpèn.

Miturut dêdongengan, sêpedha iku kang anggawa dhisik dhewe bangsa Jêrman, dhèk taun 1817, jênêng Tuwan F.D. von Sauerbronn, dhèk taun 1817, kang digawe kayu, nunggange disurung banjur dicengklak, kaya gambar ing sisih kiwa, banjur mundhak-mundhak nganti kaya kang tinêmu ing saiki.

____________________

[Lanjutan dari hlm. 183 : TINILAR ING BAPA]

pasiramanipun nama Banyubiru. Wontên Grati namung 8 wulan lajêng pindhah dhatêng Gêdhangan (Tulungagung). Wontên Gêdhangan lajêng dêdalêm wontên ing Karangrêja ngantos sapriki.

Sampun, Bu Mar saha kanca kula jalêr èstri sadaya, anggèn kula ndongèng dumugi sêmantên rumiyin. Sanès dintên bilih sêla tuwin gadhah arta kangge tumbas postblad, kula badhe ngaturakên dongengan malih, nalika kula wontên Singasari dhatêng Wêndhit, nalika wontên Grati dhatêng Prabalingga sarta dhatêng têlaga, nalika wontên Karangrêja dhatêng Madiun tuwin dhatêng pasanggrahan Sêndhang punapadene Genceng. Wasana manawi wontên lêpatipun kula nyuwun gunging samodra pangaksama. Awit kula pancèn dèrèng nate ngarang.

Suyati, Karangrêja.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---