Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 50, Rê Pn, 23 Bakdamulud Jimawal 1869, 22 Juni 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [765] ---

Ăngka 50, Rê Pn, 23 Bakdamulud Jimawal 1869, 22 Juni 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu.

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana nitih kreta miyos dhatêng rad kawula.

[Grafik]

Kala dintên Rêbo tanggal 15 kapêngkêr Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Jhr. Marang. W. L. Tjarda van Starkenborgh Stachouwer sampun ambikak parêpatan ing rad kawula. Ing sisih punika gambar dalêm (sisih kiwa) ingkang wicaksana nalika nitih kreta miyos dhatêng rad kawula kalihan Tuwan J.M. Kiveron Algemeene Secretaris.

--- 766 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 45.

Ing ngandhap punika nut gêndhig Ladrang Slamêt

Pola ăngka 1

Gd. Ladrang Slamêt, lr. sl. pt. nêm

[Notasi]

Pola ăngka 2

Gd. Ladrang Slamêt irama tamban dipun gerongi salisir.

[Notasi]

Upami gêndhing Ladrang Slamêt sampun sagêd, supados botên ambosêni, kangge lintunipun gêndhing Ladrang Slamêt, inggih punika gêndhing Puji Rahayu, dene nutipun kados ing ngandhap punika.

Pola 1

Gd. Puji Rahayu lr. sl. pt. nênêm.

[Notasi]

--- 767 ---

[Iklan]

Manawi dipun tambanakên, gerongipun botên beda kadosdene gerong gêndhing Ladrang Slamêt, gerongipun ugi salisir, sasampunipun gong kênong VIII, kados ing ngandhap punika.

Pola 2

[Notasi]

Bab Panabuhipun Kênong sarta Kêmpul.

Manawi kênong sarta kêmpulipun pêpak, kadosdene ingkang sampun kula têrangakên wontên ing bab găngsa, punika panabuhipun manawi kalêrês papan kênong utawi kêmpul, ugi miturut punapa dhawahipun wilahan.

Upami lêrês papan panabuhipun kênong kalêrês nut ăngka 2 punika ingkang dipun tabuh ugi kênong laras gulu (manis) panabuhipun kêmpul ugi makatên miturut wilahan dhawah nut ăngka 2, makatên salajêngipun. Badhe kasambêtan.

R. Ng. Pringgaardana.

--- [768-769] ---

[Grafik]

Rad Kawula ing Taun 1918–1938

Adêging rad kawula dumugining taun 1938 sampun jangkêp 20 taun, tumindak wilujêng. Ing nalika wiwit kabikak, warganipun wontên 38 kanthi pangarsa satunggal. Ing salajêngipun awarga 60, ingkang 38 kapilih, ingkang 22 katêtêpakên ing gupêrnur jendral.

Kala ing dintên Rêbo tanggal 15 wulan Juni 1938 kalêrês pambikakipun rad kawula. Ingkang kacêtha ing gambar agêng: nalika kangjêng tuwan ingkang wicaksana mêdhar sabda pambikaking parêpatan, jumênêng wontên ing têngah, mangagêm agêng. Sanès-sanèsipun ingkang lênggah ing pêngkêran dalêm, para pangagêng wadyabala lautan, dharatan tuwin para dhirèkuring dhepartêmèn.

Gambar bundêr: nalika kangjêng tuwan ingkang wicaksana rawuh, nitih kareta kalihan algêmèn sèkrêtaris, Tuwan Kiveron. Gambar sisih kiwa: Mr. J. Elshout, jendral mayor T. Bakker tuwin litnan kolonèl T. Tulp. Gambar nginggil têngên: pangagênging wadya dharatan Boestra wawansabda kalihan pangarsa rad kawula Mr. W. H. van Helsdingen. Gambar ngandhap sisih têngên: kangjêng tuwan ingkang wicaksana têtabikan kalihan para warga Rad Indhiya.

--- 770 ---

Susu Bleg-blegan

Karanganipun Dr. De Haas, dhoktêr lare tuwin mahaguru pamulangan luhur dhoktêr ing Batawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 49.

Susu kênthêl lêgi punika manawi dipun tingali pigunanipun, katingal ragi awis ing rêgi. Sasampunipun dipun cuwèrakên, susu sabagean, kalihan toya kawan bagean, kawontênanipun kintên-kintên sami kalihan momoran: susu 1/2, toya 1/2 tuwin gêndhis 8%.

Susu kênthêl lêgi wau ugi wontên saenipun, inggih punika ingkang dèrèng dipun wori toya, sanadyan sampun bikakan, kuwawi dipun rimat ngantos sawatawis dintên.

6. Susu lêgi ingkang sampun dipun pêndhêt sarinipun susu ("sweetened condensed skimmed milk" utawi "afgeroomde gesuikerde melk"). Susu punika ingkang kadamêl susu ingkang limrahipun sampun tanpa sari, mêndhêt saking sisaning susu ingkang kadamêl mêrtega, dipun kênthêlakên kalihan gêndhis kados caraning ngolah susu ingkang botên dipun pêndhêt sarinipun, ingkang kadamêl susu kênthêl lêgi, kados ingkang kapratelakakên nomêr 5 ing nginggil.

Susu ingkang sampun dipun pêndhêt sarinipun, tuwin botên mawi gêndhis, dèrèng wontên ingkang kasade wontên ing tanah ngriki.

Dados susu tulèn ingkang dipun kênthêlakên (nomêr 2), tuwin galêpung susu ingkang botên mawi gêndhis (nomêr 3), punika sasampunipun dipun cuwèrakên kanthi prayogi, punapadene susu gesteriliserd (nomêr 1) ingkang botên prêlu dipun cuwèrakên malih, punika manawi dipun tandhing kalihan susu pêrêsane enggal, kalêbêt susu bleg-blegan ingkang sae piyambak. Glêpung susu ingkang lêgi (nomêr 4), tuwin susu kênthêl lêgi (nomêr 5) ugi sae, nanging botên kados ingkang kapratelakakên ing ngajêng, namung tumrap susu lêgi ingkang sampun dipun pêndhêt sarinipun (nomêr 6), ingkang sami namung namanipun kemawon, sami susu.

Susu lêgi ingkang sampun dipun pêndhêt sarinipun wau, namung rêginipun ingkang mirah, amargi rêginipun ing dalêm saêblègipun langkung mirah tinimbang susu bleg-blegan sanèsipun. Nanging sajatosipun (manawi dipun tingali pigunanipun awêwaton têdha), kalêbêt susu bleg-blegan ingkang awis piyambak. Amargi sawarnining sari ingkang wontên salêbêting susu sampun dipun pêndhêt, tuwin gêndhis ingkang kangge momoran, kapetang dipun tumbas kanthi rêrêgèn awis, măngka tumrap tanah ngriki, rêrêgèn wau kapetang mèh tanpa rêgi.

Manawi susu lêgi ingkang sampun dipun pêndhêt sarinipun wau dipun ombèkakên ing lare sêsêpan ajêg tuwin ngantos dangu, lare wau tamtu sa-

[Iklan]

--- 771 ---

kit tuwin wuta punapadene tiwas. Mila tiyang sampun ngantos kapusan dening mirahing rêginipun wau, ngèngêtana bilih pinanggihipun malah langkung awis, namung kêtarik saking wujudipun sami kalihan susu kênthêl lêgi ingkang botên kapêndhêt sarinipun. Susu lêgi ingkang sampun tanpa sari babarpisan, sampun ngantos kaombèkakên dhatêng lare sêsêpan tuwin lare sanès-sanèsipun. Makatên ugi manawi dipun pigunakakên kangge kabêtahaning balegriya inggih tanpa guna, sami kemawon kalihan botên migunakakên susu wau.

Ing ngriki prêlu dipun èngêtakên kanthi wigatos, bilih susu ingkang kasade ing pundi ingkang sami caping pabrikipun (mèrêkipun), punika wontên warni-warni, kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Dados manawi badhe mundhut susu bleg-blegan, badhe kagêma punapa kemawon, sampun namung mitakèkakên caping pabrikipun kemawon, prayogi pitakèn: golonganing susu bleg-blegan wau (upaminipun kados ingkang kasêbut nomêr 2 utawi nomêr 4), kajawi tiyang ingkang sampun kulina tuwin ingkang rêmên ngangge satunggiling mèrêk tuwin bangsaning susunipun. Dados ingkang prêlu dipun wigatosakên punika bangsanipun.

Tiyang ngangge susu bleg-blegan punapa kemawon kangge lare sêsêpan, lêpat sangêt manawi botên nêdha pitêdah dhatêng dhoktêr rumiyin. Kajawi ta manawi manggèn wontên ing kitha alit, têbih dhoktêr, ngantos botên sagêd angsal pitêdah.

[Iklan]

Tumrap kabêtahaning balegriya, ingkang botên kêcêkap, prayogi ngagêma geevaporeerde volle melk (nomêr 2).

Manawi badhe ngangge susu, susu enggal utawi bleg-blegan, namung gumantung dhatêng kaparêngipun ingkang badhe ngagêm, tuwin gumantung saking arta punapadene papan panggenan. Nanging ingkang makatên punika, manawi badhe mundhut susu bleg-blegan, prêlu migatosna bangsanipun, sampun namung gumantung saking anggèning sênêng dhatêng capipun.

Pawartos saking Administrasi.

Lêngganan nomêr 4015 ing Jombang. Lêrês.

Langganan nomêr 3405 ing Bandhung. Lêrês.

Lêngganan nomêr 3641 ing Sêrpong. f 4.50 punika dumugi 1e kw. 1939.

--- 772 ---

Kawruh Sawatawis

Gugon tuhon.

Mijil

pra sarjana kêrêp asung peling | aywa gugon tuhon | cik bèn datan dadi pitunane | mring sok wonga kang padha nglakoni | bangkit angrêndhêti | karêp nêdya maju ||

duk ing nguni kongsi ing saiki | datan pêdhot-pêdhot | pra sarjana dènnya mêdharake | sinartanan bukti anyukupi | mrih sirna tumuli | gugon tuhon iku ||

kang kadyèku tarlèn kang ing nguni | murih karahayon | patrap iku mula wis bênêre | pra winasis tan kêndhat marsudi | bênêr apa sisip | gugon tuhon mau ||

coba ayo padha digagapi | basa gugon tuhon | saka gugu myang tuhu linggane | gugu ngandêl tuhu iku yêkti | gya rinimbag dadi | wisesana lugu ||

surasane ngandêl lan ngiyani | nadyan tanpa waton | gampang ngandêl apa saujare | saka ngandêl banjur ditêmêni | lire dilakoni | dadi gampang nurut ||

gampang gugu myang gampang nuhoni | aran gugon tuhon | anut grubyug ing ujaring akèh | tan pinikir bênêr apa sisip | măngka iku pikir | piranti kang prêlu ||

pikir iku dêdamare ati | tumrap sagung uwong | marma iya dhasar wis mêsthine | amarsudi uripe pamikir | kang supadya bangkit | wikan bênêr luput ||

kang wus bênêr yogya dilakoni | aywa kabêsturon | lamun sisip binudi bênêre | anggêgulang bênêre pamikir | lamun karèh pikir | iku kojur muput ||

kalamun wus bangkit mangrèh pikir | padhange sumorot | amadhangi ing sawêwêngkone | banjur gampang arsa ngawikani | ala apa bêcik | bênêr apa luput ||

balik lamun kita karèh pikir | pêpêtêng kang katon | anglimputi ing sakukubane | datan gampang arsa nyumurupi | ala apa bêcik | bênêr apa luput ||

adhakane suthik amêmikir | apa jare uwong | anggêr bae wis kaprah ing akèh | wus inganggêp bênêr kang sayêkti | mula dèn takoni | dadi anut grubyug ||

kalamăngsa iya banjur mosik | nuju karahayon | nanging kandhêg ana mosik bae | lire datan wani anglakoni | wêdi dèn arani | sungkan yèn cinatur ||

akarana andarbèni osik | datan kaprah uwong | marma nadyan wis bênêr osike | saka sungkan apadene wêdi | pilaur nglakoni | salah kaprah iku ||

kang sawênèh suthik ngasah pikir | dadi janma wangkot | datan sudi nganggo pituture | sapa bae kang tumuju bêcik | mung tansah ngêngkoki | dhèwèke tan luput ||

ing samêngko yogya ambalèni | nalar gugon tuhon | kang wus padha kinawruhan akèh | upamane ana prênjak muni | munggwing kanan panti | bakal ana dhayuh ||

wayah ratri ana kolik muni | kanthi mabur alon | yèn anjujur desa wahanane | desa kono ana janma lalis | yèn ngalang sung peling | ana wong laku dur || Badhe kasambêtan.

Ki Darmaprawira.

--- 773 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Utaminipun lare èstri nyambut damêl.

VIII

Garèng : Wis, Truk, rêmbugane têka banjur talencengan saparan-paran mêngkono, saiki padha ambalèni rêmbuge ing ngarêp bae manèh. Kowe nêtêpake: wong wadon kuwi adhêdhasar dhêmên mulasara lan dhêmên ngurbanake awake minăngka kanggo kaprêluwane anak bojone.

Petruk : Luwih bêcik saupama kok kandhakake, wong wadon adhêdhasar dhêmên mulasara lan dhêmên ngurbanake awake minăngka kanggo kaslamêtane anak bojone. Mara, apa iki dudu dhêdhasar watak kang luhur bangêt.

Garèng : Iya pancèn nyata luhur bangêt, Truk. Mung bae ing kono kowe banjur sajak angrèmèhake, ora-orane iya, ora ngrêgani nyang labuhe wong lanang minăngka kanggo kaslamêtane anak bojone. Kaya ta: wong lanang kêtêkuk ringkêl, paribasane sikil digawe sirah, sirah digawe sikil, anggone golèk pangupajiwa minăngka kanggo kaslamêtane anak bojone, iki apa kok pringake bae, kok anggêp dudu barang-barang.

Petruk : Wèh, kok banjur ambalik grumbyang, ujug-ujug kang Garèng ngrewangi wong lanang. Cara jaman sing uwis-uwis, kang Garèng, sanadyan saiki kudune iya isih mêngkono, wong lanang kuwi anggêre gêlêm rabi, iya wani nanggung kaslamêtane batihe, têgêse: batihe mau aja nganti ora mangan, aja nganti ora duwe panggonan turu, aja nganti kêna ing lêlara, lan sapadhane. Bisane sing mangkono kuwi wong lanang iya kudu golèk dhuwit, sing kanggo makani, kanggo nyewakake omah, kanggo ambayari dhoktêr yèn batihe salah siji ana sing lara, mêngkono sapiturute. Supayane bisa olèh dhuwit sing kanggo mragadi kabèh mau, wong lanang iya kudu gêlêm nyambut gawe sakuwate, dadi wong lanang kêtêkuk ringkêl nyambut gawe, kuwi wis mêsthine kang Garèng, awit wis duwe tanggungan batih mau. Nanging ing sarèhne wong lanang kuwi nyambut gawe, mêsthine iya arang ana ing ngomah, mulane kaanane ing sajêrone omah iya banjur dipasrahake nyang garwane, yaiku: sigaring nyawane. Tujune, ta, tujune, kang Garèng, wong wadon kuwi saka krêsaning Pangeran ditakdirake anduwèni dhêdhasar: dhêmên mulasara lan dhêmên ngurbanake awake, saupama oraa, kaanane ing sajrone omah kono, sida kalakon: hêrêmuk.

--- 774 ---

Garèng : Ora mêsthi, Truk, sabab aku duwe têpungan, moprone dadi guru, dadi ora tau ana ing ngomah, mênir dadi komis, iya ora tau ènèng ngomah, ewasamono anake loro mêksa kopèn.

[Grafik]

Petruk : Ora maido, kang Garèng, sabab bisa bayar babu, kang kêna diprêcaya ngêmong anake mau. Saiki mula iya akèh wong tuwa sing manggulawênthahe anake kuwi mung: cul, dipasrahake karo babu bae, malah ana bae wong wadon sing êmoh nusoni anake, sanadyan ora barang-biring, nanging anake banjur didhot bae. Nanging iki sabênêre wis kêna diarani nyêbal wèting alam têmênan. Nèk miturut woting alam, wong wadon kudu mulasara, ngopèi, anggulawênthah anake dhewe. Mara, dêlêngên, kang Garèng, wong wadon anggone ngopèni anake, nyirik mangan iki mangan ika, sabab kuwatir yèn susune ora bêcik kanggo anake sing lagi disusoni. Lagi kêpenak-kêpenake turu anake cêngèk, sêthithik bae, iya banjur gregah tangi: thak-thik, thak-thik, isut-isut, opyok-opyok...

Garèng : Kok nganggo thak-thik, isut-isut, opyok-opyok barang, kuwi apa bae, Truk.

Petruk : Hla, iki sawijining tăndha yêkti, yèn kowe kuwi ora mrêduli saupit-upita marang pangopèning anakmu, nanging mung nglêkêtêr turu bae, kabèh-kabèh mung kok pasrahake nyang bakyu bae. Kuwi mèh umum, kang Garèng, sabên wong lanang iya kaya ngono kuwi, luwih-luwih nèk anake lara, wah, wong wadon anggone jêmpalitan, prasaksat moh turu, moh mangan, moh apa-apa, kajaba mung ngudi murih anake sing lara enggala bisa mari. Lo, iya sing kaya ngene iki, sing tak unèkake wong wadon ngurbanake awake minăngka kanggo kaslamêtane anake. Anggone ngurbanake awake mau kanthi sênênging ati, kang Garèng, ora pisan-pisan anduwèni angrêsula, utawa mêngkêling ati, mêngkono uga anggone ngupakara lan mulasara anake, sanadyan rêkasane sasayahira kae, ewasamono anggone nindakake iya kanthi sênênging ati têmênan. Mulane ora kêna dipaido, yèn banjur dikandhakake: wong wadon dilairake ana ing donya kuwi kêdunungan dhêdhasar: dhêmên mulasara lan dhêmên ngurbanake awake.

Garèng : Wah, kok iya mèmpêr, dhing Truk, nèk wong lanang pancèn iya ora duwe dhêdhasar sing kaya ngono kuwi, aku kok banjur

--- 775 ---

kèlingan lêlakone têtêpunganaku, Mas Mantri Arja kae. Anake lara, mas mantri mau jêbul lagi…main, ing wanci jam rolas bêngi bojone kongkonan uwong dikon ngabari sing lanang, yèn larane anake bangêt, kuwi wangsulane mas mantri: iya, iya, mêngko sadhela aku mulih, nèk lotre iki wis putus. Barêng jam siji dikabari anake mati, iya bênêr mangsuli nganggo muni: inalilahi... ngono kae, nanging nganggo disambungi: mêngko sik, nèk cêkiku sanga bang kiyi wis mêtu.

Petruk : Dadi rak iya wis cêtha, ta, kang Garèng, rak mung wong wadon sing kadunungan dhêdhasar watak sing luhur, yaiku: dhêmên mulasara lan dhêmên ngurbanake awake mau. Ing sarèhne wong wadon kuwi mangkono sing dadi dhêdhasare watake, mulane aku cocog bangêt karo pangandikane Nyonyah Markisin Markoni, yaiku sawijining wanita darah luhur ing Itali, tilas garwane swargi Tuwan Markoni, sawijining ahli tèhnik kang wis kasuwur ing saindênging jagad.

Garèng : Mêngko sik, Truk, mêngko sik, Nyonyah Markoni mau kok kandhakake yèn wanita darah luhur băngsa Itali, dadi wanita băngsa Eropah, ta, panggonane kamajuaning wanita kang wis lêpas bangêt, wah, kêpriye, Truk, mungguh pangandikane putri kiyi. Kok kêpengin krungu aku, mêsthine iya ngunèk-unèkake tindake wong lanang, sawiyah-sawiyah, sawênang-sawênang…

Petruk : Ora babarpisan, kang Garèng. Mungguh pangandikane nyonyah mau mangkene: Kang dadi gêgayuhane wanita sing luhur dhewe kuwi ora ana kang ngungkuli kajaba enggala duwe laki. Para wanita duwe gêgayuhan, supaya apa-apane bisa dipadhakake karo kaum priya, iki iya bêcik, nanging jamane… 25 taun kang wus kapungkur. Nanging tumrape jaman saiki gêgayuhan sing mangkono kuwi wis wayu. Mungguh sanyatane tumrape băngsa wanita, sanadyana duwe pangkat kang luhur lan bêcik, mêksa ora bakal lêga lan sênêng atine yèn durung duwe laki. Salawase isih ênom, bisa uga yèn atine mula sênêng lan gêmbira, nanging ing besuk yèn wis tuwa, ing kono lagi ngrasa susahe wong wadon sing ora laki, nanging kudu urip dhewe êmple kuwi.

Garèng : Kuwi pangandikane Nyonyah Markoni, nyonyah băngsa Eropah, sing kamajuane para wanita diunèkake wis dhuwur bangêt kuwi. We, hla, cilaka ane, Truk, dadi nèk mêngkono, para wanita bangsane dhewe, sing saiki padha bêngok-bêngok anjaluk apa-apane dipadhakake wong lanang, ora diunèkake wanita maju, nanging malah wis kèri salawe taun.

Pawartos saking Rêdhaksi.

K. 2010 ing Rêmbang. Gambar kados makatên punika sampun kêrêp kapacak ing Kajawèn.

K. 2958 ing Kêpanjèn. Pangintên panjênêngan ingkang makatên punika kêgolong kêlêbêtên. Sampun manggalih ingkang botên-botên.

--- 776 ---

Kawontênan Sajawining Praja

Daya ingkang malêbêt dhatêng Tiongkok.

Pasulayanipun Tiongkok kalihan Jêpan tansah nuwuhakên kasujananipun ingkang sami ngawaki. Tumrap Tiongkok, namung botên pitados dhatêng tindakipun Jêpan anggèning ngambah wontên ing laladan Tiongkok, ing pangintên tamtu wontên daya sanès ingkang tumut ngêmori. Makatên ugi Jêpan, babar pisan botên pitados dhatêng Tiongkok, mokal saupami botêna kêlêbêtan ing daya liyan. Ingkang makatên punika pancèn inggih wontên nyatanipun. Miturut wartos ing sapunika Jêpan rumaos kalêbêt ing gêlar babagan paprangan, mênggah wosipun ing sapunika Prancis badhe nyambuti arta dhatêng Tiongkok, kanthi tandha-tandha anyumêrêpi gêlat-gêliting lampah ingkang katindakakên dening utusan Prancis. Nanging sadaya wau tumrap pandakwanipun Jêpan, kenging dipun wastani sawêg pangintên, awit manawi saking katranganipun utusan Prancis, dhatêngipun ing Tiongkok punika botên babagan prakawis makatên.

[Grafik]

Mênggahing sambung-rapêtipun, pandakwanipun Jêpan wau kacocogakên kalihan anggêring Dr. Sun Fo ingkang sapunika nuju wontên Paris. Malah inggih lajêng wontên pandakwa malih bilih Dr. Sun Fo wau saking Ruslan, dados katingal manawi nalar-nalaripun mèmpêr, awit Prancis kalihan Ruslan punika kenging dipun wastani sampun saraos gêsangipun. Malah lajêng wontên wartos bilih Ruslan badhe ngintuni motor mabur 400 dhatêng Tiongkok, pirantos ambujêng tuwin 400 pirantos andhawahi bom, auto dêdamêl mriyêm tuwin sanès-sanèsipun. Mila kêncêng anggèning andakwa bilih Tiongkok kalêbêtan ing daya sanès. Saha lajêng wontên wartos bilih anggèning Tiongkok nyambut arta punika pêrlu kangge waragad damêl margi sêpur saking Kuci dhatêng Tiongkok sisih wetan.

Tumrap raos pandakwa punika kados inggih botên têbih nyatanipun, awit tumrapipun ingkang sami pasulayan tamtu langkung mindêng pamawasipun. Ing sapunika dipun wartosakên Dr. Sun Fo wontên ing Prancis pêpanggihan kalihan wakil Tiongkok ing prancis, Dr. Koo, saha sampun mupakatan kalihan bank-bank, ingkang badhe nyukani sambutan dhatêng Tiongkok, rêmbagipun ingriku sampun dipun mupakati dening ministêr babagan sajawining praja Prancis.

Sayêktosipun tumrap Prancis, anggènipun purun tumindak makatên wau saking melik anggèning badhe anggadhahi daya wontên ing laladan Yunnan ing bab babagan economie, tamtunipun kamelikan wau inggih kêdah mawi gêntos asuka kamelikan dhatêng ingkang nyukani, inggih punika badhe nyambuti arta, ambiyantu militèr, têtiyang ahli tuwin dêdamêl. Dene lêbêting dêdamêl badhe kawêdalakên saking tanah Kuci mêdal sêpur ingkang badhe dipun wontênakên. Ciang Kai Sek sampun ngintunakên wêwakilipun dhatêng Hanoi, laladan Kuci.

Dados anggèning Jêpan gadhah manah mangkêl dhatêng Tiongkok punika inggih botên lêpat, awit pangrancangipun Jêpan dhatêng tumindaking paprangan sampun kênthêng-kênthêng sagêd nyêlaki Hankow, wusana pinanggih dipun biyantu dening Prancis. Nanging Jêpan botên kirang jêmbar pamawasipun, lajêng gadhah sêdya badhe ngrêbat pulo Hainan, ingkang pêrnahing pulo wau cêlak kalihan Tongkin, cêlak kalihan kithanipun tanah Kuci. Dados sampun botên anèh bilih paprangan punika badhe tumular dhatêng tanah Kuci. Malah wontên wartos bilih pulo Hainan kêlampahan sampun dipun bom Jêpan. Sayêktosipun ingajêng Jêpan inggih sampun katingal ngambahakên kapalipun pêrang wontên laladan ngriku, nanging lajêng dipun èngêtakên

--- 777 ---

Prancis. Dados sadaya wau sajatosipun sampun sami anggadhahi wiji, ing sapunika katingal thukulipun.

Anggèning Prancis lajêng purun cawe-cawe dhatêng kawontênanipun Tiongkok, punika saking ngrumaosi bilih tatananipun praja sampun pinanggih prayogi, sadaya sampun sagêd gêlêng saekapraya.

Bab biyantu saking sanès nagari, punika botên namung pinanggih wontên Prancis kemawon, ugi wontên wartos bilih Tiongkok inggih badhe angsal sambutan saking Inggris 10 pondsterling. Malah ing sêmu, ing bab raos pamurina dhatêng kasangsaring[1] tiyang ingkang botên dosa sami dipun dhawahi bom, punika botên namung tumuju dhatêng Jêpan tuwin Spanyol kemawon, ugi ngèngingi dhatêng Anerika, ingkang nglêbêti motor mabur sapanunggilanipun, mila Inggris lajêng suka pêpèngêt dhatêng pabrik ing Amerika sampun ngantos nyukani dêdamêl malih dhatêng Jêpan.

Ing wêkdal punika tumrapipun Tiongkok pancèn sawêg tansah kataman ing sabab, nanging sabab ingkang tuwuh wau ugi wontên raosipun dados panyêgah ajênging wadya Jêpan anggèning ngangsêg dhatêng Tiongkok, inggih punika pinanggih wontên bênanipun lèpèn Kuning, ingkang dumunung wontên ing antawising Cengcow kalihan Kaifeng. Salajêngipun lubèring toya wau narajang dhatêng laladan ingkang jêmbaripun ngantos 50 km. Anggèning laladan Honan kalêbêtan toya, punika botên sande badhe lumèbèr dumugi laladan Anhwei. Dene sababing bêna ingkang ngantos samantên agêngipun wau jalaran saking jêboling tanggul. Mila ing bab punika lajêng nuwuhakên dakwa-dinakwanipun Tiongkok kalihan Jêpan, amstani[2] bêdhahing tanggul wau saking pandamêlipun salah satunggal. Nangiing[3] ugi wontên èmpêripun bilih bêdhahipun wau saking pandamêlipun Tiongkok, pêrlu kangge nyêgah ajênging wadya Jêpan. Dene pinanggihipun pancèn nyata, ing sapunika wadya Jêpan sampun kêpisah dening kêtrajang toya ingkang têbihipun 50 km, tuwin wadya Jêpan ing Lunhai kêpêksa mundur mangetan, wosipun lajêng damêl kandhêging lampahipun Jêpan. Nanging Jêpan lajêng ngingêr anggèning nêmpuh sarana lampah sanès, malah panêmpuhipun cawang-cawang, inggih punika saking saêlèr lèpèn Langce tuwin saking papan sanès sisih lèr. Nanging ngantos sapriki wadya Jêpan dèrèng sagêd minggah dhatêng sabrangan sisih kidul.

Pabarisan Tiongkok mapan wontên sauruting papan ingkang kakintên nyamari, mapanipun wiwit saking Centhow dumugi Hwanyang tuwin Hofei dumugi Wuhu. Lêt 120 km malih dipun wontênakên baris ingkang langkung santosa. Cêkakipun sawarnining panêmpuhipun Jêpan saking pundi kemawon sampun badhe dipun tanggulangi, punapa saking lautan, saking dharatan, tuwin saking gêgana. Dene paprentahan Tiongkok badhe kapindhah dhatêng Yunnan.

Kawontênan ing Iskandarun.

Ingkang pinanggih ing sapunika, ing Paris sagêd tuwuh rêmbagipun têtiyang Prancis tuwin têtiyang Turki ing bab kawontênan ing Iskandarun. Miturut wartos tumrap ing golongan Syria ugi dipun jak rêmbagan. Mênggah wigatosipun badhe dipun jak damêl prajanjian tigan. Ing bab punika tumrap golongan Syrie botên kawratan aminangkani janji kawigatosipun Syrie botên kêdhêsêk.

[Grafik]

Sayêktosipun kala ing dintên Sênèn salêbêtipun minggu kêpêngkêr tumrap kawontênanipun ing Sanjak sampun têntrêm, nanging lajêng wontên tiyang Turki ing Antiochia dipun sanjata ngantos tiwas. Ing sanalika ngriku lajêng kawontênakên pajagèn saradhadhu Prancis. Pangajêng bangsa Arab nama Zeki Arzouzi tuwin kanca-kancanipun sami dipun cêpêngi. Ingriku lajêng wontên golonganing têtiyang Arab ingkang ngawontênakên arak-arakan ingkang ngatingalakên anggèning botên narimah. Malah ugi wontên golongan èstri ingkang tumut gadhah tindak makatên.

Ing sapunika tumrap Iskandarun sampun dipun rancang badhe kaêdêgan gupêrnur bangsa Prancis. Dene pangkat ingkang inggil-inggil anêtêpakên bangsa Turki.

Spanyol.

Miturut wartos, ing sapunika wadyanipun Franco sampun sagêd ngrêbat Castellon saha ngangsêg dhatêng Valencia.

--- 778 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Tatanan liburan pamulangan ing Jawi Wetan. Ing wêkdal punika Departement Pangajaran sawêg manggalih ing bab tatananing liburan tumrap pamulangan-pamulangan ing Jawi Wetan, amargi kawontênanipun botên cocog kalihan kawontênaning hawa ingriku. Tatanan punika kaangkah tumindak wiwit taun pangajaran wêkdal punika.

Botên kaparêngakên manggèn ing tanah ngriki. Raad van Justitie ing Surabaya mêntas ngrampungi prakawisipun Tuwan Rich A. Coeverden, redacteur-uigever Surabaya Post, prakawis persdelict, kaukum 2 wulan, saha salajêngipun botên kenging manggèn ing tanah ngriki.

Raad van Indie. Kawartosakên, vice President Raad van Indie, Tuwan van de Bussche badhe taksih têtêp dumugining wêkasanipun taun 1939.

Warga Raad Kawula enggal. Salowongipun tilas kalênggahanipun warga Raad Kawula Mr. P.N. Jansen, ingkang anggêntosi Tuwan J.J. ten Have, administrateur pasitèn ing sakidul Tasikmalaya.

Rancangan badhe lampahing motor mabur K.N.I.L.M. saking tanah ngriki dhatêng Australie. Miturut rancangan, lampahing motor mabur K.N.I.L.M saking tanah ngriki dhatêng Australie, katêtêpakên saminggu kaping kalih, kawiwitan wontên ing tanggal 3 Juli ngajêng punika, sabên dintên ngahad tuwin Kêmis. Bidhal saking Bêtawi jam 1 siyang dumugi Surabaya jam 3.50 siyang, dumugi Denpasar jam 4.30. Dintênipun Sênèn bidhal saking Denpasar jam 4.30 enjing, dumugi kupang jam 7.55, dumugi Darwin jan 12.35, dumugi Cloncurry jam 6.05. Dintênipun Slasa bidhal saking Cloncurry jam 6 enjing, dumugi Longreach jam 7.30, dumugi Brisbane jam 11.10 saha dumugi Sydney jam 2 siyang. Dintênipun Ngahad wangsul dhatêng tanah ngriki dumugi Bêtawi ing dintên Sênèn jam 4.35 sontên.

Bab arta fonds salawe yuta. Wontên wartos manawi arta fonds salawe yuta saking nagari Walandi dèrèng têlas dumugining wêkasanipun taun 1939, tirahanipun badhe kapundhut wangsul. Ing bab punika para directeur Departement lajêng nindakakên rêrigên ngrancang tumanjaning arta wau. Dene ing sapunika arta wau taksih kathah.

Anyaèni sêpur kilat dalu. Pinanggihipun ing sapunika tumindaking lampah spêur kilat dalu saya majêng, asring ngantos kêkirangan panggenan. Ingkang makatên wau pakaryan sêpur badhe ngawontênakên gêrbon tuwin grêbong restauratie enggal ingkang agêngipun langkung saking ukuran kados ingkang samantên, wiyaripun 3 m, panjangipun 20 m. Jalaran wontêning sêpur enggal wau, badhe angewahi papan sawatawis, pêrlu kangge nyêkapakên indhaking wiyaripun grêbong enggal wau, indhaking papan wontên 10 dm.

Bab badhe adêging Literaire Faculteit. Ingajêng sampun wontên wartos ing bab badhe adêging Literaire Faculteit, inggih punika Pamulangan Luhur babagan Kasusastran. Nanging bab wau jalaran saking dèrèng sagêd nglêbêtakên rantaman wontên ing taun 1939, sêdya wau kasandèkakên. Nanging sagêd ugi badhe dipun adani wontên ing taun 1940.

Kaparêngakên wangsul saking Digul. Miturut kêkancingan saking gupêrmèn, amarêngakên wangsuling têtiyang ingkang kasingkirakên wontên ing Digul dhatêng nagari wutah rahipun utawi dhatêng panggenan ingkang dipun kajêngakên.

Pabrik gêlas I.M.I.W. Sampun nate kawartosakên pabrik gêlas I.M.I.W. ing Padang dipun tutup, ing salajêngipun I.M.I.W. gadhah sêdya badhe ngêdêgakên ing Bandung. Nanging jalaran wontên pambênganipun, inggih kasandèkakên malih. Ing salajêngipun wontên sêdya badhe dipun êdêgakên ing Sêmarang. Ing sadèrèngipun têtêp pabrik wau badhe dipun tindakakên dening bangsa Tionghwa, amargi I.M.I.W. dèrèng gadhah punggawa bangsa Eropa ingkang mangêrtos yêktos ing bab padamêlan punika.

[Iklan]

Inggah-inggahan. Kawrat kêkancingan saking Gupêrnur Jawe Wetan, R. Abdulkadir ugi nama Sosromijoyo, tijd. wd. Wêdana Sumbêrwaru, Kabupatèn Panarukan, Paresidhenan Madura, têtêp dados wêdana ingriku. R.M. Mustejo, tijd, wd. wêdana ing Maospati, Kabupatèn Magêtan, Paresidhenan Madiun, têtêp dados wêdana ingriku. Mohamad Anwar, ugi nama Radèn Panji Amijoyo, tijd. wd. wêdana ing Bangkalan, Kabupatèn Bangkalan, Paresidhenan Madura, têtêp dados wêdana ingriku. M. Ngabèi Sudibyo, tijd. wd. wêdana ing Kêdiri kabupatèn tuwin Paresidhenan Kêdiri, têtêp dados wêdana ingriku.

Nanggulangi sêsakit malaria. Kawartosakên Dr. J.G. Overhoek tuwin Dr. W.J. Stokre, sami dhoktêr ingkang kajibah nanggulangi sêsakit malaria, sampun bidhal saking Bêtawi dhatêng laladan Jawi Kilèn pasisir lèr, pêrlu nitipriksa kawontênaning sêsakit malaria ing ngriku.

Têtiyang boyongan ingkang bidhal dhatêng tanah sabrang. Kapal Rooseboom sampun bidhal ambêkta têtiyang boyongan dhatêng Blitang, Paresidhenan Palembang cacah 325. Ing salêbêtipun wulan punika K.P.M. nyadhiyani kapal 5, badhe ambêkta tiyang ingkang gunggungipun 1800. Tumrap têtiyang boyongan ingkang dhatêng Selebes sampun wontên 6000. ing wulan Augustus ngajêng punika kintên-kintên kathah ingkang bidhal dhatêng Borneo.

Dayaning tindak panyêgah sêsakir pest. Miturut katrangan, sarêng wontên tindak panyêgah sêsakit pest, wohipun pinanggih saya suda, ing taun 1934 wontênipun têtiyang ingkang tiwas 7500, ing taun 1935 wontên 4000, taun 1936 1975 saha ing taun 1937 wontên 1000. mirid kawontênan ingkang kados makatên punika katingal sangêt sudanipun.

A.M.S. afd. A.I. ing Ngayogya. Lulus saking A.M.S., afd. A.I. ing Ngayogya, R. Gajali, M. Harmadi, M. Hudara. R.L. Natakusumah, R.R. Puji, R.A. Surat Hadarsinah, R. Muhammad Surono, Sardono, Sutadi, Suwandi, R. Haswidi Iskandar, M. Lukman Ronodipuro, Muchtar, R. Sutadi, R. Sujalina, Suyono, M. Suleiman, M. Sumardono, R. Sumaryo, Suyoto.

--- 779 ---

Eindexamen P.H.S. Lulus examen wêkasan ing P.H.S. ing Bêtawi, Thio Lam Khiuk, èstri, Cung Tin Yan tuwin Zubaidah, èstri.

Sanatorium ing Pakêm. Adêging Sanatorium ing Pakêm, Ngayogya punika angsal pambiyantu saking parentah, cêkap kangge tiyang 80. Bayaranipun mirah sangêt, namung 15 dumugi 35 sèn, dados salugu kangge mitulungi rakyat. Ingriku mawi dipun dèkèki radio punapadene gambar idhup.

Mriksa babagan têdha ing Ambon. Awit saking kaparêngipun parentah badhe miji Ir. Kufud kadhawuhan dhatêng Ambon, pêrlu mriksa kawontênaning têdhanipun têtiyang siti ingriku. Dene ingkang langkung wigatos badhe mriksa ing bab dayaning sagu kangge têdha.

Ambêdhah susukan enggal. Panjênêngan Sultan ing Sêrdang sampun kêlampahan ambêdhah susukan enggal ingkang dipun adani dening Locale Waterstaat. Ingriku wontên pasitèn rawa 2000 ha ingkang lajêng kenging dipun upakara saha dados pasitèn ingkang loh. Nalika ambêdhah wau mawi paargyan, dipun jênêngi ing residhèn tuwin sanès-sanèsipun.

Baya nêdha tiyang. Ing Pasisir kidul Malang mêntas wontên tiyang dipun têdha ing baya. Salajêngipun baya dipun padosi, sagêd kêcêpêng. Sarêng wêtênging baya dipun bêdhèl taksih pinanggih peranganing badanipun tiyang ingkang katêdha.

Kaparêngakên botên ambayar prabeya pragatan. Miturut wartos, panyuwunipun pangrèh agêng Muhammadiyah supados pamragat rajakaya ingkang kangge pêrlu kurban supados botên kakengingakên beya, kaparêngakên. Nanging tumindaking pamragat wau kêdah wontên sêratipun pangrèh praja tuwin wontên priyantun pangrèh praja ingkang anênggani.

Karisakan sabin ing tanah wetan. Miturut palapuran, kawontênaning pasabinan ing Jawi Wetan ingkang karisakan ingkang jalaran kêbênan, ing bawah Mojokêrto wontên 900 bau, Kêdiri wontên 1951 bau, ing Malang wontên 401 bau. Dene ingkang katrajang ama, tumrap Kêdiri wontên 8700 bau.

Jaka Kêndhil. Ing dhusun Tapèn, Magêtan, wontên tiyang gadhah anak anèh, wujuding lare ambaluju kados kêndhil. Awit saking mupakating tiyang kathah, lare wau dipun namakakên Jaka Kêndhil.

Examen H.I.K. ingkang kawontênakên ing Bandung. Lulus pandadara[4] wêkasan ing H.I.K. ing Bandung, Abd. Harris, Nasution, Moh. Maksud Heru Cahaya, Nyo Cai Nio (corry), Bie Lian Nio Oei, Oei Tiang Nio, Ong Kim Nio tuwin M. Gêndari Gondowiyoto.

Anjênêngi pèngêtan jumênêngan nata. Panjênêngan Sultan ing Dèli sampun bidhal dhatêng nagari Walandi, pêrlu badhe anjênêngi paargyan jumênêngan nata sampun 40 taun. Dene Panjênêngan Sultan ing Langkat bidhalipun wontên ing tanggal 16 Juli ngajêng punika.

Ing bab ingkang badhe ngrisak kapal Surabaya. Ingajêng sampun kawartosakên, ing bab badhe tindak ngrisak kapal Surabaya sampun manggih tiyang ingkang kadakwa gadhah tindak makatên wau. Ing sapunika angsal katrangan malih, wontên punggawa bangsa Eropa 5 sami kacêpêng.

Tiwas salêbêtipun ambelani prakawis. Mr. H.J. Haspers, ingkang nuju mêdhar sabda ambelani prakawis wontên sangajênging pangadilan Landraad ing Surabaya, lajêng dhawah, ing salajêngipun kabêkta dhatêng C.B.Z. saha botên dangu tilar donya.

Sababing anjêblosipun pabrik long. Sampun kawartosakên ing Kudus mêntas wontên pabrik long anjêblos, lajêng dados papriksan punapa ingkang andadosakên sababipun. Ing samangke sampun wontên katrangan, jalaraning kasangsaran wau saking sêmbrananipun tiyang ingkang kajibah ing damêl, ngrimat obat 10 kilo wontên ing kamar ingkang sanès mêsthinipun. Tiyang ingkang kadakwa sampun angakêni kalêpatanipun.

Ariwarti ing Kêdiri. Wontên wartos ing Kêdiri wontên ingkang badhe ngêdalakên ariwarti nama "Post Cahya Bulan". Ingkang nyêpêng karedhaksèn Tuwan-tuwan Ciuk Tik Lien (Hoofd redacteur) A.S. Pringgosiwoyo (plaatsverv. H.R.) tuwin Tuwan Zain Affandi (Redacteur).

[Iklan]

Ambikak papan pasarêman. Ing Sumênêp mêntas kawontênakên pambikakan papan pasarenan, kathah sangêt tiyang ingkang sami dhatêng ingriku. Nyonyah Residhèn Tijdeman ingkang murwani ambikak lampahing mêsin lestrik.

NAGARI WALANDI.

Stadhuis enggal. B. en W. Ing Den Haag gadhah panyuwun dhatêng parentah kaparêngna ngêdêgakên Stadhuis enggal ingkang karancang dening Luthman ing Alexanderveld. Rantamaning waragad f 8.100.000.-. Kaangkah sagêda rampung wontên ing taun 1944.

EROPA.

Pakêmpalaning para Student dipun bibarakên. Sawarnining Pakêmpalaning para Student ing golongan Katholiek ing Weenen sami dipun bibarakên kanthi dhawuh saking praja. Arta pakêmpalan dipun bêskup.

Têtiyang Yahudi ingkang sampun sumingkir saking Jerman. Miturut wartos, wontênipun têtiyang bangsa Yahudi ingkang sampun sumingkir saking Jerman wiwit wulan April taun 1933 dumugi 31 Maart 1936, kirang-langkung sampun wontên 100.000.

AMERIKA.

Kasangsaran motor mabur. Satunggiling motor mabur pirantos ambucal bom ing golongan wadya Amerika ingkang agêng, nalika anggêgana, sadumugining Delavan katêmpuh ing angin agêng. Ingriku motor mabur lajêng dhawah. Ing salêbêting motor mabur wontên tiyang 8 sami tiwas sadaya.

Mitulungi têtiyang angguran. Awit saking kêparêngipun Parentah Amerika Sarekat badhe ngêdalakên arta kathahipun 3753 yuta dollar, pêrlu kangge mitulungi têtiyang angguran.

ASIA.

Bêna agêng ing Tiongkok. Miturut wartos ingkang katampèn ing tanggal 15 wulan punika, lèpèn Kuning lubèr toyanipun, ngêlêbi margi sêpur Loenghai, têrus ambèr ngidul ngetan, lampahing toya lajêng ngantos dumugi margi sêpur ing Pinghan. Kitha-kitha laladan Kaifeng sami kêlêban toya, adamêl munduring wadya Jêpan ingkang wontên ingriku. Pasitèn ingkang jêmbaripun 500 km pasagi kêlêban toya ingkang lêbêtipun 4 m. Wontên tiyang 150.000 sami tiwas jalaran kêblabak.

--- 780 ---

Wêwaosan

I. Lampahanipun Sadka.

85

Ing kitha Nopgorod wontên lare jalêr neneman nama: Sadka. Sadka punika lare mlarad, botên gadhah punapa-punapa kajawi namung clêmpung. Nanging piyambakipun pintêr sangêt panylêmpungipun, kajawi punika suwaranipun inggih êmpuk lan sakeca, tuwin baud têtêmbangan nyariyosakên cariyos-cariyos kina. Manawi wontên salah satunggaling tiyang sugih ing kitha Nopgorod ngriku ngawontênakên pahargyan utawi gadhah damêl punapa kemawon, Sadka têmtu kaundang kapurih cêclêmpungan tuwin têtêmbangan minăngka kangge angramèkakên pahargyan wau. Ing salajêngipun ingkang dados panggêsanganipun Sadka punika botên sanès inggih saking anggènipun cêclêmpungan tuwin angrumpaka wau. Nanging danguning-dangu, sanadyan panggêsanganipun Sadka wontên ing ngriku kenging dipun wastani sampun sagêd anyêkapi, lajêng rumaos botên bêtah, dene tansah kêdah angladosi têtiyang ingkang damêlipun namung sênêng-sênêng tuwin ngumbar hawa napsunipun kemawon, amila ing satunggilling dintên, Sadka ambêkta clêmpungipun, nilar kitha Nopgorod nêdya alêlana anjajah praja. Sarêng wanci sontên lampahipun wau dumugi ing sapinggiripun talaga: Ilmên, jalaran saking sayahipun, Sadka lajêng linggih wontên ing sela, ningali biruning toya tlaga ingkang kimplah-kimplah tuwin nyawang dhatêng wana bing[5] ngrikanipun tlaga ingkang ing kala punika katingal pêtêng. Ing ngriku piyambakipun lajêng nyandhak calêmpungipun, kagrambyang sakêdhap saha lajêng kaungêlakên tuwin angrumpaka. Suwaranipun angumandhang ing talaga tuwin wana, rêrumpakanipun sakalangkung amêlas asih, sintên ingkang mirêng tamtu badhe kapranan manahipun dening suwara ingkang angalangut wau. Sanadyan ing sakawit Sadka rumaos nandhang sungkawa dene nilar praja namung piyambakan tanpa wontên kanthinipun, nanging jalaran saking anggènipun tansah cêclêmpungan tuwin têtêmbangan wau, ing wusana manahipun lajêng gumbira tuwin sênêng malih kados ing suwaunipun.

Toyaning talaga ingkang sakawit namung kimplah-kimplah kemawon, dangu-dangu lajêng wontên ombakipun ingkang saya dangu saya mindhak agêng, lan salajêngipun toyanipun nuntên ngantos minggah ing dharatan. Dene ing têngahipun talaga, agênging ombakipun ngantos sarêdi-rêdi, lan sinawang saking panggenanipun Sadka linggih wau, ngantos kadosdene sundhul ing ngawiyat amor kalihan mega. Ningali kawontênan ingkang makatên punika, Sadka sakalangkung gumun manahipun, ingkang salajêngipun rumaos ajrih sarta kuwatos, kadosdene tiyang ingkang angsal sasmita bilih badhe wontên bêbaya ingkang andhatêngi. Ing kala punika saking ajrihipun, Sadka nêdya lumajêng wangsul dhatêng kitha Nopgorod malih, nanging dumadakan saking ing têngah-têngahing talaga jumêdhul wontên wêwujudan ingkang mangangge makutha, inggih punika ratu ing talaga ngriku, ingkang ujug-ujug kalair têmbungipun makatên:

E, wirasuwara, bangêt ing panarimaningsun, dene sira wis agawe sênênging panggalih ingsun sarta para kawulaningsun kabèh kang padha dêdunung ana ing dhasaring talaga iki. Ing wêktu iki ing kadhaton ingsun kabênêran lagi ana pahargyan gêdhe, kang dijênêngi dening kabèh para jim kang padha manggon ana ing talaga utawa kali. Sira wis agawe rênaning para dhayoh ingsun kabèh, nganti padha jêjogedan kanthi sênêng bangêt. Mara dêlêngên dhewe, ananing ombak kang nganti samono gêdhene, kuwi ora liya iya jalaran saka rame lan gambirane anggone padha jêjogedan mau. Saiki ingsun arêp takon marang sira, sira arêp nyuwun ganjaran apa. Apa sira kapengin sugih. Yèn sira kapengin sugih, mituruta apa kang dadi dhawuh ingsun, yaiku mangkene: sira tumulia nyang Nopgorod. Satêkanira ing kana, sira banjur ngajaka totohan karo para sudagar kang sugih-sugih, kanthi anêrangake, yèn ing talaga Ilmên ana iwak kang anèh bangêt, anduwèni kèpèt mas. Sauwise sira banjur nêmonana tukang misaya iwak, anjaluka supaya anjala ana ing talaga Ilmên. Ing mêngko sira bakal nyumurupi, kapriye mungguh kadadeyane. Badhe kasambêtan.

Isinipun: Kangjêng tuwan ingkang wicaksana nitih kreta miyos dhatêng rad kawula, - marsudi gêndhing jawi - rad kawula ing taun 1918–1938 - susu bleg-blegan - gugon-tuhon - utaminipun lare èstri nyambut damêl - kawontênan sajawining praja - kabar warni-warni - wêwaosan - jagading wanita.

--- 97 ---

Nomêr 25, 22 Juni 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo.

Konggrès Istêri Indhonesiah ingkang kaping 3

Wiwit tanggal kaping 11 dumugi tanggal kaping 15 wulan punika, pakêmpalan istêri Indhonesiah damêl parêpatan taunan ingkang kaping tiga, manggèn ing gêdhong paguron Taman Siswa Ngayogyakarta.

[Grafik]

Papan kangge tèntunsêtèlêng "Handwerk", damêlanipun para warga-warga Indhonesia.

Konggrès punika dipun pucuki resèpsi, ingkang sami migatosakên kathah, ngantos gêdhong Taman Siswa mêncêp-mêncêp. Kajawi para wakilipun pakêmpalan ing kukuban Ngayogyakarta, saking Surakarta, Sêmarang, ugi kathah ingkang sami mrêlokakên kintun utusan. Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan inggih kaparêng matêdhakakên paring dalêm brêkah pangèstu dhumatêng istêri Indhonesiah, lumantar putra dalêm Bandara Pangeran Ariya Purubaya.

Ing salêbêtipun konggrès punika, ngrêmbag prakawis [praka...]

--- [98] ---

[...wis] warni-warni ingkang magêpokan kalihan kabêtahanipun para golongan wanita. Ing parêpatan umum, wontên lèsêng-lèsêng ingkang wigatos, ingkang mêdhar sabda: nyonyah Siti Danilah, Nyi Sukèmi, Ki Sunarya, M. Supardi, tuwin nyonyah Latip.

Ing dintên ingkang wêkasan, sami sowan malêbêt ing karaton, lajêng sami dolan-dolan dhatêng Kaliurang. Malêmipun Kêmis, sami bujana, manggèn ing dalêmipun Radèn Mas Adipati Ariya Cakraadikusuma, bupati pènsiun Têmanggung, mawi kalênengan sumbangan saking paguyuban Kênêskring Mardigêndhing.

D.

[Grafik]

Pangrèh agêng Istêri Indhonesiah. Saking kiwa: 1 Ny. Siti Danilah, ing Jakarta, warga rumêksa. 2 Ny. Sunarya, pangarsa, ing Sêmarang. 3 Ny. Mustajab, panitra, ing Sêmarang. 4 Ny. Arjasubrata, ardana, ing Sêmarang.

Sinjang Sidaraja.

Sinjang Sidaraja punika latar cêmêng, tuwin limrahipun ingkang dipun wastani sinjang latar cêmêng, inggih bangsaning sinjang ingkang wujudipun kados makatên punika.

[Grafik]

Manawi miturut wujuding sinjang, katingal prasaja, nanging sajatosipun katingal muyêg, awit ing ngriku isi jêjêr warni-warni, wontên laripun, tuwin sanès-sanèsipun.

Sinjang latar cêmêng, punika tumraping para anèm kathah ingkang botên rêmên, dipun wastani pêtêng. Ingkang makatên punika pancèn lêrês, malah tumraping para sêpuh piyambak inggih asring ngraosi manawi wontên neneman ngangge sinjang latar cêmêng: botên pantês, utawi dipun wastani sumêpuh.

Namung tumraping para sêpuh, pancèn sampun gadhah raos ambedakakên dhatêng raosing tiyang ngangge sinjang, inggih punika, latar cêmêng punika dipun angge manawi wanci siyang, latar pêthak wanci dalu, malelanipun sarwa botên ngagètakên.

--- 99 ---

Panggarapipun Kapuk Randhu Murih Sagêd Dados Pêthak Mêmplak.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 48

Kapuk randhu ingkang pinuju kapepe katingal pating cromplong, inggih punika ingkang kamăngsa kewan alit-alit wêkdal kapepe wau, sanajan sampun garing ananging yèn dipun oncèki kapukipun lajêng katingal jêne sêmu cêmêng, atining randhu lan kalênthêngipun sami ajur dados bubuk, gêmbèl lan kapukipun.

Randhu ingkang sampun garing sasampunipun dipun oncèki, lajêng kapêndhêtana atinipun ingkang ngantos rêsik, dene kapukipun lajêng kawadhahan ing kranjang utawi tombong, lajêng kapepea malih sadintên, murih sagêda garing saèstu. Ing salêbêtipun kapepe wau, lajêng andamêla dêling pirantos pangulêtan kapuk, prêlu kangge ngicali klênthêng murih sagêd dados kapuk wuson. Wondene pandamêlipun pirantos wau kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

Têtiyang èstri nuju sami ngupakara kapuk randhu.

Mêndhêta dêling ori ingkang sampun kasigar kandêlipun kintên-kintên 2 driji, dipun sisiki ingkang alus, panjangipun watawis 1 mètêr, inggih punika minăngka incêr, incêr wau ing ngandhap lajêng dipun sukani palangan alit-alit kandêlipun sajênthikan, kathahing palangan 4 utawi 6 ruji.

Yèn pandamêling pirantos wau sampun dados, lajêng kalêbêtna ing kranjang utawi tombong wau. Kranjang utawi tombong wau ing têngah kapara ngandhap sakêdhik kasukanana irig, lajêng incêr wau kaubêngna, ing ngriku mangke lajêng katingal kalênthêngipun sami [sa...]

--- 100 ---

[...mi] mancêlat utawi ngalêmpak wontên ing ngandhap pisah lan kapukipun. Wondene pirantos wau kajawi kangge ngicali klênthêng ingkang wontên salêbêting kapuk, ugi prêlu kangge ngulêt kapukipun supados sagêda sami mêgar, mêgaring kapuk lajêng katingal pêthak mêmplak kados kapuk kapas.

Sr. W. Rêmbang.

Bab Olah-olah.

Rawon katès.

Katès mêntah kaoncekan lajêng kairis-iris. Daging kagodhog lan balungan. Bung kagodhog ugi kairis-iris, bumbunipun: brambang, bawang, lombok, tumbar, laos, sarêm, kaulêg lêmbat kagăngsa. Daging, katès, bung lajêng kaêsokna ing ngriku tumut kagăngsa, kawêwahan jèr-jèran kluwak lan duduh ulam, saha irisan godhong brambang, kagodhog ngantos matêng.

Kêlan gêcok balimbing wuluh.

Angrajanga blimbing wuluh ingkang tipis-tipis, sasampunipun kakumbah rêsik mawi sarêm, nuntên kagodhog ing kwali kalihan salam, laos, ulam daging 1 katos, kagodhog rêsik, wontên ing kwali sanès. Bumbunipun: brambang, bawang, gêndhis jawi, asêm, sarêm, lombok agêng alit karajang. Bilih godhogan blimbing sampun umob, bumbunipun kadhêplok lajêng kaêsokakên nuntên dipun soki duduh godhogan daging wau, ulamipun kairis-iris.

Pêcêl tuntut.

Tuntut kagodhog, manawi sampun matêng kapêrês kadamêlakên bumbu sambêl: lombok agêng alit, bawang, kêncur, traos, sarêm sacêkapipun kaulêg lêmbat. Manawi sampun, tuntut godhogan kacampurakên nuntên kaparingan santên mêntah nyêmêk-nyêmêk, sarta godhong kêmangi. Dipun agêm dhahar ing wanci siyang.

Sêle blimbing wuluh.

Blimbing wuluh, nanas, kêdhondhong, kaoncekan rêsik, kaparud, kapêrês toyanipun ngantos apuh. Gêndhis 1 katos kagodhog kalihan toya 1 gêlas, kasaring kagodhog malih, lajêng kacêmplungan parudan wowohan wau kajênang ngangge latu alit-alitan sampun ngantos gosong. Manawi wontên kawêwahan mêrtega 1 sendhok, lajêng kaasrêpakên sarta kawadhahan ing lodhong.

Rara Surtinah, Majakêrta.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


kasangsaraning. (kembali)
amastani. (kembali)
Nanging. (kembali)
pandadaran. (kembali)
ing. (kembali)