Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667

Deskripsi judul
Teks sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn
Citra

Ôngka 66, Rê Wa, 20 Jumadilakir Jimawal 1869, 17 Agustus 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f. 1.50,- Bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Prancis - Tiyang Bacillendrager Sampun 20 Taun Nêmbe Konangan - Darma Wisata - Marsudi Gêndhing Jawi - Kawontênan Sajawining Praja - Angsal-angsal saking Kêkesahan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

--- 1022 ---

Bab Kasarasan

Tiyang Bacillendrager Sampun 20 Taun Nêmbe Konangan.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 62.

Ingkang sampun kalampahan lan ajêg ing nagari Inggris utawi sanèsipun, sadaya tiyang utawi punggawa (personeel), langkung-langkung ingkang nyambut damêl gêpokan toya ing waterleiding bedrijf kêdah dipun priksa kasarasaning badanipun (geneeskundigekeuring). Tiyang ingkang kirang kiyat, lan tiyang ingkang gadhah sêsakit nular, kados ta dysenterie utawi typhus, botên kenging babarpisan nyambut damêl ing ngriku, awit wisa utawi baksilipun sêsakit-sêsakit wau gêsangipun subur wontên ing toya.

Sarèhning wêkdal andandosi pompa installatie lan saubêngipun panggenan pompa wau dipun tandangi tiyang 18 namung salêbêtipun sawatawis minggu sagêd rampung, tur angsalipun tiyang kuli wau pancèn kangelan sangêt, dados rumaosipun Ingenieur ingkang kuwaos ing waterleiding bedrijf punika inggih botên nguwaosi yèn ta kuli-kuli wau nandangana padamêlan ing ngriku.

Sarêng sampun thukul pagêbluk sêsakit typhus ing kitha C. ingkang têtiyangipun ngangge toya saking tuk Ad. ngriku wau, nêmbe sadaya tiyang utawi kuli-kuli ingkang nyambut damêl ing panggenan pompa wau kapriksa dening dhoktêr, pinanggih salah satunggalipun kuli wau gadhah utawi ngandhut baksil typhus ing sêsukêr lan ing êrahipun, nanging tiyang wau botên kraos lan botên rumaos gadhah sêsakit punapa-punapa. Dhoktêripun lajêng ngudi punapa kulawarganipun utawi tiyang sanès ingkang kêmpal sagriya kalihan piyambakipun wontên ingkang sakit typhus. Aturipun kuli wau, yèn ing griyanipun ing wêkdal punika botên wontên tiyang ingkang sakit, nanging dipun èngêt-èngêt ing wêkdal pêrang agêng ing taun 1916-1917 piyambakipun nate kêmpal sapondhokan (sagriya) kalihan tiyang sanèsipun ingkang sami nyambut damêl ing kitha Londhon, ing wêkdal samantên wontên kancanipun ingkang sakit typhus piyambakipun tumut anjagi lan mulasara, amargi ing wêkdal punika nuju pêpêrangan agêng, tiyang ingkang sakit wau mèh botên karimatan utawi botên kapulasara ingkang lêrês dening verpleegster, awit kathah sangêt têtanggêlanipun anjagi têtiyang sakit, murih katulungan dening dhoktêr ngantos saras utawi wilujêng.

Tiyang kuli ingkang anjagi kancanipun ingkang sakit typhus ing taun 1917 wau, têmtunipun sampun katularan sêsakitipun typhus ugi, nanging rèhning badanipun pancèn kiyat, sanajan wisa (baksilipun) typhus sampun nular utawi mlêbêt ing êrahipun, tiyang wau sêsakitipun botên sagêd thukul, namung sampun ngandhut baksilipun typhus lan nama bacillendrager, kados ingkang sampun asring kula andharakên wontên ing Kajawèn ngriki.

Bacillendrager wiwit taun 1917 wusana ing taun 1937 sarêng kuli wau kapriksa êrah lan sêsukêripun [sêsu...]

--- [1023] ---

[...kêripun] pinanggih utawi konangan baksilipun typhus, dados ing salêbêtipun 1937-1917 = 20 taun tiyang bacillendrager wau botên kraos sakit punapa-punapa, nanging baksilipun taksih sagêd nular dhatêng toya, salajêngipun toya ingkang sampun ngandhut baksil punika, yèn kangge ngombe utawi sanèsipun dening tiyang kathah, inggih sagêd nular sêsakitipun dhatêng têtiyang ingkang saras, saha lajêng sagêd dados pagêblug punika.

Dene ing panggenan waterleiding bedrijf ingkang agêng lan kathah punggawanipun, botên kajagi ngantos sagêd anjalari thukulipun pagêblug sêsakit ingkang ambêbayani makatên punika. Manut saking lapuripun inspecteur dhoktêr, pangagêngipun dhoktêr botên tampi lapuripun kêpala utawi ingenieur-ipun waterleiding wau, yèn ing ngriku dipun dandosi lan anggènipun nawa toyanipun dipun kèndêli. Upami pangagênging dhoktêr pirsa yèn tuking toya waterleiding (bron Ad.) badhe dipun dandosi makatên, têmtunipun nagari dhawuh supados toya waterleiding wau dipun tutup sanalika, ing kitha C. ngriku tampi toya saking sanèsipun waterleiding.

Sagêdipun konangan yèn toya saking tuk Ad. ingkang damêl sakitipun tiyang kathah ing kitha C wau, jalaran tiyang nama R. ing kitha ngriku ugi anakipun tumut katrajang sêsakit punika ngantos dados tiwasipun, sarêng pinanggih thukulipun sêsakit typhus wau botên sanès inggih saking toya waterleiding Ad. punika, sanalika ugi toya ing ngriku lajêng dipun tawa malih, nanging sêsakitipun sampun anrajang tiyang pintên-pintên, dados sampun kasèp.

[Iklan]

Dene bab nanggulangi sêsakit typhus punika kula sampun asring ngandharakên ing ngriki, inggih punika:

1. Têtiyang ingkang saras sami dipun suntik vaccin typhus,

2. Sasagêd-sagêd toya ombèn kêdah dipun godhog, têtêdhan ingkang mêntah, wowohan, janganan (sayuran) dipun cêlup utawi dipun siram toya umob ingkang radin, tuwin

3. Ingkang sakit dipun pulasara kapisah kalihan têtiyang sanès (isoleern) botên kenging gêpokan kalihan tiyang ingkang saras, kajawi Verpleegster, panganggènipun ingkang sakit ingkang badhe dipun kumbah dipun siram utawi dipun kum toya umob utawi creolin rumiyin, sêsukêripun dipun siram creolin ing sadèrèngipun dipun bucal.

R. Sumadirja.

Ind. Art. Sêmarang.

--- 1024 ---

Pèngêtan Pahargyan Jumênêng Nata 40 Taun

Benjing tanggal 6 Sèptèmbêr ngajêng punika Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah badhe dipun pèngêti jumênêng dalêm nata têtêp 40 taun. Ing dintên wau ing saindêngipun nagari Walandi tuwin tanah ngriki kawontênakên pahargyan. Makatên ugi tumrap Bale Pustaka ugi mahargya adhapur ngêdalakên buku pèngêtan.

Buku wau isi 64 kaca, karanganipun para ahli tuwin misuwur ing asma, kados ta panjênênganipun Pangeran Ahmad Jayadiningrat, tuwin sanès-sanèsipun. Dalancangipun sae, rinêngga ing gambar.

Buku wau ugi kakintunakên dhatêng para lêngganan Kajawèn.

Dados sintên ingkang lêngganan Kajawèn, wiwit sapunika, badhe nguningani adi endahing buku wau, saha nguningani kawontênanipun ing nagari Walandi tuwin tanah ngriki.

Mila ingkang dèrèng lêngganan Kajawèn, lajêng mrêlokna lêngganan.

Darma Wisata

Nêm wulan sapriki pakêmpalan Purnama ing Têmanggung ngrêmbag ngadani darmawisata dhatêng Bêtawi. Purnama punika pakêmpalanipun para guru ing kitha ngriku ingkang namung nêngênakên dhatêng babagan bêbrayan gêsang. Darmawisata nêmbe kalampahan nalika tanggal kaping 23 dumugi 27 wulan Juli 1938 ngangge bis A.M. Java. Ingkang sami tumut botên namung sadhèrèk guru ing Têmanggung kemawon, ugi sadhèrèk guru Banjarnagara, Salaman tuwin Kuthaarja. Gunggung sadhèrèk 30, putri 12, kakung18.

Mangkat dintên Sêtu enjing jam 5.15 mêdal Magêlang, Purwarêja, Kuthaarja mangilèn Banyumas, Majênang, Banjar dumugi Bandhung. Lampahan 440 km, dhatêng jam 7 sontên wontên ngajêng mêsjid Bandhung kapêthuk Tuwan Sungaji. Kula sadaya lajêng kairid dhatêng crubgeboubouw Tirta Kêntjana Toenggal ing Djalan Tjikawau. Sadhèrèk putri sami kapondhokakên ing dalêmipun Tuwan Sarpin.

Sasampunipun ngaso sami dhatêng sêtidhio Vorl., dhatêng H.I.S. Pasoendan. Ing wêkdal punika nglêrêsi konggrès Perempoean Indonesia ingkang kaping 3. Wontên ing ngriku katêrangakên babadipun Vorl. dening Tuwan Sungaji sarta kadospundi caranipun kintun swara.

Dintên Ngahad enjing jam 8.30 dhatêng Landskoepok Inrichting en Instituut Pasteur katampi dening salah satunggiling dhoktêr bôngsa tiyang siti. Kasêgah kadospundi lan damêlipun cacar wiwit saking katanêm wontên ing kulit wêtêng gudèl, perangan têngên ngantos dumugi pangisinipun wontên ing buis. Papan kangge ngrêsiki sèrêm, damêl paksèn kolera, nanêm baksil pès, tetanês, dhiptêri. Nangkarakên tikus pêthak, caranipun mêndhêt wisa, lan nanêm wisa sagawon edan.

Rampung gêdhong Instituut Pasteur lajêng mubêng-mubêng ing kitha ningali Jubileum-park, Dierentuin langkung ngajêng gêdhong [gê...]

--- 1025 ---

[...dhong] T.H.S., papan Jaarbeurs tuwin gêdhong Departement van Oorlog.

[Iklan]

Jam 2. 30 pangkat dhatêng Bogor mêdal Cimahi, Padhalarang, Cianjur, Sindhanglaya, puncak. Inggilipun 1480 m saking lumahing sagantên. Dumugi ing Bogor jam 7 sontên. Dumugi ngriki gunggung sampun 591 km, sêsawangan wiwit saking Banjar ngantos dumugi Bogor kathah ingkang asri lan angrêsêpakên. Wontên Bogor kula sadaya katampi dening sadhèrèk P.N.S. pang ngriku, wontên ing H.I.S. Pasundhan Hospitaalweg no. 6 dipun pangajêngi Tuwan Soekardi.

Dintên Sênèn jam 9 enjing ningali Zoologisch Moseum tuwin kêbonraja. Tumrapipun kula sadaya sumêrêp kewan ingkang katingalipun kados taksih gêsang, punika namung sami mlongo, punapa malih sumêrêp raganganipun ulam ingkang panjangipun ngantos 27 m.

Jam 1 siyang ningali pabrik ban Goodyear. Swaraning mêsin binarung swaraning cithakan ban montor kados ambêdhah-bêdhahna kêndhangan kuping. Tiyang ginêman kamirêngan namung lamat-lamat, hawa ing pabrik ingkang kêbak walirang ngantos bunêk. Racak ingkang nyambut damêl sami katingal cêmêng botên namung sandhanganipun kemawon, dalasan pakulitanipun, amargi katutupan ing awu walirang. Badhe kasambêtan.

Pêr.

--- 1026 ---

Kagunan Jawi

Marsudi Gêndhing Jawi.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 64.

Pola ôngka 2.

Irama kadamêl sarèh.

[Notasi]

Manawi badhe dipun dhawahakên, sasampunipun N3 lajêng nuthuk

[Notasi]

Pola ôngka 3

Gd. Srikêrtarta ingkang sampun minggah

[Notasi]

Gd. Genjunggoling lr. sl. pt. sanga.

Irama kadamêl sêsêg, nama Genjunggoling lômba.

Pola ôngka 1.

[Notasi]

Pola ôngka 2.

Irama kadamêl sarèh.

[Notasi]

--- 1027 ---

[Notasi]

Manawi badhe dipun dhawahakên, sasampunipun N3 lajêng nuthuk

[Notasi]

Gd. Genjunggoling ingkang sampun minggah.

[Notasi]

Badhe kasambêtan.

R.Ng. Pringgaardana.

[Iklan]

--- 1028 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Ruslan kalihan Jêpan badhe rukun.

Pasulayanipun Ruslan kalihan Jêpan punika kenging dipun wastani namung siwilanipun paprangan ing Tiongkok, nanging sakalangkung ngêgèt, malah lajêng kasamarakên manawi dados jalaraning paprangan agêng.

[Grafik]

Stalin.

Sêsulakipun Jêpan lajêng badhe ngajak rukun kalihan Ruslan, lumantar saking pangagênging babagan prakawis sajawining praja, Litwinof, nanging katingalipun Litwinof botên migatosakên. Dene senapatining paprangan, Blucher, malah saya sêrêng dhatêng Jêpan, mêmpêng anggèning andhawahi bom tuwin granat. Miturut wartos, dèrèng nate wontên golongan motor mabur ingkang kathahipun kados wadya gêgana Ruslan punika. Mêntas wontên ingkang kalangan wontên sanginggilipun Koreah ngantos satus iji, adamêl girisipun ingkang sami sumêrêp.

Witing pasulayanipun nagari kêkalih wau jalaran saking rêbatan watês ing rêdi Cangkupèng, amargi sami anggadhahi kawigatosan, nanging pangraosipun ingkang sami pasulayan, ingkang sampun wujud paprangan punika, sanadyan kathah pêpêjah, dèrèng dipun anggêp paprangan. Namung tumrap golongan Ruslan, wontên sêsulakipun anggèning sulaya pamanggih dhatêng babagan punika, inggih punika tumrap Blucher kalihan Stalin. Stalin nêdya rukun, dene Blucher botên. Nanging ugi wontên wartos andorakakên, awit nyatanipun bab rêmbag rêbatan watês, taksih sami adrêng kalihan cukêng.

Nanging sarèhning Jêpan punika kêkiyatanipun sampun wutah wontên Tiongkok, saupami gadhah tindak sêrêng yêktos dhatêng Ruslan, inggih sampun cape. Ing wusana lajêng wontên wartos, Litwinof kalihan Shigemitsu sampun rukun yêktos. Salajêngipun badhe ngawontênakên komisi mariksa tapêl watês.

Mênggah kawigatosaning rêdi Cangkupèng tuwin Saotsaoping, punika dados aling-alingipun salah satunggal, dados pundi ingkang nguwaosi, lajêng anggadhahi têtamèng, môngka tumrapipunn nagari kêkalih wau tansah lirik-lirikan kemawon.

--- 1029 ---

Kumrincinging dêdamêl Jêrman.

Ing jagad punika wontênipun namung badhe rame, kados ta kawontênanipun ing Eropah, ing sakawit pinanggih sampun têntrêm, nanging sarêng pasulayanipun Jêpan kalihan Ruslan pinanggih rukun, Jêrman lajêng katingal anggèning siaga dêdamêl.

Miturut wartos, ing sapunika Jêrman ngiyatakên dêdamêl wontên ing watês sisih kilèn tuwin sisih kidul, mêwahi margi-margi, prêlu kangge jagi-jagi manawi wontên paprangan. Para kuli tuwin tukang sami kapurih nyambut damêl wontên ing watês, ingkang prêlunipun inggih kangge ngiyatakên watês wau. Dèrèng dangu Goering nêtêpakên pranatan enggal, sawarnining bôngsa Jêrman, botên pilih tataran, kêdah eklas samôngsa wontên dhawuhing parentah pindhah dhatêng sanès panggenan. Ing bab punika sampun pinanggih nyatanipun.

Kathah kuli-kuli ingkang sawêg sami nyambut damêl ngêdêgakên griya, lajêng enggal-enggal kapurih nyêlaki watês, tumut tumandang adamêl bètèng. Pangangkahipun Jêrman badhe damêl bètèng ingkang kêkiyatanipun, apês anyamèni bètèng-bètèng Prancis, ing sacêlakipun watês sisih wetan.

Tindakipun Jêrman wau damêl kasamaraning ngakathah amargi Jêrman badhe ngawontênakên ajar-ajaran pêrang, sawarnining tiyang partikêlir ingkang dados saradhadhu andhungan kêdah tumut. Samôngsa wontên paprangan, cacahing wadya Jêrman, inggih sacacahing saradhadhu ingkang sami ajar pêrang-pêrangan wau.

Môngka miturut ucapipun Jêrman, manawi prakawis Jêrman Sudhètên dèrèng rampung salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika, Jêrman wajib tumindak pados margi piyambak. Ing sapunika Runciman sampun wiwit tumindak ing damêl. Miturut sêratipun ingkang tumuju dhatêng Chamberlain, kathah pangajêng-ajêngipun sagêd ngrukunakên ngrika-ngriki. Wontên wartos malih Runciman kêdah nitipriksa kawontênanipun ekonomi Tsjecko Slawakije, supados sagêd ambiyantu nagari wau kanthi lampah ekonomi. Kacariyos, Amerikah tuwin prancis badhe tumut ambiyantu bab punika.

[Grafik]

Jendral Genrich Samoikovitch ingkang oncat saking Rus wetan dhatêng laladan Jêpan, jalaran kuwatos badhe kaprajaya saking pakènipun Stalin. Sapunika wontên ing Tokio, saha ngwêdharakên ing bab wêwadosipun tiyang Rus dhatêng tiyang Jêpan.

[Grafik]

Litwinoff

Miturut wartos, Inggris botên nyamarakên dhatêng tindakipun Jêrman wau, nanging kosok-wangsulipun, Jêrman sampun napsu manawi nagari sanès inggih nyantosakakên wadyabalanipun.

Manawi miturut wartos ing sêrat kabar Prancis, tindakipun Jêrman punika namung prêlu kangge ngajrih-ajrihi Tsjecko Slawakije, Inggris tuwin Prancis.

Tumrap Itali ing sapunika sampun nêtêpakên ing damêl dhatêng para upsir andhungan.

--- 1030 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Angsal-angsal saking kêkesahan.

VII.

Garèng : Nèk takpikir mungguhing katêranganamu ing bab Tuwan Nitisêmita yasa sêtidhio murih namane saya kawêruhan ing wong akèh, lan saya arum gandane, lan karêpe ora liya mung supaya barang dêdagangane saya payu, lo, kuwi kok akèh bênêre, Truk. Tur nèk miturut panêmuku, pancèn iya cocog karo jamane. Jaman saiki kiyi jamane: dhuwit kuwasa, dadi iya jamane: manusa kudu ngaji-aji nyang dhuwit. Tumrape jaman saiki kok ana uwong ngêmohi nyang dhuwit, tak tanggung, Truk, sabên uwong mêsthi ngarani: wong bodho, apês ambalêbês iya diarani: wong kurang jangkêp pikirane. Jalaran saiki jamane wong ngaji-aji nyang dhuwit, sabanjure sabên uwong iya banjur diwajibake kudu ngudi golèk dhuwit, malah sawênèh ana bae sing ora mrêduli, apa lakune halal utawa haram, pathokake asal: phulus masuk. Mulane aku iya ora gumun, yèn ing jaman saiki kiyi ana lêlakon sing nyêbal pathokan, kaya ta ing jaman biyèn, lumrahe wong liya sing sok rêrasan mangkene upamane: wah, dèn ayu anu utawa dèn rara anu kae kok le ayu, le pintêr lan sapanunggalane, dadi sing ngabarake aliyas sing ngreklamêkake: ayu lan pintêre mau, wong liya, nanging ing jaman saiki:... slirane dhewe, Truk.

Petruk : Wayah, le ora mèmpêr kowe kuwi, Kang Garèng, ngêndi ana wanita ngreklamêkake ayu lan pintêre.

Garèng : Hla wong kowe ora tau nênitèni, Truk, Truk, hla nèk nyang pasamuwan, ambok kok titèni, andak ora akèh bae wanita sing mondar-mandir mlayu mrana mlayu mrene, karo le ngomong disêrok-sêrokake: nit, mênir-ya wèl ya wèl- hi, hi, hi, turlêg turlêg. Mara, iki apa ora prasaksat angreklamêkake awake: sawangên aku, rungokna omongku, pintêr ora, pintêr ora aku. Banjur, Truk, ana ing pasamuwan, ora mung dikayang bae anggone dandan, malah digawe ngêgèt, kaya ta: klambi digawe modhèl sing pating jêmpalik, gêlung singgaran, alis dicukur anjêlarit, pipi lambe didubangi, apa iki ora prasaksat anjaluk supaya digatèkake nyang wong akèh: sawangên aku, sawangên, sawangên, ayu ora, ayu ora aku.

Petruk : Yah, kuwi rak mung omongmu dhewe bae, Kang Garèng, nèk sanyatane ora kaya ngono. Kowe kuwi rak wong kuna, Kang Garèng, mulane iya ora ngrêti nyang cara modhèrên, dandaning wanita kaya sing kok kandhakake kuwi mau, cara modhèrên, Kang Garèng. Dadi iya ora beda karo wong lanang sing wis tuwa-tuwa [tuwa-...]

--- [1031] ---

[...tuwa] cukuran brêngos kae, kuwi ora kok jalaran brêngose wis akèh sing putih, nanging cara modhèrên, Kang Garèng, cara modhèrên. Nanging dudu bab kiyi sing lagi dirêmbug, mulane saiki aku tak ambanjurake manèh dongèngku ing ngarêp. Ana ing kudus, Kang Garèng, dening ndara dhoktêr sakalihan, aku kêtêlu diajak mêdhayoh nyang dalême Tuwan Nitisêmita, nanging ing kala samono: sayang adhuh dhisayang, Kang Garèng, Tuwan Nitisêmita kabênêr ora nang dalêm. Ewasamono iya ora ana alangane, yèn kene arêp andêlêng dalême mau. Wah, Kang Garèng, dalême sinawang saka ing ngarêp, cara Banyumase mula iya katon sêmangêr bangêt. Aku migunakake têmbung sêmangêr, awit têmbung biasa sing: cêsplêng, ora ana. Têmbung sêmangêr iku sanyatane duwe têgês: bêcik, brêgas, ngêngrêng, asri, diborong dadi siji. Ing sarèhne aku mung bisa andêlêng pêndhapane bae, dadi aku ora bisa ngarani, apa ing jêrone têrus bêcik lan rêsik gêmrining, apa iya lêthêng lan jênês. Awit omahe bangsane dhewe kuwi lumrahe sok pêndhapane bae sing katon mlèsdrèng, nanging ing jêro, apa manèh ing buri, biasane wong sok kudu têrus pithêt irung.

Garèng : Hus, wong sêmbrana. Anggone omahe bangsane dhewe ing jêro, apa manèh ing buri, sok kurang rêsik, nganti lumrahe banjur lêthêng gandanira, kuwi saka ora kobêre, utawa saka ora duwene, dadi ora bisa ngingu uwong sing dikon rêsik-rêsik. Nanging nèk dalême Tuwan Nitisêmita, wong iya dalême priyayi abôndha-abandhu, tan tanggung, Truk, mêsthi kincling-kincling kaya gêndul, lan mêling-mêling kaya gêlas, sakujur, Truk.

[Grafik]

Petruk : Wayah, kaya badan diunèkake: sakujur. Ora Kang Garèng, bokmanawa panêmumu kuwi mau iya bênêr. Awit saka kono, kene banjur madhayoh ing dalême putrane mantu sing tuwa dhewe, iya iku Tuwan Karmain. Kene diirit karo sing kagungan dalêm, nonton dalême nganti têkan ing papan sing: rusiyah-rusiyah pisan, kabèh nyata katon rêsik gêmrining.

Garèng : Kuwi ora kêna dipaido, Truk, wong iya duwe dhuwit, bisa bayar wong-wong sing gawe rêsik omahe. Beda karo wong kaya kowe aku kiyi, ora kobêr, Truk, bisane gawe rêsik, iya gawe rêsik omahe... tanggane.

Petruk : Wayah, apa niyat nayab. Ana [A...]

--- 1032 ---

[...na] ing dalême Tuwan Karmain kono, anggone kene padha lêlungguhan nganti sajam luwih, Kang Garèng.

Garèng : Mêngko sik, mêngko sik, Truk, aku tak takon. Saora-orane Tuwan Karmain kuwi, putrane mantu Tuwan Nitisêmita, mêsthine iya dudu bangsane wong sing sok anggadhèkake, nanging cêkak aos, mêsthi wong sugih, lo, kuwi patrape nyang: ndara dhoktêr sakalihan, lan kowe kêtêlu, kêpriye, apa iya cara lumrahe wong sugih kae, sing sok duwe pikiran: aku sugih dhuwit, aku kuwasa, ndara priyayi-priyayi sing nguwasani kene, apa manèh priyayi-priyayi liya, mêsthi wêdi karo aku, sabab... dhuwitku mau. Sabanjure tandang tanduke iya mung... andêlêng langit bae...

Petruk : Karêpmu apa, saka ladake jalaran sugih dhuwit mau, banjur langganan andhangak bae. Kang Garèng, sabênêre ing sakawit aku pancèn iya duwe pikiran: wong iya sugih, iya mèmpêr bae saupama banjur ladak lan dhiri, sabab lumrahe wong sugih kuwi sok duwe pikiran, sarana dhuwite mau, arêp apa bae mêsthi bisa tinurutan. Nanging barêng aku madhayoh ana ing dalême Tuwan Karmain mau, atiku rumasa kapranan têmênan. Tangkêpe lanang wadon nyang aku kabèh mau, anggone: andhap-asor, sêmrèsèh, sêmanak, rêmakêt, cêkake: andêmênakake bangêt, ora beda karo wong lumrah kae, ora pisan-pisan katon: ladak utawa dhiri, malah kene disuguh barang. Sakuwise pamitan karo Tuwan Karmain sakalihan, kanthi anglairake panuwun, kene banjur plêsir nyang omah prau, duwèke salah siji hartawan ing Kudus kono. Omah iki ora diênggoni, wujude kaya prau gêdhe.

Garèng : Dhuwit ora kanggo, main dibuwang-buwang bae, sayang-sayang sêribu sayang- japuh.

Petruk : Saupama diunèkake dhuwit dibuwang-buwang tanpa tônja, iya mula ana bênêre, ewasamono mêksa iya ana bêcike, Kang Garèng, kang kapisan kanggo tontonan, dadi iya kanggo sênêng-sênêng, lan kang kaping pindho, yèn ana grombolaning uwong darmawisata nyang Kudus, bisa mondhok ing omah kono kanthi gratis, Kang Garèng. Malah ing cêdhak kono iya ana papane kanggo main tènis, Kang Garèng.

Garèng : Papan main tènis, wèh, para sudagar Kudus kathik modhèrên têmênan. Ingatase sudagar, ora mung nglumpukake dhuwit thok, nanging kadhangkala iya gêlêm ambuwang, awit main tènis kuwi waragade rak akèh, Truk.

Petruk : Papan tènis sing takkandhakake mau, ora marakake ambuwang dhuwit, malah dadi asil, awit ing kala samono diênggo... ngêpe cêngkèh sing bakal diênggo bumbu rokok.

Garèng : Salaman, Truk, salaman, tak karèt omongku ing ngarêp, yèn para sudagar ing Kudus dhêmên ambuwang dhuwit kang tanpa tônja.

--- 1033 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Tatanan balanja punggawa O.J.S. tuwin S.J.S. Wêwakiling Zustermaatschappijen mêntas pêpanggihan kalihan Hoofd Personeele Zaken S.S. Ingriku ngawontênakên rêmbag ingkang wosipun nayogyani tumraping punggawa O.J.S. tuwin S.J.S. balanjanipun dipun samèkakên kalihan punggawa S.S.

Mr. R.A. Surioadiningrat. Mr. R. Abdulwahab Surioadiningrat, putranipun ingkang Bupati Grêsik suwargi, wêdalan saking Universiteit ing Leiden, sampun dumugi ing tanah ngriki, lajêng sinau babagan padamêlan pangrèh praja, kabantokakên dhatêng Bupati Probolinggo.

Archbold expeditie. Gupêrnur tanah Maluku mêntas rawuh papriksa dhatêng Hollandia. Ingriku dipun paargya jogèd Papua. Pangajênging Archbold expeditie ugi manggihi, kanthi ngaturakên katrangan ing bab lampah-lampahipun. Kala punika Dr. Toxopeus wontên ing talaga Habbema, Meier Drees wontên ing lèpèn Idenburg. Kaptin Teerlink kanthi andhahanipun bidhal saking talaga Habbema mangalèr, litnan Van Arcken saking lèpèn Idenburg mangidul. Palêrêban têtêp manggèn ing talaga Habbema tuwin lèpèn Idenburg. Ing tanggal 6 Augustus wontên kintunan têtêdhan kadhawahakên saking motor mabur.

Ngajal wontên ing sêpur. Sampun sawatawis dintên, sêpur kilat ingkang saking ing Surabaya, sadumugining margi antawis Klathèn-Ngayogya, wontên nyonyah Walandi nama K. pinanggih ngajal wontên salêbêting grêbong klas 2. Nyonyah wau badhe wangsul mantuk dhatêng Bandung, mêntas tuwi anakipun ingkang gêgriya ing Surakarta. Kasumêrêpanipun manawi ngajal, kala condecteur nuju mriksa karcis. Dene ngajalipun kakintên jalaran saking hartverlamming. Sadumugining Tugu, mayit kaandhapakên, kabêkta dhatêng Petronella Hospitaal, pêrlu katitipriksa.

Malaria ing Jawi Wetan. Jalaran saking kathahing jawah ing mangsa punika, ing Jawi Wetan tuwuh sêsakit malaria. Dene ingkang langkung kathah ing Bojonegoro, Bangil tuwin Sidoharjo. Salêbêtipun satêngah taun kêpêngkêr, têlasing kenine ingkang dipun têdhakakên têtiyang ingriku wontên 75 kothak, sakothakipun isi 25.000 iji, rêgi f 13.000.-

Dados warga pangrèh Java-Instituut. K.G.P.A.A. Prabu Suyodilogo, pangagênging Praja Pakualaman, Ngayogya, katêtêpakên jumênêng warga pangrèh Java-Instituut.

Pakêmpalan Jaarmarkt ing Ngayogya. Wontên wartos, pakêmpalan Jaarmarkt ing Ngayogya badhe kabibarakên. Pakêmpalan wau gadhah arta f 27.000.-

Majênging pakaryan tênun. Miturut katrangan, ing salêbêtipun 6 taun kawontênaning pakaryan tênun mindhakipun enggal sangêt. Kala taun 1930 namung 237 tênunan tangan. Taun 1936 sampun mindhak dados 11.994. Taun punika sampun dados 25.000. Mêsin tênun ing taun 1930 dèrèng wontên, sapunika sampun 4500. Ing Surakarta ing taun 1931 wontên 48, taun 1937 dados 200. Taun 1934, mêsin tênun namung 1, wêkasaning taun 1937 wontên 228. Pamêdalipun ing taun 1937 kirang langkung f 6.194.000, waragadipun f 1.291.000.-

Padamêlan juru basa ing karajan Jawi. Miturut wartos, manawi padamêlan juru basa ing tanah karajan Jawi Surakarta tuwin Ngayogyakarta pancèn nyata kathah gêgayutanipun kalihan pangrèh praja, parentah badhe anggalih kalêbêtakên dhatêng wêwêngkon Departement Pangrèhpraja, botên dhatêng Departement Justitie.

Ganjaran-ganjaran tumrap para ingkang mirsani pasar malêm. Benjing pasar malêm pèngêtan adêging karaton Surakarta, sabên tiyang ningali karcisipun mawi nomêr, ingkang lajêng kacocogakên kadosdene loterij. Ingriku mawi kagantungan ganjaran saking: S.E.M. kenging ngangge urub lestrik lêlahanan. Velodrome, numpak auto lêlahanan saking Surakarta dhatêng Sarangan wongsal-wangsul. P.T.T. kenging tilpun dhatêng nagari Walandi lêlahanan. S.S. tuwin N.I.S. kesahan numpak sêpur lêlahanan. Waterleiding, kenging siram lêlahanan wontên ing pasiraman tuwin ngangge toya ombèn lêlahanan.

[Iklan]

Mulo dhêdhasar basa tiyang siti. Dumuginipun sapunika, Mulo ingkang dhêdhasar basa tiyang siti ingkang sampun tumindak sawêg ing Ngayogyakarta, angsal arta pambiyantu saking parentah, tuwin ing Surakarta, botên angsal arta pitulungan saking parentah, nanging wontên wartos badhe angsal. Wiwit tanggal 1 Augustus punika ugi wontên bikakan ing Palembang, Mulo Gupêrmèn. Makatên ugi Bandung, mawi angsal arta pambiyantu saking gupêrmèn.

Bank tani ing Sragèn. Awit saking ada-adanipun Economische commissie karajan Surakarta ing laladan Sragèn, benjing salêbêtipun wulan Sèptèmbêr ngajêng punika badhe ngêdêgakên bank tani cacah 30 panggenan, ing bawah dhistrik kitha 20 tuwin bawah distrkdhistrik. Gondhang 10. Ing sabên bank wontên ingkang tumindak ing damêl piyambak-piyambak, dipun apèn-apèni kêpala dhusun. Dene ingkang tumindak niti Central Cooperatie Parindra ing Sragèn.

Kaparêngakên nêmpuh pandadaran. R.M.Ng. Condrowiryono, asistèn wêdana Karangmalang, Sragèn, kaparêngakên nêmpuh pandadaran malêbêt sinau dhatêng Bestuursacademie.

Badhe ngèndêli ngintunakên têtiyang dhatêng papan paboyongan. Wontên wartos, pangintunipun têtiyang tani bangsa Jawi dhatêng tanah paboyongan badhe dipun kèndêli. Ingkang badhe kakintunakên namung kantun sakêdhik, dhatêng Bêlitang, inggih punika ing tapêl watês Lampung kalihan Palembang. Sadaya gunggungipun sampun wontên 9000 brayat, isi kirang-langkung 32.000 jiwa.

Bangsa Sunda ingkang boyongan sakawit. Limrahipun tumrap bangsa Sunda punika botên rêmên malêbêt dhatêng tanah paboyongan. Nanging sapunika sampun wiwit wontên, inggih punika saking Majalêngka 81, saking Cirêbon 170 tuwin saking Kuningan 208. Ing kala bidhalipun dipun jumênêngi ing Tuwan Residhèn Cirêbon, Bupati Cirêbon, Bupati Majalêngka, Bupati Kuningan tuwin Asistèn Residhèn Cirêbon wontên ing station.

--- 1034 ---

Film 40 taun. Benjing dhawahing dintên paargyan jumênêngan nata 40 taun, ing tanah ngriki pintên-pintên panggenan badhe kapitongtonakên film lêlampahan ing salêbêtipun 40 taun. Film wau ing sadèrèngipun kapitongtonakên umum, badhe dipun mainakên wontên ing pura dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana rumiyin.

Paargyan ing Malang. Benjing paargyan mèngêti jumênêng nata 40 taun, gemeente ing Malang badhe ambiyantu waragad f 2500.- dhatêng paargyan ingkang dipun tindakakên ing parentah. Kajawi badhe nyukani arta dhatêng pêkir miskin f 1900.-.

Ariwarti enggal. Handel Mij. Hing Boen ing Bêtawi gadhah sêdya badhe ngêdalakên ariwarti apawitan f 100.000.-. Arta ingkang sampun ngalêmpak wontên f 23.000.-. Ariwarti wau basa Malayu nama Hong Po. Mêdalipun wiwit tanggal 1 Januari 1939. Ingkang dados directeur Tuwan Tjiong Pek Sam.

[Grafik]

Kêbêsmèn ing pêkên. Wulan ingkang kêpêngkêr ing pêkên Sampit, Borneo, wontên bêbaya latu ambêsmi toko-toko punapadene griya los ing pêkên ngriku ingkang pawartosipun kapitunanipun kataksir f 60.000. Inginggil punika gambaripun panggenan kêbêsmèn ingkang sampun rêmuk dados awu.

Darmawisata dhatêng Singapura. Benjing tanggal 26 December 1938 dumugi tanggal 7 Januari 1939, Sin Tit Po ing Surabaya badhe ngawontênakên golongan darmawisata dhatêng Singapuran, Penang, Medan, Brastagi tuwin talaga Toba, kanthi nyewa kapal K.P.M. Melchior Treub. Inggah-andhapipun para darmawisata wontên Bêtawi. Ingajêng Sin Tit Po sampun nate ngawontênakên darmawisata dhatêng Bali, warganipun wontên 200, pinanggih nyênêngakên, mila lajêng badhe ngawontênakên darmawisata malih punika.

Pamulangan luhur dhoktêr. Lulus doctoraalexamen perangan kapisan Tuwan-tuwan R. Grahita Prawirasudirjo, Kristap, Liem Khik Kiong, Sie Hok Liang tuwin W. Suradi.

Sakit jalaran nêdha sêle. Ing Taosebio, Bêtawi, wontên lare bangsa Tionghoa cacah 6 sami sakit wêtêng nuntak wawratan saha lajêng sami dipun bêkta dhatêng C.B.Z. Sarêng dipun titipriksa, lare-lare ingkang sami sakit wau jalaran saking sami nêdha roti mawi sêle, asli tumbas saking tiyang sêsadean. Bab punika lajêng dados pariksan pulisi.

Manggih sumbêr lisah pèt. Wontên wartos, ing dhusun Pringkasap, bawah Jatibarang, B.P.M. manggihakên sumbêr lisah pèt. Miturut papriksan, sumbêr wau sagêd ngêdalakên lisah kathah. Ing salajêngipun ing kiwa-têngênipun ngriku taksih dipun titiprksatitipriksa. dening tiyang ahli, saha ing sacêlakipun ngriku sampun dipun dêgi griya gêdhong.

Niti glêpung gaplèk wêdalan tanah ngriki. Laboratorium ing Bêtawi nindakakên papriksan glêpung gaplèk ingkang dipun kintunakên saking tanah ngriki dhatêng tanah ngamanca, amargi glêpung wau asring dipun mori ampas. Wontênipun dipun titi, amargi cara makatên wau badhe nyuda pêpajênganing glêpung saking tanah ngriki, wêkasan mêjahi padagangan.

Pindhah nama. Karna alias Karnawardaya, kêpala guru pamulangan angka kalih ing Kêdungwuri, Kabupatèn Pêkalongan, kaparêngakên pindhah nama Karna alias Dwija-Sudarma.

Pamulangan luhur pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kalih, nonah Tjen Pau Pui, Tuwan-tuwan Thio Tjiong Tho, Th. S.T. Gouw, P. Sarjono, Yap King Tik tuwin Amir Mahzah.

Têtêp dados arts. Têtêp dados arts tuwan-tuwan Sudarsono tuwin M. Ismangil Wiryobudiharjo.

Mr. Supomo. Wontên wartos, bilih Mr. Supomo, Voorzitter Landraad ing Ngayogya badhe anggêntosi Prof. Mr. B. Terhaar ing Pamulangan Luhur Pangadilan, ingkang badhe verlof dhatêng nagari Walandi.

Tatanan ing kantor Kapatihan Surakarta. B.K.P. Haryomataram, inspecteur Rijksfinancien, kapindhah dados Kashouder Rijkskas. Ingkang nyêntèg dados inspecteur R.M.T. Ruwiyo Purwodipuro. Katêtêpakên dados adj. Inspecteur Mr. Sumardi Kartowinoto, Mr. R.M. Widodo Sastrodiningrat, kabantokakên pangagêng afd. C. departement B.B. tuwin Justitie.

Padamêlan guru ing Purwodadi. Maryani guru bantu, Nitiwiyata guru bantu, katêtêpakên nyambutdamêl wontên vervolgschool ing Purwodadi. Suwardi, kêpala guru, Sumantri Cakrasudibya, guru bantu, Maryasa al. Pujasewaya, guru bantu, Mahmud, guru bantu, sami katêtêpakên nyambutdamêl wontên Vervolgschool ing Purwodadi. P. Suteja al. Tejasukisma, kêpala guru ing Vervolgschool Têmanggung, kapindhah dhatêng Purwodadi I.R. Pujo al. Pujodiharjo guru Vervolgschool ing Purwodadi, kapindhah dhatêng Tawangharjo.

Pabrik mêrcon ing Rêmbang. Ingajêng kawartosakên bilih kuli-kuli pabrik mêrcon ing Rêmbang katingal mindhak, amargi epahanipun dipun indhaki 40%, tuwin têtiyang ingkang gêgriya têbih, mangkat mantuk dipun tumpakakên opêlèt. Ing sapunika têtiyang ingkang nêdha padamêlan byuk-byukan. Bêtahipun têtiyang ing pabrik wontên 2000. Rumiyinipun têtiyang ingriku sami botên purun nyambutdamêl, jalaran ajrih saking mastani, bilih griya ingriku punika angkêr.

Bupati Magêtan. R. Suryo, wadana ing Porong, katêtêpakên dados bupati ing Magêtan, angsal sêsêbutan tumênggung.

NAGARI WALANDI.

Kapal kêruk Karimata. Tumindaking kapal kêruk Karimata sampun madosi ing wêwêngkon ingkang têbanipun 100 m pasagi. Kapal kêruk wau mêntas angsal arta mas satunggal tuwin èrloji satunggal. Kajawi punika angsal arta ringgit Inggris, arta ringgit Sepanyol, bênik tangan sarakit, dom bundhêl têmbagi. Sadaya wau asli gadhahanipun kapal Lutine.

Paargyan jumênêng nata 40 taun. Miturut wartos saking Den Haag, benjing tanggal 29 wulan punika badhe kawontênakên baris agêng, minangka pèngêtan jumênêng nata Sri Bagendha Maharaja Putri 40 taun nguwaosi wadyabala dharatan tuwin lautan. Ingkang baris wontên tiyang 12.000.

Sultan Pontianak sampun dumugi nagari Walandi. Tindakipun Sultan Pontianak sampun dumugi nagari Walandi, dipun papag kaptin adjudant Romswinckel, atas asma dalêm Sri Bagendha Maharaja Putri, tuwin Tuwan Petrus Blomberger atas namanipun minister jajahan.

ASIA.

Kêbêsmèn ing Manilla. Ing Manilla mêntas wontên kêbêsmèn agêng-agêngan ing pakampungan miskin, griya ingkang kêbêsmi 1000 wuwung, cacahing tiyang ingkang kecalan pangauban 8000, kapitunanipun 40.000 pondsterling. Kajawi punika wontên kêbêsmèn malih, nêlasakên sapratiganing griya sakitha San Pueblo, ambêsmi griyaning para tiyang kêcêkapan, griya gêdhong nagari, pêkên kitha tuwin sanès-sanèsipun. Kapitunanipun 250.000 pondsterling.

Papan anggêgana Jêpan. Miturut wartos, pangagêng-pangagêng anggêgana Jêpan badhe damêl papan anggêgana ingkang agêng piyambak ing sadonya wontên ing Tokio. Jêmbaring papan anggêgana wau tikêl 3 tinimbang papan anggêgana Jerman ing Tempelhof, tuwin tikêl 4 tinimbang papan anggêgana Prancis ing Le Bourget.

Kapal pêrang Siam. Pabrik kapal ing Kawasaki, ing Kobe, Jêpan, sampun ambabar kapal pêrang wêlingan saking Siam, kapal pêrang wau nama Bhonburi, agêngipun 2265 ton. Kapal pêrang wau sampun dipun pasrahakên dhatêng wêwakil Praja Siam Phya Sri Kena. Kintên benjing wulan Sèptèmbêr ngajêng punika bidhal dhatêng Bangkok.

--- 1035 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

8

Salajêngipun Jak wicantên makatên: Ing sarèhning ing dintên punika kalêrês kula kêdah bidhal numpak sêpur dhatêng kitha sanès prêlu badhe anglajêngakên sêkolah kula, kados botên wontên kuwatosipun, bilih anggèn kula ngêtêrakên Ayak dhatêng palabuhan punika badhe konangan. Ing ngriku mangke, sasampunipun kula minggah ing sêpur sarta ingkang ngêtêrakên kula sampun sami wangsul, kula lajêng badhe enggal-enggal mriki. Salajêngipun kula ingkang badhe nguntapakên, Ayak dhatêng palabuhan ing Dhopêr. Manawi sampun, sawêg kula bidhal dhatêng sêkolahan, dados dhatêng kula wontên ing sêkolahan, namung kasèp sadintên. Kados-kados botên wontên tiyang ingkang badhe sumêrêp, lan ugi botên wontên tiyang ingkang badhe kapitunan, tur sadèrèngipun kula pêpisahan ing salami-laminipun, kula sagêd kêmpal kalihan Ayak ngantos sadintên.

Mênggah panêdhanipun Jak ingkang makatên wau, sayêktosipun anocogi kalihan punapa ingkang dipun sêdyakakên dening Polwic. Nanging saupami ing sadèrèngipun Polwic wau sumêrêp punapa ingkang dipun kajêngakên dening Jak ingkang salugunipun, bokmanawi rancanganipun anggèning badhe malês ukum dhatêng Tarsan tumuntên dipun sandèkakên, kosok-wangsulipun Polwic têmtu malah lajêng ambiyantu yêyêktosan, murih sêdyanipun Jak wau sagêd kalêksanan. Awit tumrap anggènipun badhe malês ukum Tarsan, cara ingkang makatên punika langkung titis katimbang rancanganipun piyambak.

Ing dintên ingkang sampun katêmtokakên wau, Lod tuwin Lèdhi Grèstuk nguntapakên ingkang putra: Jak, dhatêng sêtatsiun, ingkang lajêng kapapanakên wontên ing klas I. Ing sarèhning ing kala punika kapambêng wontên prêlu sanès, dumadakan Lod tuwin Lèdhi Grèstuk wau botên sagêd ngêntosi ngantos sêpur ingkang dipun tumpaki putranipun pangkat, nanging lajêng tumuntên kondur. Ingkang makatên punika mila ingkang dados pangajêng-ajêngipun Jak. Sawêg kemawon ingkang rama tuwin ingkang ibu mêdal saking sêtatsiun, Jak lajêng enggal-enggal nyandhak kopêripun sarta mandhap saking sêpur. Wontên ing sajawining sêtatsiun, Jak lajêng numpak kreta sewan nuju ing pondhokanipun Polwic. Kala dumuginipun ing ngriku sampun wanci sêrap. Ing wêkdal punika ing sêmu Polwic ingkang sampun sawatawis dangu ngêntosi dhatêngipun Jak, kadosdene tiyang bingung, tansah lumampah wongsal-wangsul wontên ing kamaripun. Ing kala punika kêthèk bangkokan dipun cancang mawi tangsul kiyat sangêt. Sasumêrêpipun Jak, sawêg sapisan punika Ayak dipun tangsuli kêncêng makatên punika. Amila Jak inggih lajêng tansah nyawang dhatêng Polwic kadosdene badhe pitakèn, punapaa têka Ayak kacancang kêncêng makatên punika. Ing ngriku Polwic garundêlan kalihan anêrangakên dhatêng Jak: anggènipun kêthèk bangkokan dipun cancang wau, awit ing sêmu Ayak mangrêtos, bilih badhe kawangsulakên dhatêng Aprikah. Piyambakipun lajêng kuwatos, manawi Ayak wau lajêng minggat.

Nalika Jak lumêbêt kamaripun Polwic, tiyang Rus sêpuh punika nyêpêngi tangsul sanès ingkang pungkasanipun mawi kala, ingkang tansah namung kangge dolanan kemawon. Rainipun ingkang pating bocèl namung tansah prêngat-prêngut, tur botên kèndêl anggènipun garundêlan. Kajawi punika piyambakipun botên kobêr linggih, ngêmungakên lumampah wongsal-wangsul kemawon. Jak salaminipun dèrèng nate sumêrêp Polwic sêmu bingung kados makatên punika, jalaran ingkang makatên wau, Jak inggih lajêng botên têntrêm manahipun. Ing wusana Polwic lajêng ngadêg ing pojoking kamar, têbih saking cancanganing kêthèk bangkokan, sarta lajêng wicantên dhatêng Jak makatên:

Cobi sampeyan mriki, lajêng kula wulang carane nangsuli kêthèk bangkokan manawane ontên margi ajêng bôngga.

Jak amangsuli: Kados ingkang makatên punika botên prêlu. Kula pitados, yèn Ayak têmtu badhe nurut kemawon dhatêng sadaya prentah kula.

Polwic anggêdrug-gêdrug ing siti sajak nêpsu, sarta wicantên: Sampeyan mriki ta, nèk sampeyan botên miturut napa kajêng kula, sampeyan botên kêna ngêtêrake Ayak têng palabuhan Dhopêr. Sabab kula botên purun nanggêl, yèn mangke Ayak nganti sagêd ucul.

Kalayan mèsêm Jak murugi Polwic sarta lajêng ngadêg ing sangajêngipun.

Polwic wicantên malih: Cobi samangke sampeyan mungkur, supayane kula sagêd nyukani tuladha anggène nyancang Ayak kanthi rikat.

--- 1036 ---

Jak mituruti prentahipun Polwic, dalasan kapurih ambônda tangan kemawon inggih botên suwala. Sanalika punika kalaning tangsul ujug-ujug kaslobokakên ing tangan kalih pisan, ingkang lajêng kaêrut kêncêng sangêt.

Sarêng Jak sampun dipun bônda kêncêng, patrapipun Polwic lajêng malih babarpisan. Jak ujug-ujug kabalikakên, kajegal sukunipun, sarta kajorogakên ngantos dhawah ngathang-ngathang wontên ing siti. Salajêngipun Polwic mêncolot, angêbruki ing dhadhanipun Jak. Kêthèk bangkokan ingkang kacancang, gêrêng-gêrêng sarta nrancag nêdya mêdhot tangsulipun. Jak tanpa anjêrit lan tanpa ngangluh. Watak ingkang makatên punika, sajak katurunan saking watakipun Tarsan, ingkang salami-laminipun, wiwit dipun upakara dening biyungipun pek-pekan ingkang nama Kala, inggih punika kêthèk bangkokan èstri, ngantos jumênêng dados Lod tansah wontên ing salêbêtipun bêbayaya,bêbaya. lan botên nate jêrit-jêrit utawi ngrêsula nêdha tulung dhatêng ing liyan. Awit mangrêtos, bilih tiyang sanès sampun botên badhe suka pitulungan ingkang yêktos.

Salajêngipun Polwic nyandhak kalamênjingipun Jak nêdya katêkêk. Glêgêsan sajak ngerang-erang Polwic ngumbar suwara makatên.

Bapakmu sing gawe cilaka nyang aku, nganti aku kaya mêngkene iki. Saiki bapakmu cikbèn ngrasakake. Yèn dhèwèke têka mrene, pangirane mêsthi iki panggawene kêthèk bangkokan, kang taktinggal lunga sadhela, dumadakan kowe banjur lumêbu mrene. Sakala kono kowe banjur dipatèni dening kêthèk bangkokan, mayitmu bakal takgalethakake ing papan paturon kono, ya kuwi sawise tak têkêk nganti ilang nyawamu. Lan yèn bapakmu wêruh kêthèk bangkokan isih lungguh ana ing kono mêsthine ora bakal anduwèni pandakwa liya, kajaba kêthèk bangkokan kuwi sing matèni. Sasampunipun cariyos makatên wau, Polwic lajêng gumujêng, sarta panêkêkipun saya dipun kiyati.

Ing wingkingipun tanpa kêndhat anggènipun kêthèk bangkokan tansah nrancag-nrancag ngudi pêdhoting tangsulipun. Dene Jak piyambak, rainipun saya pucêt-pucêt, nanging tanpa nyuwara sakêcap-kêcapa, ing polatanipun botên katingal, bilih piyambakipun ajrih utawi samar badhe dumuginipun ing tiwas. Ing ngriku Polwic saya kêncêng panêkêkipun. Saya dangu saya rêkaos anggènipun Jak badhe ambêkan. Ayak taksah nrancag-nrancag nêdya mêdhot tangsulipun. Ing wusana kêthèk bangkokan dhatêng ambalikajêngakên papan patilêman, tangsul ingkang kangge nyancang lajêng kagulung ing tanganipun, salajêngipun lajêng katarik sarosanipun, ingkang botên dangu lajêng nyuwara cêmêthor kadosdene kajêng tugêl, tangsul wau lajêng pêdhot.

Mirêng suwara cêmêthor wau, Polwic lajêng nolèh dhatêng wingking, sanalika rainipun katingal pucêt sangêt, awit nyumêrêpi, bilih kêthèk bangkokan ing kala punika sampun luwar saking cancanganipun.

Kanthi sapêncolotan kemawon kêthèk bangkokan sampun sagêd nubruk badanipun Polwic. Tiyang wau ajêlih-jêlih botên kantênan. Kêthèk bangkokan lajêng nyandhak pundhakipun Polwic saha lajêng kauncalakên têbih saking panggenanipun Jak. Salajêngipun Polwic katubruk malih, kukunipun kêthèk bangkokan ingkang saklangkung lancip, nunjêm ing badanipun Polwic lan siyungipun ingkang landhêp, nancêp ing kalamênjingipun. Polwic budi sakiyatipun, nangating npananging tanpa. damêl. Tanpa nyuwara malih, botên wakawiswatawis. dangu Polwic lajêng dhawah ing pêjah.

Sarana dipun tulungi ing kêthèk bangkokan ingkang nama Akut wau, Jak lajêng alon-alon mênyat. Salajêngipun Jak lajêng suka pitêdah dhatêng Akut, kadospundi anggènipun nguculi tangsul ingkang kangge ngêrut tanganipun. Nanging Akut punika namung satunggilipun satowana limrah, sanadyan anjalmaa kados punapa, inggih mêksa botên sagêd nyandhak kapintêranipun manusa, amila sanadyana anggènipun nguculi tangsul wau kanthi pitêdahipun Jak, ewasamantên ngantos kalih jam dangunipun, anggèning tangsul ingkang kangge ambônda Jak wau sawêg sagêd ucul babarpisan. Sasampunipun Jak luwar saking bêbandanipun, enggal-enggal piyambakipun nyandhak lading saha lajêng ngirisi tangsul ingkang taksih anggendhol wontên ing badanipun kêthèk bangkokan wau. Salajêngipun Jak ambikak kopêripun salah satunggal saha mêndhêt sandhangan sawatawis. Rancanganipun Jak mila inggih sampun matêng sayêktos. Sadaya punika tanpa mawi karêmbag rumiyin kalihan Akut. Awit mênggahing Akut, namung manut miturut punapa pikajênganipun Jak. Botên watawis dangu Jak tuwin kêthèk bangkokan lajêng sêsarêngan mêdal saking ing griya ngriku. Nanging sintêna tiyang ingkang sumêrêp namung sakêclapan kemawon, têmtu botên badhe ngintên, bilih salah satunggal punika sajatosipun awujud wanara. Badhe kasambêtan.

--- [1037] ---