Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 21-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 96, Rê Wa, 7 Sawal Jimawal 1869, 30 Nopèmbêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

--- [2269] ---

Ăngka 96, Rê Wa, 7 Sawal Jimawal 1869, 30 Nopèmbêr 1938, Taun XIII

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan...f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Ciyara - Wiraosan Sêrat - Mantêsi Potang Wukêr - Kawontênan Sajawining Praja - Saêjam wontên ing Rêmbang - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Ciyara.

[Grafik]

Sêsawangan ing Ciyara, sacêlakipun Cikotok, laladan Bantên kidul.

--- 2270 ---

Wiraosan Sêrat.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 93

Sêrat Damarwulan, wêdalan G.C.T. van Dorp en Co. ing Samarang, tanpa ciri taun.

Mangastuti, nungkêmi padèng sudarma.

Kalangkunganipun sang pujăngga. Panggambaring tiyang lan panggambaring lêlampahan: kêndêl, rikat, awangun corekanipun. Lageanipun: sugih sêmbrana aparikêna, sêmbrananipun amilangoni, awit kêrêp kangge anutupi rêmbag ingkang wigatos utawi muluk, sêmunipun sajak sang pujăngga ajrih dinakwa pamèr akongas, yèn ambalakakna kawigatosanipun. Punika kula aturi pêthikan sakêdhik.

Kalaning Damarwulan kalindhih prang tandhing Prabu Urubêsma, wontên wicantêning abdinipun makatên:

Saayême wong susah prihatin | ayêm nyăngga cadhong |[1]

padhang bulan asêdhêng mangsane | napuk pindhang anyandhing kuwali | lali susah sêdhih | kaenakên muluk ||

Punika saprepetan kados namung anggambar tiyang "cangkêm karut" nanging yèn rinaos-raos: punapa punika botên amulang pasrah ing pêpasthèn, pasrah ing pamasesaning Suksma.

Sarta kagatosna saening pralampita padhang wulan punika: padhanging wulan purnama cêkap kangge ningali ingkang ngantos pramana, nanging botên anyumuki sarta botên ambalêrêti kados padhanging surya.

Padhanging wulan punika kenging kangge pralampita kandêling piandêl, kêkahing iman. Tiyang ingkang kandêl piandêlipun, manahipun sumèlèh anarimah angraos-raosakên pêpasthèning pandum (anyăngga cadhong lan amuluk), punika sanadyan manggih lêlampahan ingkang nalaripun botên sagêd anjajagi, inggih punika amadhangakên, nanging tumandukipun dhatêng kajatèn ing manah sagêd pramana, sêpi saking tidha-tidha.

Kosokwangsulipun: pêpadhang ingkang pikantuk saking muluring nalar (intellectualisme), punika kenging kula upamèkakên pêpadhanging surya: sabarang rèh ingkang kasunaran pêpadhanging nalar, punika sagêd gambêlang anjingglang wela-wela wêwentehan samudayanipun, bêbasan salugud botên wontên ingkang botên kapadhangan. Nanging yèn padhanging nalar wau katamakakên dhatêng lênggahing kajatèn, dhawahing ngêndon ambalenjani.

Têrangipun makatên: nalar punika sagêd amadhangakên dhatêng pêpetangan ingkang anjalimêt sarta muluk, dhatêng sêsurupan lair ingkang rêmit-rêmit (exacte roeten schappen) nanging yèn katamakakên dhatêng sêsurupan kajatèn, têmahan amundur palarasan, têmahan pêpadhangipun malah ambalêrêngi, tandhanipun makatên: yèn kita pitakèn: ing pundi sangkan paraning gêsang kita, punika nalar botên badhe sagêd angrampungi, awit sadaya wangsulan [wangsu...]

--- 2271 ---

[...lan] ingkang awêwaton nalar, sagêd kapabênan awêwaton nalar ugi. Pitakèn punika rampunging wangsulanipun kêdah saking piandêl (iman), saking lênggahing tekad.

Punika wontên pêthikan malih ingkang sajakipun kados ginêmipun tiyang angglanyong, nanging yèn rinaos-raos angêwrat rêmbag ingkang prêmati.

Sadanguning Damarwulan kapidhara kalindhih ing prang wau, Dyah Suselaningrum mawanti-wanti pamungunipun, nanging Damarwulan tansah aminggu kemawon, wusana kawêdhar pêpuntoning manahipun sang dyah makatên:

[Asmaradana]

... sun marak aluse bae | patut-patute rahadyan | ngantosi nyawaningwang | nèng bale pangangên mangu | anolih kang kapang-kapang ||[2]

lamun tan arsa ngêntèni | mêsthi sun susul kapanggya | nèng pangarib-arib radèn | pantês awlas mring pawongan | lamun tan panggih ing wang | sun susul ing wot sang bagus | aluse mêsthi kapanggya ||

duk mulat mring sun gya nolih | mendah ta ecaning manah | lamun tan kasusul radèn | sun susul mring marcukundha | amêsthi yèn kêpanggya | anèng pêngayun dewa gung | dewa samya andum swarga ||

kalamun nora kêpanggih | sun susul Jonggringsalaka | nyawa mulya pakuwone | kala nampèni kaswargan | paringe Hyang Pratingkah | yèn mêksa nora katêmu | sun susul ing swarga pisan ||

radyan wus kapanggih mukti | ngrênggani ing kaluhuran | jumênêng lan nugrahane | pan awor sih nikmating Hyang | manira amawongan | yèn mêksa nora katêmu | sun susul mring kalanggêngan ||

ingran bale parowaning | pinrakane Hyang Suksmana | kaliwat luwih endahe | iku rahadyan kapanggya | pinarak kursi cahya | ing sawahya măntra cumbuh | tambuh gusti lan kawula ||

lamun mêksa tan kapanggih | sun ulari mring pacinan | yèn nuksma mring tapikonge | pasthi ing kono kapanggya | ambuka kauntungan | yèn èstu nora katêmu | sun wangsul mring wismaningwang || Badhe kasambêtan.

Kandhiyur.

--- 2272 ---

Mantêsi Potang Wukêr

Para maos têmtu nate mirêng têtêmbungan: te, te, te, (t. t. t) aliyas tien- twaalf- terug sepoeloeh (kembali) dua belas, malah kala-kala sok: sepoeloeh (kembali) limabelas, utawi têmbung tèkên, asèp. Têtêmbungan wau sampun misuwur sangêt. Misuwuripun botên jalaran saenipun, nanging sabab saking ngajih-ajrihi, anggêgirisi. Sok sintêna ingkang sampun nate kataman piyambak, nate dipun cêngkêrêm: te, te, te wau, mêsthi ngraosakên rêkaosipun. Kadosdene lalêr ingkang klêbêt ing jaringing kêmăngga, ugêr ebah malah saya kasingsêtan, polah malah saya katikêl-tikêl. Manawi botên ngêtog karosan saèstu, utawi angsal pitulungan ingkang cêsplêng, inggih mêsthi kalajêng sangsara. Bêgja-bêgjanipun: nyêmplung buwèn, dipun gèsêl.

Wontênipun sambut kapisambut mawi tatanan makatên punika sampun dangu. Saya dangu saya katingal awonipun, karaos anggènipun ngrisak bêbrayan ing tanah Indiya ngriki. Karaosipun wau botên namung saking kathahing prakawis landrad bab sambutan, asèp, kathahing tiyang ingkang klêbêt ing gèsêl.

Sampun sawatawis taun ingkang kapêngkêr punika dipun wontêni pakêmpalan: anti- woeker, mawi angsal pangayoman nagari. Ananging sanajan pakêmpalan wau sampun kathah sangêt pitulunganipun dhatêng tiyang-tiyang ingkang sami kajirêt asèp, ewadene sambut kapisambut wukêr wau, mêksa taksih dèrèng kandhêg babar pisan, sabab pakêmpalan wau botên wontên kêkiyatanipun ingatasing ukum.

Awit saking punika parentah tansah anggalih kadospundi marginipun sagêd nyandhêt ngrêbdaning wukêr, tuwin sagêd mitulungi dhatêng tiyang ingkang sampun kêtalib kêtikêl wau. Marginipun botên wontên malih kajawi dipun wontêni anggêr-anggêr.

Anggêr-anggêr wau sampun mêdal. Wontên warni kalih, inggih punika: Woeker-ordonnantie 1938, kapacal wontên ing Staatsblad 1938 No. 524, kalihan: Geldscheiters-ordonnantie 1938 (ordonansi juru potang), wontên ing Staatsblad 1938 No. 523.

Mênggah isinipun, ordhonansi kêkalih wau kados ing ngandhap punika:

[Iklan]

Woeker-ordonnantie 1938

Yèn juru potang kalihan tiyang ingkang nyambut sami ngawontênakên prajanjian, măngka prajanjian wau wiwit mula bukanipun suraosipun ngawratakên dhatêng ingkang nyambut, sarta yèn miturut kawontênan anggènipun ngawratakên wau ngungkuli watês, punika manawi wontên panêdhanipun tiyang ingkang kawratan wau, pangadilan wênang nyuda awrating prajanjian, utawi wênang nganggêp prajanjian wau botên kangge. Pangadilan anggènipun nindakakên wêwênangipun wau botên namung manawi wontên panêdhanipun tiyangipun [ti...]

--- 2273 ---

[...yangipun] kemawon, nanging ugi sagêd nindakakên kabêkta saking wajibipun. Ananging pangadilan botên badhe nindakakên wêwênangipun wau, manawi katitik, bilih tiyang ingkang rumaos kawratan utawi kapitunan wau, nalika damêl prajanjian ngrêtos utawi sumêrêp kadospundi suraos tuwin badhe wêkasananipun prajanjian wau. Dados anggènipun damêl prajanjian wau botên kabêkta saking weya, gumampil, dèrèng nate nate utawi saking kêpèpèt ing kawontênan (artikêl 2 adêg-adêg 1).

Dumugining prakawis, tiyangipun kenging ambêkta saksi-saksi (adêg-adêg 2).

Sadèrèngipun pangadilan mutus kados kasêbut ing nginggil wau, pangadilan nyukani kalonggaran rumiyin dhatêng ingkang sami prakawisan, kadospundi sagêdipun ngènthèngakên prajanjian (adêg-adêg 3).

Manawi pangadilan mutus kados ingkang kasêbut ing artikêl 2 adêg-adêg 1 wau, ing nalika andhawuhakên putusan, kêdah mawi dipun cêlakakên pisan kadospundi prajanjian ing sapawingkingipun supados sami adilipun tumraping hak kalih-kalihipun ingkang sami prakawisan. Nanging manawi pangadilan mutus: prajanjian wau botên kangge, pihak kalih-kalihipun ingkang sami prakawisan wau ing sasagêd-sagêd dipun damêl wangsul lkawontênanipun kadosdene nalika dèrèng damêl prajanjian.

Ordhonansi wukêr punika tumapakipun wiwit tanggal 16 Sèptèmbêr 1983. Badhe kasambêtan.

[Iklan]

Pawartos saking Rêdhaksi.

Langganan nomêr 3522.

a. 31 Juli 1927 dhawah dintên Ngahad Wage, wuku kuningan.

b. 23 Sèptèmbêr 1932 dhawah dintên Jumuwah Kliwon, wuku Sungsang.

c. 26 April 1935 dhawah dintên Sêtu Kliwon, wuku Maktal.

d. 19 Oktobêr 1904 dhawah dintên Rêbo Wage, wuku Manail.

Tuwan S.P.S. ing T. Karangan sampun katampèn, nanging namung ingkang kaca 22 tuwin 23, dados kathah kirangipun.

K. 5469 ing B. Kintunan gambar botên kapacak, amargi sampun kasèp.

Tuwan R. ing P. Karangan bab têdha botên kapacak, kêgolong sampun kêlimrah.

Tuwan S.C.S. ing K. Kintunan panjênêngan gambar ingkang satunggal botên kapacak, amargi sampun kasèp, măngka gêgayutan kalihan sedanipun. Gambar satunggalipun botên cêtha. Sami kakintunakên wangsul. Nuwun.

R.A.O. ing C. Gambar botên kapacak, kajawi sampun kasèp, Kajawèn botên macak babagan ingkang makatên punika. Mugi botên andadosakên cuwaning panggalih.

R.M.P.D. ing S. Manawi ngintuni karangan kaparênga basa Jawi tuwin kasêrat aksara jawi.

K. 5078 ing G. Ing Bale Pustaka botên wontên, ing sanès panggenan dèrèng sumêrêpan.

--- 2274 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan Sajawining Praja.

Tumularing dayanipun Hitler.

Kados sampun limrah, sawarnining tindak ingkang mikantuki, punika andhakan dipun tulad ing sanès. Tumrap ing Eropah, tindak ingkang tansah dados wawasaning ngakathah, punika tindakipun Hitler, sabên jumêdhul namung damêl samar, nanging kawusananipun malah pinanggih menginakên, dene kasêmbadan punapa ingkang dados sêdyanipun.

Tindakipun Jêrman ingkang makatên wau, sajak-sajakipun lajêng dipun tulad dening Polên tuwin Honggari, arekadaya nuwuhakên ura-uru wontên ing laladan Oekraine bawah Tsjechoslowakije. Pinanggihipun ing sapunika, nagari kêkalih wau sampun sami pacak baris wontên ing tapêl watês. Wadyabala Tsjechoslowakije ingkang ing ngajêng tansah sadhiya dêdamêl badhe kangge nanggulangi Jêrman, sampun sami sèlèh dêdamêlipun, dening sampun rinaos têntrêm. Ingkang makatên wau tumraping Polên tuwin Honggari rumaos manggih kalamăngsa ingkang prayogi. Ing kala punika, sakêdhap-sakêdhap ing Oekraine wontên ura-uru, ingkang lokipun Polên tuwin Honggari mastani tuwuh saking kêkajênganipun têtiyang ing ngriku piyambak, pancèn nêdya ambalela. Nanging nyatanipun, miturut katrangan saking têtiyang Tsjechoslowakije, tuwuh ing ura-uru saking pandamêlingpun Polên.

Ing ngajêng inggih sampun nate wontên karampungan ingkang katêtêpakên wontên ing Weenen, nanging karampungan wau botên damêl pamarêmipun Polên tuwin Honggari. Măngka sajatosipun kêkêncênganing nagari kêkalih wau, pinanggihipun badhe sagêd ngalang-alangi sêdyanipun Jêrman anggèning badhe anjêmbarakên dayaning ekonominipun. Inggih punika wontên ing Bohemen Slowakije, Moravia tuwin Oekraine ngantos dumugi lautan cêmêng.

[Grafik]

Sang Raja Carol, Nata ing Romêniyê.

Bab punika Jêrman botên kewran dhatêng ubad-ubêding kêkajênganing Hitler inggih purun nyukakakên Oekraine dhatêng Polên, waton Polên purun aprajanji ing bab laladan Danzig. Inggih punika kêdah ngicali komisaris luhur ing Danzig. Paprentahanipun dipun cêpêng ing golongan Nasi, panguwaosipun [pangu...]

--- 2275 ---

[...waosipun] sami kadosdene Seiss-Inquart iostênrit tuwin Henlein ing Jêrman Sudhètên, kajawi punika kawontênakên margi saking Jêrman dhatêng Danzig anglangkungi laladan Polên.

Tumrapipun Romêniyê ugi gadhah sujana dhatêng supêkêtipun Polên kakiyan[3] Honggari, awit Honggari punika badhe kathah kêkajênganipun, botên sande tamtu badhe andhêsêk dhatêng Romêniyê, amargi ing ngriku kathah bangsanipun Honggari.

Kasamaranipun Romêniyê malah sampun kausulakên dhatêng Inggris, supados angalang-alangi kêkajênganipun Polên tuwin Honggari. Dene pinanggihipun Inggris lumuh mitulungi. Romêniyê lajêng mlebar nêdha pitulungan dhatêng Hitler. Ing bab punika Hitler inggih purun tumut ambiyantu, janji ugi tumut nguwaosi sumbêr lisah pèt ing Romêniyê.

Pangincihipun Polên tuwin Honggari tumrap dhatêng Oekraine punika namung ngêntosi limpenipun Jêrman kemawon. Nanging nyatanipun sêdyaning nagari kêkalih wau sampun pinênggak dening Hitler kanthi mupakatipun wêwakil Jêrman ing Warschau tuwin Boedapest, makatên ugi Inggris tuwin Prancis ugi sampun ngèngêtakên dhatên Polên tuwin Honggari.

Karampunganipun Hitler ingkang makatên wau sajatosipun napuk Mussolini, awit Mussolini pancèn nayogyani dhatêng sêdyanipun Polên tuwin Honggari.

[Iklan]

Prancis tuwin Jêrman.

Miturut wartos, Jêrman badhe năndha tangani prajanjianipun kalihan Prancis, ing bab anggènipun botên nêdya têmpuh-tinêmpuh salêbêtipun salangkung taun. Bab punika tumrap sêrat kabar Prancis kathah ingkang nayogyani, nanging ugi wontên ingkang botên rujuk, awit pikantukipun namung badhe nyakecakakên Jêrman, lajêng sagêd ngêlèr kajêng sapurun-purun, sagêd ugi mêlar dumugi lautan Têngah.

Dene tumrapipun Prancis, anggènipun purun năndha tangani prajanjian, punika namung angombèri supados tumraping babagan sajawining praja Prancis sagêda saya santosa.

Kawontênan salêbêting Praja Prancis.

Wontênipun Prancis katingal takluk dhatêng Hitler, punika saking ngrumaosi bilih wadyanipun anggêgana kawon sangêt kalihan Jêrman. Kawontênan [Kawontêna...]

--- 2276 ---

[...n] salêbêting praja pinanggih kêndho, ing dalêm saminggu, panyambut damêling para bêrah namung gangsal dintên, sadintênipun nyambut damêl wolung jam, punika adamêl sudaning pamêdal. Kajawi punika, ing ngriku kêrêp wontên pogokan, satêmah damêl kasamaraning para ingkang anggadhahi arta ngêculakên arta wontên ing ngriku. Mila pinanggihipun kathah arta ingkang mêdal dhatêng nagari sanès.

[Grafik]

Edourd Daladier, Premier ing Prancis.

Ingkang makatên punika lajêng nuwuhakên rekadaya ngangkah majênging panggaotan salêbêting praja, kanthi ngewahi tatanan, ngicali liburan kalih dintên ing dalêm saminggu, ing sabên dintênipun kêdah nyambut damêl sadasa jam, indhaking damêl kalih jam wau kapetang nyambut damêl ingkang angsal bayaran piyambak, nanging epahanipun suda. Ing bab punika botên dipun sayogyani ing para bêrah.

Ing ngriku lajêng nuwuhakên pogokan ingkang sakalangkung ngêgèt, lajêng wontên tindak wasesa, para ingkang mogok sami kapurih mêdal saking pabrik. Para punggawa sêpur tuwin pamêlikan, sami dipun cêpêngi, amargi pakaryan kalih warni punika sampun kêgolong pakaryan praja, sintên ingkang mogok wênang kaukum, wêwaton undhang-undhang. Ing ngriku para mogok mangrêtos dhatêng tatanan kaparêngipun nagari, nanging nyatanipun botên damêl pamarêming ngakathah. Mila salajêngipun tumraping golongan bêrah ingkang gadhah pakêmpalan santosa, ingkang nama C.G.T. lajêng badhe ngawontênakên pogokan umum. Wusana parentah inggih nyantosani, ngawontênakên undhang-undhang kadosdene măngsa pêrang, ingayoman undhang-undhang militèr.

[Grafik]

Joachim van Ribbontrop minister sajawining praja Jêrman.

Itali nêpsu sangêt.

Itali tumrapipun dhatêng Prancis dèrèng gadhah pamarêm, sanadyan sampun nayogyani dhatêng panguwaos Itali ing Ngabêsi, Prancis ugi kêdah ngakêni unggulipun Franco rumiyin ing Sêpanyol. Ing ngriku Itali sawêg purun amêmitran. Ing sapunika wontên sêsulak, Jêrman tuwin Inggris, sami ewa ingewanan.

--- [2277] ---

[Iklan]

--- 2278 ---

Rêmbagipun Garèng + Petruk

Saêjam wontên ing Rêmbang.

I.

Petruk : Ambanjurake rêmbugane sadurunge dina bakda Riyadi, Kang Garèng, aku rak wis ngomong, ana ing Blora aku mung têlung dina, tur têrus-têrusan ngêmbuk-êmbuk. Ewasamono aku bisa anjajah sawatara, sanadyan cara panjajahe wong lara, dadi wêruhe apa-apa iya mung saclèrèt bae. Iki kabèh ora liya saka parimirmane bêndara Patih Blora sakalihan. Kaya ta: aku iya bisa sănja nyang Rêmbang, sanadyan ana ing kono kira-kira mung saêjam. Mungguh parimirmane bêndara patih sakalihan mau, aku ora dikaparêngake mênyang Rêmbang nunggang sêpur, sabab mundhak kuwarêgên angin, tur lakune sêpur saka Blora mênyang Rêmbang kuwi mula iya: sa-stra-kara, sa-stra-kara, lakune thoklak-thaklik...

Garèng : Nanging dening panjênêngane sakalihan, kowe lan Makne Kamprèt banjur dicangking ing sedhane, katone: garang, kathik... gratis. Ora gumun, mula wis mêngkono lakune wong... dêlap. Wis, têrusna caritamu, ora prêlu nganggo nyampe gundhing-gundhingan barang.

Petruk : Ana ing Rêmbang sing dijujug iya ing dalême mitraku sinarawèdi kang wis tak kandhakake lagi anu kae. Ana ing kono, gojèg rame kae, Kang Garèng...

Garèng : Prakara gojèg wis langgananmu biyèn mula, ora prêlu kok dongèngake, aku ora butuh. Saiki caritakna bangsane sing aneh-anehan bae, Truk.

Petruk : Ana ing Rêmbang kono mung saêjam, tur awak lara, Kang Garèng, dadi iya ora pati bisa anjingglêng bangêt. Ewasamono aku mêksa mêndhaki aneh-anehan têlung rupa. Kang kapisan: bab modhê priyayi kakung.

Garèng : Lo, modhêne kêpriye, Truk. Modhê ing bab agêm-agêman, apa modhê ing bab pangolahe salira.

Petruk : Modhê bab pangolahe wadana, Kang Garèng. Dadi kaya ing Batawi, nanging ana ing Batawi tumrape para priya modhêne kêna diarani: modhê wêdhus prucul.

Garèng : We hla mati, ana modhê kathik modhê wêdhus prucul, iki têrange kêpriye.

Petruk : Mungguh sing dadi rêrêngganing wêdhus kuwi sabênêre sungune, nèk sungune branggah kae, katone iya pancèn brêgas. Dene wêdhus sing plunthus ora duwe sungu kuwi, katone pancèn iya unthal-unthul sajak ora anduwèni [andu...]

--- 2279 ---

[...wèni] trêngginas babar pisan. Wêdhus sing ora duwe sungu mau diarani wêdhus prucul. Rêrênggane wong lanang kuwi sanyatane brêngose, nèk brêngos caplang, sanadyan kanthonge kothong, nèk diuntir anjalêkithit, katone iya mêksa: brêgas, iya trêngginas, iya cakrak, iya mêtèntèng kae. Nanging saikine para priya ing Batawi sêmune moh diarani: brêgas, trêngginas, lan cakrak mau, nanging sajake sing dikêpengini supaya diaranana: ayu lêngut-lêngut dadi cara wêdhuse mono kapengin diarani wêdhus prucul. Mulane brêngos lan jenggot banjur dicukur ngati klimis rêsik kae.

Garèng : Jalaran saka iku, Truk, wong mănca sing têka ana ing palabuhan Tanjungpriuk, wêruh wong Jawa kang kapisane kuwi gumune sêtêngah mati, karo gèdhèg-gèdhèg ana sing sok kalair têmbunge mangkene: wong wadon ing tanah Jawa kuwi têka rêmpit têmên. Ora ngêmungake roke èndhèk têkan polok, badane kêtutup nganti brukut bangêt, dalasan rambute iya diubêl-ubêli nganti...

Petruk : Wayah, apa wong mănca... kêbirèn, kathik nganti ora wêruh êndi lanang êndi wadon, dupèh wong Jawa lanang klimis ora brêngos, ora jenggot. Wis, wis kok banjur nglantur omonge mêngkono. Saiki tak nyaritakake modhê ing kutha liya-liyane, kuwi kêna diarani: modhê rangah.

Garèng : Wayah, ana modhê kathik modhê rangah. Kuwi apa, Truk.

Petruk : Nèk didêlêng lagi mingkêm mêngkono, lambene iya wis anjlog mênjêro, Kang Garèng, nanging barêng pêcêngèh gumuyu, jêbul isih rangah, Kang Garèng.

[Grafik]

Garèng : Wong kurang ajar, kathik anggarap wong sing padha nganggo untu palsu. Kowe aja kliru tămpa, Truk, anane para sêpuh sok ngagêm waja palsu nganti kumplit, kuwi ora saka bêsuse, bèn diarani nom, mêngkono uga iya ora sabab saka karême nyang sungsum pitik, nanging jalaran saka bêkti lan tangate nyang Pangerane, Truk.

Petruk : We, hla ora ngrêti, Kang Garèng, ana wong nganggo untu palsu kathik diarani saka bêkti lan tangate nyang Pangerane. Mara, Kang Garèng, jarwakna nyang aku.

Garèng : O, endah-endah wong Islam kalane ningkahan bae, mulane apa-apa iya ora ngrêti. Mara ta pikirên, wong kuwi nèk untune wis pêrlop kabèh, yèn sêmbahyang macane Alpatekah mêsthine iya mangkene: Bismilahiyohmaniyohim, alkamdulillahilobil [alkamdulillahilo...]

--- [2280] ---

[...bil] yayamin, ayohmaniyohim. Mara, apa iya sah, seje yèn untune pêpak, mêsthine bisa mangkene macane: Bismilla (dawa, Truk) nirrohma (dawa manèh) nirrohim. Alkhamdulillah (dawa manèh) hirobbil a (ain, Truk) lamin, arohma (iki iya dawa, Truk) nirrohim. Hla rak iya mêngkono dadi pasèh. Mulane wong-wong tuwa banjur padha yasa untu palsu, prêlune supaya panyêmbahe nyang Pangerane bisa kanthi pasèh samêsthine.

Petruk : We, hla ora ngrêti aku, Kang Garèng, tak arani wong nyêmbah nyang Pangerane sing prêlu sukcine atine, arêpa sing kêlair pasèha dikaya ngapa, batine pating kêdumêt, apa iya sah. Nanging bab kiyi wajibe êmbah kyai, kene ora wênang mèlu cawe-cawe. Saiki tak nyaritakake modhêne ing Rêmbang kono. Ing sakawit aku mula gumun, Kang Garèng, anggêr aku kêpêthuk priyayi kakung, malah sing wis wiron sêlusin sisih... pipine, lo kuwi - nyuwun ngapuntên dalêm sèwu - rawise mêsthi irêng anjangês kae. Potongane mono, iya rupa-rupa lan warna-warna, ana sing potongan modhê: lalêr menclok, ana sing modhê ala Raja Tamtanus, yaiku sing caplang kathik kêtêl kae, malah ana sing modhê Raja Jêrman dhongkolan, yaiku sing pucuke anjênthit nyăngga langit kae, nanging kaya sing wis tak kandhakake mau, kabèh-kabèh padha irêng anjangês. Jarene kuwi diarani: modhê brêngos nècis.

Garèng : Anane modhê brêngos nècis kuwi mau, nèk aku: mu-pha-kat, wong lanang padha brêngosan kuwi wis apik bangêt, sabab bisa nuduhake: dêlêngên aku dudu... wandu, nanging lanang sêjati. Hla nèk wong lanang wis gêlêm ngakoni lanang sêjati, mêsthine iya ora bakal ngucira ing samubarang gawe, kang wis dadi kuwajibane wong lanang sêjati. Kawuwuhan: brêngos nècis têgêse: brêngose diupakara têmênan. Timbang karo brêngos gabrès, rak iya luwih bêcik: brêngos nècis. Kêna ditanggung, Truk, wong kuwi anggêre brêngose nècis, apa-apane iya mêsthine nècis, iki apik, Truk.

Petruk : Iya Kang Garèng, nèk kok tămpa mêngkono pancèn iya apik, nanging nèk nècise mau sarana obat Jêpang upamane, cikbèn irêng anjangês, cikbèn katon nom.

Garèng : Arêpa sing kanggo sarana... têlèk lancung pisan, lan duwe pangarêp-arêp: cikbèn katon nom, nèk aku malah mupakat. Sêmono kuwi yèn pangajabe: cikbèn isih kanggo anggonku nyambut gawe. Ora kok banjur anduwèni pangajab: cikbèn dilirik... mas jêng mas jêng.

Wara-wara.

Wontên pos wisêl kalih iji ingkang sapriki dèrèng sagêd dipun tindakakên saprêlunipun, jalaran tanpa ap sèndêr: inggih punika.

a. Kintunan saking Majakêrta, rêsi No. 437. f 1.50.

b. Kintunan saking Pathi, rêsi No. 59. f 150.

Sintên ingkang rumaos ngintunakên wisêl wau, kêparênga lajêng nêrangakên prêlunipun dhatêng:

Bale Pustaka.

--- 2281 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès).

TANAH NGRIKI.

Pamulangan tênun ing Pêkalongan. Miturut wartos, benjing taun ngajêng ing Pêkalongan badhe dipun wontên[4] pamulangan tênun saking ada-adanipun golongan partikêlir kanthi pambiyantunipun Nijverheidsconsulatiebureau. Tuwuhing ada-ada wau jalaran ing Pêkalongan katingal saya majêng padaganganipun tênun, nanging kirang ingkang ngêdali.

Pamulangan luhur Doktêr. Têtêp dados arts, Tuwan R. Suwandi Mangundipura.

[Grafik]

Sêmbahyang Id. Kados ingkang sampun tumindak ing sabên taun dening pakêmpalan Muhammadiyyah pang ing Bêtawi saha sanès-sanèsipun malih, nalika bakda Riadi dintên Rêbo kêpêngkêr ugi ngawontênakên sêmbahyang Id (kacêtha ing gambar) wontên ara-ara K.B.I. ing Gang Têngah.

Douanebond Surabaya. Ingkang kapilih dados sêsêpuhing douanebond ing Surabaya Tuwan Lengkong, tilas wethourder gemeenteraad ing Surabaya.

Sawung bal-balan saking Singapura. Nyarêngi benjing paargyan 200 taun adêging praja Surakarta, badhe andhatêngakên sawung bal-balan saking Singapura. Ing sapunika sawêg ngawontênakên tatananipun.

Utusan dalêm Nata Surakarta. Miturut wartos ingkang dumugi ing Surakarta, utusan dalêm Nata Surakarta, B.K.P. Hangabèhi sakalihan Bêndara Radèn Ayu, ing tanggal 23 Novembêr punika bidhal saking nagari Walandi, kintên-kintên dumuginipun ing Surakarta wontên tanggal 20 December ngajêng punika.

Griya miskin ing Nganjuk. Pandamêling griya miskin ing Ganung, Nganjuk, ing sapunika sampun rampung. Dene ingkang badhe katampèn malêbêt ingriku kajawi têtiyang gêsangipun pêpariman, ugi badhe nampèni têtiyang ingkang kêsrakat. Adêging griya miskin punika sampun kathah ingkang nyanggêmi badhe urun sabên wulan.

Aniem badhe anjêmbarakên têbanipun. Benjing taun ngajêng punika, Aniem badhe anjêmbarakên têbanipun masang pêpadhang lêstrik wontên ing Jawi-Têngah tuwin Jawi-Wetan ing panggenan ingkang alit-alit, kados ta ing Kêndal, Kaliwungu, Dêmak, Dampit, Turèn tuwin sanès-sanèsipun. Dene benjing taun 1940 gêntos ing Pamalang.

Ngindhaki juru ngupakara tiyang sakit. Pakaryan babagan Kasarasan ing Jawi-Têngah mêntas ngawontênakên rêmbag badhe ngawontênakên cursus juru ngupakara tiyang sakit, amargi ing sapunika pinanggih kirang sangêt. Kiranging punggawa wau jalaran saking kathahing griya sakit enggal.

Pèngêtan adêging Militair Academie. Kala dintên Kêmis tanggal 24 ing Malang kawontênakên pèngêtan ingkang dipun adani dening para tilas Mahasiswa ing Militair Academie ing Breda, nagari Walandi, kalêrês adêging pamulangan luhur militair wau sampun 110 taun.

Dados pangagêng D.V.G. Miturut wartos praja, Dr. W. F. Theunissen, katêtêpakên dados pangagêng D.V.G.

Pajêg sêpêda ing Betawi. Dumuginipun wulan punika, taunipun sampun mèh têlas, ewadene lêbêting pajêg sêpeda dèrèng têlas sadaya. Miturut pêpetangan, tumrap Bêtawi tuwin Mr. Cornelis, cacahing sêpeda wontên 20.000, ingkang sampun ambayar pajêg sawêg 12.000. Kajawi punika, wontên ingkang sami tumbas penning tumrap Mr. Cornelis ingkang namung rêgi f 1.-, mangka manawi tumrap Bêtawi kêdah f 1.50. Ingkang makatên punika benjing taun ngajêng wartosipun badhe kawontênakên tatanan pajêg ingkang sami, namung f 1.-.

Ingsêr-ingsêran guru. Kusèn alias Moh. Duriyat, kêpala guru ing regentschap Japara, dados kêpala guru ing regentschap Kêndal. Sukina alias Hadidarsana, wd. kêpala guru ing regentschap Pêkalongan, dados wd. kêpala guru regentschap Japara.

Pacobèn panggenanipun Glenn Martin. Bab panyobi panggenanipun motor mabur Glenn Martin saking Ambon dhatêng Andir sampun kêlampahan. Bidhalipun saking Ambon jam 6 enjing, dumugi Andir jam 1.03. Têbihipun Ambon-Andir wontên 2300 km. Panggenanipun wau mawi kèndêl wontên Makasar, pêrlu ngêjogi bènsin. Sadumuginipun Andir dipun papag legercommandant.

Sasana Siswa. Ing Surakarta wontên babadan nama Sasana Siswa. Adêging bêbadan wau kala ing taun 1935. Sêdyanipun comite ingkang adamêl ada-ada wau badhe nampèni saha suka wulangan dhatêng lare-lare ingkang cupêt botên sagên[5] nglajêngakên pasinaon, inggih punika saking H.I.S. utawi ingkang kasamèkakên, saha kêlampahan sagêd ngêdêgakên pamulangan kanamakakên T.O.S. (Teeken en Opname School). Adêging pamulangan wau namung wontên murid 18, dumugining wulan Juli 1938 ingkang sampun nyêkapi kasagêdanipun wontên murid 14, saha sampun sami tumanja nyambut damêl ing kantor warni-warni. Salajêngipun muridipun saya mindhak. Sasana Siswa punika nuntun para murid dhatêng padamêlan Technisch, laminipun 2 taun. Bayaranipun sawulan f 2.-. Tumrap murid saking sanès nagari dipun sadhiyani pondhokan, bayaranipun ing dalêm sawulan f 5.-. Ingkang dados pangarsanipun Tuwan Sastrawiyata ing Badran Yosoroto nomêr 152 Surakarta.

Ingsêr-ingsêran ing Jawi Wetan. Abdulmalik ugi nama Kusumodirêjo, asistèn-wêdana paresidhenan Bêsuki, dados ajunctjaksa Landraad ing Bondowoso. M. Sarju, tijd. wd. ajunctjaksa Landraad Bondowoso, dados tijd. wd. asistèn-wêdana paresidhenan Bêsuki.

--- 2282 ---

Pèngêtan 200 taun tumrap golongan mêthakan. Tumrap golongan abdi dalêm mêthakan ing Surakarta gadhah atur benjing dhawahing pèngêtan paargyan adêging praja Surakarta 200 taun, kaparêngna adamêl doorloop saking kulah dumugi surambi masjid agêng, minangka pèngêtan. Bab punika sampun wontên dhawuhing timbalan dalêm amarêngakên.

Ngintunakên kombang dhatêng Australie. Sampun rambah-rambah K.N.I.L.M. ambêkta doos-doos isi kombang saking tanah ngriki dhatêng Australie. Kombang-kombang wau sadumuginipun Australie lajêng katampèn ing satunggiling babadan ing Sydney, salajêngipun kakintunakên dhatêng pulo-pulo Fiji. Kombang-kombang wau asli saking tanah ngriki ingkang dipun klêmpakakên dening tuwan H.W. Simmons van Cremorne. Ing salajêngipun tuwan wau taksih pados kombang-kombang ingkang kangge nyirnakakên lalêr tuwin wangwung klapa. Mila pangintunipun kabêkta motor-mabur, supados sagêd enggal dumugi, botên kêsêlak pêjah.

[Grafik]

Pèngêtan 100 taun. Inginggil punika (gambaripun Sutan Indragiri R. Mahmud (Gambar têngah) ingkang enggal mangke ngawontênakên pèngêtan jangkêp 100 taun anggèning gêgandhengan kalihan gupêrmèn. Karajan Indragiri punika kalêbêt bawah Paresidhenan Riouw en Onderhoorigheden.

Cacahipun têtiyang minggah kaji. Benjing tanggal 3 December ngajêng punika, kapal Blitar badhe bidhal saking Tanjungpriok dhatêng Jedah ambêkta têtiyang minggah kaji 500. Dados dumugi sapunika gunggunging têtiyang minggah kaji wontên 10.000. Kala taun kêpêngkêr namung 8300.

Sêsakit malaria ing Ngayogya. Miturut papriksan ingkang dipun tindakakên dening Dr. Overbeek, pangagênging pakaryan babagan malaria, ing Ngayogya sisih kidul pinanggih wiji malaria ingkang nama Acanitis. Sarêng sampun dipun tindakakên pananggulangipun, lajêng sagêd sirêp. Salajêngipun tumrap rawa-rawa ing pasisir kidul badhe kaangkah rêsikipun tuwin dipun sirami ing jampi, namung ing bab anggèning badhe damêl tanggul ing pasisir kidul, taksih dados panggalihan, amargi waragadipun badhe yutan rupiyah.

Papriksan ing Sêlêbês. Ir. Wehlburg mêntas papriksa ing Sêlêbês saking gêgana, pêrlu niti ing pundi papan ingkang sagêd kilenan toya, saha papan wau badhe kangge paboyongan. Panggenaning motor mabur inggilipun 1000 m. Ingriku kathah panggenan ingkang kêtitik prayogi.

Tentoonstelling donya ing Francisco. Pambikaking tentoonstelling donya ing Francisco benjing tanggal 18 Fèbruari 1939. Pangintunipun barang-barang saking tanah ngriki ingkang kantun piyambak wontên ing salêbêtipun minggu punika.

[Iklan]

Arta kêrtas palsu f 10.-. Kantor Javasche Bank ing Bêtawi mêntas nampèni arta kêrtas palsu rêgi f 10.-, ciri F.E. 08427. Salajêngipun dados papriksan pulisi.

Pabrik Aluminium. Kawartosakên, Billiton Mij. badhe ngadani ngêdêgakên pabrik aluminium wontên ing Sumatra.

Ingsêr-ingsêran. R. Ismukadinoto, ugi nama Cokroamisena, asistèn wêdana Paresidhenan Surabaya, dados ajunct-hoofdjaksa Landraad ing Surabaya. R. Panji Mohamad Satriyo Condronêgoro, ajucnt-hoofdjaksa Landraad ing Surabaya, dados asistèn wêdana Paresidhenan Surabaya.

Kadurjanan sela ingkang mawa rêgi. Tuwan R. Schaap, ahli sela ingkang damêlipun numbasi sela kangge rimatan ing Museum ing Bêtawi, mêntas numbasi sela-sela rêrêgèn f 50.-. Ingriku lajêng nuwuhakên sanggarunggi, sarêng nocogakên buku pèngêtan, pinanggih wontên sela cacah 21, rêrêgèn f 100.- ical. Ingriku aljêng[6] kalapurakên ing pulisi, wusana sagêd nyêpêngi têtiyang ingkang gêgayutan kalihan babagan kadurjanan wau.

Pèngêtan ing bab sêsakit kankêr. Kala tanggal 25 November punika ing Pamulangan luhur Pangadilan saèstu kawontênakên paargyan mèngêti lêlabêtanipun Perrie tuwin Marie Curie tuwin Johann Rontgen, sadaya wau ingkang sami gêgayutan pangudi babagan sêsakit ingkang kasêbut inginggil. Dipun jumênêngi Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana. Ingkang mêdhar sabda Prof. Dr. B.J. van der Plaats, maha-guru Pamulangan luhur dhoktêr, ing bab sêsakit kankêr. Sarampunging paargyan, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana têdhak ing gêdhong Nirom.

Nirom ing taun 1939. Benjing taun 1939 ngajêng punika Nirom badhe ngiyatakên zender-zender ing Surabaya tuwin Bandung tumrap wetanan ing wanci siyang. Makatên ugi tumrap wanci dalu ugi badhe dipun indhaki dumugi jam 12 dalu. Tumrap tanah karajan Jawi kaangkah saya prayoginipun, badhe sarêmbag kalihan Tuwan Tan King San ing Ngayogya, migunakakên gangsanipun, kajawi punika ugi badhe sarêmbag kalihan pakêmpalan kêthoprak ing Ngayogya. Tumrap Ngayogya punika botên gêgayutan kalihan Mavro.

Tanêman kangge obat nyamuk. Kêbon sêkar ing Sela, Boyolali, kacobi dipun tanêmi bangsaning sêkar ingkang kenging kangge obat nyamuk. Ingkang nindakakên cobèn-cobèn wau Ir. Gunung Iskandar. Tanêman punika wujudipun kados sêkar kênikir, isinipun kadosdene adas. Sêkar wau lajêng dipun êpe, manawi sampun garing lajêng dipun dhêplok lêmbat kados glêpung, lajêng dipun mori toya tuwin lisah pèt, sampun kenging kangge obat nyamuk. Pinanggihing papriksan saking laboratorium ing Bogor, pacobèn wau pinanggih sae. Ing salajêngipun pacobèn wau badhe dipun kathahi.

Prof. Dr. R.A. Husein Jayadiningrat verlof. Miturut wartos Praja, Prof. Dr. R.A. Husein Jayadiningrat kaparêngakên verlof 6 minggu ing salêbêtipun gêrah, wiwit tanggal 28 October 1938.

Bêna agêng ing Makasar. Kawartosakên, kala dintên Kêmis tanggal 24 November, laladan Makasar ing Mapili Tinanbung wontên bêna agêng. Kathah griya ingkang sami kentir, ugi kathah rajakaya ingkang katut. Wontên tiyang sawatawis ingkang ical botên kantênan. Laladan papan paboyongan sami kêlêban toya. Margi saking Polewali-Majene-Mamosa karisakan, botên kenging kangge langkung. Têtiyang ingriku sami botên ngintên wontên bêbaya ingkang kados makatên.

EROPA

Kala sumarenipun Ataturk. Miturut wartos, ing kala sumarenipun Ataturk, kathah sangêt tiyang ningali. Wontên tiyang ingkang tiwas 11, kathah tiyang ingkang kêsayahan. Wontên têtiyang èstri tuwin lare-lare cacah 1000 sami klêngêr, jalaran saking suk-sukan kala andhèrèkakên layon tuwin sami ningali.

--- 2283 ---

Wêwaosan

Anakipun Tarsan.

Pêpiridan saking buku karanganipun Edgar Rice Burroughs.

31

Sasampunipun ambêngoki Korak supados amêjahana kêthèk bangkokan wau, Mariyam lajêng enggal-enggal mênyat, saha lajêng murugi dhatêng Korak prêlu angagêngakên manahipun. Wontên ing sacêlakipun Korak ngriku, piyambakipun sumêrêp towokipun Korak ingkang kabucal nalikanipun anêmpuh dhatêng kêthèk bangkokan. Towok wau lajêng enggal-enggal dipun pêndhêt dening Mariyam. Ing ngriku Mariyan ningali tarungipun Korak kalihan kêthèk bangkokan sakalangkung anggêgirisi punika, ing sêmu botên katingal ajrih utawi maras manahipun. Mênggah ingkang dados panggraitanipun makatên: Korak, kêkasihipun, ing samangke păncakara kalihan kêthèk bangkokan sanès rêbatan piyambakipun. Tumrap kêthèk bangkokan èstri limrah têmtunipun lajêng mènèk ing panging wit-witan ingkang inggil, saha nyawang wontênipun têtarungan wau saking katêbihan. Nanging mênggahing Mariyam botên tumindak ingkang makatên punika. Niyatipun inggih nêdya ambelani kêkasihipun. Amila towokipun Korak ingkang dipun cêpêngi wau lajêng kasudukakên ing badanipun kêthèk bangkokan ngantos angèngingi ing jantungipun. Nanging yêktosipun Korak botên prêlu kabiyantu dening Mariyam, awit ing kala punika sajatosipun kêthèk bangkokan sampun pêjah, dening kalamênjingipun sampun pêdhot cinokot ing Korak. Ewasamantên sarêng kêthèk bangkokan sampun ical nyawanipun gumlethak ing siti, Korak lajêng mèsêm nyawang dhatêng Mariyam kadosdene ngatingalakên bingahing manahipun dhatêng pambiyantuning Mariyam wau.

Ing kala punika tuwuh gagasanipun Korak makatên: e, ladalah, Mariyam kiyi têka katon wis gêdhe lan ayu têmên. Apa saka pisah mung sadhela iki wus samono malihe. Apa jalaran saka mêntas taru[7] karo kêthèk bangkokan iki mau, ujug-ujug banjur owah pandêlênganaku. Nalikane tak gawa lunga saka ing desane wong Arab kae, kaya-kaya isih cilik bangêt. Nanging wis pira lawase anggone dhèwèke milu aku. Êmbuh aku ora ngrêti, wong aku iki ora tau kobêr ngetungi wayah.

Panyawangipun Korak dhatêng Mariyam ing samangke saya prêmati, lan gagasanipun inggih saya ngalangut: tobat, nyata Mariyam saikine wis dudu bocah cilik manèh. Saikine wis dadi gêdhe lan wong kang ayu rupane têmênan. Malihe kuwi saka sathithik, nanging jalaran saka kumpul sabên dina, nganti aku ora bisa nitèni. Ing ngriku pun Korak lajêng nyawang dhatêng kêthèk bangkokan ingkang pêjah gumlethak wontên ing siti wau. Sanalika punika sawêg kemawon piyambakipun mangrêtos sabab-sababipun dene kêthèk bangkokan lajêng anggondhol pun Mariyam, salajêngipun Korak nuntên nyawang malih dhatêng lare èstri wau, sakala punika piyambakipun andadak ngrumaosi bilih raosing manahipun beda kados ingkang sampun-sampun. Ing wêkdal punika panyawangipun Korak dhatêng Mariyam kadosdene ngangge mripat sanès, inggih punika panyawangipun jaka dhatêng prawan.

Nalikanipun Mariyam migunakakên towokipun Korak kangge nyuduk badanipun kêthèk bangkokan wau, kalêrêsan, Akut dumugi ing ngriku. Bingahipun kêthèk bangkokan sêpuh ing kala punika tanpa upami, klayan gêrêng-gêrêng piyambakipun lajêng ngubêngi bangkening mêngsahipun wau, lambenipun tansah ebah kemawon, wulunipun sami anjêgrig ngadêg sadaya. Piyambakipun botên pisan-pisan amigatosakên dhatêng Korak, punapadene dhatêng Mariyam, ngêmungakên tansah nyawang sarta ngambus-ambus kêthèk bangkokan ingkang sampun pêjah wau. Ing sêmu dening gandaning kêthèk bangkokan tuwin ningali wujuding sato galak bangsanipun ingkang gumlethak ing siti punika, Akut lajêng kêtuwuhan manah kêpengin wangsul angêmpali bangsanipun piyambak. Dados ing kala punika botên ngêmungakên Korak kemawon ingkang ewah manahipun, sanadyan Akut makatên ugi.

[Iklan]

Kadospundi mênggahing Mariyam. Mariyam punika nama wanita limrah. Sampun tinakdirakên dening Ingkang Kuwaos, bilih wanita punika kagadhuhan manah trêsna lan asih. Salami-laminipun Mariyam tansah

--- 2284 ---

trêsna dhatêng Korak. Awit panganggêpipun Mariyam, Korak punika sadhèrèkipun jalêr ingkang sêpuh. Dados sampun samêsthinipun bilih piyambakipun anggadhahi manah trêsna lan asih. Amila ing kala punika inggih kenging dipun wastani namung Mariyam piyambak ingkang botên malih manahipun babar pisan. Ingkang sampun-sampun tansah rumaos sênêng manahipun kêmpal kalihan pun Korak, samangke makatên ugi, kala rumiyin piyambakipun anggadhahi manah trêsna lan asih dhatêng Korak, ing samangke inggih taksih ajêg trêsna lan asih, ananging trêsna tuwin asihipun wau, kadosdene dhatêng sadhèrèkipun jalêr ingkang langkung sêpuh. Lan piyambakipun rumaos agêng manahipun yêktos anggadhahi sadhèrèk jalêr Korak wau, awit ing satêbaning wana ngriku botên wontên makluk ingkang rosa, bagus, tuwin prawira sarta kêndêl kadosdene Korak punika.

Korak lajêng anyakêti pun Mariyam. Kala Mariyam nyawang dhatêng Korak, ing ngriku Mariyam nyumêrêpi bilih kêclaping mripatipun Korak katingal ragi beda sawatawis katimbang ingkang sampun-sampun. Mariyam botên mangrêtos, bilih piyambakipun tuwin Korak ing wêkdal punika sampun mèh ngancik ing diwasa, lan piyambakipun ugi botên mangrêtos, bilih gêsang wontên ing donya punika wontên bedanipun mênggahing jalu tuwin wanita. Makatên ugi Mariyam botên mangrêtos, bilih kêclaping mripatipun Korak wau gadhah têgês sanès.

Korak lajêng angrangkul Mariyam, kanthi suwara sêrak piyambakipun lajêng bisik-bisik makatên: Mariyam, Mariyam. Ujug-ujug pangrangkulipun wau andadak dipun kêncêngi. Dene pun Mariyam ngêmungakên nyawang rainipun Korak kalihan gumujêng. Salajêngipun Korak andhingklukakên sirahipun saha lajêng nucup cangkêmipun Mariyam. Ing kala punika Mariyam mêksa inggih dèrèng mangrêtos. Salaminipun gêsang Mariyam punika rumaos dèrèng nate dipun cucup cangkêmipun, punapadene dipun ambung ing tiyang. Dipun makatênakên dening Korak wau, rumaos sênêng sangêt. Mênggah ingkang dados panggraitanipun: Korak nyucup cangkêmipun wau, namung badhe nglairakên bingahing manahipun, dene Mariyam botên saèstu dipun gondhol dening kêthèk bangkokan. Ing sarèhning piyambakipun piyambak ngraos bingah dene sagêd wilujêng, amila inggih lajêng niru caranipun Korak anggèning anglairakên bingahing manahipun wau, inggih punika Mariyam lajêng angrangkul Korak saha nyucup cangkêmipun ngantos rambah-rambah. Ing kala punika dumadakan piyambakipun sumêrêp bonekahipun ingkang kasimpên ing kasangipun Korak. Bonekah lajêng enggal-enggal kapêndhêt sarta lajêng dipun ambungi tuwin dipun cucupi cangkêmipun, botên beda kadosdene anggènipun ngambungi tuwin nyucupi cangkêmipun Korak wau.

Ing kala punika Korak kêpengin anglairakên ginêm, inggih punika anglairakên gênging sih katrêsnanipun dhatêng Mariyam. Nanging jalaran saking kêdhêring manah kataman ing gandrung wau, botên sagêd kawêdal têmbungipun. Kajawi punika basanipun kêthèk bangkokan punika cêkak sangêt, kados inggih badhe angèl tuwin rêkaos manawi badhe kangge anglairakên raos gandrung wau.

Dumadakan ing wêkdal punika kamirêngan gêrêng-gêrêngipun Akut. Gêrêng-gêrêngipun punika kalêrês botên patos sora kados nalika Akut lumampah ngubêngi bangkenipun kêthèk bangkokan. Ewasamantên sagêd nguwalakên Korak anggènipun angrangkul Mariyam. Awit mênggahing Korak, sanadyan wujudipun taksih manusa, namung watakipun sampun kados sato wana sajati. Amila dhatêng gêrêng-gêrênging Akut, sanadyan botên patos sora, nanging inggih lajêng mangrêtos bilih ing ngriku wontên pikajêngipun ingkang wigatos. Awit sayêktosipun, anggènipun Akut ujug-ujug gêrêng-gêrêng wau, gadhah sêdya badhe angèngêtakên dhatêng Korak tuwin Mariyam bilih wontên punapa-punapa ingkang badhe andhatêngi. Tiga-tiganipun lajêng sami ngadêg anjêjêr tanpa ebah, migatosakên kawontênanipun ing salêbêting wana ngriku. Ing salajêngipun, tiga-tiganipun wau botên namung migunakakên mripatipun kemawon, nanging ugi kuping tuwin irungipun. Ing wusana tiga-tiganipun inggih lajêng sami yakin, bilih wontên punapa-punapa ingkang dhatêng murugi ing papan ngriku.

Korak lajêng ngadêg anjajari Akut. Dene Mariyam ngadêg wontên ing wingkipun. Tiga-tiganipun prasasat rêca sela tanpa ebah babar pisan, kajawi namung ngawasakên dhatêng prênahipun suwara ingkang kamirêngan saking ngriku wau. Saya dangu suwaranipun saya sora, lan botên watawis dangu malih ujug-ujug bêdhêngus wontên kêthèk bangkokan mêdal saking garumbulan. Sarêng kêthèk bangkokan sumêrêp makluk tiga wau, lajêng gêrêng-gêrêng kalihan nolèh dhatêng wingking, kadosdene undang-undang kancanipun. Sakêdhap malih lajêng pating jrêdhul wontên kêthèk bangkokan pintên-pintên dhatêng ing ngriku. Gunggung kêmpal cacahipun wontên kawan dasa. Kêthèk samantên cacahipun wau, sajatosipun balanipun kêthèk bangkokan ingkang mêntas dipun pêjahi dening Korak. Nyumêrêpi glibêtipun kêthèk bangkokan pintên-pintên ingkang sajak botên sae wau, Akut lajêng tuding-tuding dhatêng ratunipun ingkang sampun pêjah gumlethak ing siti sarwi awicantên makatên: Badhe kasambêtan.

--- 185 ---

Nomêr 47, 30 Nopèmbêr 1938, taun III

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta Rr. Siti Mariyam, kawêdalakên sabên Rêbo

Wajibipun Tiyang Sêpuh dhatêng Lare.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 90

Ingkang prêlu sangêt kêdah dipun jagi, lare punika sampun ngantos kadayan ing cipta kasar sarta awon. Tiyang ingkang watak pambêganipun kasar botên gadhah sih, kêdah dipun têbihakên saking lare, amargi tumularing piawonipun punika langkung ambêbayani katimbang satunggiling sêsakit. Wawasan makatên punika prêlu kangge pamilihipun êmban, sampun ngantos mêndhêt êmban ingkang gadhah watak makatên wau, sasae-saening êmban, inggih taksih sae tiyang sêpuhipun piyambak.

Para êmban punika ingkang kathah trêsna dhatêng lare momonganipun, panganggêpipun ngantos kados anakipun piyambak, ewadene panjênêngan inggih sampun kasupèn bilih punika êmban, saea kalakuanipun nanging langkung prayogi sampun nilar prayitnaning galih, têgêsipun: sampun ngantos maligi dipun borongakên dhatêng êmban kemawon, inggih sanadyana pun êmban trêsna sangêt dhatêng lare, saha sae anggènipun ngêmong, nanging bilih kirang kasagêdan, awit saking kirang pangajaran, katimbang kalihan racak-racakipun tiyang sêpuhipun lare, dados lare têmtunipun inggih badhe kadayan ciptanipun êmban ingkang kirang sae punika. Mila manawi para ibu angajêng-ajêng murih putra-putranipun dadosa tiyang sae utawi linangkung, sampun kêkathahên anggènipun masrahakên dhatêng êmban, sarta manawi nuju dipun êmong piyambak, kaèngêt-èngêta sampun anggagas ingkang awon, punapadene anggadhahi gagasan ingkang kirang prayogi.

Kajawi punika para tiyang sêpuh ugi kêdah èngêt, kajawi ingkang sampun dipun cariyosakên ing ngajêng, prêlu angsal daya malih saking tiyang sêpuhipun, inggih punika saking tansah anggènipun anggêgulang tumindaking sih ingkang tanpa pamrih cipta suci tuwin pangraos luhur. Daya punika sadaya sagêd anangèkakên wiji ingkang taksih tilêm wontên ing salêbêtipun lare, wusana lajêng dados watak pambêgan sae.

--- 186 ---

Ingkang makatên punika tiyang sêpuh sampun pisan-pisan anggalih kuwatos ambokmanawi botên wontên gunanipun, awit saking botên priksa dhatêng gunanipun sadaya wau, tumrap para waspadaning paningal, makatên wau katingal cêtha, priksa dhatêng gêgêtêring badan pamikir ing satunggal-satunggalipun, makatên ugi dayaning gêgêtêr wau ingkang tumanduk ing badan pamikiripun lare. Manawi gêgêtêr wau kêrêp dipun ambali, katingalan cêtha anggènipun sagêd angewahi saya saening badanipun pamikir lare, ingkang anuntun dhatêng kamajêngan, inggih langkung prayogi sangêt manawi tiyang sêpuhipun piyambak gadhah kawaspadan, nanging manawi botên sagêd, botên prêlu sumêlang, awit sanadyan botên sagêd nyumêrêpi tumandukipun, têmtu badhe nyumêrêpi kadadosaning pandamêlanipun wau, inggih punika wontên ing wujuding kawontênanipun lare. Badhe kasambêtan.

Rara Sri Palupi, Surakarta.

Bab Olah-olah.

1. Wedang dongo.

Wedang dongo, glêpung kêtos 1/2 panci dipun jèri mawi toya kadamêla akas kados badhe ondhe-ondhe. Lajêng dipun galindhingi sakênèkêr dipun isèni kacang cina kagorèng sangan, lajêng kaplècèt, wijèn kagorèng sangan, lajêng kadhêplok piyambak-piyambak, manawi sampun sami lêmbut lajêng kauwor kadhêplok malih kalihan gêndhis jawi ingkang jêne. Manawi sampun amor lajêng kangge ngisèni glindhingan galêpung wau. Manawi sampun rampung pangglindhingipun, lajêng angêngkrêngna manci kaparingana toya 6 gêlas, kaparingana bumbu: manis jangan sakêdhik, cêngkèh 5 iji, jahe sagrigèh, sêre 2 punggêl, gêndhis pasir utawi batu salêginipun. Manawi sampun umob sawatawis dangunipun, bumbu wau kabucalana, kacêmplungana galindhingan, galêpung kêtos ingkang dipun isèni wau, manawi sadaya sampun sami kumampul mratandhani manawi sampun matêng, lajêng kaêntas kawadhahan gêlas utawi cangkir. Kagêm ngunjuk angêt-angêtan.

2. Wedang rondhe.

Pandamêlipun sami kalihan wedang dongo, namung kaotipun tanpa isi, namung glêpungipun mawi katèrès abrit utawi ijêm, lan anggènipun angglindhingi alit-alit, lan ingkang kathah jae sêrenipun.

3. Cêmowe gandum.

Cangkir utawi mangkok, dipun dèkèki kêtos ingkang sampun matêng kakaru santên, rajangan roti tipis-tipis. Lajêng dipun paringi wedang ingkang dipun paringi gêndhis, panili, lan gêbingan kalapa ingkang ragi nèm. Punika ugi unjukan.

4. Bungkiyuk.

Gêlas dipun isèni gudir ingkang sampun anjêndhêl [anjêndhê...]

--- 187 ---

[...l] ingkang tanpa gêndhis, lajêng kaparingana sêtrup, utawi gêndhis batu ingkang sampun kaêjèr rumiyin, watawis sapratigan gêlas, lajêng kaparingana toyaning jêram pêcêl 1 sendhok tèh. Lajêng dipun kêbakana mawi toya matêng ingkang sampun asrêp. Punika pangunjukan sêgêran.

Rngt. Adi

Wanasari, Ngayogya.

Mara Tamu dhatêng Kantor Bale Pustaka

[Grafik]

Tumraping guru-guru ing tanah ngriki têmtunipun sampun botên badhe kêkilapan malih ing bab nama Bale Pustaka, awit ing sêkolahan-sêkolahan ngriku sampun wontên Volksbibliotheek wêdalan Bale Pustaka, dados sanadyan wontên ingkang dèrèng nguningani wontênipun kantor Bale Pustaka, nanging namanipun sampun sumrambah kasumêrêpan. Mila lajêng kathah kemawon para guru saking tanah Jawi utawi Sumatra yèn nuju liburan, lajêng mrêlokakên dhatêng kantor Bale Pustaka prêlu ningali saha migatosakên tumindaking damêl kantor Bale Pustaka wau. Ing nginggil punika gambaripun guru wanita kêkalih nuju mara tamu dhatêng kantor Bale Pustaka ningali buku-buku punapadene kalawarti ingkang badhe kawêdalakên ing dintên wau. (Gambar têngah sisih kiwa): encik Siti Ramah Jalil, guru Meisjesvervolgschool ing Medhan. Têngên: encik Siti Sailah, guru basa Mlayu ing Frobelkweekschool Kebon Sirih, Bêtawi.

Wontên ing kantor Bale Pustaka guru wanita kêkalih wau kaêtêrakên dening salah satunggaling punggawa kantor ningali panggenan pangêcapaning buku-buku, wusana lajêng dhatêng gudhang panggenan panyimpêning buku-buku.

--- 188 ---

Guru.

[Grafik]

Biyang: Martasleman.

Nuwun, têmbung guru, para maos tamtu sampun langkung mangrêtos. Inggih punika tukang mulang muruk, jarwadhosokipun: digugu ditiru. Ing pamulangan wontên guru kalihan murid, inggih punika tukang mulang lan ingkang nampi piwulang. Ing salêbêting griya, ugi wontên guru lan murid, inggih punika kula para biyung lan anak. Pamulanging guru wontên ing pamulangan, punika kêdah wontên pambantunipun wali murid, kosok wangsulipun pamurukipun bapa biyung dhatêng anak, punika ugi kêdah angsal lanjaran saking guru. Dados nênuntun dhatêng lare punika, guru lan walining murid kêdah gandhèng botên kenging pisah, botên ngalèr ngidul. Upami: wontên ing pamulangan guru ngawisi udud dhatêng murid, kêdah gêmi, andhap asor, ngajèni sasami. Jêbul wontên ing griya kawulang udud, dipun uja jajan, dipun wulang ngatingalakên sêsêbutan darah, pangkat, sugih lan sapanunggilanipun. Punapa taksih wontên malih ingkang minăngka gurunipun lare-lare punika. O, taksih kathah sangêt, ing pundi-pundi wontên. Ing dlanggung prapatan, pêkên, ing pasar malêm, ing ara-ara, buku-buku taman pustaka, taman bocah lan sanès-sanèsipun, punika sadaya dados gurunipun lare-lare. Kados ta: wontên ing ratan, lan ing pêkên para lare sagêd sêsrawungan utawi nyipati kawontênan warni-warni, wontên sae wontên awon, punika dados guru ingkang sakalangkung mandi pamulangipun. Ing ara-ara nyumêrêpi lêmbu, maesa sami nyênggut, botên bêrikan utawi bijigan rêbatan têdha, têmahan sagêd tuwuk sadaya. Beda kadosdene ayam, pijêr pêndelan, blêdigan rêbat kuwasa, pundi ingkang mênangan tamtu tuwuk. Ing pasar malêm, lare sagêd sumêrêp têtingalan warni-warni, gambar idhup, wayang wong, kêthoprak, sêtambulan dhogèr tuwin ludrug, punika ugi dados guru ingkang sakalangkung ampuh, gadhah daya panggèndèng mèmpêr tosan brani. Tujunipun ingkang wajib punika sampun angayomi dhatêng risaking padhasaripun lare-lare, inggih punika ngawisi wêdaling buku-buku ingkang lekoh têtêmbunganipun, saru, sagêd nukulakên angkara murka. Ngewahi buku-buku kina ingkang sakintên sagêd angrisak watêking lare, dipun bêsut utawi dipun alusakên. Lare-lare ingkang dèrèng diwasa kaawisan ningali gambar idhup ingkang sakintên botên prayogi kangge lare. Nanging cuwa sakêdhik, dene têtingalan kula piyambak ingkang baku, kados ta: kêthoprak, wayang wong, sêtambul, ludrug utawi dhogèr, punika kangge lare ningali tanpa awisan utawi watês kadosdene ningali gambar idhup wau. Badhe kasambêtan.

Biyang: Martasleman.

--- [0] ---

Babad Giyanti

[Sudah diketik pada Kajawèn No 86, 26 Oktobêr 1938]

--- [0] ---

[Sudah diketik pada Kajawèn No 86, 26 Oktobêr 1938]

 


§ Ing sêratipun mungêl: ayêm nyêga wadhong (?) | punika kintên kula klèntu panêdhakipun |. (kembali)
§ Kapang-kapang punika lampahing ajêng tuwin unduripun bêksan sarimpi utawi badhaya. (kembali)
kalihan. (kembali)
wontêni. (kembali)
sagêd. (kembali)
lajêng. (kembali)
tarung. (kembali)