Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 30, Rê, Pn, 12 Sapar, Jimawal 1869, 13 April 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan... f 1.50, bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Kêdhaton - Bêksa Badhaya Srimpi - Wilujêngan ing Patênggêran - Kawontênan ing Tiongkok - Gupêrnur Jendral Ostraliyah Lord Gowrie - Up Amtênar Bale Pustaka wangsul saking pêrlop - Bab Suryawirawan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

Kêdhaton

[Grafik]

Gêdhong Kêdhaton Sultan Siyak Indrapura. Sumatra Wetan.

--- 454 ---

Kagunan Jawi

Bêksa Badhaya Srimpi

Kaendahan bêksaning Badhaya Srimpi ing kraton Surakarta punika saking pangandikanipun para luhur sêpuh ingkang kula mirêngi kados ing ngandhap punika:

Nalika jumênêng dalêm ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping III ing Surakarta, kagungan badhaya alit nama Bok Lara Bêruk, lare wau sarêng sampun mèh diwasa, jogèdipun sae sangêt, sarèhning ingkang sinuhun punika inggih putus dhatêng karawitaning gêndhing kalihan bab bêksa sapanunggilanipun, tur inggih sagêd ngasta tabuhan ingkang perangan ngajêng ingkang dados panutan panabuhing balunganing gêndhing, inggih punika bonang agêng, mila sabên nuju badhayan, ingkang kêrêp karsa ngasta bonang agêng, saking kasêngsêmipun dhatêng panjogèdipun Bok Lara Bêruk, salêbêtipun ngasta bonang tansah mriksani sasolah-bawanipun Bok Lara Bêruk, malah manawi ungêling găngsa nuju kasirêp (ingkang bonang dêmung saronipun botên katabuh) asta dalêm kalih pisan tamtu ajêg kangge nyanggi wadana dalêm, lan sikut dalêm kalih pisan sami têmumpang plangkaning bonang, saking kêrêpipun, plangkan bonang wau ngantos tabêt tatu sikut dalêm kalih pisan, salêbêtipun găngsa kasirêp, paningal dalêm mèh tanpa kêjèp anggènipun mriksani panjogèdipun Bok Lara Bêruk, mila sanalika punika pangraos dalêm namung cêngêng kêjêng kados sumlêngêrên, saking kèrêmipun dhatêng panjogèdipun Bok Lara Bêruk wau, prasasat sadaya gumêlaring jagad sami sirna sanalika, ingkang wontên namung kaendahan adi luhunging panjogèdipun Bok Lara Bêruk. Saking kaprananing panggalih dalêm dhatêng Bok Lara Bêruk, botên dangu Bok Lara Bêruk lajêng sinêngkakakên ing ngaluhur kainggahakên dados pramèswari dalêm, asma Gusti Kangjêng Ratu Kancana, ngantos pêputra gangsal, inggih punika 1. Ingkang Sinuhun kaping sakawan, 2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkubumi, 3. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Buminata, 4. Kangjêng Ratu Purbanagara (kamantu Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara 1 ing Surakarta), 5. Lusti[1] Kangjêng Ratu Kudus.

Sanadyan Gusti Kangjêng Ratu Kancana wau sampun lungse, taksih tansah mawi ampilan sampur, (sondhèr), mila manawi nuju badhayan, kêrêp kadhawuhan bêksa dening ingkang sinuhun, dhawuh dalêm ajêg makatên: dhenok aku kangên jogèdmu, kowe anjogèda ya nok, tak bonangi. Atur wangsulanipun Gusti Kangjêng Ratu inggih ajêg makatên: ah Kangjêng Sinuhun ki wong wis tuwa kok pijêr dikakke jogèd wae. Ngandika makatên punika kalihan jumênêng mundhut sampur lajêng badhe bêksa, ingkang sinuhun gumujêng lajêng tindak ngasta bonang.

Dados miturut katrangan ing nginggil punika, sampun têrang manawi jogèd alus wau botên sagêd katampi kalihan raos berag gambiraning manah, sabab saking alusing solah-bawa lan wilêtding lêlêmêsan, punapadene kajatmikan wingiting polatan gathukipun kalihan lagunaning gêndhing ingkang lumampah anglêr, [a...]

--- 455 ---

[...nglêr,] lajêng mujudakên sipat lan pamirêngan ingkang nglangut ngantos pêplês amblês dhatêng kandhasing raosipun ingkang sagêd nampi, têmah sami lam-lamên sêngsêm dhatêng kanyênyêtaning karawitan.

Kagungan dalêm găngsa ingkang ajêg kagêm badhayan punika nama Kyai Kancil Bêlik Guntur Madu, găngsa wau laras lan cêngklingipun sae sangêt, malah dumugi jaman sapunika dèrèng wontên ingkang ngungkuli saenipun, dados plangkan bonang ingkang tabêt sikut dalêm wau namung Kyai Kancik[2] Bêlik Guntur Madu. Nanging plangkan wau pamirêng kula sampun dipun sanggarakên.

Ungêl-ungêlaning pasindhèn badhayan (geronganipun) punika mirid ikêt lan lêlewaning basa, ingkang kathah sajak damêlanipun suwargi Kyai Radèn Ngabèi Yasadipura sapisan kalihan kaping kalih.

[Iklan]

Jumênêng dalêm ingkang sinuhun kaping tiga punika kenging dipun wastani wiwit mêgaring kagunan karawitaning gêndhèng (ulah lêlagon ingkang katindakakên ing lesan) gêndhing kalihan jogèd sapanunggilanipun, awit kajawi nyarêngi wiwit têntrêming jaman, panjênêngan dalêm nata dalah para putra santana mratah kathah ingkang sagêd dhatêng karawitaning gêndhing gêndhèng sapanunggilanipun. Kados ta: Ingkang Sinuhun kaping sakawan punika kajawi kados rama dalêm, ugi sagêd andhalang ngasta ringgit sadalu muput, tur sae pandhalangipun, salêbêtipun jumênêng anggènipun ngasta ringgit (andhalang) botên kirang kaping kalih atusan, makatên ugi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Buminata punika saking sampurnanipun dhatêng karawitan, lan sae sangêt pandhalangipun, mila lajêng kasampiran dados pangagênging langên praja ngantos dumugi jamanipun jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun kaping V. Inggih nalika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Buminata dados pangagênging lêlangên praja punika ingkang lajêng ngwotênakên tatanan watoning bab gêndhing sapathêtipun ingkang tumrap ringgitan utawi klênengan, nguyu-uyu sapanunggilanipun, dalah lêlagoning pathêt ada-ada (grêgêt saut) sêndhon lan sanès-sanèsipun, punapadene bab jogèd, inggih kathah ingkang tuwuh nalika jaman punika, kados ta jogèd Lawung Agêng, Lawung Alit, Panji Sêpuh, Panji, Dhadhap, Dhadhap Kreta, Panah, Gêlas, Tamèng Glèlèng, Badhung, Kêthèk, sapanunggilanipun.

Badhe kasambêtan.

Kodrat, Batawi Sèntrêm.

--- 456 ---

Tanah dalah Têtiyangipun

Wilujêngan ing Patênggêran

Wilujêngan ing Patênggêran ingkang kula kajêngakên ing ngriki inggih punika wilujêngan ingkang katindakakên (kapikul) sêsarêngan ing têtiyang sapatênggêran utawi sadhusun-dhusun. Punika sasumêrêp kula wontên sakawan, inggih punika:

1. barikan

2. unan-unan

3. karo

4. kêsadha

[Grafik]

Têtiyang Tênggêr jalêr èstri nuju sami ngangsu toya kawadhahan ing bumbung.

Barikan punika wontên warni kalih, inggih punika ingkang kawontênakên sabên sêlapan dintên sapisan, lan sabên taun. Ingkang sêlapan dintên sapisan punika katindakakên dening têtiyang sadhusun-sadhusun, dene ingkang sabên taun punika dening têtiyang Patênggêran sagolong-sagolong, kados ta Tênggêr Pasuruan, Tênggêr Lumajang, lan Tênggêr Malang. Sagolongan-sagolongan wau sami ngawontênakên piyambak-piyambak. Amrih gampilipun barikan alit lan barikan agêng.

Barikan alit punika dipun wontênakên sabên dintên Jumuwah Lêgi. Ing wanci enjing têtiyang èstri sampun sami ambêkta sêkul sarêrangkenipun dhatêng griyanipun sanggar. Têtiyang èstri ingkang ambêkta sêkul wau ngêmungakên ingkang gadhah kajat, dados botên sadaya. Sêkul wau kawadhahan ing cowèk utawi ing panjang dipun poncot ing srêbèt. Sanggar punika namaning prabot dhusun, andhahaning dhukun saha ingkang kapiji ngujubakên wilujêngan barikan wau sarta ambantu padamêlaning dhukun, samăngsa wontên pari damêl ingkang agêng.

Sêkul sumbangan saking têtiyang wau kaklêmpakakên wontên ing griyanipun sanggar. Yèn sampun wancinipun dipun kêpung, sanggar lajêng angundangi têtiyang sarana nabuh kênthongan. Dene anggènipun ngujubakên wontên ing plataran sangajênging griya. Sajèn-sajèn ingkang katingal wontên satêngahing kalangan inggih punika: tumpêng robyong, pisang êmas, ulam ayam, sêkar sajèn lan toya

--- 457 ---

kawadhahan ing bokor. Ing sasampunipun kaujubakên, wilujênganipun lajêng kakêpung kados salimrahipun. Mênggah kajêngipun barikan punika, inggih punika nyênyadhang sihipun dhanyang-dhanyang ingkang ambaurêksa ing sumbêr-sumbêr, supados toyanipun têtêp agung, puwara kenging kapêndhêt damêlipun kangge kaprêluan ing padintênanipun lan kangge kaprêluan madamêl ing patêgilan.

Dene barikan agêng lampah-lampahipun mèh botên beda kalihan barikan alit. Namung kemawon ingkang nyanggi botên tiyang satunggal-satunggal, inggih punika tiyang sadhusun-sadhusun. Sarta anggènipun ngujubakên kêmpal dados satunggal wontên ing dhusun kalênggahanipun pangajênging dhusun. Tumrap Tênggêr Pasuruan wontên ing dhusun Tosari.

Barikan agêng punika wontênipun rowa sangêt. Sabên dhusun sami ngatingalakên kamonceranipun anggèning ngramèkagên[3] wilujêngan wau. Kados ingkang kaaturakên ing nginggil, barikan agêng punika kasanggi dening tiyang sadhusun-sadhusun. Sangganipun punika awujud ambêngan sapêpakipun. Punika kawadhahan ing bodhagan agêng, kaistha tandhu mawi karêrêngga ing sêsêkaran sarta gêndera dlancang obar-abir. Pambêktanipun katata sae, malah wontên ingkang kairing ing têtabuhan punapa. Wontên malih ingkang ngangge jathilan, sawênèh malih kapal kecak (kapal anjogèd). Bodhagan ingkang pintên-pintên kathahipun wau, kaklêmpakakên wontên ing kalurahan.

Badhe kasambêtan.

Supa.

[Iklan]

--- 458 ---

Pawartos Sanès Praja

Kawontênan ing Tiongkok

Manawi angèngêti babading donya, ing kina-kinanipun, botên wontên nagari ingkang santosanipun kados Tiongkok, sinêbut nagari panjang apunjung, lohjinawi. Pundi parangmuka ingkang badhe nêmpuh mriku, botên sagêd dumugi dening kaprabawan agunging nata ingkang jumênêng, punapadene mirid dening kasatosaning praja. Mênggahing bab kasantosanipun praja, punika sagêd nitik saking baluwartining nagari ingkang têpung kêmput amagêri praja ingkang jêmbaripun ngantos botên kenging kinintên, mila lăngka sagêdipun tinêmpuh ing mêngsah.

Saya manawi mirid babading nagari Tiongkok, ing jagad botên wontên dêdongengan ingkang muyêgipun kados ing Tiongkok, têtiyangipun sami adhêdhasar prajurit, tuwin dhêdhasar rah dagang, ingkang kina-makina têtiyangipun sami misuwur rêmên andon lêlana mêkarakên caraning ulah pasudagaran, saha ing ngriku pinanggih tăndha yêktinipun, mèh botên wontên nagari ingkang kasêpênan ing băngsa Tionghwa. Sadaya wau sarwa dados titik kasantosan saha kajêmbaranipun băngsa Tionghwa.

Nanging lampahing jaman punika botên sagêd dipun ingêrakên dening manungsa, tuwin botên wontên nagari ingkang botên ewah kawontênanipun. Makatên ugi isining donya namung sarwa têtimbangan, têntrêming praja mawi sinisihan ing ura-uru. Mila inggih botên anèh bilih raharjanipun nagari Tiongkok tansah sinisihan ing paprangan, ingkang sampun pinanggih kina-kinanipun mila.

Dumugi akiring jaman, inggih jaman ingkang pinanggih ing sapunika, sintêna kemawon sampun sagêd anggambarakên têtandhinganing kamajêngan praja dalah sarakyatipun, tumrap pamawas ingkang pinanggih ing sapunika, sagêd amastani asoring kagunanipun têtiyang ing jaman kina, saya manawi nitik saking dêdamêling pêrang, punika sampun botên kenging dipun iribakên malih. Upaminipun, ing kina dêdamêlipun jêmparing, ing sapunika sanjata, mriyêm tuwin sanès-sanèsipun. Punika mênggahing tumamanipun sampun têbih sangêt.

Manawi bab punika dipun wawas bilih sadaya wau saking tuwuhing daya kamurkan, inggih lajêng pinanggih nyatanipun, bêbètènging praja ing rumiyin dados pêpagêr ingkang anggirisakên mêngsah, pinanggihipun wontên ing jaman sapunika sampun sanès êmpanipun, sampurnaning dêdamêl botên sagêd kêcêgat dening santosanipun bètèng. Tuwin sarèhning jamanipun ingkang sampun angajêngi, dados pêrang rêrêmpon ingkang pinanggih ing Tiongkok ing sapunika, nama sampun anglênggahi lêrêsipun.

Kawantêraning prajurit sasenapatinipun sami agêgalan sadaya, mangrêtos dhatêng ingar-ingêr kridhaning paprangan, ingkang namung sarwa anocogi kados kadibyaning mêngsah.

--- 459 ---

Tuwuhing paprangan ing Tiongkok sampun wêwulanan, dèrèng wontên sêsulakipun badhe kèndêl. Ing kala dhawah asoripun Tiongkok, adhakan nuwuhakên pamada saking kirang pangrêtosanipun golongan Tiongkok dhatêng paprangan, tuwin saking kirang saening gêgamanipun, mila kalampahan Tiongkok atêmah bubuk, kitha-kitha agêng ingkang asri, sami sirna asantun sipat dados lêbu.

Nanging manawi angèngêti dhêdhasaring băngsa tansah kanggenan manah prajurit, asoripun wau kenging dipun wawas sawêg kalamangsanipun. Ing salajêngipun, pinanggihipun ing sapunika Tiongkok gêntos kêserenan wahyu unggul, punapa tindak trajangipun namung sarwa kalêrêsan, wadya Jêpan ingkang sinêbut santosa, tansah malêduk sirna gêmpang. Kitha-kitha ingkang sampun kêbrokan mêngsah, sagêd dipun rêbat malih.

Ing ngriku Tiongkok lajêng kêtitik dhasaripun, rahing prajurit taksih santêr ilinipun, karukunaning kabangsan saya ngrêmbuyung, malah kanyatan bilih kawontênaning băngsa ingkang sumêbar inggih andayani.

Tumrap Jêpan, sumêrêp gumregahing mêngsah ingkang kados makatên punika botên badhe kêmba, agêng miris, malah lajêng katêtangi, rumaos bilih botên kenging badhe ngêndhoni tandangipun, awit sampun lêrêsipun, prajurit prawira mêmêngsahan kalihan mêngsah sakti.

Ing ngriku lajêng pinanggih cêthanipun ingkang sami paprangan ing bab wêgig juligipun dhatêng gêlar, Jêpan dipun têmpuh wadyanipun mawut asarsaran, nanging ing wingking anggubêd. Gêntos Tiongkok, manawi dipun talabung, gêntos anjiling.

[Iklan]

Makatên ugi ing bab rêrigên tumrap băndha tuwin têdha, ngrika-ngriki tansah ibut arekadaya sampun ngantos kêputungan.

Ing sapunika gêntos liyan praja, pundi ingkang rumaos gêgayutan, kêpêksa angêmori damêl, caraning sawung gêntos wontên ingkang ambanyu.

Manawi mirid dhatêng kawontênanipun paprangan punika, taksih tangèh dumugining kawêkasanipun, singa bêtah kemawon.

Wara-wara

Ngaturi priksa dhumatêng para lêngganan Kajawèn. Kajawèn dintên Sabtu tanggal ping 16 ngajêng punika botên kawêdalakên, awit kaapit-apit ing dintên agêng. Nanging badhe karangkêp kawêdalakên ing dintên Rêbo. Inggih punika nomêr 31 lan 32. Mugi kawuningana.

--- 460 ---

Gupêrnur Jendral Ostraliyah, Lord Gowrie

Sampun dangu wontên wartos ing bab badhe rawuhipun Paduka Gupêrnur Jendral Ostraliyah, Lord Gowrie dhatêng tanah ngriki. Sadèrèngipun rawuh, wartos wau sampun sumêbar ing pundi-pundi, saha ing pundi nagari ingkang badhe dipun rawuhi sampun sami ngrancang ing bab tataning pamahargyanipun.

Kalampahan ing dintên Sabtu tanggal kaping 2 wulan punika, paduka gupêrnur jendral wau sampun rawuh wontên tanah ngriki, ingkang dipun rawuhi rumiyin ing Bali, dipun papag residhèn ing Bali tuwin para pangagêng sanès-sanèsipun. Salêbêtipun wontên ing Bali kathah panggenan-panggenan ingkang dipun rawuhi saha dipun pahargya ing têtingalan warni-warni.

[Grafik]

Paduka Gupêrnur Jendral Lord Gowrie sakalihan nyonyah wontên ing patamanan pura ing Canberra.

Ing dintênipun Ngahad wanci jam satêngah tiga bidhal saking Bali dhatêng Surabaya nitih motor mabur Knilm dipun garubyug ing motor mabur militèr 5 iji. Jam 4 sontên dumugi Surabaya dipun papag ing

--- 461 ---

Gupêrnur Jawi Wetan tuwin para pangagêng sanèsipun. Satêdhakipun saking motor mabur lajêng anjujug dhatêng dalêm gupêrnuran, lajêng têtêpangan kalihan para pangagêng ingkang sami wontên ing ngriku. Ing ngriku kawontênakên pahargyaning padpindhêr èstri tuwin padpindhêr èstri lare alit. Ing wanci sontên têdhak pêpara ing salêbêtipun kitha. Ing dalunipun anampèni sowanipun băngsa Inggris.

[Grafik]

Paduka Gupêrnur Jendral Lord Gowrie sakalihan nyonyah nalika têdhak dhatêng Kubu Tambahan Bali. Gambar ngandhap nyonyah Paduka Lord Gowrie nuju tabikan kalihan Anak Agung Bangli.

Ing dintên Sênèn enjing bidhal dhatêng Surakarta nitih sêpur kilat. Sadumuginipun Surakarta dipun papag ing Gupêrnur Surakarta tuwin pangagêng sanès-sanèsipun, dipun pêthuk titihan oto, saha lajêng bidhal dhatêng karaton. Wontên ing karaton dipun pahargya têtingalan bêksa Srimpi. Jam sawêlas kirang saprapat paduka gupêrnur nglajêngakên têdhak dhatêng Ngayogyakarta nitih oto karaton.

Jam satêngah satunggal dumugi ing Ngayogyakarta, dipun papag ing gupêrnur tuwin pangagêng militèr tuwin sanès-sanèsipun. Dhahar wontên gupêrnuran. Dalunipun wanci jam pitu kirang saprapat, mara tamu dhatêng karaton, dipun dhèrèkakên gupêrnur, pangagêng Pakualaman, pangagêng militèr tuwin sanès-sanèsipun. Têdhakipun paduka gupêrnur jendral dhatêng karaton dipun pêthuk kareta kancana, urut margi ingkang dipun langkungi kawontênakên barisipun abdi dalêm prajurit. Sadumugining karaton, dipun papag Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, dipun urmati musik lagu wilhèlmês tuwin lagu kabangsan Inggris punapadene găngsa. Wusana tamu agung wau lajêng têtêpangan kalihan para pangeran. Ing ngriku kawontênakên pahargyan [pahargya...]

--- 462 ---

[...n] bêksan Srimpi, tamu lajêng mariksani rêrênggan tuwin upacara kaprabon, salajêngipun kasugata. Jam wolu têdhak wangsul dhatêng gupêrnuran.

Ing dintênipun Salasa paduka gupêrnur jendral têdhak dhatêng Barabudhur, dipun dhèrèkakên Gupêrnur Jawi Têngah tuwin residhèn Magêlang. Saking Barabudhur têdhak Kopèng, lênggah dhahar. Sontênipun nitih motor mabur saking Sêmarang dhatêng Bandhung.

Up Amtênar Bale Pustaka wangsul saking pêrlop

Manawi botên dipun manah, lêlampahan ing salêbêtipun wolung wulan punika botên dangu. Kados para maos taksih kèngêtan gawang-gawangan wartos nalika Up Amtênar Bale Pustaka Dr. K.A.H. Hidding tindak pêrlop dhatêng nagari Walandi. Tindakipun pêrlop wau laminipun wolung wulan.

Kala ing dintên Kêmis kêpêngkêr, panjênênganipun up amtênar wau sampun rawuh wangsul saking pêrlop, kanthi sugêng botên kirang satunggal punapa.

[Grafik]

Dr. L. de Vries

[Grafik]

Dr. K.A.H. Hidding

Ing salêbêtipun Up Amtênar Bale Pustaka pêrlop, ingkang makili panjênênganipun Dr. L. de Vries saking kantor Inlandsche Zaken. Ing salêbêtipun, Dr. L. de Vries jumênêng wêwakil wontên Bale Pustaka, pinanggih sarwa adamêl suka bingah ing para andhahan, sagêd sumrambah dhatêng sadayanipun. Ing salajêngipun, panjênênganipun Dr. L. de Vries wangsul dhatêng kantor Inlandsche Zaken malih, jumênêng Adjunct Adviseur ing kantor wau.

--- 463 ---

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

Bab Suryawirawan

IV.

Garèng : Ora, Truk, takpikir-pikir bangsane dhewe kuwi kakehan prêtèngsèng, kakehan modhèl, kakehan akal. Gèk prlêune bae apa ngêdêgake suryawirawan barang kuwi, hara, hara, hara...

Petruk : Kang Garèng, le ngomong ambok aja kênès-kênès mangkono. Takkandhani, ya Kang Garèng, mungguh karêpe nganakake suryawirawan, kuwi ambantu nênuntun para mudha bangsane dhewe, iya lanang iya wadon, supaya ing têmbe burine bisaa dadi uwong kang bêcik lan gêdhe gunane.

Garèng : Wah, rong prakara sing aku ora cocog Truk. Kang kapisan, jarene sing klêbu dadi warga suryawirawan kuwi, para mudha sing umure wolulas taun munggah, dadi iya lanang, iya wadon, padha para mudha sing wis... tau sêndhiri, Truk. Lo kuwi têka arêp dikumpul-kumpulake, dituntun lan didhidhik, mêsthine iya barêng-barêng, wèh Truk, iki apa iya ora dikuwatirake yèn... pring padha êpring, mas...

Petruk : Hla, kuwi nèk pikirane wong kolot, gagasane le sok nêrabas-nêrabas mêngkono. Bênêr ing kono dianakake kumpulan suryawirawan, iya kanggo lanang, iya kanggo wadon. Nanging cara pandhidhikane kuwi rak mêsthi beda, Kang Garèng, kajaba ora dikumpulake dadi siji, anggone awèh tuntunan mêsthine iya miturut kabutuhane dhewe-dhewe, butuhe wong lanang apa, butuhe wong wadon apa, nanging bab kiyi dirêmbug kèri bae mêngko. Saiki prakara kang nomêr loro kang ora andadèkake cocoging atimu, lo kuwi apa manèh, Kang Garèng.

Garèng : Sing uga anggawe ambêdhêging rêmpêluku, kuwi anggone kumêkèk, kumalungkung, kêmlênyis, arêp nênuntun bangsane dhewe, iya lanang, iya wadon, supaya ing têmbe burine bisaa dadi wong kang utama lan akèh gunane. Rumasane apa nabi utawa wali kathik arêp nênuntun wong supaya dadi wong utama sarta gêdhe gunane tumrap urip bêbrayan iki. Nèk wong lumrah bae, arêpa pintêre sajagad diênggoni dhewe, aku mêksa ora ngandêl, Truk, bêgja-bêgjane iya nênuntun wong murih... mundhak murkane, kang wusanane mung arêp nyêplok, utawa nêlên kancane urip-uripan bae. Kajaba iku, wèh, anggone ngina utawa nyêpèlèkake nyang uwong kuwi kathik dudu mênus mêngkono, rumasane wong-wong kuwi anggone nênuntun anak-anake kanggo... gêntho lan sapadhane, apa...

Petruk : Panampamu sing kaya ngono kuwi salah wèsêl, Kang Garèng, sing gênah anggonmu ngrungokake kuwi supaya panampane aja tlusar-tlusur [tlu...]

--- 464 ---

[...sar-tlusur] mêngkono. Sing wis takkandhakake ing ngarêp, suryawirawan ora mligi nênuntun, nanging ambantu nênuntun supaya... ensopurut, Kang Garèng. Wis mêsthi bae yèn saikine bocah-bocah kuwi wis olèh tuntunan saka wong tuwane apadene guru, nanging nèk banjur ana sing mèlu ambantu kuwajibane wong tuwa lan guru mau, rak saya bêcik, ta.

[Grafik]

Garèng : Ora mêsthi, Truk, yèn akèh sing ngrewangi kuwi mêsthi luwih utama, tandhane lagi aku... gudhigên kae. Bêndhara dhoktêr dhawuh supaya dipopoki salêp, Mas Cakra dhawuhe: sampeyan tambani tlutuh jarak mawon rak mari. Barêng Kyai Klênthimungil dhawuhe: gampang niku, Mas Nala, sampeyan popoki nganggo... tlêpong mawon. Mara, saka akèhe wong sing ambantu awèh tămba mau, ing wusana gudhigku... andrêbala, Truk.

Petruk : Ora maido, Kang Garèng, mangan upo maltin, iki jarene bisa waras lan lêmu, ewasamono wong ngombe upo maltin bisa kalakon mati, yèn pangombene dicampur... warangan upamane. Ora, Kang Garèng, prêcayaa nyang aku, yèn ana kumpulan mèlu ambantu nênuntun para mudha, kuwi pancèn luwih utama. Awit guru kuwi rak mung prasaksat awèh piwulang bab ajaran sêkolahan, bab alusing budi sarta kautamaning ngaurip, kuwi sing akèh sok ora pati diprêdi, dene wong tuwane umume ora kobêr. Jalaran saka iku wohing pandhidhikane mau sok banjur anèh-anèh. Kaya ta: saiki akèh bae para mudha priya sing pintêr bangêt anggone... saputan, nganti wong sok bingung anggone ngarani: apa lanang, apa wadon. Mulane pêpayone... bêdhak pirgin saiki iya dhobêl tripêl, Kang Garèng. Sabab sing nukoni ora mung wanita thok, nanging para priya iya saksayahe. Kosokbaline iya akèh kaum wanita sing banjur pantês jênêng: nonah... Wèllêm.

Garèng : Wayah, nèk nonah kuwi iya nonah: Mari, apa: Dhorah, ana kok nonah: Wèllêm, iki jênêngane sinyo lanang, Truk.

Petruk : Nèk jênêng nonah Mari, kuwi rak wis gênah yèn wadon. Mulane tak arani nonah Wèllêm, kuwi nèk nitik tandang-tanduke: pêncolotan, mlumpat-mlumpat, malah maka... plênos katon pupune, sajake kêpenak bae. Mêngkono uga yèn ana ing ngomah, ora kok banjur olah-olah,

--- 465 ---

ngrenda, andondomi, nanging maca koran lungguh ngèplèh-èplèh nganggo singsat-sigsot barang, lo kuwi kabèh rak tandang-tanduk lan tingkahe Wèllêm, dene katone yèn nonah (wadon) ana ing ngêndi bae ora lali anggone: srithat-srithit jungkatan, lan siyat-siyut pupuran lan bengesan. Lho, sing kaya ngono kuwi jênêngane rak ngrusak agama ta, Kang Garèng.

Garèng : Ha iya, tumrape jaman saiki, pancèn akèh wong lanang sing kêmayu lan wong wadon sing gêmagus kuwi, dadi kaanan sing nyêbal karo pathokaning alam. Hla, saikine kumpulan suryawirawan nêdya ngrewangi nyang pandhidhikane para mudha bangsane dhewe supaya bisane sampurna, ta, nèk mêngkono aku iya mupakat, Truk. Mungguh dalan-dalane iki kêpriye.

Petruk : 1e. Dituntun utawa didhidhik supaya anduwènana rasa-rumasa lan supaya anduwènana trêsna nyang bangsa apadene tanah kalairane.

Garèng : Mêngkosik, Truk, aku tak nyêlani dhisik. Anggêre wong kuwi rak iya duwe rasa-rumasa, Truk. Kayadene aku dhewe, iya wis rasa-rumasa yèn aku iki wong cilik, nèk dandan mêsthine iya ora nganggo: cênela, jarit parang rusak barong, nganggo bêlor lan udud srutu apanah, lan yèn butuh bojo, mêsthine iya ora nglamar bangsane bêndara ajêng, apa prasaksat cebol anggayuh rambutan.

Petruk : Paribasane ora mangkono, Kang Garèng, nanging: cêbol anggayuh lintang.

[Iklan]

Garèng : Hla kuwi rak yèn arêp nêrangake mokal bisane kêna, balik rambutan, anggêre si cebol mau gêlêm nganggo sènggèt, utawa ăndha, rambutane rak iya kêna digayuh. Mêngkono uga, yèn wonge cilik nganggo ăndha: Mr. utawa Dr. apa ora bisa olèh bêndara ajêng.

Petruk : E, iya, iya, wis. Anggonmu ngrêtèkake rasa-rumasa kuwi mau iya bênêr, nanging isih kurang, Kang Garèng. Karêpe anduwèni rasa-rumasa, uga iya mangkene, Kang Garèng : Yèn kowe anduwèni rasa-rumasa dadi manusa, titahing Pangeran kang luhur dhewe bêbudène, tindak-tandukmu utawa tekadmu iya aja nyulayani karo rasa-rumasamu kuwi. Karêpe: uripmu mau jaganên bisane bêcik.

--- 466 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

Griya sakit têtiyang sakit ewah sampun rampung. Pandamêling griya sakit têtiyang sakit ewah ing Pakêm, Ngayogya, sampun rampung, griya sakit wau dipun namakakên Lalijiwa. Têtiyang ingkang dipun upakara ing ngriku ing sapunika wontên 140.

Kamirahanipun Dr. Philips. Kala Dr. Philips dhatêng ing tanah ngriki aparing darma arta dhatêng Asib f 5000.-, dhatêng pakêmpalan sakit mripat 5 panggenan f 5000.-, dhatêng pamiyaran tiyang sakit ewah f 1000.- tuwin dhatêng stichting Oranye Nassau ingkang dipun pangagêngi Pa van der Steur ing Magêlang f 1000.-.

Examen commissie ing H.B.S. ing Malang. Ingkang madêg dados commissie examen ing H.B.S. ing Malang taun 1938 punika: I minangka wêwakil voorzitter Tuwan W.D.J. Marchant, guru ing pamulangan wau. II minangka Gecommitteerde: tumrap wiskunde tuwin mechanica Tuwan A.M.J. Jaspers, guru R.K. Algemeene Middelbare School St. Albertus ing Malang. Tumrap natuurkunde, scheikunde tuwin plant en dierkunde Dr. Ch. J. Keyzer, guru N.I.A.S. ing Surabaya. Tumrap basa Walandi tuwin basa Jerman, Dr. Th. M.M. van Rooy, guru R.K.A.M.S. ing Surabaya. Tumrap basa Prancis tuwin basa Inggris, Nyonyah Mr. C.M. Burger geboren Dornheck Busscher, partikêlir ing Malang.

Openbare Meisjes Normaalschool ing Salatiga. Benjing tanggal 1 Augustus ngajêng punika ing Salatiga badhe wontên bikakan Openbare Meisjes Normaalschool. Ingkang sagêd katampèn ing ngriku kêdah lare èstri ingkang sampun umur 12 taun, badan saras, botên anggadhahi cacad ingkang awon. Caranipun malêbêt ingkang nêmpuh pandadaran saha kêdah: a. Lare wêdalan saking Meisjesvervolgschool taun 1937 utawi pamulangan angka II utawi ingkang kasamèkakên kados pamulangan wau. b. Lare-lare ingkang ing taun punika wontên ing klas ingkang inggil piyambak ing pamulangan wau. c. Lare-lare tamatan saking H.I.S. taun 1937 utawi saking Schakelschool utawi murid-murid pamulangan wau ingkang mêdal sasampunipun Augustus 1937 ingkang ing klas inggil piyambak utawi sangandhapipun klas ingkang inggil piyambak. d. Lare-lare ingkang ing wêkdal punika manggèn wontên ing klas VI utawi VII ing H.I.S. utawi manggèn ing klas IV utawi V ing Schakelschool. Panyuwunipun lumantar Schoolopziener ingkang gêgayutan kalihan pamulanganipun. Ing sadèrèngipun tanggal 10 Augustus sasampuna dipun tampèni dening Schoolopziener. Murid ingkang badhe katampèn namung 30.

[Grafik]

[Iklan]

Dhukun gaib kacêpêng. Ing kampung Gandhekan Surakarta, wontên dhukun pêng-pêngan nama Soedarma Danoedipoero. Dhukun wau manawi njampèni tiyang sakit namung sarana dipun pandêng kemawon. Tiyang ingkang dhatêng atusan, kados adatipun manawi wontên dhukun kados makatên. Nanging bab punika lajêng dipun cêgah dening pulisi, dhukun wau dipun cêpêng saha kaantukakên dhatêng nagari aslinipun ing Lumajang.

Ingsêr-ingsêran ing babagan Landraad. Katêtêpakên dados tjidelijk buitengewoon voorzitter Landraad ing Madiun tuwin Panaraga, Tuwan Abdoel Moetalip Moro Gêlar Sutan Chalipah, rumiyinipun tjidelijk onder-voorzitter Landraad ing ngriku ugi. Dados tjidelijk ondervoorzitter Landraad ing Madiun tuwin Nonorogo,[4] R. Soedana Tjakra Gandasoebrata, ing ngajêng lid Landraad ing Ngayogyakarta.

Rawuhipun Dr. K.A.H. Hidding. Nalika rawuhipun Dr. Hidding, Hoofdambtenaar kantor Bale Pustaka saking nagari Walandi dumugi ing Tanjung Priuk, kapapag minggah ing kapal dening para punggawa Bale Pustaka. Ing nginggil punika ngêwrat gambaripun Dr. Hidding (x) miwah para punggawa kantor Bale Pustaka nuju lêlênggahan wontên ing kapal. Gambar sisihipun têngên Tuwan Dr. L. de Vries ingkang makili Dr. Hidding sadangunipun pêrlop.

--- 467 ---

Mr. Soedjono saèstu dhatêng Jêpan. Ingajêng wontên wartos bilih Mr. Soedjono badhe dhatêng Jêpan, nanging botên saèstu. Ing sapunika sampun wontên wartos ingkang têtêp saèstu dhatêng Jêpan, bidhalipun wontên ing salêbêtipun wulan April punika. Wontênipun ing Jêpan Mr. Soedjono dados guru wontên ing pamulangan luhur. Wontênipun wartos punika ngantos dangu, awit sawêg dados rêmbagipun ingkang wajib.

Bab krêtêg kina ing Bêtawi. Sampun kêrêp kawartosakên ing bab krêtêg kina ing Bêtawi. Krêtêg wau saking panêdhanipun pakêmpalan Oud Batavia badhe kamulyakakên, kanthi botên ngewahi sipatipun, nanging tumrap Pakaryan babagan Barang Kina botên nayogyani, awit kamanah botên wontên cêcariyosanipun punapa-punapa. Wusana sarêng ngawontênakên pêpetanganing waragad kangge mulyakakên, botên sagêd gêlêng ing rêmbag, saha lajêng katêtêpakên botên saèstu kamulyakakên.

Sudagar bathik ing Pêkalongan sami ngrêkaos. Jalaran saking mindhaking rêrêgèning bumbu bathik tuwin mindhaking pajêg, para sudagar bathik ing Pêkalongan kêpêksa kathah ingkang nutup pakaryanipun, anjalari kathahing tiyang angguran. Anggèning ngrêkaos makatên wau, amargi botên sagêd ngindhakakên rêrêgèning sinjangipun.

Restaurant ing Kêbon Raja Bogor. Ing sapunika ing salêbêtipun Kêbon Raja Bogor dipun adêgi restaurant sakalangkung sae tuwin jêmbar. Ingkang ngêdêgakên restaurant wau saking bêbadan pakêmpalan tuwin pambiyantunipun golongan partikêlir.

Unta kasowanakên. Awit saking kaparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana, kagunan dalêm unta ingkang wontên ing Sriwêdari, sabên ing dintên Kêmis tuwin ing dintên agêng kadhawuhan nyowanakên dhatêng kraton.

Mulyakakên pasarean ing Gambiran. Miturut wartos pasarean ing Gambian, Kota Gedhe, badhe dipun mulyakakên kanthi waragad saking Nagari Karajan Jawi, inggih punika Kasunanan tuwin Kasultanan. Wontênipun pasarean ing ngriku dipun mulyakakên punika, ingkang sumare ing ngriku putra Pajang, Pangeran Bênawa.

Tumindaking panyadean sarêm. Tumindaking tatanan enggal ing bab panyadean sarêm ing Jawi-Kilèn pinanggih sae, inggih punika wontên sadasa kabupatèn. Ing sapunika lajêng badhe tumindak wontên ing Jawi-Wetan. Tumrap ing Surabaya kemawon pinanggih wontên papan panyadean sarêm enggal 20 panggenan. Tumrap panyadean sarêm ing tanah Karajan Jawi pinanggih majêng, inggih punika tumrap sarêm alit, ing salêbêtipun wulan Oktobêr kêpêngkêr sagêd pajêng 190.000 kg, ing wulan Nopèmbêr wontên 206.000 kg, ing wulan Decèmbêr wontên 250.000 kg tuwin wulan Februari wontên 375.000 kg.

Manggih barang kina. Tuwan Soewarno, opzichter Pakaryan babagan Barang Kina ingkang nuju tumindak ing damêl wontên ing Singosari, manggih barang kina awarni pêthèn, kêpêndhêm ing siti. Pêthèn wau sarêng dipun bikak pinanggih isi barang mas-masan. Ing sanalika ngriku barang wau lajêng dipun tutup rapêt kanthi dipun lak, kakintunakên dhatêng Pakaryan babagan Barang Kina ing Bêtawi. Kajawi punika ing sacêlakipun papan panggenan manggihakên barang wau ugi pinanggih wontên barang malih warni sêsupe mas, ugi lajêng kakintunakên. Sasampunipun punika Tuwan Soewarno ugi manggih tilas-tilas candhi wontên ing ngantawisipun Singosari tuwin Karang Ploso.

Hoofdkantoor Kadaster badhe kapindhah dhatêng Bandhung. Wontên wartos, awit saking kaparêngipun parentah, Hoofdkantoor Kadaster ing Bêtawi badhe kapindhah dhatêng Bandhung. Dene kantoripun ing Bandhung ingkang dipun ênggèni ing sapunika badhe pindhah dhatêng gêdhong sanès, saha tilasipun lajêng kangge gêdhong pakaryan praja sanèsipun.

[Iklan]

Congres Gerindo ingkang kapisan. Sampun katêtêpakên, benjing dintên Ngahad kaping tiga ing wulan Juni ngajêng punika, Gerindo ngawontênakên congres ingkang kapisan, manggèn ing Bêtawi.

Mèngêti adêgipun sampun sawindu. Benjing ing wulan Juli Pakêmpalan Kawula Ngayogyakarta adêgipun sampun jangkêp sawindu. Ing ngriku badhe kawontênakên congres tuwin mawi ngawontênakên pèngêtan sarana ngêdalakên buku.

NAGARI WALANDI

Urunan saking nagari Walandi dhatêng Tiongkok. Miturut wartos parentah nagari Walandi ngintunakên arta kathahipun f 50.000.- dhatêng Volkenbond, minangka pambiyantu tumrap Tiongkok. Arta samantên wau asli saking nagari Walandi tuwin tanah Indhiya. Saha supados katanjakakên kangge pêrluning pitulungan babagan jêjampi. Arta wau badhe kapasrahakên dhatêng commisse babagan kasarasan saking Volkenbond ingkang wontên ing Tiongkok.

AMERIKA

Wadya lautan Amerika kêdah langkung agêng tinimbang Jêpan. Miturut rêmbagipun para kawogan, supados Amerika anggadhahi wadya lautan ingkang langkung agêng tinimbang Jêpan. Inggih punika langkung 60%. Panjangka makatên wau badhe dipun tindakakên bilih kawontênan ing lautan Pacific laladan Asia taksih pinanggih kados makatên kemawon.

ASIA

Kawontênanipun têtiyang ingkang minggah kaji. Miturut pèngêtan kawontênanipun têtiyang ingkang minggah kaji ing taun punika, ingkang mêdal ing lautan wontên 63.788 ingkang dharat saking Irak tuwin Syrie mêdal Madinah wontên 3436. Ingkang asli saking tanah Indhiya Walandi wontên 16.089, ingkang 1113 lare alit. Saking Indu 15.238, ingkang 408 lare. Saking Tiongkok 55, ingkang lare 2, tuwin saking Jêpan 4.

--- 468 ---

Wêwaosan

V. Lêlampahanipun Sêtayor lan Dèwi Wasilisah

66

Kanthi rênaning panggalih sang prabu mituruti panuwunipun utusan wau, ing salajêngipun Wasilya lajêng wicantên makatên:

Sadhèrèk Sêtayor, wiwit tindak samangke punika sampeyan dados gadhahan kula. Măngga, tumuntên tumut kula dhatêng ing pakuwon kula, awit kula nêdya enggal-enggal santun.

Tiyang ingkang ngemba utusan, punapadene Sêtayor lajêng nyuwun pamit dhatêng sang prabu, saha lajêng mêdal ing jawi. Salajêngipun kalih-kalihipun lajêng sami numpak kapal saha lajêng sami nuju dhatêng ing pasanggrahanipun sang Wasilya. Sarêng dumugi ing têngah-têngahing margi Wasilya pitakèn dhatêng Sêtayor makatên: sadhèrèk Sêtayor, punapa panjênêngan pangling dhatêng kula. Ingkang dipun pitakèni amangsuli makatên: kadospundi têka panjênêngan andangu dhatêng kula makatên punika, awit salami kula gêsang, sawêg punika kula pinanggih panjênêngan.

Wasilya namung lajêng kèndêl kemawon. Sarêng dumugi ing pakuwonipun, tiyang ingkang ngemba utusanipun Prabu Kaliyên wau lajêng lumêbêt ing pakuwon, lan botên watawis dangu mêdal malih, ananging ing samangke mangangge cara wanita, salajêngipun nuntên pitakèn dhatêng Sêtayor makatên:

Samangke panjênêngan punapa taksih pangling dhatêng kula.

Saking gumun lan kagètipun Sêtayor ngantos lajêng dhêlêg-dhêlêg sakêdhap, nanging salajêngipun ingkang èstri nuntên karangkul. Sêtayor lajêng nyariyosakên sabab-sababipun dene lajêng kaukum kalêbêtakên ing gêdhong pêtêng wau, inggih punika: sabab piyambakipun angumukakên endahing warni punapadene kalangkunganipun tiyang èstri, ngantos piyambakipun kaladuk wicantênipun kumawani nyariyosakên, bilih sanadyan sang prabu piyambak tamtu badhe manut miturut punapa pikajêngipun ingkang èstri. Pungkasanipun Sêtayor lajêng ajak-ajak ingkang èstri, supados lajêng tumuntên bidhal wangsul dhatêng Cèrnigop, nanging Wara Wasilisah lajêng wicantên makatên:

Kados kirang utami manawi kula kêkalih lajêng sami nilar kitha ngriki, kados caranipun pandung ingkang miruda. Saenipun ing samangke sami sowan lumêbêt ing kadhaton malih, sabab sadaya atur panjênêngan dhatêng sang prabu punika pancèn anêmahi, inggih punika para pangeran tuwin para bupati sami dados gêgujêngan, dene Prabu Wladhimir ugi saèstu manut miturut punapa ingkang dados pikajêng kula.

Ing wusana Sêtayor kalihan ingkang èstri kalampahan sowan malih lumêbêt ing kêdhaton. Wontên ing ngriku Wara Wasilisah lajêng umatur dhatêng Prabu Wladhimir makatên:

Ngunjukakên kasugêngan paduka, sinuhun, kawula ingkang suwau ngakên utusanipun Prabu Kaliyên, sajatosipun nama kula: Wasilisah, inggih sêmahipun Sêtayor punika. Sowan kawula malih wontên ing ngarsa nata punika, pancènipun makatên kawula kapengin kadhaupakên kalihan putra kapenakan paduka, nanging samangke paduka tamtunipun botên badhe amarêngakên.

Mirêng aturipun Wara Wasilisah ingkang makatên wau, Dèwi Sabawa lajêng umatur dhatêng ingkang rama makatên:

Dhuh, rama prabu, rak inggih lêrês mênggah atur kawula ing ngajêng. Kirang sakêdhik kemawon rama prabu tamtu dados gêgujênganipun para kawula ing saindênging praja Ruslan, jalaran ingatasipun kênya têka pun kadhaupakên kalihan wanita.

Sang prabu sangêt ing lingsêmipun saha andhingkluk. Ing wusana sang prabu lajêng dhawuh dhatêng Sêtayor makatên:

Sêtayor, pancèn wis dadi wênangira sira ngumukake kapintêran lan kaluwihane bojonira iku. Mula iya nyata, para pangeran sarta para mantri bupati kang padha pintêr-pintêr, wis kalakon kawirangan dening bojonira, malah ingsun dhewe, ora ngêmungake kawirangan bae, nanging uga nganthi kalakon manut miturut apa kang dadi kêkarêpane bojonira. Ingsun wis angrumasani kalah, lan yèn sira karo-karone nêdya bali mênyang Cèrnigop, ora ana wong kang ngarubiru ing lakunira.

Sêtayor tuwin ingkang èstri: Wara Wasilisah, ing batos sajatosipun sakalangkung bingah manahipun, dene tindakipun ingkang sanyatanipun kirang tata wau, katampi tanpa dêduka dening Prabu Wladhimir. Salajêngipun tiyang kêkalih wau lajêng nyuwun pamit dhatêng sang prabu tuwin sang pramèswari, punapadene para pangeran saha mantri bupati ingkang sami wontên ing ngriku sadaya, saha lajêng nêdha bidhal wangsul dhatêng papan padununganipun, inggih punika ing: Cèrnigop.

Sang prabu tuwin sang pramèswari, makatên ugi para tamu sadaya, lajêng sami nguntabakên lampahipun Sêtayor miwah ingkang èstri, ngantos dumugi ing gapuraning kadhaton.

Badhe kasambêtan.

Wara-wara

Ngaturi uninga, bilih rêginipun gambar kalih iji ingkang kangge bêbingah punika, f 0.80. Sintên ingkang kêparêng mundhut tumbas, kêdah ngintunakên arta rumiyin. Wragading pangintun, katanggêl dening Bale Pustaka.

--- 57 ---

Nomêr 15, 13 April 1938, taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Hakipun wanita winêngku priya, mamrih rahayuning jêjodhoan.

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 28.

Upas margi têtumpakan, mranata lampahing pit, kreta, motor, jêbul nyambi nitipriksa bakul-bakul ing pêkên, mriksa karcis, nyababakên dhatêng mandhor sarta lurah pêkên: genea iki, ibu, durung duwe karcis sapiturutipun. Asistèn wadana marentah lan mranata padamêlaning lurah dhusun, jêbul kajêngipun lurah badhe gêntos mranata asistènipun. Kadospundi kawusananipun, tamtu inggih kirang têntrêm sarta kisruh.

[Grafik]

Biyang: Marta Sleman

Kadospundi panguwaos kula, tumrap gêsang sêsrawungan ing jaman ingkang kula idaki punika. Botên sanès inggih nglênggahana panguwaosipun, lumampah nurut rilipun piyambak-piyambak. Panguwaos kula tiyang bodho kêdah tabêri, saèn takèn-takèn bab punapa kemawon dhatêng tiyang pintêr. Ingkang rumaos pintêr, inggih anular-nularana kasagêdanipun. Sampun kok kapintêran tuwin kêgagahanipun wau namung badhe kangge mlindêr ing sanès. Makatên ugi pun bodho, lajêng kumintêr, sintên-sintên badhe dipun wulang. Panguwaosipun tiyang nyambut kêdah nyaur, mangsulakên. Sampun kok yèn dipun tagih utawi dipun emutakên, lajêng sêrik, mrêkitik, muring-muring, malah nantang kapurih anggugat barang. Wajibipun tiyang nêdha pitulungan, inggih namung cêkap sak nêdha yèn dipun sukani. Sampun kok lajêng grênêngan: kêbangêtên, gêmine satêngah mati, ambêthithil, bandhane pirang-pirang èwu kuwi apa arêp diênggo gêlu besuk. Kosokwangsulipun ingkang dipun suwuni pitulungan, yèn wontên inggih kêdah maringi kanthi eklas lair batos. Sampun kok purun maringi, nanging kanthi ngrêsula: wah, jaman saiki, thik-thik wong anjaluk darma, iya wujud wonge utawa bêbadan, êndi sing urunan anu, anu, ora ana [a...]

--- 58 ---

[...na] pêdhote. Sadaya ingkang kula aturakên ing nginggil punika, nama panguwaos ingkang wor suh lênggahipun.

Kula golongan ibu, golongan winêngku ing priya, trêkadhang angsal sêsêbutan, kănca wingking utawi: cowèk gopèl. Kadospundi tumindak kula, mamrih têntrêming abale griya. Botên sanès inggih namung kêdah nêtêpi utawi nglênggahi panguwaos kula èstri golongan winêngku. Sampun ngantos panguwaos utawi nêmpil panguwaosipun tiyang jalêr. Panguwaos kula tiyang èstri: mranata tata-têntrêming bale griya, ngupakara anak ingkang nyêkapi, anggêmèni, metang, ngubat-ubêtakên kaskaya mamrih kacêkapipun, anjagi prajaning têtiyang jalêr, lan kathah sangêt panunggilanipun.

Badhe kasambêtan,

Biyang: Marta Sleman.

Bab Olah-olah

I. Jangan lumbu

Gaganging lumbu pari. (Lumbu pari punika wujudipun kados wit kimpul, namung yèn lumbu pari punika wujudipun pêthak sulak ijêm, yèn wit kimpul punika cêmêng utawi biru sêpuh).

Gagang (upami godhong katès makatên) glonggongipun wau kabêsèt ngantos rêsik. Pambêsètipun botên kenging dipun ambali. Têgêsipun, upami sabêsetan, pêdhot têngah, botên lajêng dipun têrusakên wiwit ing pêdhotan wau, prêlunipun supados ical gatêlipun. Nanging sajatosipun, wontênipun gatêl wau, amargi kirang rêsikipun kemawon, dados pambêsèting lumbu wau kêdah ingkang ragi kandêl, prêlunipun botên pêdhot têngah, botên gatêl (rêsik saèstu).

Bilih sampun rêsik saèstu, lajêng kaêpe, prêlunipun ical tlutuhipun, pangêpenipun wau botên prêlu garing saèstu, cêkap namung alum kemawon.

Lajêng dipun rajang saha kagodhog mawi toya sawatawis, kabumbonan: rajangan brambang, salam, gêndhis jawi, sarêm lan asêm, kathah sakêdhikipun kakintên kalihan kathah sakêdhiking lumbu wau.

Panggodhogipun sampun ngantos kapêjahan latu, supados langkung eca, sêgêr, bilih sampun umom sawatawis, lajêng kasantunana ing wadhah sanès, ingkang prayogi bangsaning panci, ngantos saasrêpipun. Lajêng kadhahar, kraos sêgêr sangêt, nglangkungi jangan bêning, bobor tuwin loncom. Langkung-langkung ing papan ingkang hawanipun bêntèr, wah, sampun, dede raos nikmatipun, tur ragadipun sakêdhik.

Rangkènipun: sambêl jenggot

Pandamêlipun sambêl jenggot: parudan klapa ingkang cêkapan nèm sêpuhipun, lombok, kêncur, traos tuwin sarêm, kaulêg dados satunggal. Mêwahi ing kanikmatanipun. Malah manut têmbungan kina: yèn nyambêl jenggot iku aja marêp mangidul, sawise rampung, munthune uncalna sing bablas, supaya ora kasinên, lan mundhak enak, ora marakake mulês.

S. Saring Nataprajan 455,

Ngayogya.

--- 59 ---

Dhukun Bayi

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 28

Pun jabang bayi inggih dipun dadah alon-alon enjing sontên, botên mawi dipun gêdhong saha botên dipun dulang, cêkap kula sêsêpi piyambak, namung têdha kula kula jagi saèstu, sagêda ingkang mikantuki tumrap kasarasan saha kakiyatanipun jabang bayi, makatên ugi pangupakara sanèsipun miturut kawruh kadhoktêran ingkang sampun kula mangrêtosi.

[Grafik]

Nyai: Darma Prawira

Nyêlani sakêdhik, kula badhe angandharakên pitulunganipun dhukun bayi dhatêng tiyang sanès, luwung kangge mêwahi sêsêpan minăngka panimbang. Kula asring mirêng saha nyumêrêpi, wontên tiyang ingkang anglairakên jabang bayi sajak ngrêkaos, ngantos jam-jaman trêkadhang sadintên, dhuh, saiba rêkaosipun, para maos têmtu sagêd anggalih piyambak. Nyai dhukun katingal bikut tandangipun, tansah angêmèk-êmèk malah trêkadhang anguli-uli wêtêng, binarung swara pasambat ingkang amêlas asih, winantu sêbutipun para têtiyang ingkang sami anênggani. Wontên sawênèhing dhukun, saking bingungipun ngantos ngangge sarat masrut, piyambakipun akudhung kêkêb anyangkêlit irus. Saèstu anggumujêngakên. Manawi wêdaling ari-ari lêt dangu saking jabang bayi, pun jabang botên tumuntên dipun upakara, dipun umbar galènteran ngantos garing. Swaraning sêbut sangsaya umyung, adamêl girising manah. Manawi ari-ari sampun mêdal, pusêr sawêg kakêthok.

Kalih taun ingkang kapêngkêr, tanggi kula badhe anglairakên jabang bayi, ngantos sadintên sadalu dèrèng lair. Dhukunipun ngantos kalih, sarêng sampun tiga, sawêg nêdha pitulunganipun frudfro. Frudfro dhatêng mriksa. Nanging alok manawi piyambakipun botên kaconggah amitulungi, amila enggal-enggal ngaturi dhoktêr. Botên antawis dangu dhoktêr rawuh kadhèrèkakên punggawanipun kalih jalêr èstri, dados jangkêp sakawan. Dhoktêr gèdhèg-gèdhèg, awit priksa bilih jabang bayi sampun pêjah, mila kêdah kawêdalakên sarana pirantos. Kalêksanan, pun jabang bayi sagêd luwar, biyungipun wilujêng, nanging badanipun lajêng prasasat tanpa daya. Jangkêp 50 dintên inggih lajêng dumugi ing tiwas. Dhuh, mêmêlas sangêt.

Para maos mugi sampun kalintu tampi, anggalih manawi kula angawon-awon dhatêng dhukun Jawi, makatên wau botên pisan-pisan. Ing ngriki kula namung pasaja, ngaturakên punapa ingkang sampun kula sipati. Kula pitados, dhukun Jawi ingkang mangrêtos inggih wontên, ingkang pêng-pêngan saèstu inggih wontên. Mila pangajêng-ajêng kula, sintên ingkang ambêtahakên dhatêng dhukun Jawi, kêdah mulat, sampun namung anggêr dhukun, kêdah milih ingkang mangrêtos saèstu, ingkang sampun kacihna lêlabêtanipun.

--- 60 ---

Ing samangke gêntos bab pitulunganipun frudfro. Sasampuning nitipriksa, sêmunipun frudfro sampun sumêrêp, wanci punapa badhe lairipun jabang bayi. Ing ngriku wêtêngan kula pundi ingkang sakintên dèrèng lêrês, kalêrêsakên. Kula tilêman sasêkeca kula wontên ing salêbêting sênthong katutup, namung kalihan frudfro, saha tiyang sêpuh kula èstri, prêlu mitulungi manawi wontên damêlipun. Toya angêt sampun cumawis, pirantosing frudfro pêpak. Sarêng sampun kraos nêdha uwat, kula mapan sasêkecanipun miturut pranatan. Sasampuning jabang bayi lair, sakala pusêripun kagunting, botên mawi ngêntosi wêdaling ari-ari, pun jabang lajêng dipun upakara ngantos rampung, dene kula ngaso, sarampunging ngupakara jabang bayi, kalêrês pusêr kula dipun uyêg-uyêg alon mawi èpèk-èpèk, botên dangu ari-ari lair. Badan kula lajêng dipun seka ngangge toya angêt ngantos rêsik, pangangge dipun santuni, tuwin salajêngipun, makatên wau kalihan tilêman kemawon.

Badhe kasambêtan.

Nyi: Darma Prawira.

Sinjang Rujak Senthe

Sinjang rujak senthe punika lugunipun udan riris latar pêthak, dados bangsaning garis miring. Umumipun sinjang rujak senthe punika dipun rêmêni ing para wanita, awit wujudipun sae, sagêd sumêblak, manawi sêpuh soganipun katingal mramong, manawi ênèm soganipun katingal rêsik, nanging mênggahing wujud sae ingkang soganipun sêpuh.

Sanadyan sinjang rujak senthe punika bakunipun latar pêthak, nanging luwêsan purun dipun anggèni rasukan ingkang dhêdhasar tuwin sêkaran punapa kemawon.

Nama rujak senthe punika manawi mêndhêt saking luguning têmbung botên atêgês sae, awit senthe punika gatêl, tamtunipun manawi dipun rujak botên eca. Nanging wontên ingkang nêgêsi, rujak senthe punika kangge pasêmon, bilih sinjang wau agêming para bandara, (bangsaning parang rusak), măngka ing ngriku isi sêratan warni-warni, bangsanipun ingkang anggatêli tumrap ingkang botên wênang ngangge. Namung ing sapunika pinanggih kantun saenipun.

[Grafik]

--- 57 ---

No. 15, 10 April 1938, taun IX

TAMAN BOCAH

INGKANG NGÊMBANI BU MAR

KAWÊTOKAKE SAMINGGU SAPISAN DENING BALE PUSTAKA BATAVIA-CENTRUM, RÊGANE SATAUN F 1.50 KÊNA KABAYAR SABÊN 6 SASI SAPISAN. BAYAR DHISIK LÊNGGANAN KAJAWÈN LÊLAHANAN.

MANGSULI LAYANG

S. Saring p/a Toko Westerling, Magêlang. Layangmu isi karangan wis daktampa, ora liya bangêt panrimaku, dakpikir-pikire dhisik, kapacak utawa orane.

Katijah c/o Soedarsa, Badran, Solo. Pitêpunganmu wis daktampa kanthi bungah. Sukur dene kowe arêp milu lêlumban ing Taman Bocah.

Soekardanoe, Leerling 7e kl. H.I.S. Trênggalèk. Kirimanmu lêlucon wis kêtampan, nanging aja pisan dadi atimu ya, ora bisa kapacak. Coba ngirimana karangan liyane kaya ta dêdongengan, dolanan kang luwi apik.

Amin p/a Joenoes, Poncol No. 23, Sêmarang. Pêrkara kowe isih dikirimi, kuwi dudu tanggunganku. Yèn kowe arêp pitakon bab iki, bêcik nglayangana administratie. Yèn Bu Mar ora kapasrahan bab pangirime T.B. dadi ora wêruh bab iku mau.

S. Ekasedijawati. G. Sêpanjang. Aku wis tampa layangmu pitêpungan lan nandhakake kasênênganmu maca isining T.B. Mula eman bangêt, dene kowe lagi ngrêti saiki, dadi kokira Bu Mar kuwi mung apus-apusan bae, we la kojur! Kapan kowe ngirimi layang manèh nyang Bu Mar milu nguruni isèn-isèn ing T.B.?

M. Satrijani, Blitar, Karcismu wis daktampa, nanging karangan² durung. Pancène adrèsmu wis arêp dakkirimake nyang Sri Sasanti, nanging barêng kowe nyêthakake manawa aja kapacak ing T.B. mula ya ora sida, dadi mung njaluk adrèse Sri Sasanti. Ach kok ana-ana bae, kowe kuwi.

Prapta, Blitar. Aku wis tampa pitêpunganmu, bangêt panarimaku. Kowe ora susah wêdi² milu urun² ngisèni T.B. Ora mung kowe bae sing wêton saka pamulangan Vervolgschool, akèh kancamu. Sing ngisèni T.B. kuwi ora dakpilih wêton pamulangan dhuwur. Sapa sing gêlêm milu urun ya kêna, mêngko kari milihi, sing kira² pantês kapacak. Sanadyana saka pamulangan Mulo pisan, yèn karangane ora apik ya ora kapacak, saka pamulangan Vervolgschool, yèn apik ya kapacak. Dadi kowe ya coba² milua urun dongèng utawa liyane.

Sri Sasanti, Surakarta. Aku njaluk adrèsmu sing cêtha, awit M. Satrijani arêp kirim layang nyang kowe.

Soetikna, Blitar. Aku bungah tampa layang pitêpungan saka kowe lan kowe gêlêm mblakakake panêmumu bab karangane Uncle Sum. Pancèn wiwit Sêtu buri wis ora dakpacak manèh, jalaran ana uga sing ngirimi layang kaya kowe kuwi, ora ngrêti lan sapanunggalane. Yèn kowe arêp milu urun ngisèni T.B. iya prayoga, coba² idhêp² kanggo sinau, ora susah wêdi², nanging poma aja tansah nyritakake awake dhewe, mundhak sing maca gêla, bosên.

Waidjah, Sêmplon, Magêlang. Yèn kowe arêp tuku buku "Widurileergang," iya mung ngirimi dhuwit nyang Bale Pustaka f 0.80, dene sing maragadi Bale Pustaka dhewe.

Mustikawati, Subah. Bangêt panrimaku kowe ngabari Bu Mar, yèn Sri Dadijah kasripahan ibu lan kangmase. Upama kowe ora ngabari, aku ya durung krungu, jalaran Sri Dadijah dhewe durung kobêr ngirimi layang nyang aku. Wah kok mêsakake têmên, ya!

Parikêsitty, Blitar. Bangêt bungahku, dene kowe mêrlokake ngirimi layang pitêpungan nyang Bu Mar. Nanging aja pisan dadi atimu, karanganmu ora bisa kapacak, coba gawea liane sing luwih apik, ibumu tansah ngarêp-arêp layangmu manèh.

Kadarwati, Magêlang. Sarèhne saiki aku lagi kêbanjiran têmbang-têmbang, mula kirimanmu karangan daksipmên dhisik, gêntenan papan.

Mochamad Madijana, Têmanggung. Kowe mangkono uga, sarèhne Bu Mar lagi kêbanjiran rêrêpèn, kirimanmu daksimpên dhisik, bêsuk gêntênan papan.

End. Rêsminingsih. Yèn kowe arêp njaluk katrangan bab pambayar lan nomêr², bêcike ngirimana layang nyang administratie. Sukur dene kowe arêp milu urun-urun ngisèni T.B. Yèn ngirimi karangan cêndhak nganggo postblad ya cukup, dene yèn dawa nganggo pranco f 0.10 ditulis "Document," lan aja ditutup (dilim).

Layang liya-liyane bakal dakwangsuli Sêtu ngarêp.

Bu Mar.

--- 58 ---

JOGÈD TAYUB BOCAH LANANG

[Grafik]

Ing dhuwur iki bocah-bocah saka "Paguyuban Bêksa Anak-anak" lagi padha mitongtonake jogèd tayub. Ing Salatiga ketoke bocah-bocah padha ngajokake bangêt nyang kagunan Jawa. Malah wiwit sasi Pèbruari bocah-bocah P.B.A. padha sinau wirèng.

Saka kiwa 1 Tjiep Sing Tan Giok Ien, 2 Wijoso Soekahar, 3 Soedarmadi Mangoenatmadji, 4 Kismojo Kismadi.

KATRÊSNANING SÊDULUR

Ana sawijining wong Turki kang dadi batur tukon. Dhèwèke srêgêp bangêt. Lêt sawatara taun dhèwèke bisa nglumpukake dhuwit f 500.- banjur sowan bêndarane, dhuwit mau dicaosake prêlu kanggo nêbus kakange kang uga dadi batur tukon ing kono.

Bêdarane takon: "Genea kok ora koenggo nêbus awakmu dhewe?"

Wangsulane: "Kakang kula punika tiyang botên gadhah kasagêdan, punapadene botên badhe sagêd kêklêmpak arta ngantos sagêd nêbus awakipun piyambak. Sarêng kula, manawi nyambutdamêl, sawatawis taun malih, mêsthi badhe sagêd ngêmpalakên arta kangge nêbus badan kula piyambak.

Barêng bêndarane krungu kang mêngkono mau ing batin ngalêm bangêt marang katrêsnane wong mau, marang sêdulure. Wong loro banjur dimardikakake kabèh.

Froggie, Purbalingga.

GUNUNG KÊLUT

Nalika taun 1919 Gunung Kêlut njêblug, ngêtokake lahar, nganti gawe karusakan akèh bangêt. Tumêkane dina iki gunung mau isih kumêlun mêtu kukuse kayadene Mêrapi. Mirid dongèng babad, panjêbluge Gunung Kêlut mau wis dipêsthèkake, sabên 4 taun, dene mula bukane mangkene:

Sang Nata Brawiidjaja kagungan putra putri, asma Dèwi Sêkar Kêdhaton. Wis akèh putra liya nêgara lan satriya-satriya kang nglamar, ananging durung ana kang kêtampan. Pawarta mau kêprungu dening Prabu Maesasoera, ratu sêkti Binatara ing Blambangan. Sang nata banjur tindak ngêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore.[5] Satêkane ing Mojopait banjur sowan Prabu Brawidjaja, ananging sarèhne Nata Majapait wêdi marang kasêktène Maesasoera, dadi ora wani nampik, banjur nganakake sayêmbara. Yèn sajrone têlung dina bisa ndhudhuk sumur ana pucake Gunung Kêlut, nganti mêtu banyune, Maesasoera iya bakal kaganjar Dèwi Sêkar Kêdhaton.

Ratu Blambangan wiwit nyambutgawe, ndhudhuk sumur. Wis rong dina suwine, durung mêtu-mêtu banyune, mangka wis jêro bangêt. Sang nata tansah kuwatir, yèn nganti têlung dina ora mêtu tuke mêsthi nêmahi pati, katigas janggane. Dina kang ping têlune mêksa durung mêtu banyune. Prabu Brawidjaja mriksani saka ing pucak didhèrèkake abdi pirang-pirang. Ing galih rada kuwatir, yèn nganti bisa mêtu banyune, putrane mêsthi digarwa Maesasoera, ing mangka Prabu Brawidjaja gêthing marang Ratu Blambangan, lah wong sirahe êndhas kêbo, dadi ora rupa manungsa, asungu barang, ananging kasêktène angungkul-ungkuli. Saka ing pucak sing ketok mung bolongan jêro bangêt, pêtêng ndhêdhêt, sing kêprungu mung ambêgane Prabu Maesasoera. Dumadakan Prabu Brawidjaja mirêng surake Maesasoera, alok yèn krungu banyune têka.

Prabu Brawidjaja ajrih ing galih, abdi-abdi banjur didhawuhi ngurugi sumur Gunung Kêlut nganggo watu sakiwa têngêne. Maesosoera kurugan watu ora bisa uwal, mati ing sajroning sumur. Ora lêt suwe Prabu Brawidjaja mirêng swara:

E, Brawidjaja, ratu ala, rasakna piwalêsku. Anakmu Sêkar Kêdhaton ora olèh takgarwa, lah kokmatèni Ratu Blambangan. Sabên patang taun sapisan aku ngêtokake lahar gêni, watu, nagaramu Majapait bakal tumpês, saka panjêbluge Gunung Kêlut.

Sis, Ngayogya.

--- 59 ---

MULA BUKANE ANA JÊNÊNG GÊDHANG KLUTHUK

Dhèk jaman kuna, mbarêngi karo adêge Candhi Prambanan, ing tanah Jawa kene isih akèh alase kang gêdhe-gêdhe.

Setan roban, dhêmit pri prayangan, dhanyang panyêyêngan lan widadari ya isih akèh.

Ing sawijining alas kang gêdhe-gêdhe iku mau, ana alas siji kang sinêngkêr ing para widadari. Dene prênah panggonane ing tanah Jawa Têngah, yaiku kang diarani alas gêdhang. Mulane diarani alas gêdhang, jalaran ing kono akèh wite gêdhang. Gêdhange gêdhe-gêdhe tur lêgi-lêgi lan gandane ya arum. Sapa wonge sing mangan mêsthi tuman takon tunggale, lagi wêruh rupane bae, kalamênjinge wis baris, munggah-mudhun, songkolan, nandhakake yèn kêpenging. Ing alas gêdhang iki mau, uga akèh munyuke. Barêng para widadari ngrêti yèn gêdhange sok dicolongi si munyuk, banjur padha digusahi dikon lunga saka alas gêdhang mênyang alas liyane, awit para widadari padha sumêlang, manawa ora kumanan wohe gêdhang kang sinêngkêr mau.

Kocapa munyuk-munyuk barêng digusah banjur padha pating blêngong glarahan, ngulandara padha golèk alas kang kirane kêna diênggoni sasuwene ana ing alam donya. Ora suwe banjur nêmu alas cilik, padunungane ora pati adoh saka alas gêdhang mau. Nanging wowohan mèh ora ana, mulane ditêba sasasi bae wis êntèk, banjur pating blulung ngupaya pangan, nanging ora ana siji-sijia kang olèh woh gêdhang. Paribasan: lunga ngetan bali ngulon, tiwas edan ora kêlakon. Ing sawijining dina panganjure munyuk-munyuk mau nglumpukake kancane kabèh gêdhe cilik nom tuwa lanang wadon. Panganjur munyuk banjur nyaritakake wiwit mêtune saka alas gêdhang nganti saiki sarta anggone kêlara-lara.

Dumadakan banjur takon marang kanca-kancane: "Kapriye kanca-kanca, karêpmu saiki, ing kene wis ora ana gêdhang ora ana pangan, kowe kabèh mêsthi padha mati kalirên. Aku saiki nekat yèn padha gêlêm lan cocog êndang lakonana, yaiku padha ngrampungi widadari, kabèh ditumpês aja ana kang kari siji-sijia. Kêbangêtên gone siya-siya, ora ngrêti sapadha-padhaning tumitah, dumèh kinacèk karo sapadha-padhaning titahing Pangeran."

Ana munyuk tuwa nyêlani: "Mêngko ta mêngko, aja guru-guru ngumbar hawa nêpsu. Wis jamak lumrahe yèn awake dhewe siningkang-singkang mring pra widadari, sabab padha dene golèk gêdhene wêtêng, mangka awake dhewe dhasar kalah, arêpa muni-muni wani kae ya kalah. Mula saka pamrayogaku mêngkene bae, ayo saiki padha golèk klênthêng sing akèh, mêngko bêngi yèn widadari wis padha turu, padha digrumut, gêdhange padha diisèni klênthêng. Yèn widadari mangan, banjur nanggori klênthênge rak nuli dilêpèh, awit ora doyan." Para munyuk kabèh padha mupakat.

Wayahe srêngenge surup, kêthèk-kêthèk wis padha nglumpuk kabèh. Ing têngah wêngi padha mangkat. Barêng wis têkan ing alas gêdhang, banjur tumandang kabèh, gêdhang padha diisèni klênthêng ora ana kang kliwatan. Sawise rampung nuli padha mulih.

Kocapa sawiji dina gêdhange ana sing matêng, para widadari gugup anggone arêp mangan, nanging... nanging... barêng mangan kêmluthuk akèh isine, mangka maune tanpa ana isine siji-sijia. Padha ora doyan, banjur padha ngalih saka alas gêdhang kono mênyang alas liyane kang prayoga diênggoni para widadari kabèh. Barêng kêthèk-kêthèk krungu lan ngêrti yèn para widadari wis padha lunga, banjur padha ngalih mênyang alas gêdhang kabèh.

Têkan ing kono rêbutan nggone arêp mangan, awit wis suwe ora wêruh rasane gêdhang. Swarane pating klêthuk mbrêbêgi kuping, banjur diarani "gêdhang kluthuk" nganti saprene.

Handojo, Paninggaran.

NGARAHAPA

I.

Hèh pra mitra piyarsakna | Lamun sira sayêkti amarsudi | Nggayuh geyonganing kayun | Kayungyun dadya tama | Dèn tabêri nastiti lawan tuwajuh | Aywa sira Ngarahapa | Supadya tulus utami.

II.

Sêdyakna dèn kongsi bisa | Kalakone nggonira amarsudi | Ywa pisan-pisan sirèku | Kêcandhak ing lêlara | Ngarahapa sayêkti pênyakit ampuh | Tumrap mring kang puruhita | Ingkang nambut-karya ugi.

III.

Tumrap mring kang puruhita | Ngarahapa wis njalari kèri | Sabarang wulanging guru | Wêkasan datan bisa | Nyêmbadani kudanganing tiyang sêpuh | Putra kinèn puruhita | Supadya dadya utami.

IV.

Dene lamun nambut-karya | Aja pisan sirèku darba pikir | Ngarahapa dadi racun | Kathah tuladhanira | Dèn pracaya nyêkêl arta karyanipun | Ngarahapa ngangge arta | Dadi buroning pulisi.

Sri Palupi, Solo.

--- 60 ---

ANANE DÊGAN DADI DULANG BAYI

Ing jaman biyèn ana sawijining satriya putra ratu ing Jênênggala jêjuluk Radèn Sêputra kagungan garwa endah ing warna kêkasih Dèwi Limaran.

Kacarita Dèwi limaran wus anggarbini ênèm dhatêng sakarone tansah sih-sinisihan. Ing sawijining dina sang putri katarik anggone anggarbini mau, kêpenging bangêt kagungan dolanan kidang kêncana. Radèn Sêputra bangêt prihatos anggalih panyuwune sang putri. Upama ora dituruti mêmêlas amarga sang putri tansah ngêmbêng waspa, nanging upama anurutana gèk ing ngêndi panggonane kidang kêncana. Pêpuntone Radèn Sêputra nekad karsa lolos saka kasatriyan. Sang putri priksa karêntêging panggalihe Radèn Sêputra. Barêng Radèn Sêputra miyos ing wayah têngah wêngi sang putri nututi sapurug-purug.

Satêngahing alas tarataban, Radèn Sêputra kraos sayah, nuli lèrèh ing sangisore wit gurda. Ing kono priksa saklebatan playune kidang mawa cahya. Mungguh panggalihe Radèn Sêputra mangkene: "E, ladalah, bokmanawa iki kang dadi idham-idhamane garwaku. Kidang aja kagèt, ya sanadyan mlayua mênyang Suralaya aku bakal nututi lakumu, êntènana aku!" Barêng Radèn Sêputra mênyat saka palênggahan nêdya nututi lakune kidang mau, kêsaru panjêrite sang putri saka ing buri: "Dhuh kakangmas, kula botên sagêd kantun." Radèn Sêputra kagèt mirêng panjêlihe sang putri, nuli ngraos sarirane kaya dilolosi, sêpisan anggalih wêlas marang kang garwa, kapindhone ngrumaosi bakal koncatan lacaking kidang kêncana.

Pangandikane Radèn Sêputra: "O, yayi mêmêlas bangêt dene kowe kêraya-raya milu nusup-nusup ing alas kene. Aku ora nêdya ngoncati kowe, bakal nggolèki kang dadi pamundhutmu, yayi. Wus mênênga dakkira ora bakal suwe kidang kêncana ana ing astamu. Dhèk mau aku wêruh kumlebat ana ing ngarêpku, arêp dakburu kasaru panjêritmu."

Pangandikane Radèn Sêputra: "O, yayi mêmêlas bangêt dene kowe kêraya-raya milu nusup-nusup ing alas kene. Aku ora nêdya ngoncati kowe, bakal nggolèki kang dadi pamundhutmu, yayi. Wus mênênga dakkira ora bakal suwe kidang kêncana ana ing astamu. Dhèk mau aku wêruh kumlebat ana ing ngarêpku, arêp dakburu kasaru panjêritmu."

Radèn Sêputra bêbarêngan karo Dèwi Limaran nuli nusup-nusup ing alas kono, barêng wus rada sayah, karo-karone padha ngawuningani kumlebating kidang kêncana rêrikatan. Radèn Sêputra enggal-enggal arêp nututi kidang mau, nanging ora bisa, amarga sang dèwi ora bisa lumayu rêrikatan. Wusanane kidang ilang manèh, lumêbu ing sajroning grumbul. Radèn Sêputra kakên pênggalihe.

Dèwi Limaran arêp ditinggal ora kêrsa sarta uga nguwatiri upama pisah karo panjênêngane, ananging upama ora pêpisahan mêstine langka bisane nyêkêl kidang kang luwih dening kêsit mau, têmahan karo-karone padha tansah tangis-tangisan. Adrênge Dèwi limaran bisane entuk kidang mau nganti prasêtya aluwung seda katimbang ora bisa katurutan kêrsane. Anglês raosing panggalihe Radèn Sêputra dene durung ana wêwêngan saka ingkang Murbèng Dumadi kapriye mungguh bisane kasêmbadan apa kang dadi karsane garwane. Sakarone wis padha sayah amarga wus têlung dina ora padha dhahar, mangkono uga tansah ora bisa sare amarga saka kèhing buron galak kang tansah saliwêran ana ing sacêdhake kono. Sajatine sakabèhing buron galak mau, kabèh babarpisan ora padha duwe karêntêg arêp munasika gêdhene mangsa marang raja putra sakarone, malah mungguh tataha padha manêmbrana marang Radèn Sêputra sêkalihan, têmbunge: "Dhuh radèn têka mêmêlas arsa kawontênan paduka sakalihan wontên ing padunungan amba ngriki. Punapa ta ingkang dipun karsakakên, mugi karsa dhawuh dhumatêng pun abdi, mangke pun abdi ingkang sagah anyêkapi punapa ingkang dados pamundhut panjênêngan." Iku ature si macan gembong karo anggêro sêsêngoran agawe mrindinge githok. Mangkono uga patrape macan utawa kewan galak liya-liyane pating glêrêng agawe judhêging panggalihe Radèn Sêputra.

Dene para ibêr-ibêran sapanunggalane ana sing gawe kumpulan kayadene "muziekvereeniging" kayadene bocah-bocah yèn pinuju kumpul padha anggawa suling, gitar, mondharmonica lan sapanunggilane banjur padha diunèkake, sanadyan wêtune swara rada ora kêpenak, nanging mungguh kanggo kupinge kang nglakoni ya wus rumangsa apik. Mangkono uga para manuk-manuk mau pating cruwit agawe lilihe Radèn Sêputra sêkalihan, nadyan ora ngrêtos kêkarêpane manuk-manuk mau, tinimbang mirêng panggêmbore macan aluwung mirêngake swarane manuk-manuk mau. Si kokok bêluk uga ngaturi urmat, panggraitane: "Mêsthi-mêsthine wong bagus bangêt ngêlihe. Upama dakkirim panganan siba bungahe." Sanalika iku dhèwèke mumbul ing awang-awang milang-miling mangisor. Kabênêran wêruh ana ula kayu pinuju mangsa kodhok. Wah bêgja kamayangan manawa ula disaut, kodhok mêsthi katut.

Ula kanggo wong bagus, kodhok kanggo wong ayu. Sawuse ula kêna digondhol kokok bêluk, banjur diruntuhake ing ngarsane Radèn Sêputra sêkalihan, têmbunge si kokok bêluk mungguh tataa: "Mangga radèn, suwawi kadhahar luwung kagêm sarat ngêlih." Dene wêtune swara ya mung "gugug-bêlug" bae. Radèn Sêputra sarta ingkang garwa kamigilanên amriksani kaanan kang kaya mangkono mau.

Ana candhake.

--- [469] ---

 


Gusti. (kembali)
Kancil. (kembali)
ngramèkakên. (kembali)
Panaraga. (kembali)
§ Têtêmbungan iki karêpe wangsalan. Êbun esuk iku jênênge: awun-awun. Udan sore iku jênênge: rêrabi. (kembali)