Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667

Judul
Sambungan
1. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-02-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
2. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
3. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
4. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
5. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
6. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
7. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-03-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
8. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-02, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
9. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
10. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-09, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
11. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
12. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
13. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
14. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
15. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-04-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
16. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
17. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-07, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
18. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
19. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-14, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
20. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
21. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-21, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
22. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-25, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
23. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-05-28, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
24. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-01, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
25. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-04, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
26. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
27. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-11, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
28. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
29. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-18, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
30. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-06-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
31. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-16, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
32. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
33. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-23, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
34. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-07-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
35. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-03, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
36. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-06, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
37. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-10, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
38. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-13, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
39. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-17, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
40. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-20, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
41. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-24, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
42. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-08-27, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
43. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-05, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
44. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-08, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
45. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
46. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-15, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
47. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-22, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
48. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-10-26, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
49. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-12, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
50. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-19, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
51. Kajawèn, Balai Pustaka, 1938-11-30, #1667. Kategori: Koran, Majalah dan Jurnal > Kajawèn.
Citra
Terakhir diubah: 24-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ăngka 46, Rê Wa, 9 Bakda Mulud, Jimawal 1869, 8 Juni 1938, Taun XIII.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Rêbo lan Sabtu

Rêgining kalawarti punika ing dalêm tigang wulan f 1.50 bayaran kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 1744 - Bêtawi Sèntrêm.

Isinipun: Zwitserland - Masrahakên Tugu Pèngêtan ing Salatiga - Sawung Bal-balan Tanah Ngriki wontên ing Nagari Walandi - Ngemba Rekadayanipun Dr. Pasteur - Kasusilan - Aksara Gêndhing - Paboyongan ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul ingkang Wiwitan - Kabar Warni-warni - Wêwaosan - Jagading Wanita.

ZWITSERLAND

[Grafik]

Sêsawangan nêngsêmakên ing laladan kitha Spiez (Zwitserland) inggih punika kaprênah sapinggiring talaga Thun.

--- 702 ---

Masrahakên Tugu Pèngêtan Ing Salatiga

Nalika dintên Kêmis tanggal kaping 12 Mèi 1938, kalêrês dintên agêng, inggih dintên ingkang pantês pinèngêtan. Dintên wau kalêrês Sang Putri Beatrix dipun babtis. Tumraping nagari Walandi mawi pahargyan agêng-agêngan. Pawartosipun malah kathah tamu agung saking măncanagari, ingkang sami mrêlokakên rawuh anjumênêngi pambabtis dalêm sang putri wau, nanging tumrapipun ing tanah jajahan ing Nuswantara ngriki (ing Indhia Wetan) katingal sêpên, sanajan makatêna, ewadene ing Salatiga ugi wontên pahargyan alit-alitan, inggih punika masrahakên tugu pèngêtan miyosipun Sang Putri Beatrix dhatêng ingkang jumênêng wêwakiling parentah, tuwan asistèn residhèn, ingkang ugi ngrangkêp ngasta bêrgêmistêr ing Salatiga, ugi ngiras pantês tumut mahargya saha amèngêti ing pambabtis dalêm sang putri wau.

Ing dintên ingkang kajarwa nginggil, kintên-kintên wanci jam satêngah sanga enjing para pangrèhing P.P.B. ing Salatiga sampun sami ngalêmpak ing susitèt Sasana Langênsuka, ugi wontên wakilipun sêrat kabar. Sarêng ngajêngkên wanci jam sanga, wakiling pangarsa P.P.B. ing Salatiga, inggih punika Radèn Sunjaya Holan Sumadilaga, kaptin pènsiyun, kanthi Radèn Prawira Dinata, sèkrêtaris ăngka 1 P.P.B. numpak oto sowan tuwan asistèn residhèn, ngaturakên sêrat sarta lis-lis tarikan arta urunan ingkang kangge wragad adêging tugu pèngêtan, saha ing dintên punika tanggal kaping 12 Mèi 1938 kalêrês dintên pambabtis dalêm Sang Putri Beatrix, tugu wau kapasrahakên dhatêng wêwakiling parentah, tuwan asistèn residhèn, ingkang ngrangkêp jumênêng bêrgêmistêr kawahya ing nginggil.

Tugu wau dados pasêmon utawi pralampita, angêmu raos kados ingkang kacêtha ing Kajawèn ăngka 18, ingkang mêdal tanggal kaping 2 Marêt 1938. Nitik wujuding tugu, manawi dipun raos lajêng kraos, kenging kawaos: sampurna, gêsang mulya, pangajêng-ajêng, têntrêm, kaayoman ratu, sêtya tuhu, manah suci.

Sasampunipun tuwan asistèn residhèn nguningani bab punika, lajêng paring pangandika: sangêt ing panarimah kula, sarta sagah badhe anglajêngakên bab punika dhatêng parentah.

Utusan P.P.B. Radèn Sunjaya Holan Sumadilaga lajêng ngaturi tuwan asistèn residhèn, supados rawuh mriksani wujudipun tugu.

Sarampungipun papriksa, Radèn Tumênggung Wăngsawadana lajêng majêng matur dhatêng tuwan asistèn residhèn, ingkang wosipun masrahakên tugu pèngêtan punika.

Sarêng wêdharsabdanipun Radèn Tumênggung Wăngsawadana sampun rampung, tuwan asistèn residhèn lajêng paring wêdharsabda minăngka wangsulan, wosipun, amuji utawi angalêmbana dhatêng P.P.B. ing Salatiga.

Sabibaripun wêdharsabda, lajêng kaladosan unjukan sampanyê, minăngka kasugêngan dalêm Sang Putri Beatrix nuntên ngunjuk sêsarêngan.

Pênonton.

Gambar botên sagêd kadamêl klise, jalaran kalitên.

Red.

--- [703] ---

Sawung Bal-balan Tanah Ngriki wontên ing Nagari Walandi.

[Grafik]

Pinanggihipun wontên ing Eropah dhatênging sawung bal-balan saking tanah ngriki punika sakalangkung dipun wigatosakên, bokmanawi botên beda kados manawi wontên sawung saking tanah ngamănca dhatêng ing tanah ngriki.

Ingkang kacêtha ing gambar, punika sawung-sawung bal-balan saking tanah ngriki nalika wontên nagari Walandi. Gambar nginggil: para sawung nalika sêsarêngan kêmbul bujana wontên ing hotèl Duinoord. Gambar bundêr: Tuwan Taihitu, Samuels tuwin Meeng sami ningali sêsêgah ingkang badhe lumados. Ngandhap piyambak: Tuwan Nawir (kiwa) nuju dham-dhaman.

[Iklan]

--- 704 ---

Bab Kasarasan

Ngemba rekadayanipun Dr. L. Pasteur.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 39.

Mila sapunika sampun konangan, têtiyang sakit ewah ingkang sami lumêbêt ing griya sakit katitik ingkang kathah sami saking tiyang ingkang sampun nate sakit syphilis ingkang dèrèng saras saèstu wau, sanajan sakit ewah punika sababipun warni-warni.

Dr. Wassermann ingkang miwiti gadhah reka mriksa êrahipun tiyang ingkang sakit lajêng sagêd nêtêpakên punapa wontên wisanipun syphilis utawi botên, sapunika tiyang utawi dhoktêr-dhoktêr kêdah ngupadosi jampinipun ingkang mustajab saèstu, awit kwik wau sampun têtela botên sagêd nanggulangi wontênipun sêsakit syphilis ingkang saèstu.

Ing taun 1910 Prof. Ehrlich (Duitsch) manggihakên jampi kangge syphilis ingkang mustajab, namanipun Salvarsan, mirsanana ing Kajawèn wulan Nopèmbêr 1934 no. 93 bab jampi Salvarsan.

Prof. Ehrlich nyambutdamêl dipun kanthi dening Dr. Hatta (Japan) prêlu ngudi lan ngupadosi jampi kangge sêsakit syphilis wau.

Sasampunipun Prof. Ehrlich damêl cobèn pintên-pintên, sèri sarta rambah-rambah sawêg pinanggih jampinipun asli saking warangan (arsenicum verbinding) ingkang sagêd mêjahi wisa syphilisi (spirochoete pallida) namanipun Salvarsan utawi 606 (Hatta) sagêd tumănja lan sagêd mêjahi wisa syphilis saèstu.

Mênggah pinanggihipun jampi wau botên sanès inggih saking wohing kasagêdan tuwin ajêging pangudi, dadosipun inggih onjo, jalaran saking manggihakên Salvarsan utawi 606 (Hatta) punika. Salêbêtipun sataun asmanipun Prof. Ehrlich kajuwara ing golonganing dhoktêr sadonya, nanging sanajan kathah ingkang bingah, amujèkakên sae, ewadene inggih taksih wontên ingkang gêthing tuwin nacad, tur ingkang nacad wau ing wêkdal samantên inggih wontên lêrêsipun, amargi jampi Salvarsan punika têmtu taksih dèrèng sampurna.

Sarêng pabrik jampi Hocht (Jêrman) sampun mriksa tuwin Salvarsan punika dipun olah saha dipun jantoni malih, saha sarêng pabrik pandamêl utawi pangolahipun jampi andungkap nomêr 300, nama Salvarsan wau lajêng dipun namakakên neo Salvarsan. Cêkakipun jampi wau sagêd nyarasakên sêsakit ingkang ambêbayani tumrap tiyang sadonya.

Mênggah kawontênanipun sêsakit syphilis punika tigangdasa taun sapriki nyata sampun kathah sangêt sudanipun.

Manawi ngèngêti majêngipun sêsakit sadèrèngipun wontên jampi neo Salvarsan wau, têtiyang utawi para dhoktêr têmtu sami ngyêktosi manawi jampi punika pancèn ngedap-edapi, ananging sajatosipun jampi wau inggih dèrèng sampurna mandinipun, amargi ingkang sakit botên cêkap dipun suntik [su...]

--- 705 ---

[...ntik] sapisan utawi kaping kalih, kêdah rambah-rambah sawêg sagêd nyirnakakên utawi nyarasakên, tur satunggal kalih taksih wontên ingkang botên saras babarpisan, langkung-langkung ingkang sampun kasèp sêsakitipun, saha sampun ngrêbda dumugi sungsum utawi utêg, jampi wau botên sagêd tumănja utawi tumama.

Tumrapipun sêsakit pathèk jampi neo Salvarsan punika pancèn pêng-pêngan sangêt, ingkang sakit dipun suntik sapisan pathèkipun sagêd anggogrogi, yèn dipun suntik kaping kalih utawi kaping tiga sêsakitipun sagêd saras blas.

Sêsakit spirochoete ing tikus (rattenbeet ziekte), yèn tiyang dipun cakot tikus wau, tiyang punika lajêng sagêd katularan sêsakitipun, samăngsa tiyang ingkang kataman sêsakit punika dipun suntik neo Salvarsan sagêd cêsplêng sêsakitipun lajêng saras blas.

Tiyang ingkang saking bêntèr (febr. recurrens) dipun jampèni sarana dipun suntik punika sapisan kemawon sagêd saras blas.

Mila samăngsa êrahipun ingkang sakit syphilis kapriksa W.R. pinanggih positief dhoktêr sanalika lajêng sagêd nyuntik tiyang ingkang sakit sarana neo Salvarsan wau, sagêd saras blas lan mitulungi utawi murakabi dhatêng tiyang sabrayat saha saturun-turunipun, awit botên ngêmungakên tiyang jalêr lan ingkang èstri kemawon ingkang kataman sêsakit punika, ugi turunanipun inggih sagêd katularan sêsakitipun wau tur saya sangêt pangrêbdanipun.

[Iklan]

Sanajan jampi neo Salvarsan wau ngedap-edapi anggènipun sagêd nanggulangi dhatêng sêsakit syphilis kasêbut ing nginggil, ananging kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, yèn sêsakitipun sampun kasèp, jampi wau botên sagêd tumănja, katăndha têtiyang sakit ewah ing griya sakit ingkang kaudi dening para dhoktêr sarana dipun jampèni neo Salvarsan, botên wontên satunggal ingkang sagêd kêtulungan, ngantos ingkang sami sakit kêpêksa dipun pulasara ing griya sakit lêlajêngan.

Kintên-kintên kawan dasanan taun kapêngkêr tiyang ingkang sakit ewah botên kaetang tiyang sakit ingkang kêdah dipun jampèni dening dhoktêr, namung dipun anggêp tiyang ingkang kêdosan gadhah kalêpatan, kêdah dipun ukum, mila tiyang sakit ewah wau sami dipun blênggu ing pakunjaran, ingkang rèwèl dipun labrag utawi dipun pisakit dening ingkang jagi.

--- 706 ---

[Grafik]

Kapal-kapal silêm gadhahanipun nagari Amerikah ingkang mêntas jagi-jagi ing lautan Tiongkok, wangsulipun mampir tanah ngriki, labuh wontên ing Surabaya.

Nanging yèn ingkang sakit pintêr ngaos (ngaji) utawi sagêd ngungêlakên rapal-rapal, utawi sanèsipun, tumrap tanah ngriki, trêkadhang tiyang ewah wau dipun wastani oliya, dipun urmati dipun pundhi-pundhi dipun sêmbah-sêmbah dening têtiyang ingkang sami ngadhêp sapanunggilanipun.

Ing wêkdal samangke băngsa kula Jawi taksih kathah ingkang pitados utawi nganggêp dhatêng ingkang sakit ewah ingkang purun nêdha sês utawi sanèsipun, lan botên purun mangangge ingkang pantês, tilêmipun ing saênggèn-ênggèn, kadosdene tiyang ingkang sawêg nglampahi makatên, sami dipun èringi dipun pundhi-pundhi.

Manawi ingkang sakit ewah wau rèwèl purun mêmisuh, andalêming utawi ngrisak barang-barang, tiyang ingkang makatên punika sami dipun wastani sakit kalêbêtan setan sasaminipun.

Sajatosipun tiyang sakit ewah ingkang makatên punika, pancèn sakit saèstu ing utêging tangsul raos utawi sungsumipun, botên kêsambêt, botên kalêbêtan setan inggih botên kasiku dening danyang utawi ingkang ambaurêksa ing satunggiling panggenan, nanging têtêp tiyang sakit èngêtan.

Kirang langkung sadasa taun punika têtiyang ingkang sakit ewah punika dipun pulasara kados tiyang ingkang sakit limrah. Pancènipun tiyang ewah punika inggih kataman sêsakit saèstu, dados inggih kêdah dipun pulasara lan dipun jampèni sacaranipun tiyang sakit limrah.

Badhe kasambêtan,

Sumadirja. Ind. Arts. Sêmarang.

--- 707 ---

Wulang Sae

Kasusilan

Dening Radèn Tumênggung Arjaprakosa, ing Surakarta.

Sambêtipun Kajawèn nomêr 45.

Kathah ingkang kagungan pangintên, bilih tiyang nglênggahi kasusilan punika, lajêng tanpa krêkat, tanpa kamajêngan, kajawi namung thilêg-thilêg kemawon. Pangintên ingkang makatên punika kalintu ing panampi. Kawuningana, ing ngajêng sampun kula têrangakên bilih kasusilan punika pikajêngipun lêbêt sangêt, sarta wiyar têbanipun, inggih punika: kamajêngan - têtêping kuwajiban - katrêsnan - adil - kautamèn - tuwin taksih kathah panunggilanipun, manut kawontênan tataraning darajatipun piyambak-piyambak, punapa ingkang dipun garap sarta ingkang dados kuwajibanipun. Dados têrangipun sintên ingkang botên marsudi kamajêngan punika botên susila. Tindak botên adil punika botên susila, botên nêtêpi kuwajibanipun piyambak punika botên susila, makatên sapanunggilanipun.

Sadaya kemawon tindak tuwin tanduk kalarasna condhongipun kalihan angên-angêning Pangeran anggènin anggêlarakên buwana saisinipun. Bilih prakawis anggêr-anggêr wau kirang mangrêtos, kenging kapiridakên condhongipun kalihan karahayon, amargi angên-angên wau saperangan agêng ngêwrat karahayon.

Wontên malih ingkang gadhah pangintên, sarèhning jaman samangke băngsa Jawi sawêg wiwit tumindak dhatêng kamajêngan warni-warni, saupami sami mrêlokakên anglênggahi kasusilan, dipun kuwatosakên dados alanganipun kamajêngan. Pangintên ingkang makatên punika têtela dèrèng dhamang dhatêng têgês sarta pikajêngipun kasusilan, kapara kalêrêsan sangêt kalihan măngsakalanipun ing jaman wiwitaning kamajêngan, punika prêlu sangêt dipun dhasari kasusilan, supados tumindakipun nurut garis-garis ingkang anjog dhatêng kabêgjan sarta kaluhuan. Kamajênganing brayat utawi băngsa ingkang nglirwakakên kasusilan, punika lampahipun badhe kajlungup dhatêng juranging karisakan. Pramila langkung prayogi saupami prakawis kasusilan punika asring dipun rêmbag, murih sagêd mangrêtos sarta dhamang mênggah larah-larahipun utawi têgês-têgêsipun, amargi kathah sangêt peranganipun ingkang alit-alit ingkang ugi prêlu katindakakên.

Anggèn kula nêrangakên prakawis kasusilan punika kula kèndêli samantên rumiyin, amargi saupami kula lajêngakên, kula kuwatos bokbilih ambosêni, têmahan botên damêl dhamanging pangrêti.

Dene manawi para nupiksa taksih kapengin mirêngakên sambêtipun, sanès wêkdal kula inggih taksih kadugi andongèng malih, nêrang-nêrangakên sambêtipun prakawis kasusilan.

--- 708 ---

Kagunan Jawi

Aksara Gêndhing

Sambêtipun Kajawèn nomêr 44

Jalaran ingkang nampèni laras slendro utawi pelog punika sanès pangrêtos, ananging raos, dene ingkang sumêrêb bedaning laras punika pangrêtos, sanès raos, mila manawi raos lan pangrêtos wau sampun sagêd jumbuh, inggih punika ingkang sampun nama sagêd ambedakakên slendo peloging laras. Awit sanadyan wontên tiyang ingkang sagêd nêmbang ngangge laras pelog utawi slendro, manawi botên sagêd ambedakakên, punika nandhakakên pangrêtos lan raosipun dèrèng sagêd jumbuh, dados anggènipun nêmbang wau botên ngrêtos dhatêng slendro peloging larasipun ingkang dipun ungêlakên, sabab pangrêtosipun botên dipun kulinakakên kangge nitèni bedaning laras.

Lagu Ilir-ilir kalihan têmbang Maskumambang, Mêgatruh nginggil punika namung kangge sarana dados soroging nyinau laras slendro kalihan pelog. Mila manawi ingkang badhe nyinau wau dèrèng sagêd dhatêng lagu Ilir-ilir sapanunggilanipun, kalihan têmbang Maskumambang punapadene Mêgatruh, punika inggih kêdah dipun tuntun dening tiyang ingkang sampun sagêd ambedakakên dhatêng laras slendro kalihan pelog, utawi ngangge sarana têtabuhan ingkang sampun dipun angkani wilahanipun.

Gêndhing Iyasan

Gêndhing-gêndhing iyasan punika ingkang kathah salugunipun botên saking pandamêlipun ingkang dipun sêbut ngiyasani, nanging saking pandamêlipun tiyang sanès, kados ta iyasaning para luhur Jawi punika kathah ingkang sanès pandamêlipun piyambak. Ewadene inggih wontên para luhur ingkang iyasanipun wau saking pandamêlipun piyambak. Sarèhning ingkang anggarap prayagung luhur, inggih sampun tamtu mawi dipun ladosi dening sawatawis tiyang ingkang ahli dhatêng bab gêndhing, mênggah prayagung luhur ingkang iyasa gêndhing saking pandamêlipun piyambak wau, ingkang kula mangrêtosi têrang sawêg priyagung 4 inggih punika suwargi B.R.M.H. Tăndhakusuma, suwargi R.M.T. Wrêksadiningrat (rayi dalêm K.R.A. Sasradningrat) K.P.H. Prabu Winata kalihan K.B.R.M.H. Wiryadiningrat.

Iyasan Tăndhakusuman punika ingkang kathah mêndhêt saking laguning têmbang Macapat, lajêng kadadosakên gêndhing kangge nglampahakên langêndriyan. Nalika sawêg badhe miwiti anggarap, ragi kèmêngan ing panggalih anggènipun pijêr botên kadadosan. Awit saking makatên lajêng rawuh dhatêng dalêmipun ingkang rayi, (suwargi B.R.M.T. Yudanagara) prêlu mundhut bantu panggaraping gêndhing wau, atur wangsulanipun ingkang rayi namung kalihan sêsakecanipun kemawon, kalihan gumujêng matur makatên: la namung andadosakên gêndhing saking têmbang kemawon kamas kok kodhêng, têmbang kadadosakên gêndhing punika manawi dipun kêthuk kênongi kêtawang rak lajêng gêmladhag kemawon. [kema...]

--- 709 ---

[...won.] Ingkang raka mirêng aturipun ingkang rayi makatên wau lajêng cumêplong panggalihipun, wasana pandamêlipun gêndhing langêndriyan sagêd rancag enggal dados. Awit inggih ngagêm waton kêthuk kênonging katawang kados aturipun ingkang rayi wau.

Sadaya iyasaning para luhur ingkang botên saking pandamêlipun piyambak botên mawi nyêbutakên ingkang andamêl punika sampun adat caraning iyasanipun para luhur Jawi. Cara ingkang makatên punika sababipun kadospundi, kula botên mangrêtos, punapa ingkang andamêl utawi nyumêrêpi bab wau sami ajrih mèngêti, bokmanawi andadosakên sudaning kuncaranipun ingkang iyasa, punapa sabab sampun botên rêna dipun alêmbana, punika kula babarpisan botên mangrêtos. Cara ingkang kados makatên punika sanadyan tumrap ingkang andamêl sampun botên rumaos kasilêp utawi kapitunan, sabab sampun nama nêtêpi kuwajibaning pasuwitanipun, punika inggih sae kemawon, dados botên katut dipun sêbutakên namanipun punika botên gadhah raos barang-barang, ananging tumrap pangudining kawruh kagunan, cara ingkang makatên punika kirang prayogi, awit botên kenging kangge ngukur majêng munduring kagunan, utawi kangge panglalaring kawruh tumrap ing têmbe wingking, măngka pèngêt-pèngêtan ingkang kangge panglalaring kawruh punika bab ingkang prêlu sangêt kangge tataraning pangudi ing têmbe wingking, malah sagên[1] gangge garan angêgarakên utawi andandosi murih wêwahing kaendahanipun. Ing ngriki kula nêrangakên panglalaring têmbang Jurudêmung ingkang kêlimrah jaman sapunika, sêsêrêpan kula kados ing ngandhap punika.

[Iklan]

Nalika kula sawêg umur 16 taun, wontên satunggiling priyagung luhur ngrancang nganggit gêndhing mêndhêt laguning têmbang Jurudêmung ingkang kêlimrah jaman sapunika, priyagung wau dhawuh dhatêng kula, kadhawuhan nyrasèhakên dhatêng suwargi B.R.M.H. Sumaningrat (R.M.P. Săntasewaya). Sarêng rancangan wau kula ungêlakên, B.R.M.H. Sumaningrat lajêng ngandika kalihan gumujêng, pangandikanipun makatên: kowe kăndhaa mênyang sing ngrancang gêndhing kuwi, têmbang Jurudêmung sing kêlumrah saiki kuwi, iyasan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Sri P.B. V. dhèk ijèh jumênêng Pangeran Adipati Anom, têmbang Jurudêmung anyar mau lagune dijukukake laguning gênding Gambir Sawit, nanging disuda satêngah kênong, su-

--- 710 ---

[Grafik]

Sêsawangan margi agêng ing Kandhangan, laladan Martapura.

dane satêngah kênong iku sawise kênong kapindho, mulane disuda awit têmbang Jurudêmung sing kuna iku padalingsane mung pitu, anggone Ingkang Sinuhun kagungan karsa mangkono iku, kajaba saka rêmêne mênyang gêndhing Gambirsawit, têmbang Jurudêmung kuna iku digalih ora patut dicakake kanggo pamacane wong wadon, dadi dhèk jaman samana têmbang Jurudêmung iku ana warna loro, sing tumrap wong lanang gèsèh karo sing tumrap wong wadon. Ananging saiki têmbung[2] Jurudêmung kuna iku wis mèh mati, sawêruhku sing bisa saiki mung si thole R.M. Ng. Jagakartika karo aku. Makatên pangandikanipun B.R.M.H. Sumaningrat dhatêng kula. Kula ugi lajêng dipun wulang têmbang Jurudêmung ingkang kina, sapunika sampun kula cathêt wontên ing nut. Sawangsul kula saking Sumaningratan, kula lajêng ngaturakên sadaya pangandikanipun B.R.M.H. Sumaningrat dhatêng prayagung luhur ingkang ngrancang nganggit gêndhing wau, wusana rancangan gêndhing Jurudêmung botên kalajêngakên. Awit têmbang Jurudêmung ingkang kêlimrah sapunika manawi kadadosakên gêndhing inggih namung sami kalihan ngungêlakên gêndhing Gambirsawit, mila pangrancangipun botên kalajêngakên. Kados makatên aluraning têmbang Jurudêmung ingkang kalimrah jaman sapunika.

Sadaya pangandikanipun B.R.M.H. Sumaningrat punika kathah nyatanipun, awit B.R.M.H. Sumaningrat punika putranipun B.K.P.H. Săntakusuma, putra perangan sêpuh, makatên ugi B.K.P.H. Săntakusuma punika putra dalêm Sri P.B. V. ugi perangan putra sêpuh.

Badhe kasambêtan.

Kodrat. Batawi Sentrêm.

--- 711 ---

[Grafik]

Pamêdal Tanah Ngriki

[Grafik]

Manawi dipun wigatosakên, pamêdalipun tanah ngiki punika warni-warni saha sumrambah dhatêng pundi-pundi. Sawêg ingkang bangsaning sêsêkaran, wowohan tuwin sayuran, katingal anggènipun angêbèri.

Ingkang kacêtha ing gambar, nginggil punika bangsaning sêsêkaran ingkang kadhasarakên wontên ing pêkên Medhan. Ing ngandhap wowohan. Pamêdal ingkang kados makatên punika sumêbaripun sagêd dumugi laladan sanès, nandhakakên bilih tanah ngriki loh jinawi.

--- 712 ---

Paboyongan Ing Pêngaron, Borneo Sisih Kidul Ingkang Wiwitan

Sambêtipun Kajawèn nomêr 44.

Saking papan paboyongan dhatêng dhusun Sungke wontên marginipun alit, watawis 3 km, ing ngriku wontên siti ingkang sawêg kagarap dening lanbo. Pangagêngipun Tuwan Insinyur J.C. Garlach, lanbo konsulènipun Ir. A.A.G.P. Makaliwy, ajung lanbo 1 lan mantri 2. Dene têtiyangipun ingkang sami nyambutdamêl sadaya saking Madura. Wontên malih margi alit saking papan paboyongan dhatêng Sungèi Raya, kirang langkung 3 km ugi wontên pakêbonan malih, sadaya tiyang ingkang manggèn ing ngriku ugi tiyang Jawi, malah kula piyambak ningali tanêmanipun pantun katingal subur sangêt, dene namanipun panggenan wau Gangga. Dados papan paboyongan enggal punika manggèn ing têngah-têngah. Sasampunipun punika kula dipun dhawuhi têngga sadintên malih, awit tanggal 27 April badhe kawontênakên karamean umum kangge ngurmati dhatêngipun tiyang paboyongan.

[Grafik]

Baita-baita ingkang ambêkta pisang pawêdaling tanah paboyongan ing Pêngaron, nuju sami labuh wontên ing lèpèn Martapura.

Tanggal 23 April, panjênênganipun asistèn wadana, Radèn Supangat Prawira Adiwinata tindak dhatêng Banjarmasin, prêlu mêthuk têtiyang wau. Ing wusana tanggal 27 April enjing panjênênganipun asistèn kyai rawuh, manggihi kula, sarta ngandika bilih têtiyang boyongan botên dhatêng, awit wontên pambêngan ing margi. lajêng kula dintên punika ugi bidhal wangsul dhatêng [dha...]

--- 713 ---

[...têng] Banjarmasin numpak oto. Anamung kula badhe dipun urmati dening panjênênganipun asistèn kyai wontên ing Mêngkauk rumiyin, awit sampun sadhiya mragad lêmbu satunggal prêlu kangge wilujêngan: rampunging ngukur tuwin ambage siti. Jam 1 enjing kula bidhal saking papan paboyongan numpak otonipun asistèn kyai. Dene barang-barang kula, dipun bêkta ing prah oto, ngantos dumugi ing dhusun Mêngkauk. Kirang langkung saprasakawan jam kula dumugi ing kampung Mêngakuk, ing ngriku sampun sadhiya kangge wilujêngan. Sadèrèngipun sami dhaharan, panjênênganipun asistèn kyai ngandika basa Mlayu, cara Jawinipun makatên:

Panjênênganipun Radèn Citra Kusuma, kula atas wakil paboyongan, matur nuwun dhatêng panjênêngan, dene sampun ngukur siti utawi margi, salêbêtipun 26 dintên sampun rampung babarpisan sagambaripun, măngka pangintênipun, salêbêtipun 1½ wulan sawêg rampung. Măngka siti ing ngriku punika garap-garapanipun rêkaos sangêt, jalaran parêdèn sadaya, ingkang punika saking dhawuhipun tuwan kontrolir, kula supados wilujêngan prêlu ngaturi kawilujêngan panjênêngan anggèn panjênêngan tumindak damêl.

Jawab kula makatên: ugi basa Mlajêng, Jawinipun:

Panjênênganipun tuwan asistèn kyai, utawi para sadhèrèk ingkang lênggah sadaya. Kula matur nuwun dhatêng panjênênganipun utawi wakiling paboyongan, ingkang sampun ngandikakakên dhatêng jasat kula prakawis padamêlan siti paboyongan, pancèn kasinggihan pasitèn ing ngriki punika rêkaos sangêt. Namung wontên gampilipun, jalaran pasitèn ing ngriki punika têtuwuhanipun kambêngan. Saupami kathah kêkajênganipun, sampun têmtu salêbêtipun 2 wulan botên sagêd rampung. Kula matur nuwun dhatêng paduka tuwan kontrolir, dene sampun kagungan ada-ada ngurmati dhatêng kula.

[Iklan]

Wusana lajêng miwiti dhaharan, sasampunipun bibaran jam 11 kula bidhal dhatêng Banjarmasin. Jam 2 sawêg dumugi kanthi wilujêng.

Kula badhe nyariyosakên malih bab dhatêngipun para tiyang boyongan.

Rumiyin kula sampun matur, manawi panjênênganipun asistèn wadana Radèn Supangat Prawira Adiwinata nalika tanggal 23 April tindhak mêthuk tiyang [ti...]

--- 714 ---

[...yang] boyongan. Ing wusana panjênênganipun tanggal 25 April tampi tlegram saking Madura, mratelakakên, bilih tiyang-tiyang boyongan botên sagêd dhatêng tanggal ingkang sampun katamtokakên ing nginggil. Awit baita ingkang sampun katamtokakên ing nginggil, ingkang dipun tumpaki wau sangunipun toya kangge ngombe katêlasan. Dados wangsul malih dhatêng Madura. Jalaran têtiyang boyongan saking Madura wau botên numpak baita K.P.M. namung numpak baita layar. Cacahipun 7 gunggunging tiyang boyongan wontên 100 semah, cacah jiwanipun 300 jiwa. Baita ingkang 2 namung kangge ambêkta barangipun asistèn wadana. Ingkang 5 kangge têtiyang boyongan.

Nalika tanggal 2 Mèi têtiyang wau dumugi ing Banjarmasin kanthi wilujêng. Ugi dipun pêthuk panjênênganipun Radèn Supangat. Lajêng pindhah baita lajêng dumugi ing Martapura. Saking Martapura dhatêng Pêngaron numpak prah oto. Tanggal 4 Mèi nêmbe dumugi ing Pêngaron. Sontênipun jam 4 sami bidhal malih dhatêng papan paboyongan, gunggunging oto wontên 10. Dalunipun dumugi siyang tanggal 5 Mèi, dipun ramèk-ramèkakên, wakiling ingkang kagungan dalêm tuwan kontrolir Martapura: J. Wentholt tuwin asistèn kyai Pêngaron. Ingkang dipun pahargya wau, asistèn wadana Radèn Supangat Prawira Adiwinata tuwin têtiyang boyongan, ingkang anjumênêngi pahargyan wau, tuwan asistèn residhèn Banjarmasin, pangagêng dhêpartêmèn V. en W. insinyur lanbo, ajung lanbo konsulèn, priyantun B.B. ing Martapura sadaya, tuwan pirakapalê dhusun ing bawah Pêngarèn. Sarêng jam 4.30 dumugi panggenan paboyongan. Tuwan kontrolir lan kyai mêthuk, sarta gamêlanipun mungêl Kêbogiro, cara Banyumasipun. Watawis ½ jam gamêlan kèndêl. Lajêng tuwan asistèn residhèn mêdharsabda, bab pambikaing siti paboyongan, lajêng dipun sambêt tuwan kontrolir. Lajêng dipun tampi dening panjênênganipun Radèn Supangat, mawi basa Malyu, sarta basa Madura.

Sarêng panjênênganipun sadaya sampun mêdharsabda, pahargyan dipun wiwiti. Dene têtingalanipun ringgit wacucal, dhalangipun tiyang Jawi asli saking Banjar, topèng sarta gandhut, cara Jawinipun kadosdene dhogèr. Ngantos sadalu muput.

Jam 8 enjing karamean dipun wiwiti malih kadosdene dalunipun, ngantos dumugi jam 2 siyang, sawêg bibaran, para tamu sadaya sami kondur. Sadèrèngipun kondur, tuwan asistèn residhèn mêdharsabda malih ing bab padamêlanipun para tiyang boyongan. Pangandikanipun makatên: têtiyang wau salêbêtipun saminggu kêdah nyambutdamêl 6 dintên. Ingkang 1 dintên kangge anggarap margi. Dene ingkang 5 dintên kangge anggarap pasitènipun piyambak-piyambak. Wondene prabot griya, sampun dipun sadhiyani dening parentah, tuwin salêbêtipun 3 taun dèrèng kakengingakên pajêg. Sasampunipun têlas pangandikanipun, sadaya lajêng sami kondur.

Ki Citra Kusuma.

--- 715 ---

KABAR WARNI-WARNI

(Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès)

TANAH NGRIKI

[Grafik]

Pangantèn ing Mangkunagaran. Ing Pura Mangkunagaran Surakarta, mêntas wontên paargyan, kramanipun putri dalêm K.G.P.A.A. Mangkoenegoro, B.R.A. Partinah dhaup kalihan R.M. Ng. Mr. Soebroto Moerdakoesoemo. Dhauping pangantèn wilujêng botên kirang satunggal punapa. Ingkang kacêtha ing gambar sang pinangantyan sakaliyan. Ingandhap gambar dalêm K.G.P.A.A. Mangkoenegoro sakaliyan G.K.T. Timoer.

Karisakan sabin ing Nganjuk. Jalaran saking kathahing jawah, tanêman pantun ing Nganjuk kathah ingkang karisakan, ngantos pintên-pintên èwu bau. Mênggah sababipun kajawi tansah kêlêban toya, ugi jalaran lajêng kêtrajang ing ama. Ingkang kêtênggêl sangêt ing saêlèr kitha.

Cobèn-cobèn nanêm rosella. Sampun dangu ing kabudidayan tanah karajan Jawi sampun ngawontênakên cobèn-cobèn nanêm rosella, inggih punika bangsaning sêrat, dene pinanggihipun mikantuki. Ing salajêngipun ing sapunika Klatensche Cultuur Mij. ing Ngayogya tuwin Koloniale Bank ugi lajêng sami nindakakên cobèn-cobèn makatên, malah ing salajêngipun, pabrik-pabrik gêndhis ingkang sampun botên tumindak ing damêl malih ugi sami namêm tanêman kados makatên.

Mèngêti adêging Boschbouw Prufstation sampun 25 taun. Boschbouw Prufstation ing Bogor mêntas ngawontênakên paargyan mèngêti adêging pakaryan wau sampun 25 taun, kathah ingkang sami rawuh anjênêngi, saya tumrap golongan ingkang gêgayutan kalihan pakaryan wau. Ingkang ambikak paargyan Dr. Wolff von Wulling, hoofdboschbouw Prufstation, ing salajêngipun kathah ingkang sami mêdharsabda. Kathah tandha pangèngêt-èngêt ingkang dipun tampèni, pakaryan wana nyukani tandha pangèngêt-èngêt awarni jam 2 iji.

Lyceum ing Bandung. Kawrat kêkancingan saking Parentah, amarêngakên adêging Lyceum ing Bandung, wiwit benjing wulan Augustus ngajêng punika.

Pamulangan luhur Pangadilan. Lulus candidaatsexamen perangan kaping kalih, tuwan Hardjono. Lulus doctoraalexamen perangan kalih, tuwan-tuwan Soekitno Slamêt, A.A.M. Lampre tuwin Indrakoesoema. Lulus doctoraalexamen perangan tiga, Tuwan Ting Swan Tong.

Karampungan prakawis ing Cipinang Prumpung. Sampun dangu prakawisipun tuwan tanah ing Cipinang Prumpung dados papriksaning pangadilan, sawêg sapunika sagêd rampung. Dakwa katêtêpakên kadhêndha f 250.- utawi nglampahi paukuman kunjara 3 wulan.

Anggropyok panggenan arta palsu. Pulisi ingkang nuju wontên ing station Angkee, Bêtawi, mêntas nyêpêng tiyang ingkang kanggenan arta kêthipan palsu cacah 39 iji. Sarêng kapriksa, tiyang wau ngakên bilih sampun majêngakên arta kados makatên cacah 11 iji. Salajêngipun lajêng gledhah dhatêng griyaning kaji ing Blaraja, ingriku sagêd manggihakên bukti awarni pirantos damêl arta palsu jangkêp.

Ing Bêtawi tuwuh sêsakit cacar. Ing Bêtawi wontên anaking bangsa Tionghwa kalih sami sakit cacar, salajêngipun kaupakara wontên ing C.B.Z. Ing bab punika ingkang wajib lajêng nindakakên rêrigên kawontênakên cacaran.

Sêsakit malaria tuwuh ing Bojonegoro. Ing wêkdal punika ing bawah Bojonegoro sisih wetan, inggih punika ing bawah onderdhistrik Sumberrejo tuwin Kanor tuwuh sêsakit malaria. Ing bawah onder dhistrik wau wontên 51 dhusun ingkang kêtrajang malaria, têtiyangipun ngriku ingkang sakit wontên 80%. Ing salajêngipun Pakaryan Kasarasan nindakakên rêrigên ngawontênakên punggawa nindakakên pitulungan cacah tiyang 52.

Maringi ganjaran gangsa dhatêng têtiyang boyongan. Awit saking dhawuhdalêm Sampeyandalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, ngutus K.R.T. Dirdjokoesoemo tuwin abdidalêm pangrèh praja kalih dhatêng Lampung, pêrlu supados nyumêrêpi kawontênanipun ing tanah ngriku. Kajawi punika, dhawuh dalêm Ingkang Sinuhun supados amaringakên paring dalêm gangsa jangkêp dhatêng têtiyang paboyongan ing Sukadana ingkang asli saking Ngayogyakarta.

Paniti tumrap lampah layaran. Pabean ing Bêtawi ngêncêngi tumindaking paniti babagan baita momotan, amargi asring kasumêrêpan baita-baita ingkang mbêkta momotan saking Bêtawi dhatêng nagari sanès, punika ambêkta tèh, karèt tuwin sanès-sanèsipun ingkang lajêng kabêkta dhatêng tanah ngamanca. Paniti wau lajêng katindakakên, sawarnining baita layar ingkang bidhal utawi ingkang dhatêng ing Pasar Ikan kêdah katiti wontên ing papan ingkang wontên sajawining wêwêngkon. Tumrap baita ingkang dhatêng kêdah ambongkar momotanipun wontên ingriku.

Audientie. Benjing tanggal 20 wulan punika, wanci jam 9 enjing, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana ngawontênakên audientie wontên ing Pura Koningsplein, Bêtawi. Sintên ingkang badhe sowan audientie supados ngaturna sêrat dhatêng ajudant van dienst ing Bogor, ing sadèrèngipun tanggal 13 wulan punika, kanthi mratelakna nama, umur tuwin sanès-sanèsipun ingkang cêtha, punapadene ing bab pêrluning anggènipun sowan punika.

Mulyakakên Tamansari. Wontên wartos, parentah Kasultanan Ngayogyakarta sampun sarêmbag kalihan pakaryan babagan barang kina badhe mulyakakên patilasan kina ing Tamansari, saha kintên-kintên tumuntên kagarap.

Ulam agêng. Ing pasisir Panarukan mêntas pinanggih wontên ulam agêng kenging dipun wisaya dening juru pados ulam. Ulam wau panjangipun 4½ m, wiyar 1½ m, wiyaring cangkêmipun 65 cm. Têtiyang ingriku mastani ulam mondung tokke, bangsaning ulam cucut.

NAGARI WALANDI

Tandhingan bal-balan Indiya-Haarlem. Ing tanggal 1 Juni, sawung bal-balan saking tanah Indiya campuh kaliyan sawung Haarlem. Tandangipun sawung saking tanah Indiya botên nguciwani. Dumugining wêkasan pinanggih 5-3 unggul tanah Indiya. Salajêngipun sawung tanah Indiya nglurug dhatêng Reims. Dumugining tanggal 1 Juni karcis bal-balan ingkang kasade sampun pajêng 70.000 fransc. Papan stadion ingkang cêkap kangge tiyang 19.000 sampun kêbak sadaya.

EROPA

Pêrang ing Sêpanyol. Wontên wartos, bilih parentah Inggris ngudi murih paprangan ing Sêpanyol punika tumuntên sagêda rampung. Salajêngipun Inggris ngudi murih ing Eropa pinanggih têntrêm.

Kasangsaran ing Ruslan. Ing Ruslan pinanggih mêntas wontên jêblosan ing papan parimatan obat mimis ing palabuhan Odessa. Wontên tiyang tiwas tuwin nandhang tatu 10. Ing bab punika lajêng dados papriksaning para pangagêng. Kathah punggawa administratie palabuhan ingkang sami dipun cêpêngi.

ASIA

Communist Jêpan. Wontên wartos, bilih ing Jêpan wontên golongan communist bangsa Jêpan cacah 1500 sami dipun cêpêng kala wulan Mèi 1936, salajêngipun badhe kapriksa prakawisipun, wontên 235 ingkang sawêg kapriksa, kanthi papriksan tutupan. Bab punika suwaking awisan bab ngumumakên sawêg sapunika.

--- 716 ---

Wêwaosan

II. Pêjahipun Wasili

81

Lampahipun baita ingkang dipun tumpaki Wasili dalah andhahanipun ing samangke sampun dumugi ing lèpèn Wolso, saha sampun anyakêti ing palabuhan Nopgorod. Ing kala punika kapal ingkang labuh wontên ing ngriku atusan kathahipun, saha saperanan agêng saking măncapraja. Baitanipun Wasili ngupados margi ing antawisipun baita kathah wau sarta lajêng labuh botên têbih saking krêtêg, ingkang sawatawis taun ingkang sampun kapêngkêr kangge papanipun pêrang Wasili saandhahanipun amêngsah kalihan têtiyang ing Nopgorod.

Sasampunipun baita wau labuh, tanpa ngucap punapa-punapa Wasili lajêng mandhap ing dharatan kanthi kairing ing andhahanipun sadaya. Salêbêtipun lumampah nuju dhatêng griyanipun, Wasili katingal sawêg susah, sarta ing sêmu kadosdene wontên barang wigatos ingkang sawêg dipun gagas. Amila sanadyan ing samargi-margi kathah têtiyang ingkang suka urmat, tuwin malih kathah para kênya ingkang sami endah ing warni kèndêl nyawang dhatêng piyambakipun, ewasamantên katingalipun kadosdene Wasili wau botên sumêrêp. Sarêng dumugi ing griyanipun, ingkang kajujug rumiyin ing kamaring ibunipun. Wontên ing ngajênging ibunipun, Wasili lajêng ngêbruki pangkonipun, sarwi wicantên makatên:

Dhuh, ibu, kula ngaturakên kasugênganipun ibu. Kula samangke wangsul dhatêng Nopgorod ngriki, sarta botên kula lajêng-lajêngakên anggèn kula ambêdhah nagari, awit prêlu nyuwun brêkahipun ibu. Jalaran sampun watawis wulan punika manah kula tansah nandhang sungkawa, raos kula ing salaminipun punika kadosdene wontên sawêr ingkang nyokot nyêrot manah kula, tanpa wontên kèndêl-kèndêlipun. Amila kula lajêng anggadhahi prasêtya, kalihan andhahan kula sadaya nêdya badhe lêlayaran dhatêng lèpèn Yordhan, têrus dhatêng Jurisalim prêlu badhe sêmbahyang wontên pasareyanipun Nabi panutan kula sadaya, badhe adus wontên ing lèpèn Yordhan murih lêbura dosa kula, tuwin nêdya minggah ing rêdi Tabor. Awit kula ngrumaosi, bilih dosa kula punika agêng sayêktos, dene kathah titahing Pangeran, botên amung têtiyang ingkang sami nyêmbah brahala kemawon, nanging ugi têtiyang ingkang tunggil agami kalayan kula, ingkang sami tiwas dening kula.

Ibunipun Dèwi Mamèlya amangsuli makatên:

Yèn mangkono kang dadi karêpanamu, iya bêcik, anakku ênggèr Wasili. Yèn sêdyamu arêp bêcik, kanthi sênênging ati aku bakal awèh barkah nyang kowe. Nanging kosokbaline, yèn kowe lali nyang sêdyamu kang bêcik mau, lan banjur amêmatèni sarta anjarah-rayah manèh kaya kang uwis-uwis, kowe aja pisan-pisan angarêp-arêp nyang brêkahku, nanging panuwunku muga-muga kowe aja kêsuwèn pinaringan urip ing donya kene. Awit mungguhing aku luwih bêcik ora duwe anak babarpisan, katimbang duwe anak kang gêdhe dosane.

Sasampunipun cariyos makatên, Wasili lajêng dipun rangkul sarta dipun tangisi. Anggènipun anangisi Wasili, inggih punika anakipun ingkang namung satunggal punika wau, jalaran saking bingahipun, nanging ugi jalaran saking susahipun. Bingah dene anakipun ing samangke gadhah sêdya ingkang sae, inggih punika nêdya nglêbur dosanipun wau. Dene anggadhahi raos susah, awit sajatosipun, ibunipun wau tansah mêlang-mêlang manahipun punapa ingkang dados prasêtyanipun badhe dipun lampahi sayêktos. Wasili botên dangu wontên ing griyanipun, enjingipun nêdya bidhal malih badhe anêtêpi punapa ingkang dados prasêtyanipun, sakala punika ibunipun nyêpak-nyêpakakên sanguning têdha kangge lampahipun. Dene Wasili piyambak anglêmpak-nglêmpakakên obat mimis tuwin pirantosing pêrang, ingkang tumuntên lajêng kainggahakên ing baita. Miturut katêranganipun Wasili, anggènipun ambêkta obat mimis tuwin pirantosing pêrang sakalangkung kathah wau, namung kangge jagi-jagi manawi wontên panêmpuhipun têtiyang ingkang sami nêmbah brahala. Sarêng sampun wancinipun badhe bidhal, Wasili kaèngêtakên malih dening ibunipun makatên: gèr, sing eling nyang prasêtyamu, lan aja tindak angkara murka.

Badhe kasambêtan.

--- 89 ---

Nomêr 23, 8 Juni 1938. Taun III.

Jagading Wanita

Lampiran Kajawèn, juru pangripta: Rr. Siti Mariyam. Kawêdalakên sabên Rêbo.

Kamardikaning Wanita

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 44.

Tindak pamêksa wau taksih kêrêp sangêt pinanggih wontên kalanganing băngsa kula Jawi. Ingkang kula gumuni punika, dene adat kirang sae wau taksih asring pinanggih wontên ing kalanganing para priyantun ingkang sampun kenging winastan majêng. Dene tuwuhing tindak pamêksa wau racakipun kabêkta saking melik. Mila inggih lêrês, melik punika anggendhong lali. Margi melik lajêng kasupèn dhatêng putra, kasupèn bilih ingkang badhe nglampahi punika sanès sariranipun piyambak, nanging ingkang putra. Dados dugi-dugi kêdah wontên ingkang putra, jêr punika ingkang badhe nyanggi lêgi lan paitipun. Bokmanawi sawênèhing para nupiksa wontên ingkang kagungan panggalih makatên: bocah ngrêti apa, mêsthi luwih ngrêti wong tuwa. Pamanggih makatên punika inggih wontên lêrêsipun, manawi ingkang badhe kadhaupakên wau putra ingkang dèrèng yuswa, sawêg pitu minggahipun dhatêng kalih dasanan taun. Balik putra sampun diwasa, punapa inggih kenging dipun wastani dèrèng mangrêtos punapa-punapa, dèrèng sagêd milih ingkang dipun cocogi ing manah, saking pangraos kula têka botên. Dados botên prayogi dipun pêksa.

Mênggah melik utawi jalaraning pamêksa wau warni-warni, kados ta melik: warni, băndha, pangkat, lan turun utawi darah. Wontên malih ingkang margi calon mantu taksih mambêt-mambêt sadhèrèk: tinimbang mrana-mrana, idhêp-idhêp ngumpulake balung apisah. Nanging ingkang makatên punika racakipun, sanès melik ingkang baku. Ingkang dipun melik racak inggih balung ingkang taksih wontên sungsumipun, liripun: ingkang angênggèni watak-watak ing nginggil. Punapa warni punapa pangkat, tuwin sanès-sanèsipun malih, malah wontên ingkang kabêkta saking risi tuwin rikuh: bocah wis gêdhe ngisin-isini durung payu omah-omah. Isin ingkang makatên punika nama kirang mapan. Watak-watak ing nginggil punika botên badhe sagêd damêl kabêgjaning putra, tanpa katrêsnaning tiyang rêrayatan, kinanthèn tindak utami, dene katrêsnan [katrê...]

--- 90 ---

[...snan] wau tuwuhipun saking kulina. Sintên botên kulina inggih botên trêsna.

Wasana minăngka panutuping atur, mugi-mugi tindak pamêksa wau sagêda sirna, botênipun inggih suda.

Rara Suparti.

Anêksèni Panggalihanipun Sadhèrèk Nyai Darma Prawira

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 44

Kaping kalih: wus lumrahe yèn wong duwe anak lagi sapisan iku: ya rêkasa, ora prêlu gèt-gètên, banjur bingung: nganggo ngundang dhoktêr barang. Kados makatên punika atêgês têtêp namung nyêpèlèkakên punapa ngrèmèhakên dhatêng agênging ajinipun tiyang anglairakên bayi, ingkang sajatosipun wajib sami dipun aosi ngungkuli sadaya pangaji ing sajagad rat, inggih punika kêdah kaluhur-luhurakên pangrêksaning kasarasanipun, inggih sanadyan silih sampun: awongsal-wangsula pisan, dening saya dangu saya suda kêkiyataning badanipun.

Saha malih sakalangkung prêlu sangêt kêdah ngewahi lampahing tatacaranipun para sanak sadhèrèk, pawong mitra, tăngga têpalih sasaminipun ingkang sami badhe mracihnakakên sih katrêsnanipun amawantu suka bingah anjurung puji kawilujênganipun dhatêng ingkang sawêg sêdhêng anampèni kabêgyan agêng, kados ta sami tuwi bayi, namung sami mêndhêta ing saprêlunipun kemawon, liripun kaangge dangu-dangunipun ½ jam, lan sami tansah anglênggahi panggalihan angangkah-angkah karêksaning kasarasanipun jabang bayi dalah sabiyungipun, dados runtut ing lair batosipun.

Para yayah wibi ingkang sampun mangrêtos sayêktos dhatêng prêluning prakawis punika, kêdah sami talatos mangrêtosakên dhatêng para ingkang dèrèng mangrêtos, supados sagêda lajêng sami mangrêtos sayêktos, sarana anuladhani, liripun sabên babaran sami mrêlokna anglampahi kaupakara manggèn wontên ing griya sakit, saya enggal sangêt kalampahanipun prêluning prakawis wau kalimrah dipun mangrêtosi lan dipun sumêrêpi ingakathah, manawi para pangrèh praja sami panuju ing karsa kaparêng ngayomi, dening para pangrèh praja punika ingkang têtêp minăngka uwiting pamardi tata têntrêm kartaraharjaning donya. Wusana sadaya kemawon mugi sampun kirang pamêngku.

[Grafik]

Juru ngupakara bayi ing griya sakit nuju nimbang awrating bayi.

Nyai Pranata.

--- 91 ---

Jodho Punika Sanès Damêlaning Tiyang

Têtêmbungan kados ing nginggil punika manawi namung dipun raosakên sabrebetan, ragi botên laras kalihan kêkajênganing jêjodhoan, amargi nyatanipun tiyang jêjodhoan punika ingkang damêl pancèn inggih tiyang. Nanging manawi dipun manah lêbêtipun, kajênging têtêmbungan: jodho punika sanès damêlaning tiyang, punika botên sanès, inggih jalaran saking riwilipun. Kajêngipun, botên kirang pamawas ingkang sampun katingal cêtha, ingkang pawingkingipun pinanggih ewah.

[Grafik]

Manawi ngèngêti makatên wau, kados tiyang botên sagêd nêtêpakên bilih pamilih punika: badhe lêrês. Nanging lajêng wontên sêsambêtaning tata kêlimrahan, ingkang nama srêg yêktos, jêjodhoan punika ingkang nêtêpi: dewa kalihan dèwi, widadara kalihan widadari, rasêksa kalihan rasêksi, tuwin sanès-sanèsipun, manawi jaman sapunika: darah sami darah, priyayi sami priyayi, sudagar sami sudagar. Punika mênggahing kabatosanipun, ngangkah cocoging wêwatêkan.

Ingkang kacêtha ing gambar punika, gambaripun pangantèn wayah tilas nata Jêrman Prins Louis Ferdinand kalihan putri darah Ruslan Putri Kyra, punika ugi mêngku raos: jodho punika sanès damêlaning tiyang.

--- 92 ---

Bab Olah-olah

Gudhêg tuntut

Tuntut, godhong pohung, gori dipun kumbah rêsik, daging utawi balungan, santên kênthêl. Bumbunipun rajangan brambang, bawang, kêtumbar, jintên, mrica, kêmiri, jae, kunir, gêndhis jawi tuwin sarêm. Bumbu kaulêg ngantos lêmbat, yèn sampun lêmbat, kagăngsa mawi lisah klêntik. Satêngah matêng kaêntas, santên kagodhog ing panci, manawi sampun satêngah umob bumbu tuwin ulam balungan kacêmplungakên. Lajêng kaudhak sampun ngantos ambalondho. Manawi sampun umob gêgodhongan lan tuntut wau kacêmplungna. Yèn sampun matêng sarta kraos sêdhêp kaêntas, punika manawi sampun kalih dintên saya mindhak eca.

Sambêl gorèng blimbing wuluh

Amundhuta blimbing wuluh ingkang dèrèng kêmatêngên, brambang, bawang, lombok, laos, santên, sarêm, gêndhis jawi, godhong salam. Blimbing wuluh kakumbah rêsik mawi sarêm, prêlu nyuda raos kêcut, têrus karajang tipis-tipis. Brambang, bawang, lombok dipun rajang, lajêng kagorèng. Yèn lombok sampun alum, irisan balimbing wuluh dipun cêmplungakên, manawi sampun alum nuntên dipun sukani santên sabumbunipun kagodhog ngantos matêng.

Surtinah,

Majakêrta.

Sinjang Parangcuriga

[Grafik]

Bakunipun sinjang ingkang namanipun mawi parang, punika tamtu wujud garis miring tuwin adhapur parangrusak. Dene parangcuriga punika bakunipun: parangrusak latar cêmêng.

Dene nama parangcuriga, punika salugu mêndhêt kados wujuding curiga (kêris) ingkang wilahipun êluk. Bab malinjon, punika sabên parangrusak têmtu wontên.

Sinjang parangcuriga punika manawi kalêrêsan sêratanipun, katingal ngalela cêtha, upami wandaning tiyang katingal anggèning ambandarani. Tumrap sêratanipun, prayogi ingkang kapara agêng, awit katingal saya cêthanipun.

Mungguhipun dipun agêm ing kakung.

--- [717] ---

 


sagêd. (kembali)
têmbang. (kembali)