Raffles: Surat dari Tumênggung Suradiningrat (Batang, 22 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Tumenggung Suradiningrat Batang kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 22 April 1816. Dalam surat tersebut, Tumenggung menyatakan telah mengetahui bahwa Raffles hendak kembali ke Englan untuk berobat, serta John Fendall dari Benggala, yang ditunjuk sebagai penggantinya, telah tiba di Betawi. Suradiningrat mendoakan agar Raffles segera pulih dan mengucapkan terima kasih atas pemberian cenderamata berupa kain hitam.

--- [158] ---
From the Regent of Batang
Ingkang atur sêrat saking tuhunipun manah ingkang suci, saha angiringi tabe ingkang akathah-kathah saking abdi dalêm pun Tumênggung Suradiningrat, ingkang atatêga[1] kagungan dalêm panagari pun Batang, konjuk ing kajêng[2] gusti kawula ing sampeyan dalêm ing kajêng tuwan ingkang agêng wicêksananipun, Kajêng Tuwan Tomas Sêtapor Raplès, ingkang angêdhaton kitha agêng ing Batawiyah.
Sasampuning ingkang kadya punika awiyos, ingkang botên amêng sampun abdi dalêm tampi patêdhan dalêm sêrat saha inggih sampun abdi dalêm anupiksani dhawah dalêm ingkang sampun kasêbut kagungan dalêm sêrat sadaya, yèn kajêng gusti kawula aparing uninga, yèn gusti kawula inganyar-anyar punika amanggih gêrah sangêt, satêngah ingarah atilar dunya, pramila kajêng gusti kawula akêrsa kondur dhatêng nagari Inglan, kang supados amanggiha kawilujêngan, saking dene botên wontên sanès margi pailaran kawilujêngan namung kêrsa dhatêng nagari ingkang asrêp. Kalih dèntên malih kajêng gusti kawula aparing pirsa malih dhatêng sadaya ingkang abdi para bopatos, ing sapunika wontên satunggal Tuwan Inggris ingkang mulya anami Kajêng Tuwan Jon Pindhol,[3] ing mangke sampun dhumatêng ing nagari Batawiyah, awit saking Bênggala, ingkang anggêntosi dhatêng gusti kawula kajêng tuwan bêsar, sarta kajêng gusti kawula sampun amasrahakên dhatêng kajêng tuwan ingkang anyar, sadaya panguwasanipun kajêng gusti kawula ing tanah Jawi, sarta sabawah-bawahipun sadaya, inggih punika amiturut ing nagari Inglan. Kalih dèntên malih sadèrèngipun kajêng gusti kawula pangkat saking [sa...]

--- [159] ---
[...king] nagari Jawi, kêrsa amratelakakên, yèn kajêng gusti kawula sampun kêrsa sarta sampurna dhatêng ingkang abdi para bopatos, saking dene kalêrêsanipun amêrgi saking dene amiturut sarta andugèkakên ing tuhunipun ing manahe ingkang abdi, punapa saking sakêrsa-kêrsanipun kajêng gusti kawula Gupêrnèmèn Inggris ing salami-laminipun angasta kuwasa ing tanah Jawi, sawab dene ingkang abdi para bopatos sampun asring asaos kalih kajêng gusti kawula kajêng tuwan bêsar kalihan ing kasaenanipun ing manah, dados kajêng gusti kawula kathah saking panrimanipun dhatêng sakathahipun ingkang abdi para bopatos, amêrgi saking kalampahanipun ingkang abdi-abdi têtiyang Jawi, saking saenipun, makatên ugi kajêng gusti kawula kajêng tuwan bêsar anglangkungi saking asih, pramila kajêng gusti kawula ing salami-laminipun botên mawi supe, èngêt asih kimawon. Yèn saupami Gusti Allah maksih amaosakên ing yusyanipun kajêng gusti kawula kajêng tuwan bêsar, amêsthi ing salami-laminipun langkung saking sukanipun, yèn amidhangêt kabar saking ingkang abdi para bopatos pikantuk kauntungan, sarta kasênêngan, punapa malih dhatêng ingkang abdi-abdi tiyang Jawi sadaya, inggih langkung asih. Ingkang punika sakathah-kathahipun dhawah dalêm ingkang sampun kapratelakakên ing salêbêtipun kagungan dalêm sêrat, inggih saklangkung-langkung saking pamundhi panuwunipun abdi dalêm, angraos botên wagêd amangsuli saking dene sihipun gusti kawula, ingkang dhatêng abdi dalêm, liya saking sukêm[4] têmên kawula ingkang kawula saosakên ing sampeyan dalêm, makatên malih abdi dalêm angèngêt-èngêt rintên kalihan dalu, saking dene panjênênganipun kajêng gusti kawula pinarak wontên ing panêgari Inglan, langkung saking rêna bungahipun [bungah...]

--- [160] ---
[...ipun] abdi dalêm amanggiha khabar saking dening panjênênganipun kajêng gusti kawula amanggiha wilujêng ing salami-laminipun, saha kawiryan, kaluhuran, ing panjênênganipun kajêng gusti kawula.
Kalihdene malih abdi dalêm sampun tampi patêdhan dalêm wêstra cêlêng[5] saking dening kêrsa dalêm minăngka pratăndha gusti kawula asih ing abdi dalêm, ingkang punika inggih saklangkung-langkung panuwunipun abdi dalêm sih dalêm ingkang dhumawuh dhatêng abdi dalêm.
Kasêrat
Ing nagari Batang, tanggal ping 22 sasi April taun 1816.
| 1 | atatêngga. (kembali) |
| 2 | kangjêng (dan di tempat lain). (kembali) |
| 3 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 4 | sungkêm. (kembali) |
| 5 | cêmêng. (kembali) |