Raffles: Surat dari Raden Suranagara (Toyaarum, 22 April 1816)
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ikhtisar: Surat balasan dari Raden Suranagara Toyaarum kepada Letnan Gubernur Thomas Stamford Raffles, tertanggal 22 April 1816. Dalam surat tersebut, Suranagara mendoakan agar Raffles diberi keselamatan dan kelancaran dalam perjalanan kembali ke Inggris untuk berobat serta memberitahu bahwa penggantinya, John Fendall, telah tiba di Batawi. Ia juga mengucapkan terima kasih atas pemberian kain hitam sebagai cinderamata.

--- [226] ---
From the Two Head of Division Banyuwangi
Punika sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, miyos iklasing ati ingkang sucining,[1] saking abdi sampeyan pun Udapati[2] Radèn Suranagara ing Toyaarum, kunjuk ing ngandhapepun sampeyan dalêm kangjêng tuwan ingkang agêng wicaksanane, Tomas Sêtamporêt Raplès, kalayan ingkang mugi pinaos-paosna ingkang yuswa dening Gusti Allah Kang Agung, salamêt sarta kasarasan ing salami-laminepun ing dalêm dunya punika.
Sasampuning kadya sapunika inggih kawula sampun atampi sêrat saking sampeyan dalêm, yèn sampeyan dalêm aparing uninga dhumatêng para bupati, yèn kangjêng tuwan inggal puniki amanggih sakit sangêt. Wondèntên mangke ing sampeyan dalêm angêrsakake mantuk dhatêng nagari Ingglan, supados amanggiha wilujêng, saking dening botên wontên sanès margi pailaran ing kasalamêtan, miyos ing nagari kang asrêp. Wondèntên malih sampeyan dalêm aparing uninga dhumatêng sadaya bupati, yèn ing mangke wontên satunggil Tuwan Inggris ingkang mulya jêjuluk Jon Pindhol,[3] sampun dhumatêng ing nagari Batawiyah, awit saking Bênggala, ingkang anggêntosi dhumatêng sampeyan dalêm, sarta sampeyan dalêm sampun amasrahake dhatêng kangjêng tuwan wau, sadaya

--- [227] ---
panguwasa sampeyan dalêm ing tanah Jawi, sarta bawahan dalêm sadaya, ingkang punika miturut tata pranatan ing nagari Ingglan.
Dèntên malih ing sadèrèng sampeyan dalêm mangkat saking nagari Jawi, kêdah amratelakake yèn sampeyan dalêm suka, sarta sampurna dhumatêng para bupati, saking dening kalêrêsane lêlampahane, dèntên sabab sampun salamine amiturut sarta anutugake ing tumêmêne manahe, punapa sakarsane Kangjêng Gupêrnêmèn Inggris ing salami-lamine angêsta kawasa ing bawah Jawi.
Dèntên malih saking dening para bupati sampun asring apêpanggih kalih sampeyan dalêm, sarta kapênêdanane, sarta aningalakên karilahanane manahe, dados sampeyan dalêm kathah panrimanepun dhumatêng para bupati.
Dèntên malih ing kalampahane tiyang-tiyang băngsa Jawi, anglangkungi saking saene ing dalêm pangraos sampeyan dalêm, dèntên kangjêng tuwan anglangkungi saking asih, pramila sampeyan dalêm ing salami-lamine botên supe, emut asih kemawon, yèn saingga maksih pinaos ingkang yuswa, dèntên sampeyan dalêm salamine langkung suka, yèn amidhangêt kabar para bupati angsal kauntungan sarta kasênêngan, dèntên dhumatêng têtiyang Jawi sêdaya.
Ingkang punika botên langkung sampeyan dalêm akêkintun wastra cêlêng, ingkang paring tandha [ta...]

--- [228] ---
[...ndha] dhumatêng abdi dalêm. Wondèntên ingkang punika abdi dalêm angaturi atur kawilujêngan sarta anrima kasih akathah-kathah kunjuk ing ngandhapepun sampeyan dalêm, dadosa tăndha naminipun kaabdèkakên.
Sinêrat ing Toyaarum tanggal ping 24 sasi Jumadilawal warsa 1743.[4]
| 1 | suci. (kembali) |
| 2 | Adipati. (kembali) |
| 3 | John Fendall (1762–1825) menggantikan Raffles sebagai Letnan Gubernur Jawa pada 12 Maret 1816. Raffles meninggalkan Jawa pada 26 Maret 1816, dan Fendall tetap menjabat hingga 19 Agustus 1816 ketika Jawa beserta wilayah-wilayahnya dikembalikan kepada Belanda. Fendall meninggalkan Jawa pada Juni 1818 (Campbell, 1915, Vol. 1, hlm. 403–7). (kembali) |
| 4 | Tanggal: 24 Jumadilawal 1743. Tanggal Masehi: 22 April 1816. (kembali) |